babad arung binangan

BABAD ARUNG BINANGAN

PUPUH I DHANDHANGGULA
1.

2.

3.

4.

5.

6.

7.

8.

Sowan kawula paduka gusti, dinuta ing putra jeng Narendra,
gusti ngaturan kundure, mring negari mentarum, jeng sinuwun

sanget   rudatin,   tinilar   panembahan,   praja   harahuru,   dhawuh
putra padukendra, sakathahing lepat samar miwah lahir, putra
nuwun aksama.
Wantos­wantos   gusti   jeng   putra   ji,   ulun   kinen   andherek
sarenga,   menawi   boten   kadherek   sarenga,   menawi   boten
kadherek,   sanisdhaya   pinugut,   cagak   kopyah   kawula   gusti,
dhuh   gusti   kuwelasa,   ing   kawulanipun,   engeta   mring   putra
Nata,   tur   kawula   tumunten   kundhura   gusti,   wisuda   among
putra.
Paranbaya  dresananing  runtik,tilar praja manglena  mukweng,
nepsu   temah   kelurung,   tan   wun   katempah   lalis,   prayogi
ulatana, kanitya …… seratan kabusak/ical)…… , tama utameng
dumadya,   taralan   muhung   rukun   lan   kulit   daging,   otot
bebalung …… seratan kabusak/ical)……
mugya mulya ningalam dunyeki, ing …… (seratan  abusak/ical)
…… raja Nara Nata, pikantuk lahir batine, amranani rahayu,
putra wayah sawuri wuri, ruwiya malak mandar, kadarmanya
wimbuh,   bubuka   sangking   paduka,   pinten   pinten
kanugrahaning Suksma, sirik yen tinolaka.
kathah   kathah   aturnya   putra   di,   manohara   amrih   liliya,   ing

penggalih sang wirage, jeng pangeran asma wuwus, lah ta uwis
menenga  kalih, ing reh aja dinawa, temah murung laku, ywa
ngucap   kang   ora   ora,   luput   apa   sinuwun   dhumateng   kami,
mandraweng wiwilangan.
balik dhewe kang angrasa sisip, marang ratu keh kapiutangan,
ngener   aturira   kuwe,   wit   keringan   wak   ingsun,   ya   margane
sangking   Nrepati,   kang   sun   sandhang   sun   pangan,
pasiyaningratu,   during   bias   amalesa,   wong   pinanggul   enak
enak mangan goling, gegolongan duraka.
leh   sun   lunga   sangking   praja   iki,   nora   marga   serik   miwah
mrina, mung setya males sih rajeng, mumuji ring yhang agung,
rahayune   gri   Narapati,   upama   sun   mujiya,   neng   praja   tyas
bawur,   kaurugan   mutya   boga,   mutyasmara   brastha
prabawaning puji, bonggan gawe linakyan.
becik ngasoa sireku kalih, yen wis aso lah nuli baliyo, matura
maring sang rajeng, manira nyuwun bendu, durung bias seba
wak mami, iya tapi rang bara, sawetawis taun, pinareng bias
sewaka, ora beda ing kana kene pan sami, kagungane Sri Nata.

PUPUH II SINOM

1.

2.

3.

4.

5.

6.

7.

8.

9.

10.


11.

angabehi   wirayuda,   lan   ngabehi   wirasari,   ……   (seratan
kabusak/ical)   ……   kaungkungkulan   sabda,   tan   bangkit
amarana   malih,   cinipta   nora   bali,   jrih   pepecuh   sanga   Prabu,
wau sakehing jalma, sakala ngungun ningali, dene datan nyana
yen iku Kusuma.
kusuma terah mentaram, amindha mindha wong cilik, samya
lumungsur linggihnya, nembah matur angrerintih, kang ngabdi
sewu   sisip,   kasamaran   ing   pandulu,   gusti   angapuntena,   rila
sarira ginitik, langkung awon ingkang ngabdi tiyang karang.
semangke   sampun   pratela,   jeng   paduka   gusti   mami,   mangsa
purun linggih jajar, rineksaha boten wani, yen mengkaten kang
ngabdi,   ing   karang   katiban   ndaru,   karob   samudra   kilang,
kagunturan wukir sari, …… (seratan kabusak/ical) …… tyas.
ngandika sang mindha sudra, kang …… (seratan kabusak/ical)
……, jer iradating hyang Suksma, lalakone wong ngaurip, sira
sak   putu   mami,   kadang   mitra   wong   tuwaku,   ……   (seratan
kabusak/ical)   ……,   terusna   kaya   kang   nguwis,   ngaraha   ……
(seratan kabusak/ical) …… dunya.

padha   asal   saking   adam,   payo   kene   mrak   lan   mami,
gumrumung matur anembah, gusti nuwun nuwun amrih, ya ta
jalma sawiji, prenagati wastanipun, matur apundirangan, dhuh
mongsa inggiha gusti, kula ingkang angawisi tiyang kathah.
upami   wonten   puruna,   mendonong   jajari   gusti,   kawula   kang
amelathas,   tertamtu   titiyang   baring,  dhasar   tiyang   ing   ngriki,
kathah   boten   sumrap   ngurus,   awit   rumiyin   mila,   sampun
kawula sanjangi, yen paduka trah Kusuma witaredya.
nanging   sami   boten   gega,   malah   saami   nyenthulani,   nuruti
bongsa luhamah, plenthing weteng lambe klimis, tan uning tata
krami, pratingkah clala calulu, gya sumaur cumlalak, pun jugi
lalinggih wuri, jaka tuwa bedhigul punuk trajumas.
si biyang ngameki prang, adol tuwa adol bangkit, wong karang
kabeh dicacad, tesmak bathok tan wruh gusti, mung dheweke
pribadi,   mangerti   weruh   ing   ngurus,   kapan   nggone   wewarah,
kiprenasa jege urip, mung angempol amurih den mulenana.
gumampang arep melathas, jajal pelathasen mami, mumpung
neng   ngarsa   bendara,   kang   kathah   samya   ngojongi,
angilonipun   jugil,   gumrumung   anguwus   uwus,   prenagati
kewedan   dhaleleg   tan   bisa   angling,   angabehi   wirasari   lon

medun.
sanak aja kekerengan, weleh welehan pakarti, kang nguwis aja
kinocap, pan wis karsane jeng gusti, namur mindha wong cilik,
rehning   samengko   wis   weruh,   jeng   Pangeran   Bumidirja,   iku
keng   paman   sang   aji,   kangjeng   Sunan   kang   ngedhaton   ing
mentaram.
padah den becik rumeksa, turuten sakarsaneki, bisuk yen sira
kapriksa,   ing   kangjeng   Sri   Narapati,   kaya   uga   maringi,

12.

13.

14.

15.

16.

17.


18.

19.

20.

21.

