SOAL UKK B JAWA KELAS 7 KTSP

SOAL LATIHAN UKK B. JAWA SMP KELAS 7 SESUAI KTSP

www.soalbagus.com

Mata Pelajaran : BAHASA DAERAH

Alokasi Waktu

: 90 menit

Kelas

Hari dan Tanggal

:

: 7 (tujuh)

Juni 2017

Pituduh:

1.
2.
3.
4.

Dedongaa sadurunge nggarap soal
Gatekna lan nut printah ing lembar jawaban kang sumadya
Tliti lan wacanen saben soal kanthi premana sadurunge mangsuli
Laporna menyang pengawas menawa ana tulisan kang kurang jelas, rusak utawa jumlah
soal kurang
5. Garapen ing lembar jawaban kang sumadya migunakake bollpoint/polpen
6. Tliti garapanmu sadurunge diaturake marang pengawas
Pituduh mangsuli soal
Wenehana tanda ping (x) ing aksara a,b, c, utawa d tumrap wangsulan kang paling bener ing
lembar jawaban kang cumawis!
Wacan 1 (no 1 -4)
Sawijining dina Kancil nganakake kembul bojana andrawina, kanca rakete diulemi, dene
minangka tamu kang banget diutamakake yaiku Bango. Sawise adicara diwiwiti banjur tamu
padha dimanggakake kango mangan. Anggone nyuguhi panganan diwadhahi dulang utawa
nampan sawise dimanggakake para tamu padha srupat-sruput mangan sop sing dadi suguhane.

Mung Bango kang suguhane isih wutuh jalaran nduweni cucuk sing dawa lan lancip, bisane
mung nyelupake cucuke sing pucuk. Sawise adicara rampung Bango rumangsa mung diapusi
karo Kancil, dipameri sumupe duduh sop nanging ora bisa ngrasakake. Bango mangkel banget
lan niyat bakal meles marang tumindake Kancil.
Liya dina Bango genti nganake kembul bojana, kancane kabeh diulemi kalebu Kancil.
Panganan kang disuguhake gule daging kang ambune midid gawe kemecere sing padha ngambu.
Suguhane Bango pancen enak emane suguhan iku diwadhahi bumbung, nyebabake Kancil ora
bisa mangan. Kancil banjur kelingan marang tumindake marang Bango nalika ngundang kembul
bojana, banjur rumangsa yen kabeh tumindak mesthi ana piwalese.
1. Crita ing ndhuwur kalebu jenise dongeng ....

a. mithe
c. fabel
b. sage
d. legenda
2. Paraga crita ing dongeng ndhuwur yaiku ....
a. Kancil lan baya
c. Bango lan manuk cabak
b. Kancil lan bango
d. Bango lan baya

3. Bango rumangsa diapusi dening Kancil jalaran ....
a. diundang kembul bojana andrawina
b. sing diundang kewan-kewan saalas
c. disuguhi sop sing panas
d. suguhane diwadhani nampan saengga ora bisa mangan
4. Kedadeyan kang njalari Kancil rumangsa yen kabeh tumindak iku ana pilwalese yaiku ....
a. diundang kembul bojana dening Bango
b. Kancil ora bisa mangan suguhan kang diwadhahi bumbungan
c. Kancil seneng banget disuguhi gule daging

d. Suguhane Bango luwih enak tinimbang suguhane Kancil
5. Crita dongeng kudu diuri-uri jalaran ....
a. ngandhut gambarane pangripta
b. Ngandhut gambarane alam
c. ngandhut gambarane urip
d. ngandhut pitutur luhur
6. Crita dongeng kang isine lucu nanging uga kerep kanggo sesindhiran diarani ....
a. dongeng biasa
b. dongeng kewan
c. dongeng mawa rumus

d. dongeng lelucon
7. Crita rakyat sing gegayutan karo prastawa sejarah lan ana sambung rapete karo sawijine

paraga (tokoh), asal-usule papan utawa panggonan, lan diyakini nate dumadi diarani ....
a. sage
c. legenda
b. mite
d. dongeng
8. Ing ngisor iki sing kalebu tuladhane crita legenda yaiku...
a. Jaka Tarub
b. Serat Kancil
c. Rara Jonggrang
d. Mula Bukane Kutha Surabaya
9. Crita rakyat kang dianggep suci, isine gegayutan karo bab-bab sing aneh (ajaib), paragane

