Soal uts 2 bahasa jawa kelas 6 sd semester genap

PEMERINTAH KABUPATEN REMBANG
DINAS PENDIDIKAN
SEKOLAH DASAR ...........................................................

Alamat : ................................................................................................................

NASKAH SOAL
ULANGAN TENGAH SEMESTER II SEKOLAH DASAR
TAHUN PELAJARAN ....................
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas
: VI ( Enam )
Hari / Tanggal : .......................................

Nama Siswa : .........................................
No. Absen : .........................................
Waktu
: Pukul 10.00 – 11.30 WIB

Wacanen kang premati!
Candhi prambanan punika dumunung wonten ing dhusun prambanan celak wewengkoning Daerah

Istimewa Yogyakarta iring wetan. Prenahipun ing sakilen klaten, kalebet ing wewengkon kabupaten Klaten.
Candhi prambanan ugi katelah nama candhi Roro Jonggrang. Candhi prambanan utawi candhi Roro
Jonggrang punika tilaran kebudayanipun tetiyang ingkang ngrasuk agami Hindu kala jaman kina.
Candhi prambanan utawi candhi Roro Jonggrang punika kedadosan saking candhi ingkang cacahipun
kathah sanget. Candhi-candhi punika dumunung wonten ing plataran ingkang kinupeng pager tembok ing
plataran tengah wonten candhi cacahipun enem larikanipun mangidul. Ing sisih kilen wonten candhi tiga
madhep mangetan. Ing sisih wetan wonten candhi Syiwa. Larikan sisih wetan ingkang tengah nama candhi
Nandhi. Ing salebetipun candhi Nandhi wonten recanipun arupi lembu Nandhi utawi lembu Andini, titihanipun
Bathara Syiwa.
Candhi Syiwa punika ing sukunipun wonten gambar tatahan ingkang mbeberaken cariyos Ramayana.
Wiwit Raden Rama mimpang anggenipun nglebeti sayembara lajeng nampi ganjaran Dewi Sinta, ngantos
dumugi pandemelanipun bendungan ingkang tumuju dhateng nagari Alengka ingkang dipundamel dening bala
wanara.
I . Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, utawa d sangarepe pratelan sing bener!
1. Candhi prambanan uga kawentar kanthi
aran candhi…
a. Sewu
b. Roro jonggrang
c. Syiwa
d. Pramodhawardani

2. Candhi prambanan iku dumuning ing
kabupaten…
a. Klaten
b. Yogyakarta
c. Boyolali
d. semarang
3. Candhi prambanan iku candhine agama…
a. Budha
c. Dinamisme
b. Hindhu
d. Animisme
4. Ing sikile candhi Syiwa ana tatahan carita…
a. Ramayan
b. Perang kembang
c. Baratayuda
d. Roro jonggrang

5. Lembu Nandhi iku titihane bathara…
a. Wisnu
c. Syiwa

b. Narada
d. Indra
6. Nampa tamu kuwi ulate kudu…
a. Mrengut c. Peteng
b. Sumeh

d. Nesu

7. Ulem kuwi kanggo ngabari yen ana…
a. Wong duwe gawe
b. Masalah
c. Karameyan
d. kepaten
8. Raseksa ing carita “ grahana rembulan”
dipanah dening…
a. Bathara Narada
b. Bathara Wisnu
c. Bathara Brahma
d. Bathara Guru


9. Sawise sedina muput mbrengkut nyambut
gawe ana sawah, wengine pak Marto
ngrungokake klenengan karo…marga
ngantuk
a. Angop
c. Theklak-thekluk
b. Turon
d. Turu
10. Kang kaiket dening guru lagu lan guru
wilangan yaiku…
a. Geguritan c. Puisi
b. Macapat
d. Gancaran
11. Mbok bilih cekap semanten atur kaula.
Ukara ing dhuwur sawijining perangane
pidhati yaiku babagan…
a. Pembuka c. Isi
b. Inti
d. Penutup
12. Tembung tabuh ing ukara ngisor iki kang

tegese waktu, yaiku…
a. Kenthongane ditabuh sing ronda
b. Ayo mlakune rada rikat, kae gamelane
wis ditabuh
c. Gonge wis ditabuh kaping telu
d. Putranipun bulik sampun lair watawis
tabuh sanga kala wau
13.

