SULUK GATOLOCO

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

1

SULUK GAT OLOCO
Ngemot piwulang sangkan paran dumados tuwin bebener
Gatoloco ngemot piwulang babagan sangkan paraning
dumados. Ananging, Gatoloco mboten saget dipun dhudhah
kanthi lambaran Islam wantah jalaran ing Gatoloco kenthel
sanget werna sinkretisme-nipun.
Gatoloco anyariyosaken bantahipun Gatoloco tandhing
kaliyan Dewi Perjiwarti lan dados lambang pamoring jalu
wanita,
patrap
pratingkahipun
asmaragama
tuwin
dumadosipun wijining manungsa.

Dhudhahan Sul uk Gat ol oco puni k a adhedhasar buk u

Gat ol ot jo i ngkang k ai mpun deni ng RM Suwandi i ng
Surak art a l an k awedal aken deni ng Penerbi t T an Khoen
Swi e, t aun 1954. Kat ambah k at rangan i ng buk u T afsi r
Gat ol oco , anggi t anipun Joko Su’ud Suk ahar , wedal an
Wuwung Sur abaya .
Suluk Gatoloco anyariyosaken lelampahanipun manungsa
ingkang awon rupinipun tuwin awon ugi pratingkahipun.
Manungsa punika nganggep pribadinipun dados lelananging
jagad, lan ugi nganggep pribadinipun minangka tiyang
kakung ingkang mumpuni.
Jejeripun Gatoloco inggih nedahaken pribadi ingkang ndudut
raos eram. Wasis micara, nguwaosi ngelmu filsafat tuwin
pinter madani utawi ngece asanes. Kathah tiyang ingkang
ngakeni bilih Gatoloco punika tiyang ingkang pinter lan
linuwih ngelmunipun.
Ananging amargi pratingkah tuwin tumindakipun ingkang
tansah lelandhesan sipat umuk, adigang, adigung lan
adiguna, wusana ndadosekan tiyang sanes mboten saget
ngajeni Gatoloco. Saksitena kemawon ingkang mangertos
sinten Gatoloco limrahipun milih mboten pinanggih kemawon.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

2

Gatoloco ingkang dados paraga ing suluk utawi serat punika
mujudaken tiyang ingkang kinurmatan. Gatoloco ing serat
punika mujudaken putranipun narendra ingkang cacat
badanipun.
Gatoloco medal saking karaton lajeng ngulandara kangge
ngudi sejatining dhiri. Ing lampah ngulandaranipun
dipunkancani abdi dalem nama Darmogandhul ingkang ugi
gadhah kawasisan ingkang pinunjul.
Darmogandhul abdinipun Gatoloco punika
nggadhahi
kalangkungan ing ngelmu sihir lan ugi gadhah kalangkungan
daya kasekten ingkang linuwih. Mbokmenawi inggih jalaran

saking punika ingkang ndadosaken Gatoloco rumaos dados
tiyang kakung lelananging jagad.
Miterut andharan ing buku Tafsir Gatolotjo, karyanipun Joko
Su’ud Sukahar, wedalan Wuwung Surabaya, Gatoloco punika
menawi dipunpirid sami tegesipun kaliyan darmogandhul. Ugi
sami kaliyan lingga utawi planangan.
Pralambang punika limrah kaginakaken ing kasusastran
Jawi, minangka pralambangipun wadi, rasa pangrasa lan
naluri. Sanesipun punika, ugi minangka lambang daya mistis,
sakral lan jujuripun manah.
Wonten sadhengah pamanggih babagan sinten ingkang
nganggit Suluk Gatoloco. Wonten ingkang nyebat asma
Soerjanagara, wonten ingkang nyebut Raden Ngabehi
Ranggawarsita, ananging wonten ugi ingkang nyebut punika
anggitanipun priyayi ing Kediri.

Gatoloco pinanggih kyai saking Pondhok Rejasari
Cariyos ing Suluk Gatoloco kawiwitan ing negara gung gemah
ripah tata raharja karan Jajarginawe. Negara punika
dipunkuwaosi dening ratu ingkang kondhang mumpuni ing

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

3

guna kasantikan, nyakup agal lan lembut. Ratu punika
peparab Suksmawisesa.
Nuju satunggaling dinten kacariyos Sang Sri, inggih
prameswarinipun, sampun peputra. Bayinipun sajuga jalu
werninipun, bungkik cilik sirahipun, katon bundhel kulit
mbesisik, bawuk sarta abangkak, tanpa netra irung,
karemanipun namung tilem sadinten-dinten.
Danguning-dangu, Sang Sri mboten kiyat gesang kaliyan
ingkang putra (salajengipun peparab Gatoloco). Ingkang putra
lajeng katundhung, kapurih tapa gentur ing papan sepi
ingkang
karan