22.

panarima   mring   ngawakmu,   umyang   matur   kikila,   sandika
temtu nglampahi, siyang dalu cumadhong reh sang bendara.
tan   winarna   laminira,   wau   ta   gandhek   kekalih,   saben   dina
ngela ela, supadi jeng  pangran lilih, kersaha  anuruti, kundur
dhumateng   mentarum,   ananging   jeng   pangeran,   ing   tyas   lir
prabata wesi, nora kiguh mring atur pamanohara.
putek   barubah   werdaya,   nekad   datan   sedya   mulih,   yen
wangsula   pesthi   lena,   angur   nungku   aneng   ngriki,   ngabehi
wirasari, wirayuda tan mamatur, gusti inggih kawula, andherek

tumameng ngriki, kalilana mangestu pada paduka.
ulun   temah   tilar   semah,   pangran   Bumidirja   angling,   lah   iya
sakarepira,   serayanata   kita   ki,   pira   lawasing   ngurip,   mung
sepanguneng dunyeku, senadyan ta muktiya, keringana aneng
nagri, nora enak suwita ratu ruhara.
akarya sawening  wening, mateni wong tanpa titi, apa ta nora
intuka,   wawalesing   reh   durniti,   dumeh   dadi   Nrepati,   wasesa
ngugung sakayun, wirasari anembah, leres jeng paduka gusti,
lir angandika agraning ri tistheng praja.
gusti   sepangker   paduka,   punggawa   kekes   ngranuhi,   rumaos
tan   darbe   gesang,   ming   memplak   memplak   ing   galih,   inggih
wetawis   mami,   mbok   menawi   boten   dangu,   rengka   nagri
mentaram, ningali oyaging jalmi, amyang datan eca nadhah eca
nendra.
angling   pangran   Bumidirja,   kang   mengkana   wirasari,   lah   iya
wallahuaklam,   kawula   nora   udani,   tan   lena   pamuji   mami,
rahayune   sang   ngaprabu,   mengku   nagri   mentaram,   ngaubi
kawula wargi, ngemungena manira dhewe cintraka.
winurswita   jeng   pangran,   Bumidirja   lalu   lami,   dedalem
Kebumen karang, tarak brongta among tani, kasub tinuwi tuwi,

wangsul asmanireng dangu, pangran Bumidirja, akathah tiyang
babekti, angyaksaken dalem sawetawis gora.
rinenggo   ing   dutya   boga,   anging   jeng   pangeran   maksih,
karemtiti   kariya   lat,   cinipta   tumekeng   ngakir,   umahyaken
waweling, yen tembe praptaning surud, mundhut kinubur desa,
ing   lundhong   lan   dhatan   apti,   cinungkuba   setya   nutugken
riyalat.
angabehi   wirayuda,   sakaliyan   wirasari,   anuwun   methal
tarukah,   jeng   pangeran   anglilani,   weragad   den   paringi,   karya
sangu yasa dhukuh, ngidul genirta kentar, ngupaya kang den
senengi, ri sampuning manggih nulya lineksanan.
yasa   dhukuh   tuwin   pecal,   lami   dados   rengked   keksi,   kathah
lumiring tarukah, tan kirang sandhang bukti, barang tinanem
dadi,   wang   wang   katelah   ran   dhusun,   nenggih   ing
pegandhekan,   ewa   mangkana   gandheki,   saben   ratri   sowan
marang desa karang.
ubayanireng wardaya, menawi ing tembe lalis, nuwun kinubur
ywa   tebah,   lawan   pasareyan   gusti,   data   tita   ginupit,   jeng

23.


24.

25.

26.

27.

28.

29.

30.

31.

32.

33.


pangeran   tedhakipun,   kang   winarna   sajuga,   jalu   tistheng
lundhong, desi anguyuni wong desa lundhong mandhala.
wit   parentahing   sudarma,   pangran   Bumidirja   nenggih,   kang
putra   datan   kalilan,   pasebatan   lir   priyayi,   raden   tuwin   mas
aming,   kiyahi   sebatanipun,   kyai   bekel   namanya,   murih   ywa
ngeget ngegeti, mung ngesthiya tata pakarti wong desa.
saprandene   nora   kena,tinolak   anggeping   jalmi,   pangabektinya
wisuda, mring kyai bekel langkung jrih, angluri linestari, kadya
mring kang rama wau, kuneng genti winarna, kanjeng susunan
mentawis, sampun mireng, pawartaning sambewara.
yen kang paman tistheng tanah, begelen pasti madesi, karang
kebumen   tinengran,   nglugas   raga   among   tani,   nulya   utusan
dasih, kapedhak kalih lumaku, ngaturi ingkang paman, kundur
mring nagri mentawis, kang ing ngagya kapedhak ran udakara.
surakarti   kalihira,   sarta   pinaringan   esthi,   nem   serati
lumaksana, kanang matengga kinardi, titihanya lumaris, kang
paman   ing   badhenipun,   kapedhak   pinitungkas,   angrapusa
enggal lilih, wanti wanti dhawuh welinge jeng Sunan.
sanggya duta lumaksana, dadya tontonan samargi, tigas umiyat
mirada,   ing   ngenut   datan   winarni,   meh   prapta   gyaning   desi,
dhukuh alit wetanipun,esthi ngentu neng dhakah, demang desa
den dhawuhi, karya pathok kayu kang kangge wantilan.
demang   desa   gurawalan,   nulya   ngerigaken   kuli,   akarya
pepathok   kekah,   sinung   wis   makaduk   inggil,   rampung   esthi
winantil,   tan   kapinten   panganipun,   wong   wong   desa
kagawokan,   aselur   sami   ningali,   ingkang   caket   tebih   warta
winartanan.
serati karya pacakan, sarupane wong ningali, tinamtu ambekta
klapa,   kalih   satunggil   ing   jalmi,   artane   tigang   dhuwit,
linarangan   yen   tan   angsun,   sangking   kadreng   umiyat,
diradatipun lakoni, yayah pasar wong ningali yel uyelan.
demang desa saprabotnya, kinempale jagi esthi, sarta sudhiya
sugata, buktine para serati, sekul megana tuwin, wedang saka
puranteku,   serati   senenging   tyas,   anyeret   sarya   memacit,
merem melek nglegeweh liyangan bantal.
kapedhak   kalih   lumampah,   sowan   mring   karang   wus   prapti,
pinanggihan   ing   jeng   pangran,   Bumidirja   neng   pendhapi,
sugata   sawetawis,   pinapantes   traping   dhusun,   wedang   lan
palawija, ketela uwi kembili, sawusira palastha liring smirana.
udangkara   matur   nembah,   gusti   kawula   tinuding,   putra
paduka   jeng   Sunan,   paduka   dipun   aturi,   kundur   dhateng
mentawis,   langkung   satistis   sinuwun,   lan   ngaturi   titihan,
dirada karya lumaris, jeng paduka kering ngalampah kawula.
angling pangran Bumidirja, teka  susah nganggo esthi,  yen tu
wis pinareng seba,pira suwene lumaris, lah baliya wong kalih,
manira   anuwun   bendu,   Allah   during   marengna,   gampang
masalah ing benjing, naming kita nuwun pangestu Narendra.

34.

35.

36.

37.

38.

39.

40.

41.

42.
43.

44.

