Notice Tuladha Pidato Pergaulan Bebas Basa Jawa & User's Guide Manuals

TUGAS
PENILAIAN PENCAPAIAN HASIL BELAJAR

Dosen pengampu : Sutrisna Wibawa, M. Pd

Disusun oleh :
Andra Dadang P
06205244088
A
PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
2009

LEMBAR SOAL TES UJIAN SEKOLAH
SMP NEGERI 8 YOGYAKARTA
Mata Pelajaran

: Bahasa Jawa

Kelas


: XI/ gasal

Tahun Pelajaran : 2009/2010
Hari / Tanggal

: Senin, 11 April 2009

Waktu

: 90 menit

PITEDAH UMUM:
1. Anggenipun nggarap wonten ing lembar jawaban!
2. Kaseratna nama, kelas, lan nomer ujian wonten ing lembar jawaban!

I.

W angsulana pitakenan ing ngandhap menika kanthi maringi tandha ping (X) ing w angsulan a, b, c
utaw i d ingkang kaanggep paling leres!


1.

“ Lirik

Campur sari AJA DIPLEROKI

Mas…mas….mas aja dipleroki
Mas…mas…mas aja dipoyoki
Karepku jaluk diesemi
Tingkah lakumu kudu ngerti cara
Aja ditinggal kapribaden ketimuran
Mengko gek keri ing jaman
Mbok ya sing eling dhik….
Eling bab apa mas…..
Iku budaya , pancene bener kandamu….
Lelagon ing dhuwur menika ngelingake kito supados tansah emut ….

a. Budaya
b. Sosial

c. Umum
d. Pendhidhikan
2. Menapa kemawon urutaning sesorah ingkang leres ?
a.

Pambuka, isi, panutup

b.

Pambuka, pasrahan, panutup

c.

Pambuka, isi, pasrahan

d.

Pambuka, sesrahan, panutup

3. Sesorah pambagya harja menika ngandharaken babagan?

a.

Lamaran

b.

Panampi lamaran

c.

Srah tinampen

d.

Panampi penganten kakung

4. Wigati, wonten ing rerantamanipun sesorah tegesipun inggih punika …
a. Perkawis-perkawis ingkang dipun wedharaken.
b. Inti saking isi ingkang sampun diwedharaken.
c. Atur panuwun saha panyuwunan pangapunten bilih wonten kalepatan anggennipun

sesorah.
d. Pitedah-pitedah saha pangajeng-ajeng ingkang dipun andharaken dhateng para
pamiyarso.
5. Sesorah kang diwenehake minangka wakile keluarga kang lagi nandhang sungkawa becik

a. Cekak aos apa prelune.
b. Waton ngomong lan seru.
c. Manut kapinterane sing ngomong.
d. Manut pamundhute sing duwe gawe.
6. Tiyang ingkang ngatur lampahipun adicara dipunsebat ….
a.

Produser.

b. Pranatacara

c. Sutradara
d. Dhalang
7. Ingkang kedah dipungatosaken dening pranatacara babagan teknik performa, inggih
menika ...

a. Intonasi
b. Eye Contact
c. Aksentuasi (accentuation) atau logat
d. Kecepatan (speed) bicara
8. Ingkang kedah dipungatosaken dening pranatacara babagan teknik vokal inggih
menika…..
a.

Aksentuasi (accentuation) atau logat

b.

Busana lan tat arias.

c.

Ear contact

d.


Eye Contact

9. “Angka kaping tiga inggih menika atur pambagya harja saking kulawarga penganten
kakung”. Ukara wonten ing sesorah menika dipunginakaken wonten ing pahargyan
menapa?
a. Penganten
b. Mitoni
c. Ambal Warsa
d. Tiyang Pejah
10. Menapa ingkang prelu dipunginakaken pranata acara supados sae:
a. teks, ageman rapi, peci
b. teks, urutan acara, daftar nama tamu
c. dafar tamu ingkang disebutaken, urutan acara, ageman rapi
d. teks, ageman sae, peci

11. Undheraning andharan sesorah talang basa saking siswa wonten acara sawalan ing
sekolah yaiku?
a. Panuwun dateng siswa
b. Panuwun dateng guru
c. Nyuwun pangapura dateng warga sekolah

d. Nyuwun pangapura dateng siswa
12. Sesorah ingkang sae inggih menika irah-irahan kedah wonten gegayutanipun kaliyan?
a. Isi
b. Ageman
c. Solah bawa
d. Papan