Waringinsungsang.
Kesahipun
kairing
abdidalem
nama
Darmagandhul.
Dedeg
piyadegipun
Darmagandhul ugi mboten becik.
Mboten kagungan kuping, lemo lan menawi tilem kadidene
pejah, tanpa otot lan balung sedya mbelani gustinipun.
Tapanipun tapa ngalong, gumandhul ing pang ing
Waringinsungsang. Sasampunipun mertapa salaminipun 21
taun panyuwunanipun katampi dening Hyang Ingkang
Murbawisesa.
Putranipun ratu ingkang katundhung punika lajeng
kasinungan wahyu baud, nyrekal mring samining jalma, tan
nggegulang mring wicara langkung wasis, tan sinau nanging
lebet ilmunipun. Amumpuni dhumateng sakathahing sastra.
Salajengipun nyuwun idi palilah saking ingkang rama, sedya

alelana, nuruti sakayun, lan ingkang rama ugi nglilani.
Lampahipun alelana nurut derenging ati, kalunta manut
jantraning ati. Salaminipun mlampah alelana, Darmagandhul
sedhih sanget jalaran gustinipun punika remen madat lan
minum, menawi dipunaturi malah ndukani.
Gantos cariyos, wonten tigang kyai ing Pondhok Rejasari.
Tetiganipun kasinungan ilmu ingkang wiyar. Kathah santri
ingkang sinau dhateng para kyai punika. Salebaripun subuh,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

4

kyai tiga wau gantos sandhangan jalaran badhe alelana.
Lumebet wekdal pajar
rahina,
tetiganipun

mangkat
sesarengan.
Wonten nenem siswa ingkang ngiringi lampahipun tigang kyai
wau. Para siswa punika ambekta ubarampe sangu ing lampah
alelana. Wonten ingkang mbekta sajadah tuwin kitab ingkang
gungggungipun wonten 40 iji. Para kyai tuwin siswa
pangiringipun punika sedya sowan dhateng satunggaling
pondhok ing Cepekan.
Tigang kyai saking Rejasari sedaya sami mlampah nuju arah
kilen. Sasampunipun sawetawis wekdal lajeng ngaso ing
pinggir ratan sangandhapipun wit ringin ageng. Nalika tigang
kyai saha siswanipun ingkang ngaso punika sami dikiran,
saking katebihan ketingal wonten tiyang ingkang mlampah.
Dedeg piyadegipun tiyang punika alit, rambutipun kriting,
praupanipun kucem, mripatipun kera, kekalih alisipun
gathuk, irungipun pesek, tutukipun alit. Tiyang ingkang awon
wujudipun punika mbekta teken saking pring tutul ingkang
dipungosok, werninipun belang abrit. Alon-alon tiyang punika
nyaket dhateng papan dunungipun kyai saking Rejasari.


Gatoloco medhar andharan werdinipun gesang

Alon-alon Gatoloco lenggah ing sacelakipun tigang guru,
inggih kyai saking Rejasari. Gandanipun karaos apek lan
sangit sanget.
Nanging para kyai saking Rejasari punika mboten tumindak
punapa-punapa. Para santri ingkang ngiringi lampahipun ugi
ngraosaken ganda apek lan sangit saking badanipun
Gatoloco.
Tanpa nyuwun idi palilah saderengipun, Gatoloco lajeng
mundhut rokok lan lajeng dipunsumet. Sedaya santri ingkang
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

5

nembe ngaso lajeng karaos keblebeken jalaran peluk rokok

ingkang sangit sanget gandanipun. Tigang kyai saking
Rejasari
lajeng
waspada
sasampunipun
nguningani
tumindakipun Gatoloco ingkang tanpa trapsila punika.
Salah satunggaling kyai lajeng guneman lirih ingkang wosipun
inggih nembe sepisan punika pinanggih titah ingkang
wujudipun manungsa nanging mboten gadhah tatakrama lan
trapsila. Wonten santri ingkang klesik-klesik wicanten menawi
punika sanes manungsa, wangunipun langkung limrah
menawi turunipun brekasakan utawi wewe.
Gatoloco ingkang mireng sedaya
rasan-rasan
tuwin
klesikanipun tigang kyai lan santri-santrinipun mboten
rumaos punapa-punapa. Piyambakipun sampun dangu
nglelatih pribadinipun murih saget nebihi sedaya raos nikmat
ing

