Soal Bhs Jawa Kls 6a

  PEMERINTAH KABUPATEN GROBOGAN DINAS PENDIDIKAN UPTD PENDIDIKAN KECAMATAN GEYER SEKOLAH DASAR NEGERI 1 ASEMRUDUNG Alamat :Desa Asemrudung RT/RW: 12/02 Kecamatan Geyer Kode Pos 58172 Email:og : http://sdasemrudungsatu.blogspot.com

  Mata Pelajaran : BAHASA JAWA SDN : Hari / Tanggal : Kelas : VI (Enam ) Waktu : Nama : Wacanen sing premati ! R.A.KARTINI R.A.Kartini miyos tanggal 21 April taun 1879 ing Mayong , Jepara , Jawa Tengah. Panjenengane putrine Raden Arya Sasradiningrat , bupati ing Jepara . Sanajan ramane dadi bupati , R.A.Kartini tansah nggalih nasibe bangsane. Utamane nasibe para putri Indonesia sing dhek semana ketinggal- an banget kemajuane karo para putra. Malah wiwit cilik para putri dipingit dening wong tuwane.

  Kagawa saka rasa asihe marang bangsane , utamane para putri R.A. Kartini ngedegake sekolahan kanggo mulang wuruk para putri supaya bisa pin- ter lan prigel .Sekolahan iku didegake sawise R.A.Kartini dhaup karo Raden Mas Adipati Arya Jayahadiningrat taun 1903. Raden Mas Adipati Arya Jayahadiningrat Iku bupati ing Rembang .

  • I .wenehana tanda ping ( x ) aksara a , b, c, utawa d , ing sangarepe wangsulan sing bener !

  1 Apa irah-irahane wacan ing ndhuwur ? a.R.A.Kartini c.R.M.Jayahadiningrat b.R.A.Sastradiningrat d.R.A.Jayahadiningrat 2. Isine wacan ing ndhuwur nyritakake perjuanganane Ibu Kartini ing babagan . . . .

  a. Kesehatan c.Pertanian

  b. Pendidikan d, Lingkungan

  3.R.A.Kartini miyos tanggal 21 April taun 1879. Tembung miyos ing sajroning ukara kasebut nduweni teges . . . . a.liwat c. lair b.medal d. metu

  4. R.A.Kartini ngedegake sekolahan kanggo mulang muruk para putri. Tembung ngedegake kosokbalene . . . .

   a. nglungguhake c.ngrubuhake b.nurokake d.nglakokake

5.Miturut isine wacan ing ndhuwur kasebut, ngandhut pesen supaya para putri . . .

   a.ora bisa kalah karo para putra b.luwih asor tumrap para putra

   d.pinter lan prigel saengga ora ketinggalan karo para putra

6.Tembung-tembung ing ngisor iki sing klebu tembung camboran yaiku . . . .

a.andhap asor c.bangcuk b.blaka suta d.adi luhung

7.Sing nonton bal-balan jejel . . . ngebaki stadion.

   a.muyel c.menceb b.riyel d. ngeyel

  8.Wis ana sawulanan Reni nandhang lara . Mulane awake tansaya kuru sasat mung kari . . . . a.dubang c.bangjo b.lunglit d.bangcuk

  .

   9. Ngger putuku, rungokna pituturku Sira ngabektiya Marang yayah sarta wibi

   Iku mono dhawuhe Gusti Pangeran Isine geguritan kasebut ngandhut pesen supaya kita kabeh kudu . . . . a.manut yen dituturi c.ndonga murih wibawa b.manembah Gusti d.ngabekti marang wongtuwa

  10. Sira ngabektiya , Marang yayah sarta wibi

  • ------------------------------------ Ukara geguritan kasebut yen didadekake ukara gancaran dadine . . . .

  a.kowe kudu ngabekti marang manungsa b.kowe kudu ngabekti marang Gusti Pangeran c..kowe kudu ngabekti marang wongtuwa d.kowe kudu ngabekti marang para leluhur 11. Tulisan Jawa kasebut diwaca . . . . a.dirubung curut c.disurung katut b.disurung manut d.dirubung semut 12. Pardi sinau maca. Yen ditulis Jawa . . . .

  a.

  b.

  c.

  d.