Dewa/Dewi utawa manungsa setengah Dewa sing nduweni kaluwihan, lan diyakini benerbener dumadi diarani ....
a. dongeng
c. legenda
b. mite
d. sage

10. Ing ngisor iki kalebu tuladhane crita mite, kajaba ....

a.
b.
c.
d.

Dewi Sri
Nyai Rara Kidul
Jaka Tarub lan Nawangwulan
Bandhung Bandawasa lan Rara Jonggrang

11. Crita rakyat sing isine ngayawara utawa tanpa kasunyatan, gunane kanggo panglipur utawa

ngisi wektu lodhang diarani ....
a. legenda
b. mite

c. sage
d. dongeng


12. Ing ngisor iki kang kalebu tuladha golongane dongeng lugu yaiku ....

a. Serat Kancil
b. Peksi Glathik

c. Jaka Kendhil
d. Andhe-Andhe Lumut

13. Wektu Bapak mangan aku adus.

Menawa diowahi nganggo basa krama, dadine:
a. Wekdal Bapak mangan kula adus
c. Wekdal Bapak dhahar aku adus
b. Wekdal Bapak dhahar kula siram
d. Wekdal Bapak dhahar kula adus
14. Basa ngoko digunakake kanggo pacelathon ( percakapan ) antarane:
a. Bocah marang wong tuwa
c. Bocah marag sapepadha
b. Bocah marag kakange

d. Bocah marang gurue
15. Bapak kaliyan ibu tindak dhateng Jember nitih sepur.
Tembung nitih menawa diowahi nganggo basa ngoko dadi:
a. Nunut
b. Numpak

c. karo
d. narik

16. Basa ngoko sing kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak

guneman diarani basa ....
a. ngoko lugu
b. ngoko alus

c. krama lugu
d. krama alus

17. Basa ngoko alus prayogane digunakake tumrap kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba ....


a.
b.
c.
d.

anak marang bapak lan ibune
sedulur enom marang sedulur tuwa
wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajade luwih dhuwur
ibu marang bapak sing wis ngoko-ngokoan (amarga wis kulina)

18. Basa krama alus prayogane digunakake tumrap kaya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba ....

a.
b.
c.
d.

anak marang bapak/ibune
putu marang eyang/simbahe
murid marang gurune

bapak/ibu marang anak

19. Kowe dhek wingi lunga menyang ngendi?

Ukara nganggo basa ngoko lugu kasebut manawa disalin nganggo basa ngoko alus dadi ....
a. Panjenengan dhek wingi tindak menyang ngendi?
b. Sampeyan kala wingi kesah teng pundi?
c. Sampeyan kala wingi tindak dhateng pundi?
d. Panjenengan kala wingi tindak dateng pundi?
20. Kowe apa duwe dhuwit? Ukara kasebut Manawa disalin nagnggo basa karma alus dadi ….

a.
b.
c.
d.

Sampeyan napa gadhah yatra?
Ndika napa gadhah arta?
Panjenengan apa gangungan dhuwit?
Panjenengan punapa kagungan arta?