13. Menawi ngandharaken sesorah tiyang menika kedah?
a. Jumeneng sinambi nyepang dhaharan
b. Jumeneng sinambi ngapurancang
c. Jumeneng sinambi nggendhong asta
d. Jumeneng sinambi sidhakep
14. (1)Sakderengipun acara dipun milahi, kulo badhe maosaken reroncening adicara ing majlis
menika: pambuka, waosan kalam ilahi lan sari tilawah, sambutan-sambutan, istirohat, acara
inti, panutup
(2)Saderengipun monggo kita aturaken raos puji syukur kita dumateng Allah SWT, ingkang
sampun paring

rahmat lan karunianipun dumateng kita sedaya. Saengga kita saged


makempal wonten ing aula SMA I Ambarawa guna ngadiri HUT SMA I Kaping 22 tahun.
(3)Hadirin ingkang minulya, mangga acara ing dalu menika kita wiwiti kanthi waosan
basmalah.
(4)Assalamualaikum;

Ingkang kita hormati panjenenganipun Bapak Sukro Harjo minangka Kepala Sekolah SMA
I Ambarawa;
Ingkang kita hormati Bapak/Ibu guru;
Mas Bagus minangka ketua OSIS SMA I Ambarawa;
Kanca-kanca sedaya ingkang minulya;
(5)Saderengipun acara kita tutup, kula wonten mriki nyuwun pangampunten bilih anggenipun
kula ndereaken acara menika kathah klentunipun. Kula nyuwun agunging samudra
pangaksami. Mannga acara ing siang menika kita tutup kanthi sareng-sareng maos tahmid.
Wasalamualaikum wr,wb.
(6)Hadhirin hadhirot engkang minulyo, acara sak lajengipun inggih menika sambutan.
Sambuatan ingkang sepindah sangking ketua panitia Hut SMa I Ambarawa dumateng Mas
Bagus kula sumanggaken …
(7)Kito aturaken angungeng panuwun dumateng panjenenganipun Mas Bagus. Bapak ibu
hadirin/hadhirot rokhimakumulloh, mekaten wau adicara ing siang menika. Mugi-mugi kita
saged mendet hikmah lan nglaksanaaken menapa ingkang sampun dados aturipun bapak

kepala sekolah.
Pranatacara menika badhe sae bilih disusun kanthi urutan....
a.

(1), (2), (3), (7), (6),(4), (5)

b. (1), (3), (2), (5), (4), (7), (6)
c. (4), (2), (1), (3), (6), (7), (5)
d. (5), (4), (3), (2), (1), (6), (7)
15. Isinipun purwaka inggih menika…..
a. Salam dhumateng para tamu
b. Puji syukur dhateng Gusti

c. Panyuwunan lan pangajeng-ajeng
d. Puji syukur dhateng Gusti lan atur panuwun dhateng para tamu
16. Isinipun panutup inggih menika…..
a. Atur panuwun dateng para tamu
b. Nyuwun pangampunten saking ingkang kagungan kersa bilih anggenipun nampi tamu
wonten kekirangan
c. Puji syukur dhateng Gusti

d. Atur panuwun dateng para tamu ugi nyuwun pangampunten saking ingkang kagungan
kersa bilih anggenipun nampi tamu wonten kekirangan, salam panutup
17. Pranatacara mboten pareng nggadhahi sipat …
a. Pengetahuan ingkan luas
b. Sance of humor
c. Sifat minder
d. Sopan-santun
18. Ingkah mboten kedah dipungatosaken dening pranatacara nalika nyusun teks acara inggih
menika…,
a. Wekdal ingkang dipunbetaheken
b. Jumlahipun tamu undangan
c. Sinten kemawon ingkang terlibat
d. Mata acara menapa ingkah kedah dipundisikaken
19. (1)Saderengipun monggo kita aturaken raos puji syukur kita dumateng Allah SWT, ingkang
sampun paring rahmat lan karunianipun dumateng kita sedaya. Saengga kita saged makempal
wonten ing aula SMA I Ambarawa guna ngadiri HUT SMA I Kaping 22 tahun.