alam
donya.
Nanging
danguning-dangu,
watak
manungsanipun rumaos mboten narimakaken sedaya
panacat saking tigang kyai lan santri-santrinipun punika.
Kangge nglelipur manahipun, Gatoloco lajeng mundhut
simpenan candu lajeng dipuntedha ngantos telas sedaya.
Candu lajeng rumesep ing kulit, daging, tenaga, balung lan
sumsumipun. Daya pangaribawanipun wangsul malih.
Praupanipun malih dados langkung sabar. Tigang kyai saking
Rejasari gumun sanget awit owah-owahan punika.
Salah satunggal saking rombongan ingkang badhe tumuju
dhateng papan dunungipun Kyai Hasan Besari punika lajeng
aruh-aruh dhateng Gatoloco. Sareng dipunwangsuli bilih
piyambakipun asma Gatoloco, tigang kyai dalah santrisantrinipun sami gumujeng. Tembung gatoloco punika
mboten sanes aran peranganipun badan manungsa kakung,
inggih planangan.
Kyai Guru saking Rejasari ngandharaken dhateng Gatoloco

bilih asma Gatoloco punika awon sanget. Saru sanget, haram,
najis lan makruh. Punika ugi kalebet asma ingkang
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

6

mbilaheni. Asma ingkang boten pantes. Gatoloco lajeng
gumujeng sasampunipun mireng andharanipun Kyai Guru
saking Rejasari.
Salajengipun kalih pehak punika, inggih Gatoloco kalawan
tigang kyai tuwin santrinipun saking Rejasari lajeng adu
ngelmu babagan gesang lan panggesangan. Lan wusana,
Gatoloco paring cangkriman babagan werdinipun gesang
dhumateng para kyai lan santri punika.
Cangkrimanipun ngginakaken pralambang wayang purwa.
Gatoloco nyuwun para kyai tuwin santri saking Rejasari
punika sinten ingkang saget ngandharaken ing antawisipun
dhalang, wayang, kelir lan lampu blencong ing pakeliran
wayang punika sinten ingkang langkung sepuh.

Suluk Gatoloco (Perangan IV)
Jagad pewayangan punika
manungsa

gegambaran

gesangipun

Ahmad Arif mangsuli pitakenanipun Gatoloco bilih ingkang
sepuh piyambak mboten sanes kelir. Saderengipun wonten
dhalang lan wayang, ugi saderengipun lampu blencong
dipunpasang, kelir sampun wonten langkung rumiyin.
Abdul Jabar, inggin rencang nunggil lampah kaliyan Ahmad
Arif, mboten sarujuk kaliyan pamanggihipun Ahmad. Miturut
Abdul, ingkang sepuh piyambak mboten sanes inggih
dhalang. Wontenipun kelir, wayang tuwin lampu blencong
jalaran
pakartinipun
dhalang.
Dhalang ugi ingkang
ngobahaken wayang, mbabar cariyos tuwin sanes-sanesipun
ing satunggaling pakeliran wayang.
Kyai Abdul Manap mbiji menawi pamanggih kalih santrinipun
punika sedaya mboten leres. Miturut Kyai Abdul, kekalihipun
dereng mangertos werdinipun cangkriman saking Gatoloco
punika. Kedahipun mboten prelu ngginakaken ngelmu
ingkang inggil kangge mbedhek cangkriman punika.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

7

Kyai Abdul nelakaken bilih ingkang sepuh piyambak mboten
sanes inggih wayang. Jlentrehipun saged kapirid saking
tetembungan ”nanggap wayang”. Menawi wonten satunggaling
tiyang ingkang badhe nanggap wayang, upaminipun tigang
wulan sakderengipun dinten tanggapan, ingkang karan
dhalang, kelir, blencong cetha dereng wonten, nanging
tembung wayang sampun dipunginakaken, inggih ing
rancangan nanggap wayang punika.
Gatoloco ingkang mireng tigang warni pamanging wau lajeng
gumujeng, sajak ngece. Sukunipun jegang, lajeng kadosdene
satunggaling ngalim ulama ingkang medhar andharan
piyambakipun
njlentrehaken
ingkang
dipunkajengaken
babagan wayang, kelir, blencong tuwin dhalang.
Gatoloco nelakaken bilih ingkang sepuh piyambak mboten
sanes lampu blencong. Menawi kelir sampun dipunpasang,
gamelan sumadhiya, dhalang sampun lenggah, pangrawit
sampun siyaga kangge nabuh gamelan, nanging tanpa
ubarampe lampu blencong papan pagelaran wayang taksih
peteng ndhedhet.
Ing kahanan kados makaten, dhalang mboten badhe purun
mbabar wayang, warga ingkang nonton ugi mboten purun
nglumpuk. Werninipun wayang ingkang nggambaraken
watak-watakipun wayang ugi mboten saget kababar. Jalaran
taksih peteng, mboten saget kadulu. Menawi lampu blencong
sampun dipungesangaken, cahya sumunar madhangi papan
pagelaran wayang. Keliripun saget kadulu saking ngandhap,
nginggil, kiwa tuwin tengen. Simpingan ugi katon cetha. Ki
dhalang ing ngandhap kelir badhe langkung gampil kangge
nintingi saben wayang. Para pangrawit ugi namung nengga
aba-aba kangge nabuh gamelan. Sedaya wau jalaran saking
lampu blencong. Dados, miterat Gatoloco, lampun blencong
ingkang sepuh piyambak.
Kosok wangsulipun, menawi lampu blencong sampun pejah
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

