PITUTUR KANG BECIK pitutur kang becik

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library

PITUTUR KA NG BECIK
1.

2.

3.

4.

5.

6.

7.

Yen kepengin nglungguhi pangkat kang dhuwur luwih
prayoga yen dikawiti saka kalungguhane kang endhek

dewe. Kawit klawan mengkono ing tembe siro ora
disepeleake dening bawahanmu, lan kang utama yaiku
sira nuli bisa nglungguhi ing kawicaksanan, adoh
saka watak deksura, ananing mung sarwo kebak tepa
selira.
Aja ndarbeni pepenginan dadi wong kang luwih kang
ngandhut idham-idhaman supaya sarembuge diendel wong
akeh. Luwih
prayoga
tansah
njaga
bae
marang
rembukira kanthi becik, petitis lan maedahi. Karo
maneh tindak-tanduk kang ngresepake, luwih-luwih
kang bisa aweh paedah marang wong liya iku ajine
ngungkuli
sakehing
pitutur
kang

ndakik-ndakik
nanging kang durung kebukten ananing panindak. Mula
kuwi tansah udinen amrih wetuning rembug tansah
keplok lumah kurep karo tindake.
Aja gething marang apa kang kok duweni. Aja nyawang
remeh marang apa kang kok duweni. Aja wedi yen sing
mbok duweni bakal nggawa susahmu. Sing mbok duweni
mujudake marganing marang kahanan kang apik.
Prawiraning wong prawira iku ora kaya wong kang bisa
ngasorake hawa nafsune awit hawa nafsu iku kang dadi
sumber sakabehing memala, bisa ngrusak jagad yen
kapinujan kesinungan panguwasa sarta bisa nuwuhake
kasengsarane urip semangsa kelangan prikamanungsane.
Kaprawiran lan kapitayan dhiri mono pancen wigati.
Pindhane prajurit kang maju perang iku, senajan
senjatane mbrabat lan pepak, yen tanpa nduweni
kaprawiran lan kapitayan dhiri genah ora bakal bisa
ngempakake gamane kanthi tumama. Semono uga ing
setengahe bebrayan. Yen wong ora kadunungan watak
prawira lan pitaya marang dhiri pribadi satemah

kepinteran kang diduweni ora bakal bisa dipigunakake
klawan samesthine. Bisane mung nunak-nunuk ora beda
karo tumindake wong calaina kang njaluk dituntun
pitulunge liyan.
Wong pinter kang ora kekanthenan ing kautaman iku
ora beda karo wong wuta nggawa obor ing wayah wengi.
Madhangi wong liya nanging dhweke lakune kesasarsasar. Kapinteran kang mangkene iki kang dicakake
ing madyaning bebrayan bakal nuwuhake kapitunan,
pikolehe malah mung wujud kasangsaran lan karusakan.
Sing nyebabake wong ngrasa tansah ora cukup yaiku
amarga dheweke nggunakake pathokan barang-barang lan
kahanan iku tansah owah gingsir miturut sebab lan
kedadeyan, mula wong bakal ngrasa tansah kurang.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library

1


www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library
8.

9.

10.

11.

12.

13.

14.

15.

Sapa bae kang rumangsa dadi pemimpin, mbudidoyoa

amri sakabehing pangucap lan tandang grayangmu
tansah bisoa jumbuh nyawiji. Jumbuhing pangucap lan
tandang iku perlu, jalaran kedhale lisanmu kang wus
kadhung kawetu kudu bisa digugu, kang jangkahmu kang
wus kadhung lumaku kudu bisa ditiru. Yen ora
mengkono jeneh kaya wong wuta kang nggawa obor.
Aja tansah kepengin diemong, nanging kepara bisoa
dadi pamong menawa kowe kepingin tansah bisa gawe
reseping pasrawungan. Lire kabeh mitaramu gawenen
seneng atine, sarana aweh pitulungan lan bantuan sak
kuwasamu yen ana sing nandhang reribet.Wondene yen
ora kuwagang, aran wis prayoga yen kowe ora gawe
seriking liyan.
Wong kang tansah nduwe watak njaluk diemong dening
kabeh kanca tetepungane iku, adate sak ucap tindake
tansah njaluk dibenerake. Yen ana wong liya kang
cengkah karo panemune, gedhene ngluputake, mesti
disatroni. Wong kang tansah njaluk benere dhewe iku
karan durung dewasa, ora beda karo bocah cilik. Aran
utama yen sira tansah bisa ngemong sakabehing mitra

karuhmu.
Panandhang kaya dene kegagalan, bisa dadi anugerah
utawa
musibah.
Yen
panandhang
ditampa
kanggo
sawijining kekuatan tanpa rasa gething lan nesu,
mula panandhang bisa dadi anugerah kang gedhe.
Sakabehing gegayuhan lan pakaryan mesthi bisa
kasembadan yen ditangani kanthi anteping tekad. Dene
tekad mono ngemu telung perkara, yaiku anteping ati,
lan kencenge pikir sing laras karo bobote kekuatan.
Aja ngaya lan keladuk anggonmu nenumpuk bandha lan
kasugihan. Kawruhana menawa bandha lan kasugihan
mono pindhane banyu segara, yen diombe ora njalari
mari ngelak. Saya akeh anggone ngombe, kepara saya
wuwuh ngelake. Yen diuja terus bakal nekakake
bilahi.

Yen sira dipasrahi kuwajiban dening wong liya,
tindakna kanthi tememen kaya pangarep arep yen kowe
masrahi kewajiban marang wong liya. Semono ugo yen
sira lumuh dilarani atimu, mesthine kowe dhewe ya
kudu lumuh natoni atining liyan. Kabeh iku dhasare
ora ana liya ya mung kudu bisa tepa selira.
Aja sok nyenyamah luputing liyan, luwih becik
tuduhna kaluputane kang malah bisa ngrumaketake rasa
paseduluran. Ewa semono aja nganti kowe kesusu
mbecikake kaluputane liyan yen awakmu dhewe rumangsa
sawijining wong kang wis ngerti marang jejering
manungsa, manungsa kang utama.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library

2