45.

kangnek   tyas   lalih   caraka,   puguh   pangran   Bumidirja,   pasthi
tan  arsa   lumiring,   gandhek   kalih   lalu   jrih,   wangsula   dhateng
mentarum,   tertamtu   pinatenan,   adat   siyasat   Nrepati,   kanang
duta nekad tan purun wangsula.
ri sampunya tigang dina, arembag lawan serati, sadaya kinen
wangsula,   mring   mentaram   sang   ta   esthi,   ing   pangran
Bumidirja,   samongsa   mongsa   wus   lilih,   ……   (seratan
kabusak/ical) …… kapedhak andherekena.
serati   nulya   budhalan,   wangsul   mring   nagri   mentawis,
kapedhak   wangsul  mring  karang, angadhep   ngarsaning  gusti,
winarya   kang   lumaris,   kaunjuk   Sri   Pamaca,   purwa   madya
ameksi, duk miyarsa jeng Susunan arda klana.
rumaos tiwas ing kirtya, menggah panjenengan aji, binudi budi
tan   dadya,   rinasa   saya   ngrinuhi,   mupus   karsanira   ji,   tembe
sawetara taun, den arsa ngutusana, ngaturi kang paman malih,
mangke kendel pinerih meneb wardaya.
kocapa   kalih   kapedhak,   udangkara   surakarti,   anjepeh   ngarsa
jeng   pangran,   setya   ndherek   wakitaki,ing   donya   prapta   akir,
jeng   pangran   ngastuti   kayun,   among   pun   udangkara   nuwun
tarukah pribadi, surakarti sedya angadhep tan pisah.
udangkara ngulat ulat, ngetan ngidul tan tebih, wus manggih
papan   kinarya,   anulya   dipun   yasani,   laminya   tan   ginupit,   ri
sampune  nadyan dhusun,  kathah dhusun  kapedhak,  de   tilas
mantilan esthi, amyanging wong katlah dhukuh kepathokan.
wau ta kang winursita, antara lami alami, pangeran Bumidirja,
anggung   mredi   enir,   muhung   puwareng   tumuwuh,   cinekak
caritanya, kundur ing rahmatullahi, cinarekan desa  lundhong
ing ngastana.
nora cinungkub sumarma, duk jumeneng wus wewaling, apan
naming   piniyara,   pinacakan   juru   kunci,   dening   putra   kiyai,
bekel kang anyepeng dhusun, rukun tiyang sadaya, pepundhen
tineki teki, sumawana gandhek kapedhak mentaram.
ajale   kinubur   uga,   neng   desa   lundhong   lestari,   tumus
susetyane kala, gesange mene sampun apuputra, anama kyai
wuragil, kyai ragil putra kyai honggayuda,
sayasa   ing   desa   kutho,   sudarma   eyang   wus   lalis,   wau   kyai
Honggayuda,   linulut   tinuwi   tuwi,   marang   sakehing   jalmi,   tan
kirang niskaranipun, wit panjurunging kathah, nging kaetang
bangsa alit, ing bangsaning kapriyayen sampun sirna.
sinigeg   genti   winarna,   kangjeng   susunan   mentawis,   sayarda
angambra   ngambra,   dera   mangugung   tyas   runtik,   worsuh
traping   widyasthi,   sagung   punggawa   rahuru,   wadya   lit
kaserakat,   wimbuh   darajating   bumi,   pra   satriya   bupatya   reh
adhedhangkan.
pangran   dipati   taruna,   sudibya   putra   mentawis,   siyang   latri
binabana,   mring   sagung   mantri   bupati,   pinintaha   murwani,
karya   prang   ngrebat   kaprabon,   lenggahireng   sudarma,   ywa
tanggel margining pati, lalu rindhu pangran dipati taruna.

46.

47.

48.

49.

50.

51.

52.

53.

54.

55.

56.

rumaos pragyaning kirtya, putra mengsah lan sudarmi, mangu
mangoneng  nistuda, tandya  minta  tuduh  maring, kang  eyang
mahamuni, pangran kajoran dupi wus, rembag saeka praya, ing
pened ngangge kekelir, pangrat buta murih ywa kawistara.
manggih kelir prang santosa, pan duk pirasat netepi, binatang
ngentosi karya, sarta jangkaning negari, rusak nagri mentawis,
tarsiwah   etanging   taun,   sang   pangeran   kajoran,   putra
mantunya pribadi, Trunajaya sutane demang malaya.
yeka   pinangka   bebuka,   kinen   ambedhah   mentawis,   anging
cinekak   kewala,   mung   gancare   kang   ginupit,   pangrat   buta
andadi,   gempuran   praja   mentarum,   jeng   pangran   purubaya,
gula agul gri Bupati, prapteng janji kasambut asmareng laga.
liya   punika   akathah,   para   prawira   mentawis,   kang   pralena
madyaning prang, Trunajaya jayeng jurit, sampan kedhiri bali,
mekasar   prajuritipun,   pan   wus   karsaning   suksma,   bedhah
keratin mentawis, kangjeng Sunan mangkurat tilar prasada.
sinengkalan   lolosira,   sirna   ilang   rasa   jalmi,   mangilen
arereyongan,   garwa   atmaja   lumiring,   jeng   pangeran   Dipati,
anom   lan   sakadang   jalu,   pangran   arya   Singasari,   atanapi
pangran arya Martasana.
wus tebih sangking  mentaram, jeng  Sunan ngagya keng  siwi,
pangran   Dipati   taruna,   kinen   wangsul   ngrebat   nagri,   mopo
kedah   lumiring,   sudarma   satindakipun,   wang   wang   Sri   Nata
ngatag,   pangran   puger   lan   kang   rayi,   pangran   Singasari
pangran martasana.
wangsula ngrebat negara, titiga sandika sami, pangeran puger
seksana, pinaringan wasiyat adi, curiga kang satunggil, maesa
nular   ranipun,   waos   ingkang   satunggal,   kyai   palered   nami,
putra katri nembah budhal saha bala.
pangran Dipati taruna, taksih andherek sudarmi, rawuh tanah
Ajibarang,   jeng   Sunan   grih   prapteng   jangji,   kundur
Rahmatullahi,   sinare   bumi   ganda   rum,   pratistha   tanah   tegal,
mila   katelah   sawuri,   Sri   Mangkurat   tegal   arum   ingkang
tengran,
sasedanipun   jeng   Sunan,   wang   wang   jeng   pangran   Dipati,
madeg   Narendra   neng   tegal,   martalaya   mugareni,   mundhut
bantu   kumpeni,   ing   eyang   tuwan   gurnadur,   jendral   ing
Batawiyah, mangun prang ngrebat negari, mengsah Trunajaya
cidra ing ngubaya.
estu   panyiptaning   driya,   pangran   Bumidirja   nguni,   mila
pinelaur linggar, tilar wibaweng praja di, yekti sampun kaling
ling, lulungid praja ruhara, rahayuning kraton enir, nerak waler
sangker lawiyeng Narendra.
wusanane   pesthi   ana,   nahan   dharita   mangsuli,   nenggih   kyai
Honggayuda,   Kuthowinangun   winarni,   sapta   putra   winilis,
ingkang   nenem   somah   sampun,   ranya   iwiranana,   wismeng
jrakah kang pangarsi, nunten jalu ran kyai Honggadiwongsa.

57.