8

sedaya dados sepen, kahanan kados pejah. Kahananipun
kadosdene nalika tiyang dereng lair, gung liwang-liwung,
suwung, mboten wonten punapa-punapa. Kelir tegesipun
raga. Wayang mujudaken suksma sejati. Dhalang punika
gegambaran Rasul Muhammad SAW, lampu blencong pitedah
ing gesang, pepindhanipun Gusti Allah.

Suluk Gatoloco (Perangan V)
Gatoloco aben ilmu kalawan kalih tiyang ngarit
Gatoloco
sansaya
pethakilan
sinambi
njlentrehaken
werdinipun gesang lumantar pralambang blencong, kelir,
wayang lan dhalang. Tigang guru saha nenem santri dangudangu rumaos mboten remen dhumateng pratingkahipun
Gatoloco.
Salajengipun para kyai lan santri kalawau lajeng nilaraken
Gatoloco ingkang taksih kathah-kathah ngandharaken
werdinipun gesang ing pralambang jagad pewayangan.
Gatoloco ingkang dipun tilar lajeng misuh-misuh, watukwatuk sinambi pethangkringan sakajengipun piyambak.
Sasampunipun para kyai tuwin santrinipun nilar papanipun
Gatoloco, piyambakipun taksih nglajengaken winatencipun.
Mboten mawas menawi mboten wonten sinten-sinten ingkang
mirengaken, piyambakipun tetep nglajengaken andharanipun
babagan gesang tuwin panggesangan.
Mboten ing papan Gatoloco ingkang methangkring sinambi
kekojah babagan tapsiran gesang tuwin panggesangan ing
wayang, dumugi kalih tiyang, sedaya kakung, ingkang nembe
ngarit. Kekalihipun mbeta arit, ngangge blangkon lawas, clana
kolor ngandhap dhengkup, ugi ngangge topin pandhan ing
sepalihipun sampun gripis, gapuk.
Tiyang
kalih
ingkang
nembe
ngarit,
pados
tuwin
nglempakaken rumput punika, lajeng lenggah ngaso ing
sangandhapipun wit ringin papanipun Gatoloco ingkang
nembe pethangkringan. Kalih tiyang wau nama Suto lan Noyo.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

9

Patrapipun kekalihipun memper Gatoloco, lenggah jegang.
Saking suwalikipun clana kolor Suto lan Noyo ngedalaken
mbako. Mawi klobot jagung lajeng dipunlinting dados udut.
Kekalihipun sinambi guneman ngrembag owah-owahan
mangsa. Pelukipun udut ingkang dipundalaken dening Suto
lan Noyo wusana dalem Gatoloco watuk-watuk. Gatoloco
lajeng misuh-misuh sakajengipun piyambak.
Dening Suto dipunsaruwe bilih wicantenipun Gatoloco
mboten salimrahipun manungsa. Gatoloco mangsuli menawi
piyambakipun njarag dados manungsa ingkang boten limrah
punika. Gatoloco nandhesakan amargi mboten limrah punika
ateges benten kaliyan manungsa sanesipun ingkang mboten
gadhah ngelmu. Lan saking patrap makaten lajeng
nuwuhaken sikep sembrono, nurut dalil tanpa asil, namung
mburu remein ing raos tuwin ilat.
Mireng wangsulanipun Gatoloco ingkang mboten kanyananyana punika, Suto lan Noyo murina. Nanging saben
mangsuli utawi nyaruwe punapa ingkang dipuntelakaken
Gatoloco, Suto lan Noyo tansah nampi pawangsulan saking
Gatoloco ingkang mboten kanyana-nyana. Wusana, Suto lan
Noyo murina sanget lan lajeng nggetak Gatoloco. Suto lan
Noyo nganggep bilih Gatoloco punika mboten sanes tiyang
ingkang mboten genep.
Ing kahanan sami-sami murina, wusana Suto, Noyo lan
Gatoloco lajeng aben ilmu babagan tapsiran gesang tuwin
panggesangan. Sasampunipun guneman sawetawis wekdal
katambah gentosan misuh-misuh, Suto lan Noyo lajeng
mastani bilih Gatoloco punika sampun kumawantun ngrusak
agama. Nanging Gatoloco nanggapi bilih agama punika
mboten saget dipunrusak. Sampun tinakdiraken dening
Hyang Widhi bilih agama punika ageming aji. Agama badhe
risak menawi namung mlebet ing lisan.

