SULUK HARTATI

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

1

SULUK HARTATI
PANGKUR
1. Ki Hartati medhar sabda, sadurunge kaki sira dumadi,
aneng pundi dunungipun, yektine saking ora, bapa biyung
dadi lantaran tumuwuh, tan nedya yoga mring sira, mung
nekakken hardeng kapti.
2. Tibaning kang rahsa mulya,neng manikem urip lawan
pribadi, bunder samrica binubut, kumedut salaminya,
sumrambah ing angga bisa dadi wujud, bayi lair ing
wetengan, dadi manungsa sejati.
3. Sadurunge pancadriya, pamiyarsa, pangganda lan
pangeksi, pangucap lawan cipta-nung, nanging durung tetela,
awit durung kadunungan rahsa tuhu, ri wus nyantuk rahsa
tama, mundhak-mundhak saben ari.
4. Nganti prapta ing dewasa, pancadriya jumeneng lawan titi,
bisa angambu angrungu, weruh lawan pangucap, tampa saka

Isbatu-jait liripun, yeku warah saking liyan, mula jimatun
wus tampi.
5. Aran tetep tinetepan, luwih elok dayaning sanubari, bedabeda ciptanipun, kang aran joharngalam, lamun sira nyipta
barang kang durung wruh, joharparid lamun sira, nyipta
barang kang wus uning.
6. Lawan Datu-Molana, lamun sira nyipta angganta kaki,
pininta mlaku lan lungguh, aneng panggonan liyan,
sakeclapan neng kene, sayekti suwung, katon ngalih aneng
kana, byaring tyas wus krasa ngalih.
7. Jebeng padha piyarsakna, ingsun karya gita pralambang
jati, supadi nenangi sagung, kang dahat punggung-mudha,
purwaning kang pralambang mangkya winuwus, isining kang
wuluh wungwang, suwung obah keneng agin.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

2


8. Tapakaing kuntul anglayang, manuk miber muluk
ngungkuli langit, kalawan gigiring panglu, kuda ngrap ing
pandengan, wekasane langit lan jaladri agung, tanggal pisan
kapurnaman, senteg pisan anigasi.
9. Kabeh dayaning budaya, anganakken cipta lan siring ati,
pinindha na watesipun, lan ana tilasira, apadene kinira
sapisan tundhuk, kalawan pancering nala, rampunge
(m)babar pisani.
10. Pralambang bumi pinetak, duhkiteng tyas lumengket tan
ngindhani, kanang pawana tiniyup, yeku bantering manah,
cipteng nala lumaku rosaning banyu, amet geni adedamar,
wong ngangsu pukulan warih.
11. Yeku padhanging tyas tama, gung ngupadi undhaking
kawruhneki, atanapi banyu kinum, angungkuli adheme kang
tirta salju, dahana murub binakar, ya iku panasing ati.
12. Luwih panasing dahana, lan srengenge pne padhanging
ati, sumeblak nora kabendung, dening ima manampak, lawan
malih pralambang galihing kangkung, iku hawa datan obah,
ngendhem sajroning ginaib.

13. Susuh angin ngendi (n)ggennya, upadinen ing dalil Kur’an
muni, wa ladahu wa karibun, min kabaril wa rita, Gusti Allah
reraketan dunungipun, lan rahsa nikmat mupangat, aneng
(ng)gon rahsa winadi.
14. Kusuma anjrah ing tawang, pindha kumbang angejap
taleng sepi, iku tirtaning kemumu, lamun tedhuh kawuryan,
lir angganing kapuk kataman ing bayu, mratani madyaning
jagad, rasekna tumekeng ati.
15. sambung kang wus kawedhar, sinukarta rinambahaken
malih , kodhok ngemuli lengipun, raga mangka canthuka,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

3

aneng ngerong yeku nyawa isbatipun, karsane kang karya

gita, raga angemuli urip.
16. Kang rangka manjing curiga, munggeng jiwa isbate
punang ragi, yeku angglungguhi suwung, mangka lamun
supena, antuk jaman sayektine nora metu, upama bisa
umahya, murut marang tepet sukci.
17. Randhu-alas nut sembukan, randhu-alas isbate punang
ragi, sembukan nyawa liripun, kalamun raganira , pisah
lawan jiwanta sayekti layu, bali maring ananira, yeku
sampurnaning pati.
18. Ana manuk bago buthak, lamun ngendhog neng
ngenthak-enthak sepi, dene kalamun jinupuk, juga obah
sadaya, kang kadyeku awang-awang uwung-uwung, kang
dinumuk ora kena, aneng jagad anglimputi.
19. Suwunge amengku ana, kang winengku udara lawan
angin, udara nora lumaku, angin katon lumampah, angin
saking kasorotan Sang Hyang Bayu, bisa nagekaken
panas,udara obah dadya ngin.
20. Cublak suweng
suwengira, sigelenter mambu
ketundhung mundhing, empak empong lira-liru, ing suwung