(2)Assalamualaikum;
Ingkang kita hormati panjenenganipun Bapak Sukro Harjo minangka Kepala Sekolah SMA
I Ambarawa;
Ingkang kita hormati Bapak/Ibu guru;
Mas Bagus minangka ketua OSIS SMA I Ambarawa;
Kanca-kanca sedaya ingkang minulya;
(3)Hadirin ingkang minulya, mangga acara ing dalu menika kita wiwiti kanthi waosan
basmalah.
(4)Sakderengipun acara dipun milahi, kulo badhe maosaken reroncening adicara ing majlis
menika: pambuka, waosan kalam ilahi lan sari tilawah, sambutan-sambutan, istirohat,
acara inti, panutup
Pundi ingkang dipunwastani uluk salam….
a. (1)
b. (2)
c. (3)
d. (4)
20. Perangan kang nelakake atur pambuka marang tamu ing sajroning tanggap wacana iku
mapan ing …
a. Pambuka
b. Purwaka basa
c. Surasa basa
d. Wasana basa
21. Salam wonten ing tanggap wacana menika wosipun …
a. Pakurmatan
b. Pandonga

c. Panyapa
d. Pangapura

22. Tembang macapat inggih menika…..
a. Tembang tradhisional ing tanah Jawa
b. Maca papat-papat
c. Sekar alit
d. Tembang ingkang kaiket kalih aturan guru gatra, guru lagu, guru wilangan
23. Paugeran ing tembang macapat punika saged awujud…
a. guru sastra

c. guru basa

b. guru swara

d. guru gatra

24. Paugeran tartamtu ing salebetipun tembang macapat, disebat....
a. guru lagu

c. guru wilangan

b. metrum

d. guru gatra

25. Cacahing wanda saben sagatra dipunsebat....
a. Guru gatra
b. Guru wilangan
c. Guru lagu
d. Rima

II. Pitakonan ing ngandhap menika kapadosna wangsulan ingkang leres kanthi milih B kangge
benar lan S minangka salah

26. B-S Panutup: Saderengipun acara kita tutup, kula wonten mriki nyuwun pangampunten
bilih anggenipun kula ndereaken acara menika kathah klentunipun. Kula nyuwun
agunging samudra pangaksami. Mannga acara ing dalu menika kita tutup kanthi sarengsareng maos tahmid. Wasalamualaikum wr,wb.
27. B-S Panutup: Sederengipun monggo kita aturaken raos puji syukur kita dumateng Allah
SWT, ingkang sampun paring rahmat lan karunianipun dumateng kita sedaya. Saengga
kita saged makempal wonten ing balai dusun Pugeran guna ngadiri malam tirakatan
Pengetan Tanggap Warsa Dinten Proklamsi Kamardikan.
28. B-S Pambuka: Saderengipun acara kita tutup, kula wonten mriki nyuwun pangampunten
bilih anggenipun kula ndereaken acara menika kathah klentunipun. Kula nyuwun
agunging samudra pangaksami. Mannga acara ing dalu menika kita tutup kanthi sarengsareng maos tahmid. Wasalamualaikum wr,wb.
29. B-S Pambuka: Sederengipun monggo kita aturaken raos puji syukur kita dumateng Allah
SWT, ingkang sampun paring rahmat lan karunianipun dumateng kita sedaya. Saengga
kita saged makempal wonten ing balai dusun Pugeran guna ngadiri malam tirakatan
Pengetan Tanggap Warsa Dinten Proklamsi Kamardikan.
30. B-S Geguritan ngginakaken purwakanthi swara
31. B-S Aturaning tembang macapat kayata guru gatra, guru lagu, guru wilangan
32. B-S Tembang macapat inggih punika satunggaling karya sastra Jawi ingkang kaserat
mawi paugeran tartamtu.
33. B-S Paugeran tartamtu ing salebetipun tembang macapat kasebut purwakanthi
34. B-S Tembang macapat punika gunggungipun wonten sedasa
35. B-S Tembang Pocung: Gatra kapisan cacahe 12 wanda (suku kata, syllable) lan wanda
kang pungkasan kudu “u”, kacekak 12-u

III. Pitakonan ing ngandhap menika kajodhokaken, samangkih ingkang sisih tengen
dipunisi kaliyan angka (1/2/3)
36. Saking tuladha pranata cara wonten ing media menika, cobi kajodhokaken:
a.pambuka

1. kula nyuwun pangapunten bilih wonten klenta klentunipun

b.isi

2.acara ingkang salajengipun inggih menika pasrah tampi.......

c.panutup

3. ingkang kinurmatan bapak Kepsek saha guru……

37. Kajodhokakaen kanthi tliti:
a. Atur pangandikan

1. Pranata acara

b. tiyang nglantaraken acara

2. Atur sabda

c.