Suluk Gatoloco (Perangan VI)
Para kyai saking Rejasari dumugi ing Cepekan
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

10

Dhumateng Suto lan Noyo, Gatoloco nandhesaken bilih agami
punika bebas. Sinten kemawon tiyang saget milih lan milah
agami, jumbuh remen lan mbotenipun piyambak-piyambak.
Agami China menawi linambaran tulusing lair lan baton,
miterat Gatoloco, saget katampi. Menawi pengin mangertos
surasanipun agami, inggih punika agami ing nurut raos lan
saget dipun raosaken ing manah.
Dereng rampung Gatoloco anggenipun kathah-kathah medhar
andharan, Suto lan Noyo, sampun nilar papan punika.
Ewadene Gatoloco nganggep kesahipun Suto lan Noyo ateges
kekalihipun mboten saget ngawonaken ilmunipun.
Gatoloco ingkang kuru lan reget sanget badanipun punika
lajeng gumjeng lakak-lakak. Lelananging jagad punika lajeng
methingkrang malih sinambi nelakaken pisuhan saking
tutukipun.
Ing kahanan piyambakan, Gatoloco nglajengaken mbabar
sedaya pikiran ingkang nggubel jiwanipun. Nalika sunaripun
srengenge sansaya benter, Gatoloco lajeng nglajengaken
lampah sinambi nembang. Suraosipun tembang ngemu
werden babagan alam saisinipun.
Gatoloco rumaos remen. Anggenipun mlampah kados
pratingkahipun lare alit. Dumudi enggok-enggokan, Gatoloco
mlebet ing gerdhu. Pityambakipun lenggah jegang sinambi
udut. Badanipun dipunklekaraken ing gerdhu lan rumaos
gatel, lajeng kukur-kukur sinambi udut.
Ing perangan sanes, wonten ing Cepaken, sawijining pondhok
ageng papanipun para santri ngaji, pangarsaning pondhok
inggih kawentar sanger. Kyai punika asmanipun Kyai Hasan
Besari.
Piyambakipun ulama ingkang linangkung. Dipun tiru lan
dipun gugu dening para santri. Santrinipun wonten 300.
Asalipun saking pundi-pundi papan ing tanah Jawi. Saben
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

11

lebar Isya, sasampunipan solat sesarengan, sedaya ngaji. Kyai
Hasan Besari lajeng mucal babagan fekih tuwin tapsir.
Santrinipun maneka werni. Wonten ingkang nembe nyinau
suraosipun Kuran. Wonten ingkang ngapalaken Kitab Sitin.
Nanging wonten ugi santri ingkang mboten pana. Santri
ingkang sampun saget nguwaosi Kuran umumipun lajeng
misah saking santri sanesipun.
Mboten sakedhik santri ingkang lajeng wantun aben ilmu
kalawan Kyai Guru Hasan Besari. Ananging sasampunipun
dipun dunungaken sedayanipun dening Kyai Guru, para
santru lajeng mangertos wonten pundi luput lan klentunipun.
Sawijining wekdal, wonten kalih santri ingkang marak sowan
dhateng Kyai Guru. Kekalihipun mratelakaken bilih wonten
dhayoh, inggih punika tigang kyai saking Rajasari kairing
para santri cacah nenem.
Para kyai tuwin santri saking Rejasari sasampunipun ngaso
lan pinanggih Kyai Hasan Besari lajeng nyariyosaken
pengalaman pinanggih Gatoloco. Mireng cariyosipun para kyai
tuwin santri saking Rejasari, ing manahipun Kyai Hasan
Besari tuwuh pitakenan sinten sayektosipun Gatoloco punika.

Suluk Gatoloco (Perangan VII)
Kyai Hasan pengin aben ngelmu kalawan Gatoloco
Sasampunipun mireng sedaya cariyos lelampahanipun para
Kyai tuwin santrinipun saking Rejasari nalika pinanggih
Gatoloco, Kyai Hasan Besari dados duka. Kyai Cepekan
punika rumaos dipun enthengaken dening pratingkahipun
Gatoloco.
Kyai Hasan Besari rumaos sedaya ngelmu Jawa, Walandi,
China, Turki, Kamboja, Hindu, Benggala, Keling lan sanessanesipun sampun dipunkuwaosi, kawengku ing wadhah
ngelmu Arab. Sedaya ngelmu punika, kalebet ngelmu Jawi,
sampun dipun kuwaosi Kyai Hasan Besari.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