21. Puisi Jawa gagrag anyar sing ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, nanging

isih ngugemi anane rasa kaendahan diarani ....
a. geguritan
c. tembang
b. parikan
d. purwakanthi
22. Endahing geguritan dumunung ing bab-bab ing ngisor iki, kajaba ....

a.
b.
c.
d.

pilihane tetembungan sing mentes, trep, lan mantesi
nggunakake wirama utawa lagune
busanane basa kang maneka warna
paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune


23. Supaya bisa maca geguritan kanthi becik, bab-bab sing kudu digatekake kaya kang kasebut

ing ngisor iki, kajaba ....
a. ora perlu mangerteni lan mahami maknane geguritan
b. mangerteni isi lan karepe geguritan kasebut, banjur dirasakake
c. kudu nggatekake pocapan lan wiramane
d. bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep
24. Kowe apa sida lunga menyang Lamongan? Ukara kasebut yen didadekake basa ngoko alus

yaiku ….
a. Sampeyan apa sida kesah menyang Lamongan?
b. Panjenengan apa sida tindak menyang Lamongan?
c. Sampeyan punapa siyos kesah dhateng Lamongan?
d. Panjenengan punapa siyos tindak dhateng Lamongan?

25. Aku dikongkon ibu mangan saiki. Ukara ngoko lugu kasebut yen disalin ing basa krama

alus dadi ….
a. Kula dikengken ibu nedha sakniki
b. Kula didhawuhi ibu dhahar sakniki.
c. Kula dipunutus ibu maem sakniki
d. Kula dipundhawuhi ibu nedha sakniki.

Wacan soal no 26-30
Hutan Kota Minangka Paru-parune Metropolis
Kutha metropolis mujudake kutha gedhe panggonane maewu-ewu uwong padha ngumpul,
padha dedunung lan nyambut gawe. Kutha ngono wiwit kuna wis ana, ora ketang mung kutha
cilik. Sateruse kaya sing dicritakake dhalang, gegriya jejel-riyel, gandheng-renteng, tepung
taritis, papan wiyar katingal rupak saking raharjaning nagari. Lan yen wis tansaya gedhe maneh
sing dedunung bisa mayuta-yuta.
Surabaya dikondhangake minangka kutha metropolis nomer loro sabubare Jakarta uga
sinebut kutha indamardi , yaiku cekakan saka industri, dagang, maritim, lan pendidikan. Bab
kemakmuran sing dadi gegayuhan, sing wis kerep kanggo umuk-umukan, kaline wae mas,
pelabuhane
perak, semut-semute duwe stasiun. Kuthane tansaya amba kasengkuyung
pambangunan gedhung-gedhung tansaya akeh lan tlatah sing didadekake kompleks perumahan
uga tansaya mrentek.
Kadidene kutha gedhe, Surabaya ngalami maneka warna problem penataan lingkungan, ing
antarane: pengelolaan pasar kembang lan pujasera ing Kayun, nasibe Kebun Binatang Surabaya
(KBS), taman-taman kota lan hutan kota, Bab taman kota lan hutan kota wiwit taun 1992 wis
tau dikumandhangake kanthi program gerakan sejuta pohon. Banjur kasusul program hutan
kota. Kanthi program-program mau bisa kita deleng, pira cacahe wit-witan sing ditandur
temenan, sing bisa urip lan saiki kena kanggo eyup-eyupan iku pira, mesthi wae angel anggone
ngetung siji-siji.
26. Kutha gedhe panggonane maewu-ewu uwong padha ngumpul, padha

dedunung lan nyambut gawe diarani kutha ....
a. megapolitan
c. metropolis
b. highpolitan
d. ekstrapolitan
27. Surabaya dikondhangake minangka kutha metropolis nomor ....

sa-Indonesia.
a. siji.
b. loro

c. telu
d. papat

28. Surabaya uga sinebut kutha indamardi krana ing Surabaya ngembangake

bidang ...., kejaba:
a. industri
b. pendidikan

c. perdagangan
d. informasi

29. Surabaya ngalami maneka warna problem penataan lingkungan, ing

antarane ....
a. kobonge pasar Turi
b. taman lan hutan kota

c. numpuke uwuh ing ngendi-endi
d. regede kali dening sampah

30. Kahananing KBS saiki uga mrihatinake ing babagan ....

a.
b.
c.
d.

wragad kanggo ngopeni kewan koleksine
upaya nglestarekake kewan-kewan langka
susute kewan koleksi KBS
kurange pengunjung KBS

31. Jagone wis mangan. Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa sing bener yaiku ….

a.

