SULUK BAKA

AAK culture library

Kinanthi
Kinanthi ingkang winuwus, wontên baka luwih adi, lir wali
angundang dhalang, sapari polahing ringgit, sayêkti saking
dhêdhalang, lan sapangucaping ringgit.

Saking dhêdhalang puniku, solah pangucapirèki, Ki Dhalang
pan wujud Baka, upama dhalang lan ringgit, lir kawula lan Kang
Murba, sayêkti silih sinilih.

Tan ana kêkalihipun, lamun tan silih sinilih, wayange lawan
Kang Murba, mangkana kawula Gusti, tan nyata ing kalihira,
lamun tan silih sinilih.

!
Ya Allah kalawan rasul, kadi dhalang lawan ringgit, Allah
kang mangka dhêdhalang, rasul kang upama ringgit, ringgit
kalawan ki dhalang, tansah asilih sinilih.

"


#

Poma sira aja korup, mring pamisahing kêkalih, dhalang
dhalang wayang wayang, kawula kawula pasthi, gusti gusti lah
panggihna, [nanging] kawruhana sami.

$

AAK culture library

1

AAK culture library

!

%

Ing pasthining kawulèku, yèn padudon tampaning sih, ing

padune iku iya, tan ana Mukhamad tunggil, iya Gusti ya kawula,
iya ulun iya dasih.
&
'

$

!

Pasthi nora kêna iku, ana dene tampaning sih, ya dening tan
kêna pisah, lawan kawruhana malih, pasthi sakèhing kawula,
minallahi mangallahi.
(

)

$
)

&

*

%
Lan malihe lillulahu, têgêse kawula iki, anane saking
pangeran,
sarta
pangeranirèki,
lan
kawula
iku
iya,
wêwayanganing Hyang Widdhi.
*%
(
#
Wayangan lawan suksmèku, iku panggihêna nuli, poma sira
dipunawas, lir ngangsu pikulan warih, lan ngambil gêni dêdamar,
kodhok angêmul lèngnèki.
+


,

(

) )
Lan warangka manjing dhuwung, parahu amot jaladri, kuda
ngêrap ing pandêngan, kalawan gêgêring mimis, tapaking kontul
anglayang, pambarêp adhining wragil.

AAK culture library

2

AAK culture library

&
Lan tambining pucang iku, siti pinêndhêm ing bumi, lan
banyu kinum ing toya, lumpuh angidêri bumi, cebol anggayuh
ngakasa, kang wuta atuduh margi.
) )

.

)

/

Bisu amungkasi padu, srêngenge pine lan malih, ingkang
pawaka binakar, walanjar durung alaki, randha manak bêranaan,
sajatine maksih sunthi.
/

'
&
+

&
,

Parawan nusoni iku, lan taksih ing priyanèki, atine kang
wuluh wungwang, sawung kaluruk sajroning, turu lan wêkasan

benjang, jatining lanang lan èstri.
)
) )
*

Jatining kawula iku, lawan sajatining Gusti, jatining ringgit
lan dhalang, ana gusti andêdasih, kèngkèn duk lagya dinuta,
kawula dèn kawulani.
!

Wontên punang madhêp ngidul, duk madhêp ngalèr lan
malih, wontên ingkang madhêp ngetan, duk madhêp mangilèn
tuwin, wontên kang madhêp mangandhap, duk lagya madhêp
manginggil.

AAK culture library

3

AAK culture library


Gutuk êlor kêna kidul, gutuk kidul lor kang kêni, gutuk
kulon kêna wetan, gutuk wetan kulon kêni, gutuk pribadi kênèng
lyan, gutuk lyan kêna pribadi.
'

'
'

'
'

)

'

)

Wontên nalikane sêpuh, duk lagya anomirèki, wontên anom
duk ing tuwa, irêng nalikane putih, lawan katon kang kalingan,

wêkasan lagi awiwit.
'
(
*
Angèdhèng anèng garumbul, adhedhe sajroning warih, silulup
anèng dharatan, lêlungan nalika prapti, singêdan anèng
pêpadhang, lanang nalikane èstri.
*

'

Ěstri nalika priyèku, heh sagung kang ahli buddhi,
grahitanên iku padha, poma dèn kongsi kapanggih, pan iku
sasmitanira, janma kang punjul sasami.
#

*

(
+


,

*

(

Lamun sira nora wêruh, takona janma kang luwih, ingkang
wus ngarip ing Kuran, ngungsêda dèn kongsi olih, aja wêdi dening
guna, jêr pakewuh ujar iki.
&

)
0
+

,

AAK culture library


1
&

4

AAK culture library

Pan akèh kang tiba luput, ragane dèndalih jati, marmane kèh
tibèng sasar, poma gurokna sayêkti, tunggaling gusti kawula, lan
roro roroning tunggil.
)

"

/

)
*

!


Tunggil tunggale sawujud, wujuding kawula Gusti, lan
sampurnaning panêmbah, poma dènatèki tèki, dèn rampung
paningalira, aywa katungkul sirèki.
#

!

&
Dening wujud tunggal iku, mukhayat wujudirèki, apan iku
wêwujudan, tan ana towangirèki, saprênah prayoganira, tan
ketang gon ala bêcik.
/

#

Mmêngkono pambêkanipun, yèn manusa kang wus ngarip,
tan na etang kiri kanan, tan narèntèng tan naricik, datan ing wuri
tan ngarsa, miwah ing ngandhap lan nginggil.