kang mengku ana, mungguh sajroning ngaurip.
21. Cebol arsa (ng)gayuh lintang, jalma lumpuh bisa ngideri
bumi, angen-angen jatinipun, lan maneh ingkang wisma,
kang tan mambu gagaman apa liripu, iyake ciptaning manah,
nganakkeng rupaning panti.
22. Beda ingkang aran wisma, dudu wisma yektine
suwungneki, lawan malih suwalipun, endi guru sanyata, tan
lyan angin-anginira wit amengku, pangadilan amongraga,
jaksa pati pangulu ji.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

4

23. Lan maneh ki bale-atma, emoh lara kalawan emoh mati,
mangka raga kang katempuh, kena ing lara pejah, marma

kaki denawas tibaning semu, nangulang karsa murbengrat,
wit raganta kang nglakoni.
24. Anadene kang udara, jagat gedhe kalawan jagat cilik, yakti
tan na bedanipun, napas metu ing grana, nupus metu tutuk
abab yektinipun, tanapas metu ing karna, anpas ing netra
umijil.
25. Apussakum metyeng raga, renggangane kanang swanita
mijil, wuta duduh *) marga tuhu, pangambu antuk ganda,
katampan ing ati weruh dunungipun, sinidikken datan cidra,
yekti gandaning mamanis. (*) Peayoginipun/ tuduh/ /
26. Kang aran talining gesang, swasananta tan kandheg rina
wengi, tanpa pakon lampahipun, iyaku aran nyawa, balik
sapa iya ingkang ngajak turu, lawan ingkang ngajak gesang,
tunggale kang ngajak mati.
27. Sapa kang karya ambegan, wit udara meneng datan
lumaris, obahe iku ketundhung, dening maujud liyan, iya iku
tunggale kang ngajak lampus, nebut enenging udara,
dadyambekan manjing miji.
28. Lira-liru tan apegat, tuhu majing Allah wedalireki, apan
Daim aranipun, puji tan keneng pegat, cedhak lawan susuh

angin dunungipun, yeku marga parapatan, kumpuling rahsa
sakalir.
29. Sigeg ing pamaosira, pangkur barang tumbuk rarasing
gendhing, tetangga estri myang jalu, ingkang samya miyarsa,
sru karenan kang radi tebih angruruh, labet katemben
miyarsa, swara rum amuluh rujit.
30. Lawan lagu jroning praja, titih cetha rentes tatas
dumeling, kathah kang samyarsa (n)dulu, marang kang darbe

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

5

swara, ana kandheg ing plataran ana laju, mring (n)dhapa
tumut lingihan, estri laju maring panti.
31. Panglocitaning wardaya, timbang temen swara lan

warnaneki, ki santri dasare bagus, besuse manut sarak, ana
ingkang kawetu pangalemipun, rencange nambungi sabda,
iku durung animbangi.
32. Lawan kae ingkang ana, lore caket kang (ng)gigit jambe
wangi, e e iya kalah bagus, lawan kalah guwaya, mau ssore
adan ana masjid agung, swara rum renyah ngumandhang
cengket-cengket amantesi.
33. Sing maca iku kang kamad *), ora besus lagune
anyantreni, nahan para dyah keh
kayungyun, mumuji
lestarinya, neng Kajoran dumadya kembanging kidung, wus
kendel dennira maca, kang miyat wus samya mulih. (*)
Prayonipun kamat.
34. Mas Cebolang long lingira, ulun uning Serat Suluk
Hartati, dereng meningi satuhu, ingkang kados punika, sinten
ingkang medharken suraosipun, engger ing saestunira, inggih
Panembahan ngriki.
35. Manthuk-manthuk Mas Cebolang, e lah kados murad
raosnya mathis, kalamung dereng linuhung, sok kaduk
kadhang kirang, sanes ingkang kula aturken ounika, wonten

ciri etang Bangas, lawan etang kang ari.
36. Winastan dinten gesang , dinten sedheng kalawan dinten
lalis, kadiparan etangipun, saweg nembe punika, ulun uning
etangan kadi puniku, ki wisma mesem lingir , SEKAR
Lonthang gumanti.

Sumber : Serat Centhini Jilid III, Pupuh 207 Pangkur.
Yasandalem KGPAA Amengkurat III (Ingkang Sinuwun paku
Buwana V) ing Surakarta.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

Alang Alang Kumitir.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir


6