ULANGAN SEMESTER GENAP Tahun Pelajaran 20112012

  MAJELIS PENDIDIKAN DASAR DAN MENENGAH MUHAMMADIYAH

SMP MUHAMMADIYAH 4 GURAH

  Jl. Masjid No. 105 Kerkep Telp (0354) 545994 Gurah – Kediri

ULANGAN SEMESTER GENAP

  

Tahun Pelajaran 2011/2012

  Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/tanggal : Kelas : VII (Tujuh) Waktu : 120 menit

  A. Pilihen salah siji jawaban sing kokanggep paling bener! “Din.....Sodiin...ayo bali!” ambengoke Robi marang Sodin kang isih ngulur – ulur layangane.

  Walahhh..... kosik ta...!” Sodin saya ndhuwurake layangane kang glelang – gleleng ana awang – awang sajak ngece. “Gage ta Din... wis arep surup lo.....” pangajake Robi mbaleni. Sodin ora ngrewes. Sodin sangsaya kesengsem nyawang layangane kang megal – megol ing langit. Apa maneh ndeleng langite kang padhang sumilak. Senajang wis ngadhepi surup ora dirasa babar blas. Ora maido pancen layangane Sodin isih anyar dhasar wangune kaya manuk iber. Templekane kresek rupa abang najan luronan nanging padhang sinawang. Buntutane klewer – klewer.

  1. Ganeya Robi ngajak Sodin bali menyang omah?

  a. Amarga angine banter

  c. Amarga wis meh surup

  b. Amarga wis meh sore

  d. Amarga langite padhang

  2. Saka pethikan crita ing ndhuwur, kepriye watake Robi?

  a. Setya marang kanca

  c. Nggatekake marang kanca

  b. Nyepelekake kanca

  d. Ora nggatekake kanca 3. Watake Sodin saka crita ing ndhuwur yaiku .....

  a. Manut

  b. Keset

  c. Sregep

  d. Ndableg 4. Amanat kang bisa dijupuk saka pethikan crita ing ndhuwur yaiku .....

  a. Dadi bocah lanang kudu seneng layangan

  b. Dadi bocah lanang kudu seneng dolan

  c. Yen dolan wis wayah surup kudu enggal bali

  d. Yen dolan becike ora ngerti wayah utawa wektu

  5. Kanthi nggembleng muride nganggo ngelmu – ngelmu ireng, kanthi ora langsung Besari bakal nyitak paraga – paraga kang tembene bakal gawe kapitunane wong akeh. Tembung ngelmu – gelmu ireng ing ukara ndhuwur kalebu tembung entar kang ateges.....

  a. Ngelmu kang rupane ireng

  c. Ngelmu kanggo tumindak ala

  b. Ngelmu kanggo kabecikan

  d. Ngelmu kanggo tumindak apik

  6. Dheweke nyendhekake gegere karo nyoba nyirep atine sing kebrongot. Tembung entar nyirep atine ig ukara ndhuwur nduweni teges .....

  a. Ngleremake atine

  c. Gawe senenge ati

  b. Nambahi nesune ati

  d. Gawe gelane ati

  7. Playune jaran mula tanpa mandheg tumoleh, wigatining sedya Ki Patih daya – daya tumekan papan kang tinuju. Tembung kang oleh seselan –um ing ukara kasebut yaiku .....

  a. Mula

  b. Tumoleh

  c. Mandheg

  d. Wigatining 8. Tembung kang oleh seselan –in ing ukara kasebut yaiku .....

  a. Tumoleh

  b. Wigatining

  c. Ki Patih

  d. Tinuju 9. Majalah Jaya Baya iki wis dakwaca. Ater – ater dak ing tembung dakwaca kalebu .....

  a. Utama purusa

  c. Pratama purusa

  b. Madyama purusa

  d. Anuswara 10. Kang kalebu tuladhane ater – ater pratama purusa yaiku .....