Wacane aksara jawa ing dhuwur yaiku…
a. Mulan maca buku basa jawa
b. Mulan maca bukune sapa
c. Wulan maca buku basa jawa
d. Wulan maca bukune sapa

14. Bondan mlayu-mlayu, banjur nabrak
lawang, untune rampal telu.
Untune rampal tegese…
a. Untune gigis
b. Untune krowok

c. Untune copot
d. Untune cuwil
15. Puntadewa ratu ing…
a. Sawojajar
b. Ngamarto
c. Pringgodani
d. Madukara
16. Bocah enem kuwi aja seneng mbanda
tangan. Mbanda tangan tegese…
a. Wani
c. Kendel
b. Jirih
d. Kesed
17. Serat lelayu iku ngabari Manawa ana…
a. Mantu
b. Wong kesripahan
c. Mitoni
d. Pindhahan

18. Sukmalem respati dianakake wayangan

sewengi natas ing pandhopo kelurahan
yaiku dina…
a. Senin
c. Rebo
b. Selasa
d. Kamis
19. Desi bocah ayu rupane dedege cilik
dhuwur, bangkekane…
a. Nawon kemit
b. Mbongkok semendhe
c. Mblarak sempal
d. Nguler keket
20. Sing dudu tembang macapat…
a. Pangkur
b. Padhang bulan
c. Dandhang gula
d. gambuh
21. Punakawan kang sikile gejig, yaiku…
a. Petruk
c. Gareng

b. Semar
d. Bagong
22. gelang, kalung ali-ali mas inten iku diarani…
a. raja kaya c. Raja pati
b. raja brana d. Raja mala
23. Pak Parmin pancen dawa ususe. Dawa
ususe duwe teges…
a. Alus banget
b. Kasar banget
c. Sabar banget
d. Galak banget
24.

Tuhu ing janji
Lintang-lintang abyor ing tawang
Wengi iki kya padhang rembulan
Langite padhang sumeblak
Atiku padhange kaya wengi iki
Cuplikan geguritan ing dhuwur
nggambarake…

a. Atiku bungah
c. Mau awan
b. Atiku susah
d. Mau bengi

25. Dina iki sepi nyenyet prasasat ora ana sing
micara. Tembung micara tegese…
a. Amrih
c. Teka
b. Omong d. Mara
26. Anggonku mlaku nguler kambang saktitahe
bae. Saktitahe saka tembung…
a. Titah
c. Jangkah
b. Mlangkah d. Lintah
27. Puisi jawa modern diarani…
a. Gancaran c. Kidung
b. Pantun d. Geguritan

28. banjir iku sawijining prastawa kang asring

kedadean ing mangsa…
a. ketiga
c. Rendheng
b. panen
d. Tandur
29. Bangsa Indonesia nalika dijajah Walanda
tansah nandhang…
a. Makmur
c. Sengsara
b. Gemah ripah
d. Mulya
30. Papan sing pekoleh kanggo ngumbulke
layangan, yaiku…
a. Lapangan sing bawera
b. Sawah sing dielebi
c. Dalan sing jembar
d. Taman sing endah
31. Anake pak Karto ora rukun karep tukar
padu, amarga…
a. Pinter-pinter lan prigel nyambut gawe

b. Rumangsa paling pinter lan apik dewe
c. Ora seneng karo sedulur-sedulure
d. Pak Karto judheg ngrasakake pokale

32.

Aksara jawa iki macane…
a. Tirta amerta
b. Tirta anila
c. Tirta maruta
d. Tirta ngamarta
33. Miturut dongeng grahana mbulan kuwi
kedadean saka raseksa sing ngombe…
a. Tirta ngamarta
b. Tirta maruta
c. Tirta amerta
d. Tirta anila
34. Simbah nembe gerah. Gerah kosok
baline…
a. Seneng c. Mriang
b. Gela
d. Saras
35. Wedang bubuk gula tebu, mata ngantuk
jaluk…
a. Bobok
c. Ngantuk
b. Turu
d. Tangi

II . Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo sing mathuk!
1. Bu, kula dipunutus ibu nyaosaken sinjang. Sinjang tegese…
2. Bocah kang laire keri dhewe jenenge…
3. Simbah ngagem tesmak. Tembung tesmak tegese…
4. Kaya macapat nanging ora ana paugerane diarani…
5. Wah, Dita kae senengane keplok ora tombok, tegese…
6. Candhi Borobudur manggon ing Kabupaten…
7. Gamane Baladewa yaiku…
8. Eseme pait madu tegese…
9. Tembang Durma iku saben sapada ana…gatra.
10. Pemalang saka tembung…
III . Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1. Aranana telu wae jinise tembang macapat!
Jawab :
2. Tulisen aksara jawa iki.
Simbah gerah sepuh.
Jawab :
3. Perangane nulis layang ulem iku apa wae?
Jawab :
4. Desa mawa cara Negara mawa tata. Apa tegese?
Jawab :
5. Sapa wae jenenge liya Raden Puntadewa?
Jawab :