58.

ing   bunder   sayasanira,   malih   arine   pawestri,   ranya
linalamijaya,   wismeng   kutha   nunten   malih,   pawestri   nama
nyai, wirawongsa kang dinunung, desa ing blimbing nulya, ari
jalu nama kyai, sutayuda malih pawestri anama.
Nyai Surajaya ngambal, sadaya ulah among tani, pangulate tan
kirang   bukti,   rukun   ing   tyas   tar   seling,   amung   putra   kang
waruju, jalu jaka tumala, pun Sangkrib namanireki, nandhang
papa cintraka umageng brangta.

PUPUH III ASMARADANA
1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.

10.
11.
12.

wauta   kijaka   sangkrib,   kyai   Honggayuda   putra,   nenggih
ingkang wuragile, pinanjangken dharitanya, sanggya lalakonira,
purwa wasana dhinapur, myang nistha madya utama.
cinatur   sabilik   bilik,   kang   kelair   miwah   samar,   sanadyan   ing
sausike, kewala suksa winewar, susatya ring pandriya, mongka
darsana tumuwuh, tumuwuh ing dunya.
dening   anak   putu   sami,   buyut   canggah   wareng   miwah,   dheg
udheg   gantung   siwur,   lan   sapiturutnya   pisan,   yogya
nguninganana, salir lalakon lulhur, cinatheta kaprayitnan.
pendah ywa lingsem ngalkoni, kodra iradating Suksma, ingkang
murciteng   dhirine,   tumerap   papa   cintraka,   lan   away   girang
girang, yen anggonira kadunung, kaharjan singgih astama.
jer  lagi winayar dening, Allah kang murba misesa,  mung ywa
lali   panrimane,   ening   tyas   sabar   tawekal,   asih   sesama   sama,
kawula wenang nenuwun, kang murih mulyaning jiwa.
krana   apsah   sangking   dalil,   subhanahuwatangala,   ngudaneni
ring   titahe,   titah   kang   byakta   pamudya,   sarta   lawan   agama,
wawajid dawajid dau, sapa temen tinemenan.
kosok   balike   sabilik,   sapa   cidra   cinidranan,   wus   mengkona
ubayane,   lah   iki   goningsun   marna,   carita   kuna   kuna,   labete
para luluhur, tan kenane idoa.
dupeh   ngong   nora   ngalami,   duk   jaman   semana   iya,   pesthi
kinira yen goroh, nanging sun ajrih doraa, lan dudu pupulasan,
jalaran nggoningsun weruh, ngambil seka tetulisan.
wirayat kang swargi swargi, medhar lakone pribadya, ya kang
sun   gawe   wewaton,   lamon   tan   mangkono   uga,   mangsa   kita
weruha,   mengko   sun   apus   ing   tembung,   murih   padha
mangertiya.
lakone   ki   Jaka   Sangkrib,   liwat   nggone   kasangsara,   sinikang
para   kadange,   nadyan   kang   rena   sudarma,   samatra   tan
ngopreya, marga anggane sakojur, katrapen meh tanpa sela.
pating   palopor   kaeks,   getih   nanah   mara   wayan,   sing   amulut
jrih   amire,   linarang   malbeng   sayasa,andhelik   neng   kebonan,
sahunggyane lawan turu, trekadhang neng ngandhap pisang.
miwah   emper   kandhang   sapi,   tanapi   emper   gedhogan,
gumlinting saestha layon, tatkala sinungan boga, binukti aneng
britan, jiwa rusak kulu kulu, lirkekere kawistara.

13.
14.
15.
16.

17.
18.
19.
20.
21.

22.

23.
24.
25.
26.
27.

langkung   denya   kawlasasih,   tan   jamak   sasama   sama,   kabeh
kadang   pamuwuse,   ngilangken   andhana   juga,   dep   idep   gawe
wadal, nadyan lunga mati sukur, aja cedhak menek tular.
yen tular ambilaeni, pesthi lamon wurung jalma, wong ngurip
dadi   kekere,   cotho   tan   bangkit   ngupaya,   sandhang   pangan
nang dunya, wong siji kewala amung, nglakoni tan dadi ngapa.
datan  ta  ki jaka sangkrib,  siyang  dalu  monta  drasa, tumplek
amblek   prih   atine,   limut   nora   umanon   rata,   angrasa   bosen
gesang, mung ngesthi marganing pati, mangunandik wardaya.
ya   Allah   kang   maha   Suci,   kawula   nuwun   pralena,   sampun
jejembat   wirage,   ngantak   antak   wonten   dunya,   angentosi
punapa,   tan   manggih   seneng   sepangu,   enggalmantun
sirnakena.
kawula pan boten bangkit, adamel pejah pribadya, kados pundi
puwarane, sanadyan awet gesanga, anggung dados gegujengan,
sinikang sanak sedulur, yayah rena karuh mitra.
aluwung   dinamel   mati,   sawastu   kawula   rila,   tan   wuninga
akerate, dados sadhasar neraka, jahanam gih sumongga, mung
mangke enggala lampus, payah anandhang cintraka.
mangkana   ki   jaka   Sangkrib,   saya   kagagas   karantaka,   cipta
ameleng   tekade,   pan   naming   marganing   pejah,   ambirat   liring
boga, nadyan toya nora nginom kinajat nuliya pejah.
sarta   sedya   angoncati,   sangking   wismaning   sudarma,   murih
ilang   kuwatire,   yayah   rena   para   kadang,   lestariya   astama,
setyaning tyas pribadya mung, kang angangkat lara lena.
ngaler ngilen jaka sangkrib, lingsir ndalu wancinira, tan adoh
kendel   lampahe,   mulat   mbeji   lir   penimpang,   toya   wening
kawuryan,   ki   jaka   nungku   neng   ngriku,   anganyam   ayam
palastra.
trekadhang   kungkum   ing   warih,bakda   kungkum   nulya
minggah,   tapa   kur   munggeng   pinggire,   ngantak   antak   minta
pejah, lamon ana wong liwata, anggiwar nutupi irung, lumayu
balokekan.
ki   jaka   tumungkul   nangis,   dangu   wus   tan   kambon   boga,
sariragnya sawang layon, lalu angagra usika, nupi lami antara,
nenggih kawandasa dalu, murcita pilal hyang Suksma.
ngudaneni   kawlasih,   wawales   tarak   subrongta,   karaos   sarira
entheng,   perih   ngethok   linu   sirna,   ngungun   ing   tyas   ki   jaka,
mangkana usiking kalbu, iki lah paran sumarma.
abeneh   rasaning   kulit,   otot   bebalung   kepenak,   apa   ta   waras
wak ingong, nanging mokal yen waras, ki jaka gya anggrayang,
jasade sakojur alus, katrap wus sirna sadaya.
dupi   byar   baskara   mijil,   surat   pranawa   katingal,   estu   wus
purna katrape, tilase nora ketara, pra galba soteng jiwa, ki jaka
mumudya sukur, pitulung hyang kang murbeng rat.
tuwuh   nistuda   mangesthi,   kayatnan   sireng   dumadya,
mangoneng   ngeningken   panon,   menggah   rih   pambudidaya,

28.

29.
30.
31.

32.
33.
34.
35.