  11. Tatune arang kranjang. Sanepa kasebut nduweni teges.....

  a. Tatune kaya kranjang

  c. Tetune sethithik banget

  b. Tatune arang banget

  d. Tatune akeh banget 12. Lembeyane kaya ..... Tembung kang trep kanggo njangkepi pepindhan kasebut .....

  a. Macan luwe

  c. Rembulan karainan

  b. Mblarak sempal

  d. Cina craiki 13. Paribasan kuncung nganti gelung nduweni teges .....

  a. Wiwit kanggo kuncung nganti gelungan

  c. Wiwit cilik nganti tuwa

  b. Wiwit seneng kuncungan lan gelungan

  d. Wiwit tuwa nganti enom 14. Wong kang rebutan barang sepele bebasane kang trep yaiku .....

  a. Sedhakep ngawe – awe

  c. Nabok nyilih tangan

  b. Nyangoni kawula minggat

  d. Madu balung tanpa isi 15. Saloka kang trep kanggo wong kang kumudu – kudu dijaluki warah yaiku .....

  a. Timun mungsuh duren

  c. Emprit abuntut bedhug

  b. Bathok bolu isi madu

  d. Sumur lumaku tinimba

  16. Tembung loro utawa luwih kang padha utawa meh padha tegese dianggo bebarengan kanggo mbangetake diarani tembung .....

  a. Lingga

  b. Andhahan

  c. Saroja

  d. Entar 17. Gandhes ...... Tembung kang trep kanggo njangkepi tembung saroja kasebut yaiku .....

  a. Wangi

  b. Luwes

  c. Pratikel

  d. Jempalik

  18. Wong busuk ketekuk, wong pinter keblinger. Unen – unen kasebut kalebu jinising purwakanthi .....

  a. Swara

  b. Sastra

  c. Basa

  d. Lumaksita

  19. Kekudanganku marang kowe klakona mengku kamulyan. Unen – unen kasebut kalebu jinising purwakanthi .....

  a. Swara

  b. Sastra

  c. Basa

  d. Lumaksita 20. Kang kalebu tuladhane purwakanthi basa yaiku ....

  a. Greka puspa, puspa nedheng mbabar ganda

  b. Guru sugih kawegigan gigunu kabeh guneme

  c. Jarene kepengen maju, lha kok jebul wegah sinau

  d. Ati jujur, pantes dadi wong dhuwur 21. Kang kalebu tuladhane purwakanthi sastra yaiku .....

  a. Greka puspa, puspa nedheng mbabar ganda

  b. Guru sugih kawegigan gigunu kabeh guneme

  c. Jarene kepengen maju, lha kok jebul wegah sinau

  d. Ati jujur, pantes dadi wong dhuwur

  22. Wong kang awatak sareh, guneme sumeh, adate mitrane akeh. Unen – unen kasebut kang runtut swara .....

  a. Reh, meh, keh

  c. Eh, eh, eh

  b. Sareh, sumeh, akeh

  d. Reh, eh, keh 23. Ing ngisor iki kang ora kalebu syarat – syarat parikan yaiku .....

  a. Kedadeyan saka rong ukara

  b. Dhapukaning ukara nganggo purwakanthi guru swara

  c. Ukara kapisan pambuka, ukara kapindho wose utawa isine

  d. Ukara kapisan lan kapindho kudu ana sambung rapete

  24. Wit kecipir, mrambat kawat Ora mampir, angger liwat Parikan ing dhuwur kedadean saka ......

  a. 4 wanda + 4 wanda

  c. 4 wanda + 8 wanda

  b. 4 wanda + 6 wanda

  d. 4 wanda + 12 wanda

  25. Pitik walik, tanpa lancur Pangkat cilik, .....

  Tembung kang trep kanggo njangkepi perikan kasebut yaiku .....

  a. Bayar sithik

  c. Angger gemi

  b. Arang nganggur

  d. Kudu sregep 26. Tulisan Jawa ing ngisor iki kang migunakake sandhangan swara yaiku .....

  a. c. [ m [ p l ur h

  b. b l

  d. [ k ]s 27. Tulisan Jawa ing ngisor iki kang migunakake sandhangan panyigeg yaiku .....