  13.Ditakoni kok mung ngembang . . . , aja ndrenges wae. a.jambu c.asem b.suruh d.bakung 14.Roning . . . mas , sampun sayah nyuwun ngaso. a.asem c.lombok b.krambil d.mlinjo 15.Parmin lan Slamet ngangkat meja ing kamar. Ukara kasebut mawa tatanan . . . . a.J . W . K . L c .L . W .J .K

  b. J .W .L .K

  d. L .W .K .J 16. Yen ditulis latin . . . . a.sapa kepradah c.bapa kepradhah. b.japa mantra d.jaya kepradhah

  17.Ibu ngendika , “Yen nunggang sepedhah sing ati-ati , Le !” Ukara kasebut klebu ukara . . . . a.kandha c.tanggap b.crita d.tanduk

  18.Pak Guru dhawuh, “ Bocah-bocah , kowe kabeh kudu sing rukun ! Ukara kasebut yen didadekake ukara crita dadine . . . . a.Pak Guru dhawuh bocah-bocah lan kowe kudu rukun b.Pak Guru ndhawuhi kabeh bocah-bocah supaya sing rukun c.Pak Guru dhawuh kudu rukun karo bocah-bocah d.Pak Guru lan bocah-bocah didhawuhi yen kudu rukun 19.Godhong gedhang garing diarani . . . . a.dliring c.klaras b.kajang d.procot 20.Isine asem arane klungsu , yen isine duren arane . . . . a.botor c.bethem b.pongge d.klathak 21.Kembange blimbing wuluh kuwi kena digawe tamba lara . . . . a.weteng c.panas b.linu d.watuk 22.Parmin negor kayu nganggo graji. Kang dhapuk lesane ukara kasebut yaiku . . . . a.Parmin c.kayu b.negor d.graji 23.Anake pitik jenenge . . . . a.kuthuk c.beyes b.bledug d.munyuk 24.Pagupon iku jenenge kandhang . . . . a.pitik c.jaran b.macan d.dara 25.Balung klapa , ethok-ethok ora ngerti . Balung klapa tegese . . . . a.bathok c.klothok b.pathok d.menthok 26.Ukara ing ngisor iki sing klebu krama alus yaiku . . . . a.Bapak lagi maos koran b.Aku diutus ibu tuku gula c.Budhe maringi sangu aku d.Ibu sampun kondur nitih dhokar 27.Bapak wis mulih saka sawah. Ukara kasebut yen didadekake krama alus . . . . a.Bapak sampun wangsul saking sabin b.Bapak sampun kondur saking sabin c.Bapak wis kondur saka sawah d.Bapak wis wangsul saka sawah 28.Emboke dielus-elus , anake diidak-idak. Unen-unen iki klebu . . . . a.pepindhan c.paribasan b.wangsalan d.cangkriman Unen-unen iki klebu . . . . a.pepindhan c.paribasan b.wangsalan d.cangkriman 29.Pitik walik saba kebon , batangane . . . . a.kates c.nanas b.waluh d.gedhang 30.Kuku Pancanaka kuwi gegamane . . . . a.Arjuna c.Puntadewa

  31.Putra pambarepe Pandhawa yaiku . . . . a.Arjuna c.Puntadewa b.Wrekudara d.Nakula

  32. ----------------------------------------------------------------------------------------------------------- Tekan omah Jaka Kendhil crita karo emboke, anggone mentas weruh putri adus ing tengah alas. Jaka Kendhil banjur nembung marang emboke yen arep ngancani putri ragil kuwi , nanging emboke menging . Jaka Kendhil banjur kongkonan emboke supaya nglamar putri sing ragil kuwi ana ngarsane sang

  Prabu.