36.
37.
38.
39.
40.
41.

kang   yowana   linakyan,   apa   kentar   apa   mantuk,   yen   malih
tanpa paedah.
mongsa   wurung   den   ngis   engis,   sanak   kadang   kangastama,
ujar   tan   ana   tinolah,   ora   bandha   ora   pakra,   nadyan   ana
ngropeya,   mung   anganggep   ala   nganggur,   uripe   prasasat
kewan.
amur   ta   lunga   angaji,   ngaji   angajap   akerat,   kadonyan   pira
lawase, amung sagebyaring kilat, tan langgeng ananira, akherat
datan paitung, caritane santri wignya.
jan becike ngong angalih, jenenging bocah ngong buwang, salin
jeneng   tuwa   mengko,   ki   jaka   dangu   ngupaya,   nama   ingkang
cinarya, binudi tandha wis manggih, peparab surawijaya.
nulya   kentar   sangking   beji,   ngaler   nekuk   ngilen   nabrang,
pasidhatan   jog   pepereng,   pereng   wukir   bulu   sapta,   ngaler
katiwang tiwang, nurut sapinggiring gunung, marga lit rungkud
sinerang.
rangu   rangu   gyan   lumaris,   de   kongsi   nedyeng   wardaya,   ing
bojong   sari   pesantren,   nguni   wus   miyarsa   warta,   guru   ngaji
kasudra, ran kyai Mukhamad Yusup, anjenengken pariwara.
yeka   pinelenging   galih,   sumuksa   ngaji   bebadah,   Surawijaya
tekade,   mengo   karameyan   dunya,   angesthi   tepet   loka,   dupi
wanci leres bedug, lampahnya tumurun ngetan.
umiyat kali wewening, kendel siram ing narmada, sarya masuh
kawacane,   sinjang   rasukan   lan   dhestar,   wit   tilasing   ngalara,
sedangune tan winasuh, mangkyarsa binersihan.
busana   kaepe   tegil,   tinunggu   kungkum   narmada,   ri   sampun
aking   sinjange,   mentas   dandan   lumaksana,   mengaler   ngilen
minggah,   wukir   candhi   jati   purus,   kangsi   luk   rungkud
sinerang.
ongga   kaborang   ri   bandhil,   kasangsang   ing   tarulata,   salir
bebaya   tan   tinon,   darpa   ring   tyas   murwa   brangta,   riyolat
manting raga, sangking kumedah maguru, artine sarak ibadah.
wus   angancik   igir   wukir,   tumurun   wimbaning   arga,   nusup
nusup   ngaler   ngilen,   kali   sruni   sinabrangan,   wong   ngadus
tinakenan, sanak pundi dalemipun, kyai guru bojong sekar.
tinedahken   gya   lumaris,   prenahing   pesantren   prapta,   pinuju
lingngih neng suroh, kiyai lagya mumulang, santri angaji kitab,
Surawijaya andheku, ing latar ngandhap tritikan.
cingak keh santri mangeksi, tiyang ndhodhok ing tritikan, kyai
guru lingnya alon, pundi jengandika anak, pun bapa kekilapan,
ingkang tinanya lon matur, kawula tiyang ing kitha.
pun Surawijaya name, sedya sowan jeng sampeyan, kiyai guru
nulya   ge,   ngacarani   kinen   minggah,   Surawijaya   minggah,
kaduk tebih linggihnya, ingawe kinen majenga.
sawusira majeng linggih, neng kering sang muniwara, kyai guru
lingnya alon, anak ngapunten andika, kula dereng kacekap, lan
andika imbal wuwus, saweg ewed amumulang.

42.

43.

44.
45.

46.
47.
48.
49.
50.

51.
52.
53.
54.
55.
56.

ketanggelan kantun kedhik, anak den sekeca lenggah, umatur
sarya   ngrerepeh,   inggih   sumongga   sakarsa,   nuwun
kalajengena,   mangkana   kiyai   guru,   nglajengken   denya
mumulang.
kitab   usul   nahwu   tafsir,   takarub   mantek   jur   miyah,   lapal
maknane   tineteh,   kinetrek   tumeka   murad,   santri   keh   gantya
gantya,   lulurah   kalih   ambandhung,   mangsungka   kacaryan
kang mulat.
denya   pratela   marnani,   niskara   tembaya   kitab,   ya   ta   wau
sadangune, Surawijaya myar saksa, makna murad ing santri,
kasebut parentah Rasul, miwah dalil kang lawiya.
saya   sengkud   jroning   galih,   geleng   gumolong   panyipta,
ngibadah pendhenging batos, salir ing reh nora ketang, antara
wus   palasta,   pamulange   kyai   guru,   santri   mundur
pamondhokan.
kiyai guru manggihi, tatamu Surawijaya, gya mijil pasugatane,
wedang   saka   purantinya,   nambrama   mangun   mitra,   wecana
kyai guru, anak ngong Surawijaya.
praptanipun   wisma   mami,   punapa   ingkang   kinarsan,   damel
gupita   tyas   ingong,   denten   tetigas   kawuryan,   nedha
kajawarnana, Surawijaya umatur, pramila kawula sowan.
ngarsa   sampeyan   sang   yogi,   rehning   kawula   punika,   angraos
kelangkung   bodho,   dereng   pisan   sumerapa,   lampah   sarak
ngibadah, kang dados wajib tumuwuh, setyaangaji kawula.
nungku   ing   pesantren   ngriki,   anuwun   barkah   piwucal,   kiyai
manthuk   delinge,   lah   sukur   mengkaten   anak,   inggih   sami
sarayan, ya ta wau kyai guru, sadangunira tumingal.
serandunireng   tetami,   pinanduk   sangking   pirasat,   myang
piyapati   pasale,   lapli   maknawi   kawangwang,   tuhu   manungsa
tama,   mung   during   mangsaning   tuwuh,   ing   tembe   mangsa
wurunga.
tansah ngunandikeng  galih, iki wong genep petheknya, pinter
tur kendel dhasare, pantes mbekakas negara, dudu murwating
desa, dungduman santri ya dudu, anulya ris sabdanira.
gih   anak   langkung   prayogi,   sumuksa   ngaji   babadah,   nungku
tumameng pesantren, napa malih ing ngupaya, ngatase tiyang
gesang, gih amung talabul ngilmu, ujar kang sampun mupakat.
mupakate   tiyang   santri,   prelu   pinurih   ngupaya,   ngilmu   kang
dadi wajibe, nanging temah kekilapan, ngilmune tan pinanggya,
mung angaji muluk muluk, anjajah kehing kitab.
lapal   makna   sehat   terkib,   yen   sampun   saged   winastan,   niku
kang wujud ngilmune, sarta sembayange rasa, putus tan malih
ngucap, tur niku satemenipun, lan ngilmu dereng benthikan.
anak den sabar ring kapti, barang reh aywa kasesa, sisikune
kaupados, yen ugi sampun pratela, mangsa wurung ing karsa,
nging mangke kendel rumuwun, angayemana sarira.
anata   nata   penggalih,   neng   ngriki   wis   makawula,   binjing
ngampil   gampil   tiyang   ngaos,   yen   sampun   tawajuh   ing   tyas,

57.
58.
59.
60.
61.
62.