12

Wusana, Kyai Cepekan punika gadhah niyat badhe manggihi
Gatoloco samangsa tiyang ingkang awon wujudipun nanging
”inggil” ngelmunipun punika dumugi ing Cepekan. Kyai Hasan
Besari sedya badhe nyuwek lambenipun piyambak menawi
mboten saget ngawonaken Gatoloco ing aben ngelmu lan
mboten saget damel lingsemipun Gatoloco.
Sunaring surya sampun wiwit madhangi bumi, ing wanci
enjing. Sasampunipun solat subuh, tigang santri kadhawuhan
ngupadi dunungipun Gatoloco. Kyai Guru paring dhawuh
bilih Gatoloco kedah dipun panggihaken lan saksaget-saget
kedah dipun peksa supados purun manggihi Kyai Hasan
Besari.
Sasampunipun mlampah sawetawis jam, tigang santri
utusanipun Kyai Guru dumugi ing Kutha Pungkut, kutha
papanipun candu. Mlebet kutha, tigang santri ngatos-atos
sanget. Tigang santri wau lajeng mlebet ing griya madhat,
inggih griya papanipun tetiyang sami ngraosaken candu.
Pelukipun candu ingkang damel swasana dados remengremeng ndadosaken tigang santri sansaya ngatos-atos. Ing
griya punika kathah tiyang ingkang nesep candu ngginakaken
bong ingkang panjang sanget, sinambi lenggah sumendhe.
Wusana, tigang santri punika pinanggih satunggaling tiyang
ingkang cendhek dedegipun, bokongipun mrojol. Tigang santri
wau rumaos yakin bilih tiyang punika Gatoloco. Tigang santri
lajeng nyaket dhumateng tiyang kalawau. Nalika salah
satunggaling santri miwiti guneman kaliyan tiyang punika,
tiyang ingkang lenggah ing pojokan griya madhat punika
nyebut asmanipun mboten sanes Gatoloco.
Tigang santri kalawau sakalangkung suka ing manah, jalaran
sampun pinanggih tiyang ingkang dipunkajengaken dening
Kyai Hasan Besai. Para santri wau lajeng nelakaken
dhawuhipun Kyai Hasan supados Gatoloco purun manggihi
Kyai Hasan ing Cepekan.Gatoloco mboten suka wangsulan
sagah punapa mboten. Piyambakipun malah nyebut maneka
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

13

warna anak kewan tuwin maneka warna sekar-sekaran.
Wicantenipun Gatoloco ingkang mboten kanten-kantenan
punika nuwuhaken rasa gumun dhumateng tigang santri
utusanipun Kyai Hasan. Tigang santri wau lajeng sami
gumujeng jalaran nganggep wicantenipun Gatoloco punika
kadosdene dhagelan.
Tigang santri wau nyuwun supados Gatoloco purun mampir
dhateng Cepekan, saprelu pinanggih Kyai Hasan. Lan sepisan
malih, Gatoloco mboten suka pawangsulan punapa-punapa.
Piyambakipun namung plirak-plirik. Nanging dangu-dangu
Gatoloco rumaos dipunrusuhi dening tigang santri kalawau.
Gatoloco nelakaken bilih piyambakipun nembe wegah,
nanging menawi dipun peksa piyambakipun nyuwun
topinipun tigang santri wau badhe dipun gadhekaken kangge
tumbas candu. Lan menawi sampun mendem, Gatoloco sagah
badhe mampir lan manggihi Kyai Hasan Besari.
Sasampanupin rembagan sawetawis wekdal, tigang santri wau
mboten kawratan masrahaken sedaya topinipun dhateng
Gatoloco. Miterat petunganipun Gatoloco, topi-topi kalawau
wau menawi dipungadhekaken saget kangge tumbas candu
kalih kilo.

Suluk Gatoloco (VIII)
Gatoloco lan Kyai Hasan ngawiti bantahan ngelmu
Tigang santri utusanipun Kyai Hasan Besari mboten saget
sulaya nalika topinipun dipun gadhekaken Gatoloco lan
artanipun kangge tumbas candu.
Gatoloco nelasaken candu sinambi misuh-misuh, ngumbar
peluk ingkang damel sesek tetiyang ing sakiwa tengenipun.
Sasampunipuan tuwuk nedha candu, Gatoloco manut
pangajakipun tigang santri kalawau. Sedaya gawanipun dipun
junjung sinambi mlampah sempoyongan jalaran kekathahan
nedha candu. Ing lampah nuju Cepekan, inggih papan
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