  a. [ m [ p

  c. l ur h

  b. b l

  d. [ k ]s 28. Sandhangan aksara Jawa ing ngisor iki ding diarani sandhangan swara yaiku .....

  a.

  c. i, e , [ [ , o , h

  b. [ , / , =

  d. , h e 29. Kang kalebu sandhangan panyigeg yaiku .....

  a. \

  b. [ .......o

  c. e

  d. ....... ] 30. Tulisan Jawa ing ngisor iki kang migunakake sandangan wyanjana yaiku .....

  a. [ m [ p

  c. l ur h

  b. b l

  d. [ k ]s 31. Tulisan Jawa ing ngisor iki kang migunakake aksara legena yaiku .....

  a. [ m [ p

  c. l ur h

  b. b l

  d. [ k ]s 32. a n b p = /v im P = a n c t /P um u= k uR / Tulisan latine ..... R

  a. ana pang nyimpang ana catur mungkur

  c. ana pang nyimpang ana satur mungkur

  b. ana bapang nyimpang ana catur mungkur

  d. ana bapang nyimpang ana satur mungkur 33. a j in i= r g a i= b us n . Tulisan latine .....

  a. ajining raga ing wusana

  c. ajining raga ing ngusana

  b. ajining raga ana ing wusana

  d. ajining raga ana ing busana 34. Miturut sejarahe, aksara Jawa sing cacahe ana 20 iku sing nyiptakake.....

  a. Ranggawarsita

  c. Aji Saka

  b. Paku Buwana

  d. Dora lan Sembada

  35. Panulise aksara Jawa ing ngisor iki sig bener lan ukarane kena diwaca yaiku .....

  a. ? s p s i= [ a oq v m k k uf uw n i[ q o[ l h.

  b. ? s up y m e n = [ k o[ w k uf u[ m l uk [ r oa k u.

  c. ? k b /s i= f v z f uk u= s q p f uk u= k e f l uw /n .

  d. ? m r = s p d p d c d g u[ q s e n e s /t t e = t ul u= .

  36. Sapi, pithik, wedhhus, macan lan gajah iku kalebu bangsane .....

  a. b l [ d [ w

  c. m n u= s b.

  d. [ k w n \ b l p e c h 37. ? [ k o[ w s up y b is m j uk uf us e n e ......... = b uk u.

  a. t w

  c. r s

  b. m c

  d. n t 38. ? m e n w [ k o[ w a g is r [ k ol h[ a or k e n z = [ g os r u= n z i= k uf uz = [ g os ]g m \ .

  Katrangan sing palig cocog dhedhasar tulisan dhuwur yaiku .....

  a. Bocah sekolah kuwi duwe kewajiban sinau

  b. Menawa wis mulih sekolah kudu ganti sarung

  c. Bocah sekolah kuwi ora oleh nganggo sarung

  d. Sragam sekolahku digawe saka kain sarung

  39. Bapak : Ngene, ing Jakarta umpamane. Kanggo ngurangi pemakaian kendaraan pribadi, nerapake program 3 in 1.

  Toni : Nanging asile durung maksimal, kabare. Bapak : Bener, nanging paling ora senajan sithik wis ana solusi. Lha yen ing Singapura seje maneh.

  Ibu : Sejene piye, Pak? Bapak : Kanggo ngurangi padhete kendharaan pribadhi, kanthi mbatesi kendharaan – kendharaan pribadhi mau ing wilayah tertamtu supaya mbayar. Gek larang Saka pethika pacelathon ing ndhuwur, kanggo ngurangi pemakaian kendaraan pribadi, kebijakan apa kang ditrapake ing Jakarta? a. Yen lunga kudu numpak kendaraan umum

  c. Nerapake program 3 in 1

  b. Yen kerja kudu numpak kendaraan mobil

  d. Nerapake program ngirit BBM

  40. Kepriye carane mbatesi kendaraan pribadi ing Singapura?

  a. Yen kerja ora oleh numpak kendaraan pribadi

  b. Ing wilayah tartamtu kendaraan pribadi kudu mbayar larang

  c. Ing wilayah tartamtu kendaraan pribadi ora kudu mbayar

  d. Wong sing tuku kendaraan pribadi diwatesi jumlahe 41. Basa Jawa kang isih asli, murni, bares, tumemen, lan apa anane diarani basa ......