Adoh parêk ika iku, iki nora dene tangi, ingakên sadayanira,
iku tingaling kang luwih, kang satêngah agênturan, wênèh
kapapaging margi.
&
2

AAK culture library

2

-

5

AAK culture library

Wênèh ingkang kapidulu, sawênèh wênèh ingkang ling,
sawênèh ana kang kocap, sawênèh ana tutwuri, iku kabèh
kawruhana, basa kapapag kapering.

Lan malih poma dèn wêruh, rampunge dhalang lan ringgit,
rampung ing Gusti kawula, dhalang pan nyata ing ringgit, ringgit
pan nyata ing dhalang, kawula nyata ing Gusti.

!
!
Gusti nyata kawulèku, êndi dhalang êndi ringgit, êndi Gusti
di kawula, wruha pisah kumpulnèki, lan sapa kang aran dhalang,
lan sapa kang aran ringgit.
!
!

'

Roh ngakal kalawan ênur, iku dènarani ringgit, pan iku
wayang ilapat, kanapi aranirèki, dudu sajatining wayang, pan
wêwayangan sayêkti.
")

2
+

,

*
$
Dening kang cupêt ing kawruh, iku dènarani ringgit, wujud
kak ingaran dhalang, kawruh wong kang durung ngarip, pasthine
iku nanging ta, wontên undhakipun malih.
/

)

'
3

)

AAK culture library

4
'

6

AAK culture library

Sajatining dhalang iku, lawan sajatining ringgit, pan
kapanggih ing panunggal, ira kawula lan Gusti, ing kono dipun
waspada, marang wirasaning wangsit.

!
*

Dèn kacipta sasmitèku, yèn wus tan ngulati malih, katêmu
nèng sêla sêla, sajatine kang pinurih, kang micara pinicara, kang
dènrasani ngrasani.
)*

)

&

*

Kang dinulu kang andulu, kang ngulati dènulati, iku
pancasing wicara, tan ana wirasan malih, yaiku rahsaning rahsa,
surahsa rahsa sajati.
2

Rasanên rahsa kang mungguh, ing rahsanira pribadi, kang
sarta lawan pitêdah, ing guru kang sampun ngarip, dadi tan
katêlanjukan, rampunging dhalang lan ringgit.
"
'

Aja sira mangu mangu, idhêpmu aja sak sêrik, aja mêksih
amêmitra, lan aja sarupa mêksih, dadi bakal yèn mangkana,
têmah kapiran sirèki.
&
,

+
+

AAK culture library

*
,

+
+

,

, &

7

AAK culture library

Jêr kang satêngah wong iku, jajah desa milangkori, dèn
bêbanjar mrana mrana, nora wêruh yèn tutwuri, pan balolokên
kêwala, walang wrêksa kang lar wilis.
)
*
+
,
Tan buh pinangeran iku, kang konang gung angayêngi, aja
mangmang ing pangeran, kang nyata asih ing dasih, ing sarira
dènpungsênga, iku kang mangka gêgênti.

&

*

*%

*

2
Sayêkti paesan wujud, wujud tunggal tan kêkalih, apan nora
kêna pisah, ing kono goning ngawruhi, wit ning kang tan wruh
kadohan, sarirane dènsinggahi.
%
)

) )

Den dalih pisaha iku, prandening yèn paningaling, wong kang
makripat, tan ketang jaba jero ngarep wuri, ngandhap nginggil
ana ora, brastha tan nganggo pinrinci.
&
)

1

$
"

Datan andulu dinulu, panêmbahe tan sarênti, alanggêng ing
ananira, gumêlêng ing jagad, lwirning dumadi pan kalimputan,
sêmbah sinêmbah pribadi.
'

$
'

AAK culture library

8

AAK culture library

Ing makrup sampurnanipun, marmane datan kaèksi,
kalimput kandhih ing tunggal, tunggal tunggaling sawiji, yaiku
sêgara mulya, pan sakèhing para nabi.
/

)
)

(

5

. Wali mukmin ngulamèku, samya wuta bisu tuli, lumpuh
suwung tanpa solah, lir sêkar pangambunèki, jêr kalimput
raganira, kandhih dening Dzat Sajati.
#

$

$
$
)

6

Pan kadya duk noranipun, iku sajatining dasih, apan nora
kadariyah, nora kajabariyahi, tan amuji tan anêmbah, pan kang
muji kang pinuji.
)
2

+'

,

*

Mung sinilih bae iku, dening ta obahing dasih, dudu obahe
priyangga, sayêkti obahing Gusti, Gusti tan obah priyangga,
Lamun tan nilih ing dasih.
(

/
%

!

&
nanging tunggal tan ro wujud, yèn roro lir makdum sarpin,
lan Malih kawikanana, kawula tan dadi Gusti, iku tingaling
sarengat, dening sampurnaning puji.
&
!

2

/
Datan andulu dinulu, swuh brastha papan lan tulis, apan
wus rasa Pangeran, ywa kapêcan dening tampi, wadine nênggih
tan pisah, dening tan ana pribadi.

AAK culture library

9

AAK culture library

&
)
+

,

+

, )

Anane lan noranipun, tan sinêdya ananèki, dinadèkkên
dening suksma, mapan kinarya gagênti, lan kinarya sêksining
Dzat, Sipat Asma Apngal nênggih.
)
$
6

1

Yèn langgênge tan sakuthu, tur wimbuh purba sirèki,
Mahasuci ananira, tanpa lawan timbangnèki, jumênêng lan
dhèwèkira, wus nora samar sayêkti.
&

'
*

AAK culture library

10