14

dunungipun Kyai Hasan Besari, Gatoloco nglelipur dhiri
kanthi nembang.
Wosipun ukara-ukara ing tetembangan ingkang dipun
ungelaken mboten sanes nelakaken raos mongkogipun dene
Gatoloco sampun nguwaosi sakatahing ngelmu. Gatoloco
mangertos bilih piyambakipun badhe pepanggihan kaliyan
Kyai Hasan, satunggaling ngulama ingkang kawentar lan
inggih ngelmunipun. Nanging Gatoloco sedya manggihi Kyai
Hasan lan mboten gigrig menawi kedah aben ngelmu.
Wusana, Gatoloco kairing tigang santri dumugi ing Cepekan.
Ing Pondhok Cepekan para santri tuwin sedaya guru sami
migatosaken ingkang nembe dumugi, inggih Gatoloco kairing
tigang santri saking Cepekan utusanipun Kyai Hasan.
Kyai Abduljabar, salah satunggaling guru saking Rejasari,
paring pamrayogo dhumateng Kyai Hasan bilih Gatoloco
punika menawi kadulu saking wujud tuwin pratingkahipun
cetha saget kagolong najis lan mboten pantes mlebet ing
Pondhok Cepekan.
Sadumuginipun ing Pondhok Cepekan, Gatoloco nuli
kaprayogakaken minggah dhateng langgar papan lenggah.
Gatoloco lajeng lenggah madhep ngaler ngetan. Sedaya
gawanipun
taksih
dipun
cepengi
kanthi
kenceng.
Salajengipun, Gatoloco ngedalaken rek lanjeng nyumet
tegesan ingkang dawanipun sami kaliyan driji panuding.
Peluk saking tegesan punika ngambar-ambar, nyebar ganda
ingkang damel sesekipun sedaya tiyang ing sakiwa
tengenipun. Kyai Hasan lajeng ndangu sinten asmanipun.
Gatoloco mangsuli bilih asmanipun mboten sanes Gatoloco.
Kyai Hasan lajeng ndangu malih, punapa barang-barang
ingkang dipun bekta dening Gatoloco.
Gatoloco ngandharaken bilih gawanipun punika wujud
watangan, inggih watanganipun cipta pikir ingkang wening.
Ugi wonten cupak ingkang ginanipun kangge ngawekani
ngelmu ingkang luput, pangerten ingkang mboten leres.
Kabekta ugi candu tuwin ron awar-awar kangge tamba.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

15

Kathah-kathah Gatoloco ngandharaken gegayutan sedaya
gawan ingkang dipun bekta.
Kyai Hasan mbiji menawi Gatoloco sampun kumawantun
nglawan ngelmunipun. Menawi leres makaten, ateges
Gatoloco sampun kumawantun nglebur aturanipun Kanjeng
Nabi Muhammad SAW. Kyai Hasan lajeng ndangu malih,
punapa Gatoloco nulak gesang, remen pejah, mboten ajrih
menawi mlebet neraka tuwin mboten pengin mlebet swarga.
Kyai Hasan nandhesakan bilih neraka lan swarga punika
wontenipun benjang ing dinten akerat. Gatoloco nanggapi
bilih menawi benjang punika dereng tamtu wonten,
wontenipun ingging sapunika. Kyai Hasan mbiji menawi
Gatoloco sampun kumawantun mbantah pepesthenipun
Hyang Agung lan aturanipun Rasulullah SAW. Wusana, Kyai
Hasan nelakaken bilih prayoginipun Gatoloco kapidana pati,
menawi dipun jaraken gesang samangkih mesid-mesjid badhe
dados sepi.

Suluk Gatoloco (IX)
Gatoloco ngimbangi Kyai Hasan ing aben ngelmu agama
Kyai Hasan Besari mbiji menawi Gatoloco nyata-nyata
sampun
nedahaken
sikep
ingkang
cengkah
kaliyan
pepesthenipun Hyang Agung tuwin aturanipun Rasulullah.
Pramila, miterat Kyai Hasan, prayogi sanget menawi Gatoloco
dipun pejahi, jalaran menawi awet gesang samangkih badhe
ndadosaken mesjid sepi.
Gatoloco nanggapi bilih menawi badhe mejahi piyambakipun
mboten prelu ngginakaken gaman tombak utawi keris, jalaran
sapunika kemawon yektosipin piyambakipun sampun pejah.
Pejahipun kewan menika ngantos leburipun raga, pejah
garing punika pejahipun tetuwuhan. Pejahipun Gatoloco
inggih menika pejahipun hawa napsu. Dene ingkang gesang
inggih menika budi pikiripun, nalar jujuripun. Salajengipun
Gatoloco njlentrehakeh menawi sukmanipun tiyang Islam
ingkang netepi solat gangsal wekdal, kathah donganipun,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