3. Mangayu bagya

Ndherek bungah

38. Kajodhekaken bebasan menika kaliyan teges ingkang leres!
a.

aja cedhak kebo gupak

1. wong kang ora duwe pendirian

b.

kaya kebo dicocok irunge.

2. wong kang manutan

c.

kaya gabah den interi 3.aja cedhak karo wong/barang kang sifate ala/mbebayani

39. Kajodhokaken tembang Macapat ing ngandhap menika ingkang trep kaliyan guru gatra,
guru wilangan, lan guru lagu:
a.

Pangkur

1. 10i, 60, 100, 10i, 6i, 6u

b.

Pocung

2. 12u, 60, 8i, 120

c.

Mijil

3. 8a, 12i, 8u, 7a,12u,8a,8i

40. Wonten judul karangan Jawa menika kajodhokaken kaliyan jinising karangan ingkang
leres:
a.

Artikel

1. Aku dolan ning Kali Urang

b.

Deskriptif

2. Sastra Jawa Ungu bakal pentas ing FKY

c.

Narasi

3. Desaku

41. Saking artikel menika, coba kajodhokaken kanthi permati:
a.

Pelaku

1. Benteng Vredenburgh

b.

Wekdal

2. anggota SSJU

c.

Papan

3. 19 Mei

42. Kajodhokna irah-irahan ingkang leres:
a. Pendhidhikan
b. Budaya
1. Siswa SMP ana kang melu UAN ing LP
2. Siswa SMP melu UAN ing LP
3. SSJU bakal pentas ing FKY
4. SSJU bakal pentas sesuk ing FKY
43. Tema ingkang leres kaliyan irah-irahan menika, kapadosna:
a. Budidaya buah Naga wis ngrembaka

1. budaya

b. Biaya mlebet Perguruan Tinggi langkung

2. pendidikan

c. SSJU bakal pentas ing FKY

3. pertanian

44. Coba kagolekana jodhone:
a. Caritane Bathara Guru

1. artikel

b. Cara supaya pinter

2. naratif

c. Siswa SD UAN wulan Mei

3.preposisi

45. Kajodhokaken irah-irahan kalian jinising karangan
a. Caritane Bathara Guru

.artikel

b.Desaku iku Endah

2.naratif

c.Waspada Flu Babi

3.deskripsi

IV. Pitakonan ing ngandhap menika kawangsulana kanthi ringkes!
46. “Saderengipun

monggo kita aturaken raos puji syukur kita dumateng Allah SWT,

ingkang sampun paring rahmat lan karunianipun dumateng kita sedaya. Saengga kita
saged makempal wonten ing balai dusun Pugeran guna ngadiri pangaosan malam
tirakatan Pengetan Tanggap Warsa Dinten Proklamsi Kamardikan.Hadirin ingkang
minulya, mangga acara ing dalu menika kita wiwiti kanthi waosan basmalah.”
Setting tempat saking acara menika yaiku……

47. “Saderengipun

monggo kita aturaken raos puji syukur kita dumateng Allah SWT,

ingkang sampun paring rahmat lan karunianipun dumateng kita sedaya. Saengga kita
saged makempal wonten ing balai dusun Pugeran guna ngadiri pangaosan malam
tirakatan Pengetan Tanggap Warsa Dinten Proklamsi Kamardikan.Hadirin ingkang
minulya, mangga acara ing dalu menika kita wiwiti kanthi waosan basmalah.”
Setting waktu saking acara menika yaiku….
48. Wonten ing rantamaning acara Rapat OSIS dipunwiwiti pambuka, sasampunpunipun donga,
pranata cara lajeng ngucapaken.........dhumateng Gusti.
49. Umpami panjenengan dados pranata cara,

