Dhayohe Teka KUMPULAN LIRIK TEMBANG DOLANAN

Dipanah ngisor gelagah Ana manuk ondhe-ondhe Bok Sri bombok bok ri kate

E, Dhayohe Teka

E, dhayohe teka, e, gelarna kiasa E, klasane bedhah, e, tambalen jadah E, jadahe mambu, e, pakakna asu E, asune mati, e, cemplungna kali E, kaline banjir, e, kelekna pinggir Paman Guyang Jaran Paman guyang jaran, e e ana apa Ngriku wau wonten popok beruk keli, e ora ana Nggonku neng kene wus suwe Tan ana suket kumledhang Amung wong kang ngguyang sapi Takonana ya dhuk Manawa uninga Mbok Uwi Mbok uwi rujak nanas Kumpul-kumpul aneng gelas Ya bapak ya ndara Adhem panas rasane Wong ngombe upas Mas sinangkling suwasa inten berlean Kit-kit, kit methakil Cagak awak jare sikil Sepuran Sinten nunggang sepur lunga nyang Kediri Wong niki sepur dhur bayare setali Sapa trima nggonceng konangan kondhektur Yen didhendha kenceng napa boten kojur Sinten nunggang sepur lunga dhateng Nganjuk Sinten pengin makmur aja seneng umuk. Jamuran Jamuran ya gegethok Jamur apa ya gegethok Jamur gajih brejijih saara-ara Sira badhe jamur apa? Menthog Menthog Menthog -menthog, takkandhani Mung rupamu angisin-isini, Mbok ya aja ngetok Ana kandhang wae Enak-enak ngorok Ora nyambut gawe Menthog-menthog, mung lakumu Megal-megol gawe guyu Irisan Tela Ris irisan tela la la la Madu sari ri ri ri Manuke podhang unine kuk angkukan Unine kuk angkukan, unine kuk angkukan Rujak Nanas Mbok uwi rujak nanas Kampul kampul aneng gelas Ya bapak ya ndara Adhem panas rasane wong ngombe upas Oas mas sinangkling suwasa in ten barleyan Ku ku ku methakil Cagak awak jare sikil Sluku Sluku Bathok Sluku sluku bathok, bathoke ela elo Si rama menyang kutha, leh olehe payung mutha Mak jenthit lololobah, wong mati ora obah Yen obah medeni bocah, yen urip goleka dhuwit Buta Buta Galak Buta buta galak, solahe lunjak-lunjak Ngadeg jingklak-jingklak, nungkak kanca nuli nandhak Ngadeg bali maneh, rupane ting celoneh Iku buron aneh dak sengguh buron kang remeh La wong kowe we we sing marah-marahi La wong kowe we we sing marah-marahi Hi hi aku wedi, ayo kanca ngajak bali Kae lo kae lo mripati plerak-plerok rok rok Kae lo kae lo kulite ambengkerok rok rok Ya kulite ambengkerok Kidang Talun Kidang talun mangan kacang talun Mil kethemil mil kethemil Si kidang mangan lembayung Tikus Pithi Tikus pithi duwe anak siji Cit cit cuwit, cit cit cuwit Si tikus mangani pari Gajah Belang Gajah Belang saka Tanah Plembang Nuk renggunuk, nuk renggunuk Gedhemu meh padha gunung Sar Sur Kulonan Sar Sur Kulonan, mak mak gemake rete te Dak uyake rete te, dak uyake rete te Yen kecandhak dadi gawe Musuh mesthi mati, musuh mesthi mati Dak bedhile mimis wesi Mong mong jlegur, mong mong jlegur Suwe ora jamu Suwe ora jamu Jamu godhong tela Suwe ora ketemu Ketemu pisan gawe gela Suwe ora jamu Jamu godhong keningkir Suwe ora ketemu Ketemu pisan dadi pikir Gethuk Sore-sore padhang bulan Ayo kanca padha dolanan Rene-rene bebarengan Rame-rame e do gegojekan Kae-kae rembulane Yen disawang kok ngawe-awe Kaya-kaya ngelingake Kanca-kanca ja turu sore-sore Gethuk asale saka tela Mata ngantuk iku tambane apa Gethuk asale saka tela Yen ra mathuk atine rada gela Ja ngono mas aja-aja ngono Kadung janji mas Aku mengko gela Gambang Suling Gambang suling ngumandhang swarane Thulat-thulit kepenak unine Unine mung nrenyuhake bareng lan kentrung Ketipung suling sigrak kendhange Ilir-ilir Ilir-ilir ilir-ilir tandure wus sumilir tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar cah angon cah angon penekna blimbing kuwi lunyu-lunyu penekna kanggo mbasuh dodotira dodotira kumitir bedhah ing pinggir domdomana jrumatana kaggo seba mengko sore mumpung padhang rembulane mumpung jembar kalangane ya surak asurak hiyo. Jineman Uler Kambang Sun pepuji dadi putri kang utami Sayuk-sayuk sayuk rukun sakancane Ia lali lho mas kowe Gotong-royong nyambut gawe, ya mas….. Kang den udi Leluhure bangsa kita Brambang sasen lima Berjuang labuh negara Brambang sasen pitu Berjuang kudu bersatu Ora butuh kae-kae, ya mas.. Ora butuh kae-kae Butuhku mung nyambut gawe