63.
64.
65.
66.
67.
68.
69.
70.
71.

wau   Surawijaya,  nut   kersane  kyai  guru,  gya   sinung   pondhok
pribadya.
dumunung   neng   kering   panti,   ri   sampuning   tigang   dina,
sinalinan   busanane,   kelangkung   denira   tresna,   kyai   guru
tumingal, wit sangsara semunipun, mila gung winimbasara.
tan   winarsa   kehing   santri,   lamon   bakdanya   mumulang,
sekssana  lenggah karoron,  kalawan Surawijaya, seneng  imbal
wecana, jalaran kiyai guru, Mukhamad Yusup wus wikan.
surating   maya   kaeksi,   Surawijaya   niscaya,   beneh   jalma   pere
pere,   pesthi   terahing   ngutama,   sarta   sampun   kawang   wang,
pan duk tesmanireng semu, kendel kretarta antepan.
ki   guru   sedyaning   kapti,   yen   pinareng   sarta   kodrat,   yun
angurip   urip   mangke,   dhumateng   Surawiajaya,   alon   wijiling
sabda, Surawijaya sutengsun, ywa susah kita ngajiya.
sinau caraning santri, kaloreyan tanpa wekas, kasep pengarep
arepe,   umatur   Surawijaya,   kula   sampun   miyarsa,   kala
sampeyan mumuruk, pratela ungeling sastra.
kocap   preluning   ngaurip,.   Inggih   pinardi   ngupaya,   ngelmu
Islam   pamurihe,   pramila   kula   kumedah,   ngaos   ing
pesantrenan,   margine   talabul   ngilmu,   lan   malih   sampun
kacetha.
salat   gangsal   wektu   wajib,   sinten   kang   tilar   duraka,   ginanjar
bilih linakon, kiyai guru wecana, dhasar mengkaten uga, kitab
tan siwah serambut, sangking dalil pasthi apsah.
nanging wau kang den eji, dening tiyang saantri kathah, saweg
prategali mawon, upama karya wisma, lakar taksih wadungan,
lamon tan bangkit angelus, lan ngadon adoni lakar.
keh  bekakas  tanpa  dadi, pating  jalempah  kewala,  tangeh yen
ngadeg wismane, lah semanten malih kitab, lapal anjaluk loat,
loat minta muradipun, murad aminta sarasa.
sarasa   aminta   tretil,   tretil   punika   tatrapan,   yen   tan   bias
natrapake,   ngajiya   kitab   sayuta,   amung   tibeng   gilingan,
mubeng mubeng temu gathuk, ngibarat bali ngibarat.
pundi kang den ngibarati, dadi anggep ngayawara, mengkaten
ing  salakone,  nanging  ta  santri  wus kaprah, mredi  wigyaning
kitab, kranten milik asilipun, paitan ngupaya boga.
lire   kadi   kula   niki,   tinub   sakathahing   jalma,   awit   sangking
pinter   ngaos,  parentah  wong tan  kewedan,  gampil  praptaning
boga, napa jengandika ayun, madeg dadi kapruitan.
Surawijaya   mangsuli,   pan   inggih   kula   tan   sedya,   kepengin
dados paguron, cekap kangge piyambak, kyai guru lingira, gih
mulane kula tutur, tan susah angaji kitab.
dika dede calon santri, dede cecalon sudagar, calon tani inggih
dede, pinasthi calon satriya, kapriyayen utama, lamon kongsiya
kebintur, pratengkahe santri nistha.
pinten   kadare   wong   santri,   andum   bathi   dagang   tuna,   becik
tingkah kapriyayen, brekat mupakat tur babar, mleberi kadang
mitra, tumeka satedak turun, menawa dadi jalaran.

72.
73.
74.
75.
76.

77.
78.
79.
80.
81.

82.
83.
84.
85.
86.

nanging kangelan sayekti, wong ngurip urip darajat, lara lapa
pitukune, sanadyan lara lapaa, yen tumpang sapanyipta, myar
pangawruh wowor sumbu, lara lapanira muspra.
wurung   mukti   sida   mati,   sida   tapa   wurung   tampa,   marmane
nak   ingsung   angel,   priyayi   angulah   praja,   lan   inggih   ngulah
badan, sami ugi pajunipun, menggah tatraping sarasa.
anapon   sinau   santri,   puniku   reh   lalampudan,   sangking   tan
conggah   badane,   karya   miranti   darajat,   murih   away   kapiran,
wong ngurip kapiranipun, kurang sandhang kurang pangan.
aluwung   dadiya   santri,   dimen   pinecraya   ing   lyan,   supaya
kandel   uripe,   lan   dadi   pangulat   ulat,   mutawatiri   praja,
mengakaten sajatinipun, umatur Surawijaya.
lamon mengkatena aming, kirang prelu menggah kula, nungku
ngaos   neng   pesantren,   pinten   warsa   warsa   talab,   kanggone
ming kinaryo, ing ngriki mangertosipun, inggih bangsa ngalam
donya.
mangka   niyat   kula   inggih,   ngupados   amal   akherat,   mila   yun
kumedah   ngaos,   sapinten   lamining   dunya,   langgeng   wonten
akherat, criyosipun para kaum, ngupados sangu palastra.
kyai   guru   wecana   ris,   carita   datan   pinanggya,   angawur   awur
kimawon, ngaji ngajap ngajap swarga, swarga jaman akherat,
akherat bisuk nek lampus, sangking pundi pambidinya.
lah   mbok   rinasa   pribadi,   kepripun   gone   amarna,   jaman   pati
luwih elok, lagi marna jaman gesang, kewala tan kacekap, srsn
wong cebol anggayuh, lintang mangsa kaleksanan.
wong   lumpuh   arsa   ngideri,   ing   jagat   mangsa   teles,   lunga
seeking   kang   angesod,   gumujeng   Surawijaya,   ing   galih   nora
nduga, ring sabda kyai guru, nanging ta ana empernya.
kyai   guru   angling   malih,   mungguh   babagan   akherat,   boten
kenging   cinariyos,   pan   aming   wallahu   aklam,   Allah   kang
langkung wikan, dene kang kena rinembug, masalah urip neng
dunya.
niku kang kula weruhi, marga becik lawan ala, bener luput ing
penggawe,   awit   tingal   tiningalan,   rasa   risi   karasa,   sumantan
tiru tiniru, sami tiyang ngalam dunya.
saya kerasa jro galih, Surawijaya miyarsa, kyai guru wirayate,
kawula   nuwun   sumangga,   iang   sakarsa   mrediya,   nadyan
bentusna ing gunung, jegurena ing samudra.
sakit   pejah   tan   gumingsir,   lan   inggih   sampun   precaya,   ulun
lumiring  sapangreh,  kyai guru   wecana,  sukur   setya   ing  kula,
lah mangke carita ingsun, bongsa gelar myang ngibarat.
milane sun ngibarati, jatining makripatullah, tan kena kawruh
ambelok,  sangking   ing   netra   kapala,  amung   sangking   sarasa,
sarasa pangawruh putus, lan sangking dalil nistura.
krana santri sami ngaji, amrelu makripatullah, ngiket lan jur
pakartine,   pu8wara   kalunta   lunta,   kayungyun   terkib   sakhat,
kaliwatan ing pangrungu, ruruba gung kang pinanggya.