basa ingkang dipunginakken basa kanthi

ragam……
50. Saking lirik tembang Aja Dipleroki ing inggil menika, saged dipunmagertosi bilih kita kedah
nguri-uri...........mliginipun Jawi.
51. Salah satunggaling cara supados kita nglesatantunaken budaya inggih menika........
52. Miturut jinisipun, tembang campursari menika kagolong tembang Jawa ingkang....
53. Tembang Mijil menika saking tetembungan Mijil tegesipun......
54. Saking teks tembang Macapat Mijil ing inggil menika, dhapukanipun tembang Mijil inggih
menika.........
55. Basa Madya menika campuran antawisipun...............
V. Pitakonan ing ngandhap menika kawangsulana kanthi urut lan jelas!
56. Sebataken 3 ancasipun Tanggap Wacana/Sesorah (Pidato)!
57. Cobi dipunandharaken hal-hal ingkang kedah dipun gatosaken nalika pranata cara utawi
pambiwara!
58. Kadamelna kerangka pranatacara kanthi tema Dinten Kamardikan RI!
59. Gatosna cuplikan teks pranatacara ing ngandhap menika:

Sakderengipun acara dipun milahi, kulo ajeng maosaken reroncening adicara ing
majlis puniko: pambuka, waosan kalam ilahi lan sari tilawah, sambutan-sambutan,
istirohat, acara inti, panutup
Cobi golekana tembung ingkang kurang leres lan benerna!
60. Wonten ing artikel kedah ngewrat 5 W + 1 H, inggih menika?kasebutna!

NAMA

:

NO. UJIAN

:

KELAS

:

LEMBAR JAWAB

PILIHAN GANDA

1

a

b

c

d

11

a

b

c

d

21

a

b

c

d

2

a

b

c

d

12

a

b

c

d

22

a

b

c

d

3

a

b

c

d

13

a

b

c

d

23

a

b

c

d

4

a

b

c

d

14

a

b

c

d

24

a

b

c

d

5

a

b

c

d

15

a

b

c

d

25

a

b

c

d

6

a

b

c

d

16

a

b

c

d

7

a

b

c

d

17

a

b

c

d

8

a

b

c

d

18

a

b

c

d

9

a

b

c

d

19

a

b

c

d

10

a

b

c

d

20

a

b

c

d

BENAR-SALAH

26.
27.
28.
29.
30.
31.
32.
33.
34.
35.

MENJODOHKAN
36. ( A,

) ( B,

)

( C,

)

37 ( A,

) ( B,

)

( C,

)

38 ( A,

) ( B,

)

( C,

)

39. ( A,

) ( B,

)

( C,

)

40. ( A,

) ( B,

)

( C,

)

41. ( A,

) ( B,

)

( C,

)

42. ( A,

) ( B,

)

43. ( A,

) ( B,

)

( C,

)

44. ( A,

) ( B,

)

( C,

)

45. ( A,

) ( B,

)

( C,

)

JAWABAN SINGKAT
46. _____________________________________________________________________
47. _____________________________________________________________________
48. _____________________________________________________________________
49. _____________________________________________________________________
50. _____________________________________________________________________
51. _____________________________________________________________________
52. _____________________________________________________________________
53. _____________________________________________________________________
54. _____________________________________________________________________
55. _____________________________________________________________________

URAIAN
56. _____________________________________________________________________
_____________________________________________________________________
_____________________________________________________________________

_____________________________________________________________________
.

_____________________________________________________________________

57. _____________________________________________________________________
_____________________________________________________________________
_____________________________________________________________________
_____________________________________________________________________
_____________________________________________________________________
_____________________________________________________________________
58. _____________________________________________________________________
_____________________________________________________________________
_____________________________________________________________________
_____________________________________________________________________
_____________________________________________________________________
59. _____________________________________________________________________
_____________________________________________________________________
_____________________________________________________________________
_____________________________________________________________________
_____________________________________________________________________
60. _____________________________________________________________________
_____________________________________________________________________

_____________________________________________________________________
_____________________________________________________________________
_____________________________________________________________________

KUNCI JAWABAN:
1.

A

2.

A

3.

A

4. C
5.

A

6. B
7. B
8.

A

9.

A

10. C
11. B
12. A
13. B
14. C
15. D
16. D
17. C
18. B
19. B
20. A
21. A
22. D
23. D
24. B
25. B

BENAR-SALAH
26. B
27. S

28. S
29. B
30. B
31. B
32. B
33. S
34. B
35. S

MENJODOHKAN
36. A3, B2, C1
37. A2, B1, C3
38. A3, B2, C1
39. A3, B2, C1
40. A2, B3, C1
41. A2, B3, C1
42. A2, B3
43. A3, B2, C1
44. A2, B3, C1
45. A2, B3, C1