Tempe tahu gula Jawa Butuhku sabar narima Gugur Gunung Ayo kanca ayo kanca ngayahi karyaning praja Kono-kene kono-kene gugur gunung tandang gawe Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane Lila lan legawa kanggo mulyaning negara Siji loro telu pa pat bareng maju papat-papat Diulang-ulungake murih enggal rampunge Holopis kuntul bariss holopis kuntul baris Holopis kuntul baris holopis kuntul baris Wajibe Dadi Murid Wajibe dadi murid Ora kena pijer pamit Kejaba yen lara, lara tenanan Ra kena ethok-ethokan Yen wis mari bali neng pamulangan Ja nganti mbolos-bolosan Mundhak dadi bocah bodho Pie-n ga-plengo kaya kebo Mahesa Kurda Kalamun cinandra pan yayah mahesa kurda Bendhe umyung tengara budhale wadya Kang tinata carub wor dadi sajuga Sang panganjur aba-aba nabuh tambur Teteg ajeg suling peling nut wirama Bidhal Gumuruh Enjing bidhal gumuruh tambur suling gang maguru ngungkung binarung ing krapyak myang watang agathik kang kapyarsa swaranipun lir ombaking samudra rob Bala Kuswa enjing bidhab gumuruh saking jroning praja gunging kang bala kuswa aba busananira lirr surya wedalira saking jaladri arsa madangi jagad duk mungup-mungup aneng sakpucaking wukir marbabak bang sumirat keneng soroting surya mega lan gunung-gunung Singa Nebak Sigra mangsah lumampah anut wirama getar tambur bendhene munya angungkung suling sesauran selompret tetep mindhiki Ladrang Clunthang Tindake sang pekik, mandhap saking gunung Anganti repat panakawan catur Kang anembe mulat ngira dewa ndharat Get er petrek-petrek pra endhang swarane Anjawat angawe-awe ngujiwat Solahe mrih dadya sengseme. Dhuh raden sang abagus, Mugi keparenga pinarak wisma kula Amethika sekar miathi, arum amrik wangi Kageina cundhuk sesumping, Sangsangan hamimbuhi Mencorong cahya ndhika raden Padha nyawiji Ayo padha nyawiji Tuwa mudha jaler estri Sayuk eka kapti Bareng dha tumandang nyukupi Sandhang pangan kita sami Nanging aja ana kang korupsi Yen padha korupsi Negarane rugi kang sayekti Ibu Pertiwi Paring boga lan sandhang kang murakabi Paring rejeki manungsa kang bekti Ibu pertiwi, ibu pertiwi Sih sutresna kang sesami Ibu pertiwi kang adil luhuring budi Ayo sungkem mring ibu pertiwi Jaranan jaranan-jaranan jarane jaran teji sing numpak ndara bei sing ngiring para mantri jeg jeg nong..jeg jeg gung prok prok turut lurung gedebug krincing gedebug krincing prok prok gedebug jedher Pitik Tukung Aku duwe pitik, pitik tukung saben dina, tak pakani jagung petok gogok petok petok ngendhog siji tak teteske,kabeh trondhol dhol dhol tanpa wulu,megal-megol gol gol gawe guyu Kupu Kuwi Kupu kuwi dak incupe Mung aburmu ngewuhake Ngalor ngidul ngetan bali ngulon Mrana-mrene mung saparan-paran Sapa bisa ngincupake Mentas menclok cegreg Nuli mabur bleber Ontong Ontong Bulong Ontong-ontong bolong adu merak adu sapi, mecah-a ndhog-e siji Ontong-ontong bolong adu merak adu wedhus mecah-a ndhog-e satus Yeg uyeg ranti, ana bebek pinggir kali serontang seranting mbok nyai nyolong gunting guntinge mbok cemara, thithit thuwit kembang apa? Gotri Nogosari gotri legendri nogosari, ri riwul iwal- iwul jenang katul, tul tulen olen-olen dadi manten, ten tenana besuk gedhe dadi opo, pooo podheng mbako enak mbako sedheng, dheng dhengklok engklak-engklok koyo kodok kodok dokter naik motor muter-muter, ter teruslah belajar biar pintererrr,, eerr Mari sahabat-sahabat baik ku kita melihat kebelakang ketika kita masih usia anak-anak, betapa terkesan sekali waktu kita masih kecil, dimana setiap menjelang malam banyak berkumpul anak-anak kecil bermain sambil mengumandangkan lagu-lagu dolanan yang di nyanyikan oleh anak-anak pada waktu itu, disamping sebagai tembang dolanan sebagai iringan ketika sedang bermain, lagu-lagu tembang dolanan anak khususnya tembang-tembang dolanan jawa syarat dengan pendidikan dan pitutur-pitutur luhur buat anak- anak kita. Demikian beberapa Kumpulan Lirik Tembang Dolanan Bahasa Jawa yang bisa saya sampaikan, dan apabila saudara-saudaraku berkeinginan mendapatkan file nya dapat download : DI SINI Terima kasih atas kunjungannya.