87.

Surawijaya   tur   neki,   kang   mengkaten   pariwara,   punapa   tan
nedahake,   babaku   kang   ing   ngupaya,   temah   kalingga   nata,
wecana kyai guru, yekti guru wus amawas.
88. jembar   rupeke   kang   lagi,   ngupaya   bisaning   basa,   tan   kenisi
nami   kang   wong,   lamon   guru   boten   nimbi,   momotaning
wawadhah, angger wong bae jinuju, arane wong siya siya.
89. pama   cindhil   den   wenehi,   pangane   padha   lan   gajah,   mangsa
kuwata   tutuke,   sumawana   kadi   desa,   cilik   kanggonan   raja,
nora mulya malah ajur, milane ngangge timbangan.
90. yen  kita  yun  angawruhi, jejere  makripatullah, ingkang  samya
pinipadon,   dunung   wiwitan   agama,   anak   langkung   prayoga,
nanging den awas ing kalbu, sesirikaning makripat.
91. ati linyok ati sakit, katrine ati palastra, lan makripatullah adoh,
wijang   wijange   sun   jarwa,   ati   linyok   adarbya,   wong   kang
munapek sedarum, munapek bangsaning khewan.
92. dadine   manungsa   lapli,   khewan   maknawi   tegesnya,   nyata
manungsa wujude, ananging pambekan khewan, tangeh wruh
kira kira, nyerkutu sumingkir ngurus, dene mungguh ati lara.
93. wong   pasek   ingkang   darbeni,   pasek   bangsa   mina   setan,
manungsa   lapli   larane,   setan   maknawi   kawangwang,   nyata
wujud   manungsa,   pambekane   setan   wutuh,   karem   sasar
ambelasar.
94. anapon ran ati mati, wong kapir ingkang kanggona, khewan lan
setan bangsane, insane akis kawistara, nyatu wujud manunga,
ambek khewan setan juhut, drengki dakwen panastenan.
95. ana   dene   ingkang   sidi,   ati   tawajuh   nisthaya,   wong   mukmin
salih   kang   duwe,   iyeku   bongsa   mukhamad,   ingkang   kawawa
tampa, sasmitanireng Sukmagung, pracihna makripatullah.
96. yen   bisa   bengkas   ing   tyas   tri,   wruh   pembabaring   kasidan,
lestari trang panuggale, dat kang sumorot ing ngalam, sarta dat
kang   nistura,  ywa  andika   salah  surup,   ingngriku   kalangkung
pragya.
97. lamon sisip  nyekuthoni,  sotaning  dat  kang pratistha, yen tan
wruh   wijang   wijange,   akeh   madeg   kapruitan,   wejange   tuna
dungkap, siswane nora anggayuh, jejering dat kang samep.
98. edate loatipun urip, tan catinatrap sarasa, yen mengkana uripa
ingong, iku sanyatane Allah, lah iya urip kita, anane dumunung
wujud, yen mengkona wujud kita.
99. kanyatahan  Maha   Suci,   mengkoten   penganggep  salah,   sulaya
lan   pathokane,   yekti   tan   pinanggyeng   ngakal,   kiyammubin
napsiha, Allah jumenenge tamtu, pribadi tan lawan liyan.
100. mummasalah lilkhawadis, prabeda sakeh kang anyar, eh anak
den ngatos atos, kaliwat pakiwuh gawat, doning makripatullah,
yen uga kabeh rinengkuh, jejer wong kejaba riyah.
101. yen datan ngrasa duweni, niku jejer kadariyah, lamon parengan
rengkuhe, dumadya wong mutajilah, Surawijaya myarsa, jedheg
kewedan jro kalbu, umatur paran kang yogya.

102. nuwun   pamulang   kang   pasthi,   kamantyan   limut   nistuda,
ambebana   anggen   anggen,   kyai   guru   lon   manabda,   keh
ngibarat trangena, kang tumiba ing pandulu, gandhengen lan
budinira.

PUPUH IV MEGATRUH
1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.
11.
12.
13.

samantuke   bujang   nora   tutur   tutur,   sinamar   ajrih   menawi,
kang   nglewat   tumekeng   lampus,   mbok   dadi   seksi   prekawis,
mengkana ciptaning batos.
nadyan mati jer karepe pribadyeku, inyong mung darma nuruti,
angger aja na wong weruh, mongsa ta inyong tinarik, kuneng
ingkang winiraos.
wau   Surawijaya   kang   ngajab   lampus,   tapa   ngluwat   jroning
bumi, pejuritan gyaning dhusun, estu datan malih kapti, tekad
anggeleng gumolong.
anglanglangi   wilangan   lingling   wulangun,   nguni   pariwara
sangking,   kyai   Mukhamad   yusup,   lan   kyai   jaiman   warsit,
tinemen ngluwes suraos.
ya   sarasa   ngusakara   kara   murub,   kang   rumarab   ngirib   irib,
rurupan   bang   reng   pingul,   kundhi   kuning   pinanduk   kenapi,
tegese brastha tan tinon.
krana rusak mungguh saka kehing luk, amung wajahe ywang
widi,   langgeng   ing   kahananipun,   iyeka   isbat   kinesthi,   enir
paningal pasal ro.
jroning ngurip lir panjutaba swareku, tistheng kundha gedhah
rempid,   datan   kanginan   sapangu,   sayekti   datan   maletik,
wisuda denya mencorong.
pencoronge   amandeng   wajibul   wujud,   byukta   pamejang
rumiyin,   kyai   Mukhamad   yusuf,   atarkumusiwalahi,   illalah
panuksmaning den.
dupi   sampuning   sal   tri   dasa   nem   dalu,   pitulunging   ywang
mranani,   pracihna   bawa   tumanduk,   mring   sujalma   kang
darbeni, pomahan sinasmita non.
swara   sidi   murcita   jroning   ngaturu,   eh   eling   eling   den   eling,
nalagati yen sira yun, ilang nggonira asakit, entasen jalma kang
ngandon.
nglawat aneng karangmu sasirih kidul, ngingsor bendha ageng
inggil,   wimba   saranen   satuhu,   dadi   serana   usadi,   purna   jiwa
anak bojo.
nalagati   kaget   tangi   tyas   gegetun,   apa   ta   andara   dasih,
sajroning turu ngong krungu, swara pitutur dumeling, ing kono
kidul ana wong.
tapa ngluwat dak delenge alanganggur, sukur yen temen kang
kempi, baya pitulung ywang agung, menawa iya sayekti, ketara
sariraning ngong.