ISIAN SINGKAT
46. Bale dusun Pugeran solah bawa
47. malem 17 Agustus
48. puja puji/ puji syukur
49. krama
50. budaya
51. ginakaken basa ing padintenan, nderek karawitan, lsp
52. modern
53. miyos/lair/metu
54. 10i, 6o, 10e, 10i, 61, 6u

55. Krama lan ngoko

URAIAN
56. Ancasipun tanggap wacana:






Kangge mempengaruhu pemanggih utawi pendirian ingkang mirengaken,
Kangge nyaosi pangertosan dhumateng tiyang sanes.
Kangge nyaosi karemenan dhumateng ingkang kepareng midhangetaken, utawi kangge
nyaosi panglipur dhumateng ingkang midhangetaken.

57. ingkang kedah dipungatosaken ing sesorah inggih punika:




teknik performa,
teknik vokal

58. Tuladha pidato : Dinten Kamardikan RI

Nuwun, para sesepuh para pinisepuh...., para warga mudha-mudhi ingkang karoban ing raos
bagya.
Para rawuh sedaya sumangga sumangga ngaturaken puji syukur wonten ing ngarsanipun
Gusti, dene kita sedaya tasih kaparingan kalodhangan makempal wonten ing wekdal menika
kanthi wilujeng tanpa alangan setunggal menapa.
Kula minangka sesepuh panitia pengetan pahargyan dinten Kamardikan Republik Indonesia
ingkang kaping..... Tanggal 17 Agustus tahun..... keparenga badhe matur wonten ngarsanipun
panjenegan sedaya.
Ingkang sapisan, raos syukur konjuk ngarsanipun Gusti ugi awit bangsa Indonesia sampun
kaluberan berkah saha sih kanugrahanipun, awit kita sedaya saged nindakaken pahargyan
penegetan Kamardikan kita ingkang kaping .......tanggal 17 Agustus tahun.....
Salajengipun kula ngaturaken panuwun dhateng Bapak Ibu warga Dhusun..... ing mriki, awit
panjenegan sedaya sampun kersa paring pisumbang awujud menpa kemawon penggalihan,
dana, tenaga, ingkang sadaya menika saged damel regeng saha rancagipun acara pentas seni
pahargyan pengetan dinten kamardikan negari kita ing dalu menika.
Boten kesupen atur panuwun tumuju dhateng para putra-putra taruna mudha-mudhi ing
kampung ........mriki, ingkang sampun kanthi rila legawaning manah, saiyeg saeka kapti,
makarya sesarengan saengga saged mujudaken acara pentas ingkang dados hiburan tumrapa
para warga sedaya.
Para rawuh sedaya ingkang kinurmatan, kados sampun kawuningan bilih rikala tanggal 17
Agustus 1945. Bangsa Indonesia sampun kasil maosaken teks Proklamasi kamardikan
Bangsa Indonesia ingkang saderengipun sinartan pangorbanan wutahing rah saha musnaning
bandha ingkang boten saged dipunwilang. Pramila saking punika, mboten aneh bilih kita
pahargya minangka raos syukur ing ngarsaning Gusti, pramila kita ing siang wau sami

ngawontanaken upacara. Kita sedaya ngawontenaken pentas seni menika saged ugi kalebet
rerengkening acara 17 Agustus. Minangka pratandha raos syukur lan hiburan dhateng para
warga, ing dinten ingkang mulya menika.
Sumangga para tamu sedaya, kita priksani putra-putri kita ingkang badhe nggelar kawasisan
lan kreatifitasipun. Sugeng mrikasani nganti paripurnaning acara. Ingkang pungkasan, kula
minangka sesepuh panitia menawi wonten kekirangan utawi wonten bab ingkang kirang
mranani ing manah kula nyuwun samodra pangaksami. Jenang sela, wader kali sesonderan.
Nuwun
59. Jawaban :




Sakderengipun acara dipun milahi ingkang leres inggih punika Sakderengipun acara
dipun wiwiti.
, kulo ajeng maosaken reroncening adicara ing majlis puniko ingkang leres inggih
punika kulo badhe maosaken reroncening adicara ing majlis punika.

60. `What: menapa ingkang badhe dipunandharaken saking artikel
When: kapan wekdalipun
Where: wonten ing pundi papanipun
Why: kenging menapa acara/kagiyatan menika dipunadani
Who: sinten ingkang ngayahi/ subjekipun
How: kados pundi lumantaring acara/kagiyatan menika.