  a. Ngoko lugu

  b. Krama lugu

  c. Ngoko alus

  d. Krama alus 42. Basa sing nggunakake tembung ngoko kabeh ora kecampuran krama inggil diarani basa.....

  a. Ngoko lugu

  b. Krama lugu

  c. Ngoko alus

  d. Krama alus

  43. Basa sing watake raket banget lan alus sarta ngajeni banget marang wong sing diajak guneman jalaran nggunakake tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman lan wong sing dicritakake diarani basa .....

  44. Ing ngisor iki sing kalebu wujud lan wewatone tembung basa Jawa ngoko alus yaiku .....

  a. Tembung ngoko sing magepokan karo kewan, wit – witan lan barang, yen ana tembunge krama inggil kudu diganti nganggo tembung krama inggil.

  b. Tembung sing magepokan karo dhiri pribadi, yen ana tembunge krama inggil kudu diganti nganggo tembung krama inggil.

  c. Tembung sing dienggo ngurmati wong sing diajak guneman, yen ora ana tembunge krama inggil kudu diganti nganggo tembung krama lugu.

  d. Tembung sing magepokan karo dhiri pribadi, senajan ana krama inggile tetep nggunakake tembung ngoko, ora oleh dikramakake inggil.

  45. Ing ngisor iki sing kalebu wujud lan wewatone tembung basa Jawa ngoko lugu yaiku .....

  a. Tembung ngoko sing digunakake kasar lan saru

  b. Tembung sing digunakake bisa nggunakake dhialek

  c. Tembung ngoko sing digunakake umum lan baku d. Tembunge ngoko, ater – ater lan panambang dikramakake.

  46. Ukara – ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa ngoko lugu yaiku .....

  a. Aku esuk mau ditimbali pak Joko menyang kantor

  b. Dhuwit olehe maringi bapak wingi saiki wis entek

  c. Adhikku ora gelem adus yen ora nganggo banyu anget

  d. Kulo boten saged tumut amargi boten gadhah sangu

  47. Gatekna pethilan crita ing ngisor iki! Mbah Wongso anggone dhahar katon dhokoh nyenengake tenan. Mula ora mokal senajan wis sepuh isih katon gagah. Amarga olahragane macul ora tau leren lan dhahare ya akeh tenan. Bar dhahar terus ngunjuk benteran ginastei kalajengaken udud. Kesenengan sing keri kuwi jan – jane wis dilarang dening anake wadon.

  Andharan ing ngisor iki sing isine cocog karo pethilan crita ing ndhuwur yaiku .....

  a. Mbah Wongso saiki awake lara – laranan

  b. Mbah Wongso wis ora digatekake anake

  c. Mbah Wongso wis ora kuwat nyambut gawe

  d. Mbah Wongso senajan sepuh tapi sehat

  48. Tataran basa sing digunakake ing pasrawungan kang nuduhake watak ngajeni nanging kurang alus tumrap wong sing diajak guneman diarani basa .....

  a. Ngoko lugu

  b. Ngoko alus

  c. Krama lugu

  d. Krama alus

  49. Kanggo rembugan antarane wong kang padha ngajeni banget, umpamane wong sing drajate kurang luwih padha, padha dene ngajeni/ngurmati banget amarga durung pada kulina nggunakake basa.....

  a. Ngoko lugu

  b. Ngoko alus

  c. Krama lugu

  d. Krama alus

  50. Nuwun sewu pak lurah, anggen kula sowan ngriki kalawau badhe.....datheng panjenengan bilih mbenjing dhusun ngriki badhe.....tamu saking kabupaten.