14.
15.
16.
17.
18.
19.
20.
21.
22.
23.
24.
25.
26.
27.
28.
29.

ngrasa   entheng   kyai   naladipa   gupuh,   dandan   pacule
cinangking, lendhang lendhang kesah ngidul, ngingsor wreksa
bendha prapti, ana siti anyar katon.
kang kinaryo ngurugi luwang wus temtu, bungah kyai Nalagati,
andara   dasih   impenku,   nulya   urug   urugan   siti,   binuwang
wonten sayektos.
jalma   siki   angluwat   tinon   wus   layu,   sawang   layon   wondha
putih,   Nalagati   lon   matur,   shuh   sang   mangun   tarak   brangti,
lilanana sarira ngong.
yun   mondhonge   sampyan   kula   bekta   mantuk,   mring   wisma
kawula inggih, lan boten niyat cipta dur, ming sangking mirma
ningali, menawi kelajeng layon.
sawusira matur gya ingangkat mantuk, sinarekaken aririh, ing
amben sayana alus, kajang sirahnya rumanti, datan usik sang
wirangrong.
nulya   kinutugan   kukus   sekul   biru,   lathi   kinecer   jruk   bayi,
palaling ywang dangu dangu, purneng bayu wus bisa sik, sang
tapa gya lenggah alon.
Nalagati   sanalika   sakitipun,   waras   lan   saanak   rabi,   samya
ngadhep munggeng ngayun, Surawijaya ngling aris, paman lir
paran kang wados.
mangke badan neng ngriki dumunung, lan paman sinten kang
nami,   alon   denira   umatur,   kawula   pun   Nalagati,   pemahan
ngriki kang manggon.
nuwun pirsa sampeyan sinten jujuluk, nauri kula tyang miskin,
Surawijaya   nganingsun,   ambelayar   tanpa   panti,   ngupaya
marganing layon.
ngasih   asih   nalagati   aturipun,   angger   sampun   ngajap   lalis,
limrahing titah tumuwuh, nandhang  papa sawetawis, menawi
karya panyepo.
sinten priksa kamulyan tembe pinangguh, mila sayogya ginalih,
kang amurih reh rehayu, pinuwun kawula mangkin, wontena
ngriki kimawon.
amulihken   sarira   ing   risakipun,   sakadar   kula   tyang   alit,
sakuwaos   kados   gaclug,   ngladosi   saka   puranti,   kamirahan
ywang sukmanon.
lamon   sampun   purna   sumongga   sakayun,   kawula   jumurung
puji,   Surawijaya   ngling   arum,   gih   paman   tarima   mami,
kawlasan dika maring ngong.
moga   Allah   paring   wales   tyas   kang   tuhu,   karahayon   ngawal
akhir, luwih kapaotangan ingsun, gih pinten bara ing benjing,
bisa mangsulken tyas batos.
ya ta lami Surawijaya dumunung, pejuritan ngusadani, risake
sariranipun, nalagati jalu estri, sanget nggenira gumatos.
winursita   kalih   condra   pulih   sampun,   sarira   seksana   amit,
akarsa   nutugen   laku,   nalagati   managastuti,   sarta   ngaturi
pisangon.

30.
31.
32.
33.
34.
35.
36.
37.
38.
39.
40.
41.
42.
43.
44.
45.

werni   karan   winadhahan   usus   usus,   kolor   saruwal   rumanti,
manis jangan tunggilipun, kayu legine sakedhik, saruwal sigra
ing nganggo.
nulya mangkat Surawijaya lumaku, mangilen angambah tegil,
tindakira   kapirangu,   yatneng   tresna   nalagati,   ngungut   sanget
ing gumatos.
nekuk   ngidul   anjog   kisik   samudra   gung,   setya   dereng   niat
mulih,   mring   kutha   sayaseng   dangu,   kacaryan   reh   ta   kitaki,
tumutur telenging batos.
malak mandar wimbuh ardanireng kayun, sumuksa mertapeng
wukir, sedene gutho kasamun, mangayu bagyanig budi, dadiya
lena linakon.
nurut kisik mangilen lumampah darung, ngemut karag tomba
salit,   surating   baskara   mepu,   wanci   madya   lir   gesangi,
sangsareng jiwa tan tinon.
langkung   denya   amemati   raganipun,   wus   liwat   ing   cingcing
guling, trus pasthi maminggah gunung, anrang pringga wukir
kancik, kathah kapranggul buburon.
sato   wana   anggiwar   tan   ana   ganggu,   sarpa   lodra   jalu   jalu,
kapethuk nyimpang lumayu, mong bantheng menjangan kancil,
katerak malumpat bekos.
yen   kaleson   reren   sangisor   wreksa   gung,   yen   arip   turu
gumlinting,   ngangge   karang   ngulu   watu,   jroning   tyas   cinipta
guling, sanengti lampus pakaot.
sota   nikmat   mahywa   panarima   mungguh,   tangi   turu   gya
lumaris, tan ngangge milih delanggung, nasak wit saparan sikil,
mungguh tumurun jurang jro.
murang   marga   angambah   kang   siluk   siluk,   kesangsang
sangsang   penjalin,   tarwiyang   tansaya   wimbuh,   giranging   tyas
tandu ngancik, laladan ing karang bolong.
kehing guwa guwa den ungak sedarum, tan ana den kasenengi,
karya asrama manungku, de guwa ngungkung udadi, dedalane
gawat elok.
guwa karangbolong writ angker kelangkung, keh durbiksa mrih
durniti, gegodha memurung tuwuh, yen wantah sayekti baring,
binabidhung ing gendruwo.
rehayune   keneng   mala   budheg   bisu,   suwung   ati   tuna   budi,
badan kurus weteng busung, bosok kulit daging mamring, kari
tulang dadi jrangkong.
nanging   mungguh   manungsakang   ingsi   ngelmu,   ngelmu
makripatullahi,   dhasar   nistuda   tawajuh,   binusanan   tarak
brangti, tarbukeng tyas waskitheng don.
sinung   kalis   durmalaning   setan   juhud,   sasedyanira   lestari,
prabawa bakuh tumangguh, was ketir ketir swwuh enir, nerak
pringga baya wutoh.
lajeng   denya   lumaksana  alas  rungkud,  ing  blang   konang  den
unggahi,   dangu   lumingling   mangkya   wruh,   guthoko   jro   tinon
dani, wenimbuken kencana los.

PUPUH V MASKUMAMBANG
1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.
11.
12.
13.
14.
15.
16.
17.
18.
19.
20.
21.
22.
23.

aran   guwa   menganti   sinawang   edi,   wiwara   bawera,   anulya
dipun lebeti, margane rumpil kabina.
pan tinurut ginagap gagap ing sikil, lelumut kumeclap, kadi tan
bangkit lumaris, padhas dhedasaring marga.
sanalika Surawijaya manganggit, darpa nrak babaya, yen wania
maring gampil, jrih angel wurung panyipta.
esthining reh sngel atanapi gampil, kaantep sajuga, ing purwa
punapi, jer kita kang bedakena.
dadya saya sengkud denira lumaris, rarasing pandriya, binudi
dadya mranani, malar mimbuhi subadya.
wusing   prapta   jro   guthoka   amiyarsi,   ywah   amara   wayan,
nanging ta datan kaeksi, sangking limut lamat lamat.
mung   pengrasa   kang   karasa   mracihnani,   nian   sidyanira,
Surawijaya mertapi, munggeng sela sumayana.
tapa   linggih   amadhep   karseng   suksmadi,   asta   kering   kanan,
tumumpang ring pupu kalih, mresing tyas anglebur rasa.
iya rasa kang angraras asma kalih, kang purwita jasa