Soal dan Kunci Jawaban Mata Pelajaran Bahasa Jawa Semester 1

UJIAN TENGAH SEMESTER GASAL
TAHUN PELAJARAN .......................
Mata Pelajaran

: Bahasa Indonesia

Nama Peserta

: ......................................

Kelas

: VI (Enam)

No. Absen

: ......................................

Hari/Tanggal

: ................................


Nilai

:

Wacanen kang patitis wacan tembang macapat ing ngisor iki!
Kinanti
1. Padha gulungen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
ing kaprawiran den kaesthi,
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.
2. Dadia lakunireku,
cegah dhahar lan guling,
lan aja sukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.
3. Yen wis tinitah wong agung,

aja sira nggunggung dhiri,
aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ajak-ajak,
satemah anelulari.
I.

Pilihen wangsulan sing bener kanthi menehi tandha silang (x)!
1. Tembang ing dhuwur kalebu jenise tembang Macapat ....
a. kinanthi
b. pucung
c. asmarandana
d. maskumambang
2. Wacana tembang Macapat ing dhuwur dumadi saka ... pada.
a. 1
b. 2
c. 3
d. 4
3. Saben pada wacana tembang ing dhuwur dumadi saka ... gatra.
a. 3

b. 4
c. 5
d. 6
4. Ing pada 1 wacana kasebut becike dadi siswa kudu bisa nglatih diri supaya ....
a. biasa
b. kulina
c. pinter
d. trampil
5. Ing pada 1 wacana kasebut becike dadi wong aja mung nggedhekake ....
a. mangan karo turu
c. mangan karo sinau
b. mangan karo ngombe
d. mangan lan dolanan
6. Tetembungan kaprawiran den kaesthi ing pada 1 wacana kasebut tegese
kaprawiran kudu ditindaake kanthi ....
a. sembrana
b. temen
c. sabisane
d. sakarepe
7. Bakune gagasan (pokok pikiran) sing bisa dijupuk saka pada 1 wacana kasebut,

yaiku ....
a. dadi wong iku santai wae
b. wong urip iku ora usah ngaya, mangan lan turu kudu cukup
c. dadi wong iku antarane nyambut gawe lan istirahat kudu cukup

d. wong urip iku kudu akeh nglatih dhiri supaya pinter, aja mung nggedhekake
mangan lan turu
8. Tegese ukara dadia lakunireku lan aja sukan-sukan ing pada 2 wacana kasebut,
yaiku dadi wong iku aja mung urip ....
a. sedhih
b. susah
c. prasaja
d. seneng-seneng
9. Tegese ukara Yen wis tinitah wong agung ing pada 3 wacana kasebut, yaiku yen
wis ditakdirake dadi ....
a. wong gedhe
b. wong cilik
c. wong mlarat
d. wong apik
10. Tegese tetembungan nggunggung dhiri ing pada 3 wacana kasebut, yaiku ....

a. pinter
b. wasis
c. sombong
d. prasaja
11. Paugeran(aturan/pedoman) ing tembang macapat ana 3, yaiku kang kasebut ing

12.
13.
14.
15.

16.

ngisor iki, kajaba ....
a. guru gatra
b. guru wilangan
c. guru lagu
d. guru sastra
Cacahe gatra(baris) saben sapada ing tembung macapat diarani ....
a. guru basa

b. guru sastra
c. guru gatra
d. guru wilangan
Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra ing tembang macapat diarani ....
a. guru sastra
b. guru gatra
c. guru lagu
d. guru wilangan
Tibaning swara ing saben pungkasane gatra ing tembang macapat diarani ....
a. guru gatra
b. guru wilangan
c. guru lagu
d. guru sastra
Ing ngisor iki bab-bab sing kudu digatekake anggone maca geguritan, kajaba ....
a. kudu apal isine geguritan
b. kudu nggatekake pocapan lan wiramane
c. bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep
d. mangerteni isi lan karepe geguritan kasebut, banjur dirasakake
Endahing geguritan dumunung ing bab-bab kaya kang kasebut ing ngisor iki,


kajaba ....
a. nggunakake wirama utawa lagune
b. busanane basa kang maneka warna
c. pilihane tetembungan sing mentes, trep, lan mantesi
d. tanpa nggunakake busanane basa kang maneka warna
17. Wawancara kang pitakone ora ditemokake luwih dhisik, gumantung marang
swasanane wawancara, dene respondhen bebas njawab gumantung marang
pitakone, kalebu wawancara ....
a. bebas
b. individual

c. konferensi

d. Terpimpin

18. Tegese paribasan “durung pecus, keselek besus“ yaiku ....
a. prakara cilik (sepele) dadi gedhe
b. pakulinan ala sing ora bisa ilang
c. urung sembada wis kepingin sing ora-ora
d. amarga bangete lomane nganti uripe dhewe kacingkrangan

19. Indonesia negara kang subur makmur, aman tentrem, karta ....
Tembung kerta ing ukara kasebut kudune dijangkepi nganggo tembung ....
a. raharja
b. manungsa
20. Raden Werkudara satriya kang gagah ....
a. prahara
b. prakosa

c. prahara

d. rahayu

c. prastawa

d. Pramila

II. Isenana cecek-cecek ing ngisor iki kanti jawaban kang bener!
21. Wit gedhang arane ....
22. Isine asem arane ....
23. Godhong asem arane ....

24. Witing jagung, mas, yen ... kudu dietung.
25. Roning mlinjo,sampun sayah nyuwun ....
26. Wohing aren, tansah ... marang Pengeran.
27. Anak dara arane ....
28. Anak macan arane ....
29. Gegamane yuyu arane ....
30. Entup iku arane gegamane ....

III. Coba gatekna tembang “ sinom “ ing ngisor iki!
Sinom
Nuladha laku utama
tumaraping wong tanah Jawi
wong agung ing ngeksigandha
Panembahan Senapati
kapati amarsudi
sudanen hawa lan nepsu
pinesu tapa brata
tanapi ing siang ratri
amemangun karyenak tyas ing sesama
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kang patitis !

31. Sapa sing dikongkon nuladha manut wacan tembang “Sinom“?
32. Sapa sing dituladha manut wacan tembang “Sinom“?
33. Pitutur apa sing bisa dijupuk saka wacan tembang “Sinom“?
34. Tembang “Sinom” ing dhuwur ana pirang gatra?
35. Sebutna guru wilangan lan guru lagune saka tembang “Sinom” ing dhuwur!

KUNCI JAWABAN
I.

1. A
2. C
3. D
4. C
5. A
6. B
7. D
8. D
9. A
10.C


11.
12.
13.
14.
15.
16.
17.
18.
19.
20.
II.

21.
22.
23.
24.
25.

III.

31.
32.
33.
34.
35.

D
C
D
C
A
D
A
C
A
B
Debog
Klungsu
Sinom
Bon
Ngaso

26.

Eling
27.
Piyik
28.
Gogor
29.
Supit
30.
Tawan

Wong tanah Jawi
Panembahan Senapat
Nuladha laku utama
9 Gatra
Guru wilangane
: 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
Guru lagune
: a, i, a, i, i, u, a, i, a.