  a. Maringi pirsa, kedhatengan

  c. Ngaturi pirsa, kedhatengan

  b. Maringi pirsa, kerawuhan

  d. Ngaturi pirsa, kerawuhan

  MAJELIS PENDIDIKAN DASAR DAN MENENGAH MUHAMMADIYAH

SMP MUHAMMADIYAH 4 GURAH

  Jl. Masjid No. 105 Kerkep Telp (0354) 545994 Gurah – Kediri

ULANGAN SEMESTER GENAP

  

Tahun Pelajaran 2011/2012

  Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari/tanggal : Kelas : VIII (Delapan) Waktu : 120 menit

  Pilihen jawaban siji sing bener! 1. Cerkak yaiku .....

  a. Gancaran sing ngandarake kadadeyan saka wiwitan nganti pungkasan kanthi cekak wae

  b. Gancaran sing ngandarake kadadeyan wiwitan nganti pungkasan isine kang bab nyitakake pawayangan c. Gancaran sing ngandarake kadadeyan saka wiwitan nganti pungkasan ananging ana sambungane maneh d. Gancaran sing ngandarake kadadeyan saka wiwitan nganti pungkasan kang gunakake 2 alur utawa luwih

  2. Apa tegese uderan iku .....

  a. lakon ing crita

  c. amanat ing crita

  b. tema crita

  d. watak lakon 3. Ing ngisor iki kalebu bebakale cerkak (unsur instrinsik) kajaba .....

  a. Underan

  c. riayate pangripta

  b. Amanat

  d. Padunung lan swasana crita 4. Sawijine pawongan sing dicritakake ana ing cerkak diarani .....

  a. Pangripta

  b. Paraga

  c. Panganggit

  d. Panyandra 5. Ancase pangripta marang pamaca ing cerkak diarani .....

  a. Alur

  b. Underan

  c. Setting

  d. Pesen / amanat 6. Padunung, wektu lan wasana ing cerkak diarani .....

  a. Alur

  b. Latar/setting

  c. Pamawas

  d. Underan 7. Rantamane crita kang sinambungan mbentuk crita diarani .....

  a. Setting

  b. Paraga

  c. Padunungan

  d. Alur 8. Critane wiwit ana masalah ing sajroning cerkak diarani .....

  a. Pemaparan

  b. Perumitan

  c. Konflik (masalah)

  d. Klimaks 9. Masalah antarane paraga ing cerkak diarani .....

  a. Perumitan

  b. Klimaks

  c. Pemaparan

  d. Konflik (masalah) 10. Masalahe luwih gawat antara paraga ing cerkak diarani .....

  a. Perumitan

  b. Klimaks

  c. Pemaparan

  d. Konflik (masalah) 11. Paripurnane crita sing nyenengake diarani .....

  a. Happy ending

  c. Sad ending

  b. Komedi

  d. Tragedi 12. Carane prangripta netepake dirine ing crita diarani .....

  a. Ancas

  b. Amanat

  c. Paraga

  d. Pamawas 13. Kang kalebu ater – ater anuswara yaiku .....

  a. Dak, kok, di

  c. m-, n-, ny-, ng-

  b. Sa-, m-, n-

  d. sa-, ny-, ng-

  14. Tembung sing kalebu tembung kriya tanggap pratama purusa kriya yaiku .....

  a. Diwenehake

  b. Kokwenehi

  c. Diwenehi

  d. Dakwenehi 15. Nyritakake pengalama pribadi nduweni paugeran ing ngisor iki, kajaba .....

  a. Dicritakake kanthi prasaja

  b. Ngeling – eling pengalaman pribadi kang bakal dicritakake

  c. Milih pengalaman sing nambet ing ati

  d. Anggene nyritakake anak selingan rekaan pangripta 16. Basa apa kang digawe kanggo nyritakake pengalaman.....

  a. Basa krama inggil

  c. Basa krama alus

  b. Basa ngoko lugu

  d. Basa ngoko alus 17. Tembung kang panulise lan padha paocapane, nanging beda teges diarani tembung .....