.

b.

c.

d.

.

32.

Ukara mawa tulisan aksara Jawa kasebut yen disalin ing aksara latin dadi …..
a. Slamet ora bisa lungguh
b. Slamet seneng lungguh
c. Slamet golek mlaku.
d. Slamet ora bias sluku
33. Tembung mawa ater-ater anuswara mbalang, yen ditulis ing aksara Jawa

a.

.

b.

c.

d.

34.

Tulisan aksara Jawa kasebut yen ditulis ing aksara Latin yaiku ….
a. ndomblong
c . ndableg
b. ndhalang
d. ndlewer
35. Ana angin gedhe. Panulise nganggo aksara Jawa kang bener yaiku ....

a.

b.

c.

d.
36. Wujude ater-ater anuswara yaiku ....

a. dak-kok-di
b. Sa-,pa-, pi-, pra-

yaiku ….

c. Kuma-,kami-, kapi,d. m, n, ny, ng
37. Budi mau ditimbali gurune.
Ukara iki nganggo basa apa?
a. Ngoko lugu
b. Ngoko alus

c.
d.

Krama lugu
Krama alur

38. Maca kang ngutamakake kecepetan lan uga mentingake pemahaman wacan diarani ....

a. maca ekspresi
c. maca intensif
b. maca batin
d. maca cepet
39. Kecepetane wong maca ana kaitane karo bab ing ngisor iki kajaba ....
a. tujuwane maca
c. gampange maca
b. keperluwane maca
d. bahan sing diwaca
40. Aku .... bapak mundhutake rokok ing toko ngarep omah.
Jangkepe ukara ing ndhuwur yaiku ....
a. Dikongkon
c. didhawuhi
b. diutus
d. dikengken
41. Ibu lagi wae sare.
Ukarane migunakake ....
a. basa ngoko lugu
c. basa krama lugu
b. basa ngoko alus
d. basa krama alus
42. Panjenengan punapa siyos .... dhateng Banyuwangi?

Jangkepane ukara ing ndhuwur yaiku ....
a. lunga
c. tindak
b. kesah
d. Mlampah
43. Ukara ing soal no 42 migunakake basa ....

a. basa ngoko lugu
b. basa ngoko alus

c. basa krama lugu
d. basa krama alus

44. Tuladha kang trep basa kang trep wong tuwa marang wong enom yaiku ....

a.
b.
c.
d.

Le, kula pundhutaken buku.
Nak, nyuwun tulung dipunastakaken kertas
Nduk, tulung gawanen mrene kuwi!
Panjenengan sampun dhahar nak!

45. Kowe mau numpak apa? Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa krama andhap/alu dadi ....

a.
b.
c.
d.

Panjenengan wau numpak napa?
Panjenengan kala wau nitih punapa?
Sampeyan wau nitih punapa?
Sampeyan kalawau nitih punapa?
dipasangi) yaiku ….
c. ha sa pa
d. ha pa ya

46. Pasangan aksara Jawa kang sejajar( jejer karo aksara kang

a. ha, sa, nga

b. sa, pa, ja

47.

Sandhangan swara kang ora digunakake ing ukara kasebut yaiku:
a. suku
c. taleng tarung
b. wulu
d. pepet
48. Sastra jawa iku edi

Panulise jawa kang bener yaiku:

a.

c.

b.

d.

49.

Menawa diowahi nganggo aksara latin unine:
a. aku kerungu suwara gendhing
c. aku krungu swara gendhing
b. aku kerungu swra genghing
d. aku krungu suwara gendhing
50.

Karo wagiman wedhuse…….
a. dibonceng
b. dibeleh

c. ditaleni
d. dihelemi