  • Irah-irahan sing trep kanggo crita ing ndhuwur yaiku . . . .

  a.Jaka Kendhil c.Putri Ragil b.Sang Prabu d.Mbok Randha 33.Jaka Kendhil rumangsa . . . marang putri sing lagi nandhang susah. a.seneng c.welas b.serik d.bungah

  34.Manuk tuhu mencok pager Ayo sinau ben . . . . a.banter c.santer b.pinter d.seger 35.Isi parikan ing soal nomer 34 kasebut ,manggon ing gatra ka. . . . a.pisan c.telu b.loro d.papat

  36. Mung welingku Mbudidaya ngelmu utama iku wajib

  Aja lena lan sembrana Ben dadi wong kang mulya

  • Apa tegese tembung mbudidaya ing ukara geguritan kasebut ?

  a.pesen c.nganakake b.nggolek d.ngedegake

  37.Miturut isine geguritan kasebut ,geneya mbudidaya ngelmu utama iku wajib ? a.ben sakti mandraguna c.ben dadi wong sing mulya b.ben dadi wong sing lena d.ben dadi wong sugih

  38.Isi geguritan ing soal nomer 36 kasebut, ngandhut pesen yen satemene nggolek ngemu sing utama iku hukume . . . . a.wajib c.ora perlu b.ora wajib d.rada wajib 39.Ibu lagi mbunteli naga . . . ing amben mburi. a.taun c.sari b.sasra d.dina

  40.Sari lan Dewi latihan nglangi ing Selokambang. Kang dhapuk jejering ukara kasebut yaiku . . . . a.Sari lan Dewi c.nglangi b.latihan

  d. ing Selokambang 41.Sampeyan badhe tumbas punapa ? Ukara kasebut klebu basa krama . . . . a.inggil c.lugu b.alus d.madya

  42.Raden Arjuna kagungan gegaman sekti kang awujud panah , yaiku : a.Panah Pasopati c.Panah Wijayandanu b.Panah Guwawijaya d.Panah Songsong Tunggulnaga 43.Putra Pandhawa kang awatak jujur lan ora bisa basa yaiku . . . . a.Yudhistira c.Bimasena b.Janaka d.Nakula 44.Keturunane pitik Jawa karo pitik alas diarani . . . . a.bekikuk c.kate b.bekisar d.kedu 45.Waluh, semangka, lan timun kuwi klebu tanduran . . . . a.palakirna c.palawija b.palakependhem d.palakesimpar 46.Tahu lan tempe kuwi digawe saka . . . . a.tebu c.tela b.jagung d.kedhele 47.Kembang lombok arane menik, yen kembang kacang arane . . . . a.besengut c.drenges b.mayang d.gleges 48.Tukang nabuh gamelan kuwi diarani . . . . a.niyaga c.waranggana b.juru gendhing d.pacalang 49.Karawitan iku kabudayan kang adiluhung, mula kudu. . . . a.disirnakake c.dilestarekake b.disingkirake d.dilirwakake 50.Kucing ireng kae mangan tikus .Yen didadekake ukara tanggap dadi . . . . a.Tikus ireng kae dipangan kucing b.Kucing dipangan tikus ireng kae c.Tikus dipangan kucing ireng kae d.Dipangan tikus ireng kae kucing

  KUNCI JAWABAN : 1.a 11.d 21.d 31.c 41.c 2.b 12.c 22.c 32.a 42.a 3.c 13.b 23.a 33.c 43.c 4.c 14.d 24.d 34.b 44.b 5.d 15.b 25.a 35.b 45.d 6.c 16.c 26.d 36.b 46.d 7.b 17.a 27.b 37.c 47.a 8.b 18.b 28.d 38.a 48.a 9.d 19.c 29.c 39.c 49.c 10.c 20.b 30.b 40.a 40.c PEDOMAN PENSKORAN

  50 Soal bentuk pilihan ganda , 1 soal dijawab benar diberi skor 2 Skor maksimal = 50 x 2 = 100 NILAI SISWA = jumlah soal dijawab benar x 2