  a. Dasanama

  b. Homonim

  c. Entar

  d. Kosok balen 18. Sing kalebu tembung homonim yaiku .....

  a. Tandur : ditata karo mundur

  c. arep : bakal; arep : gelem

  b. Gelas : yen tugel ora kena dijelas

  d. santi nulis layang 19. Anton dipilih dadi ketua kelas. Dipilih tegese .....

  a. Dikarepake wong siji

  c. Diangkat utawa dipercaya

  b. Wong sing sregep

  d. Dinobatake 20. Anggonku tuku barang wingi kena diarani pilih – pilih tebu bongkeng tegese .....

  a. Tuku oleh elek kabeh

  c. Tuku kudu milih

  b. Tuku oleh apik kabeh

  d. Nampik kang ala malah oleh sing luwih ala 21. Peleme kalong kari separo amarga dipangani kalong. Tembung ing dhuwur kalebu .....

  a. Dasanama

  b. Homonim

  c. Entar

  d. Saroja 22. Maca sing ngutamakake kecepetan lan uga mentingake pemahaman wacan diarani .....

  a. Maca ekspresi

  b. Maca cepet

  c. Maca intensif

  d. Maca banter 23. Kecepetan maca bisa diukur sarana ......

  a. Akehe ukara utawa jumlah ukara saben menit

  b. Akehe tembung utawa jumlah ukara saben menit

  c. Akehe pada utawajumlah ukara saben menit

  d. Akehe baris utawa jumlah ukara saben menit 24. Pratelan ing ngisor iki kalebu carane maca cepet, kajaba .....

  a. Mangerteni tujuane maca

  c. Nganggone maca diucapake satembung

  b. Ngliwerake ukara sing ora penting

  d. Mangerteni bahan wacan 25. Prabu Hayam Wuruk iku narendra ing Majapahit kang misuwur. Narendra basa kawine .....

  a. Raja

  b. Patih

  c. Pathik

  d. Adipati 26. Sapa sing bisa ngusadani bakal oleh hadiah. Ngusadani basa kawine .....

  a. Menehi

  b. Marekake

  c. Mitulungi

  d. Aweh pitulungan 27. Gunungan ing lakon wayang pralambange .....

  a. Langit

  b. Bumi

  c. Jantung

  d. Urip 28. Putrane Pandhu Dewantara lan Dewi Kunthi iku pira .....

  a. 5

  b. 3

  c. 2

  d. 100

  29. Gathutkaca iku putrane sapa?

  a. Yudhistira

  b. Bima

  c. Arjuna

  d. Pandhu Dewanata 30. Basa kawine “gunung” kaya ng ngisor iki, kajaba .....

  31. Sing ora kalebu basa kawi yaiku .....

  a. Kukila

  b. Kartika

  c. Baskara

  d. Lemah

  32. Miturut ceritane “Andhe – Andhe Lumut”, apa sebabe Galuh Candra Kirana ninggalake kraton Daha lan lugan saparan – paran?

  a. Amarga goleki Panji Asmara Bangun

  b. Amarga ing kraton daha ana bencana alam

  c. Amarga ing kraton daha ana pageblug wabah penyakit

  d. Amarga ramane ora mengestoni sesambungan katresnane karo Panji Asmoro Bangun 33. Manut wacana asebut Andhe – Andhe Lumut dipek anak karo sapa .....

  a. Mbok Randha Karangwulusan

  c. Ibu Praweswari

  b. Mbok Randha Sagopi

  d. Mbok Randha Dhadhapan 34. Ukara ing ngisor iki sing nduweni teges “padha karo” yaiku .....

  a. Asile rapat wingi wong sakampung wis padha ngrti kabeh

  b. Wong sadesa padha nonton wayang ing lapangan

  c. Kresna bisa tiwikrama dadi buta sagunung anakan

  d. Aku mau bengi turu sakamar karo adhiku 35. Ukara ing ngisor iki sing nduweni teges “sawise.../ bareng...” yaiku .....

  a. Jagunge wingi sakilone pira regane?

  c. Pak Parmo nggawe meja sakursine

  b. Adhimu blajarana sepedha sabisane

  d. Sarampunge nggarap PR adhik nonton TV 36. Para Kurawa rumangsa bungah atine jalaran .....

  a. Para Pandhawa padha seneng

  c. Para Pandhawa wis padha bali

  b. Para Pandhawa gelem teka

  d. Para Pandhawa wis turu kepati

  37. Pmah gedhong kang diwangun endah paleremane para Pandhawa diblonyohi nganggo gandarukem supaya .....

  a. Akton luweh endah

  c. Para Pandhawa bisa krasan

  b. Yen diobong cepet murub

  d. Bangunane bisa luwih awet 38. Sawise pandhawa katon turu kepati, sing ditindakake dening para kurawa yaiku .....

  a. Padha turu ing cedhake Pandhawa

  c. Nglereni anggone suka parisuka

  b. Nerusake anggone suka parisuka

  d. Ngobong paleremane Pandhawa 39. Wujude aksara swara yaiku .....

  a. c.

A , £ , U , 6 , O ^ , x , X , j , &

  b. A , ! , @ , # , $

  d. ! , @ , # , $ , % 40. n e g r £ [ n e [ n s iy m /f ik a i= D s s i.....

  a. A g us T s \

  c. [ ! o[ p m e /B

  b. O [ k T ob e /

  d. [ d [ s m e /B

  41. Aksara Jawa sing digunakake kanggo tata prungu lan gunane padha karo aksara gedhe (huruf kapital) diarani aksara .....

  a. rekan

  b. murda

  c. swara

  d. panjingan 42. Wujude aksara murda yaiku .....

  a. A , £ , U , 6 , O , ! , %

  c. X , x , S , P , H , * , ^ b.

  h, ], }, - , A , £ , U

  d. ! , @, # , $ , % , ^ , *

  43. ? a d im u t u[ k o k N b uk ug m B /. Yen ditulis latin yaiku .....

  a. Adhimu tukokna buku

  c. Adhimu tukokna buku gambar

  b. Adhimu thukokna gambar

  d. Adhimu thukokana buku gambar 44. ? a k B f i[ s op i/t ]k \ , Yen ditulis nganggo aksara latin yaiku .....

  a. Pak Budi sopir trek

  c. Pak Seno dadi sopir

  b. Pak Joko sopir bis

  d. Pak Gandhi blajar nyopir 45. ? v im P e n K e r is \ , Yen ditulis latin yaiku .....

  a. Nyimpen tombak

  c. Nyimpen keris

  b. Nyimpen sepedhah

  d. Nyimpen tampah 46. ? a d im ut u[ k ok N [ r ot i. Yen ditulis latin yaiku .....

  a. Adimu tukokna roti

  c. Adhimu thukokna roti

  b. Adimu thukokna roti

  d. Adhimu tukokna roti 47. ? r w uh[ a j m P p [ t S o[ r . Tulisan Jawa ing samping yen ditulis aksara latin yaiku .....

  a. Rawuhe jam papat sore

  c. Rawuhe jam telu sore

  b. Rawuhhe jam papat sore

  d. Rawuh, jam papat sore

  48. Mbah, kulo badhe....., kalawau panjenengan ..... jam pinten? Tembung sing bener miturut unggah-ungguh yaiku .....

  a. Ndangu, wungu

  c. mundhut priksa, wungu

  b. Wungu, ndangu

  d. nyuwun priksa, wungu

  49. Mbah kula.....bapak, supados..... arta kagem simbah. Tembung miturut unggah – ungguh sing bener yaiku .....

  a. Dipun aturi, maringi

  c. Kondur – kondur

  b. Dipundhawuhi, maringi

  d. Wangsul, wangsul

  50. Wong sing bakal nylundupake kewan bisa kacekal. Tembung sing oleh ater – ater anuswara yaiku tembung .....

  a. Kacekel

  b. Nylundupake

  c. Kewan

  d. Bisa