16

netepi zakat, pasa lan sanesipun, tamtu badha katampi
dening Hyang Widi lan lumebet ing swarga.
Ananging sukmanipun tiyang kafir ingkang mbadhal saking
prentahipun Kangjeng Nabi Muhammad badhe lumebet ing
neraka, jalaran mbadhal saking tuntunan. Tiyang kafir
menika dados mengsahipun Gusti Allah. Kyai Hasan kaget
sanget dene Gatoloco saget suka andharan ingkang
yektosipun sampun kamot ing kitab Kuran.
Mangertos Kyai Hasan kaget, Gatoloco lajeng gumujeng
kapingkel-pingkel. Miterat Gatoloco, ngelmunipun Kyai Hasan
punika namung asumber saking kitab-kitab ingkang asalipun
saking tanah sabrang. Ngelmu punika sanes tilaran naluri.
Lan samangkih menawi sampun dumugi titiwancinipun kedah
kawangsulaken dhateng ingkang kagungan, inggih punika
Hyang Widhi. Kyai Hasan mbiji menawi pamanggihipun
Gatoloco punika cengkah kaliyan piwucalipun Rasulullah
Muhammad SAW. Ananging Gatoloco selak. Miterat Gatoloco
sanes piwucalipun Rasulullah ingkang dipun bantah,
ananging sanesipun. Ingkang dipun karepaken inggih
pratingkahipun manungsa ingkang namung saget ngapalaken
isinipun kitab-kitab, kalebet isinipun kitab Kuran, nanging
mboten saget nandhes ing naluri lan wusana manjing ing
sikep lan tumindak.
Kedahipun, miterat Gatoloco, ing donya mboten namung
ngucap lan ngapalaken, nyembah, komat-kamit ndonga,
ngucap alif lam, jalaran sedaya wau namung pocapan,
namung ungelipun. Ing donya kedah mangertos asalipun,
inggih gesang ngantos pejah.

Suluk Gatoloco (X)
Kyai Hasan rumaos kawon lan masrahaken kagunganipun
Kyai
Guru
Hasan
Besari
ingkang
mireng
sedaya
andharanipun Gatoloco dados duka. Kesupen dhumateng
jejeripun minangka ngulama. Kyai Hasan kepancing
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

17

kotbahipun Gatoloco. Nguningani Kyai Guru dados duka,
Gatoloco sansaya petakhilan.
Piyambakipun gumujeng lakak-lakak, rumaos marem dene
jejeripun kyai, ngulama ingkang kawentar, saget dipun giring
mrika-mriki lan mboten mangertos werdinipun ingkang dipun
rembug.
Gatoloco nelakaken bilih Kyai Hasan gesang tanpa paningal.
Padhangipun dinten jalaran saking sunaring surya. Padhang
punika ical sareng angslupipun srengenge. Dene padhanging
dalu jalaran sunaring rembulan. Kyai Hasan suka
pawangsulan, kenging menapa dene raos ingkang dados
pepadhang tumrap Gatoloco mboten dipun wangsulaken
dhateng Gusti Ingkang Maha Kawasa.Gatoloco nanggapi
pangandikanipun Kyai Hasan bilih sapunika dereng
wancinipun piyambakipun mangsulaken babagan punika.
Saya dangu Kyai Hasan sansaya rumaos kawon ing aben
ngelmu babagan gesang tuwin panggesangan saha ngelmu
agama kalawan Gatoloco.
Kyai Hasan pengin mangertos yektosipun kitab punapa
ingkang dados pancatanipun Gatoloco. Gatoloco nelakaken
bilih piyambakipun nggginakaken kitab Barulkalbi. Tembung
barul ateges samodra, tembung kalbi ateges ati. Dados ati
ingkang kadosdene samodra, tanpa wates, lebet, wiyar lan
kathah sanget isinipun. ”Nanging kowe ora sembahyang,”
pratelanipun Kyai Hasan dhateng Gatoloco. Sinambi
pethakilan, Gatoloco suka pawangsulan bilih piyambakipun
sembahyang kanthi lumintu. Sujudipun sujud eling,
kiblatipun tengah-tengahipun bumi, sujudipun sesarangen
kaliyan ambeganipun.
Solatipun dhateng Gusti Allah kaleksanan kanthi utekipun.
Sembahyangipun dhumateng Gusti Allah medal saking
lisanipun. Kyai Hasan ingkang mireng wicaranipun Gatoloco
dados mbrabak pasuryanipun. Kyai Hasan rumaos sansaya
kasoran ing aben ngelmu agama kalawan Gatoloco punika.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

18

Sedaya dalil saking Kuran punapadene kadisipun Kangjeng
Nabi Muhammad SAW saget dipun bantah dening Gatoloco.
Wusana, Kyai Hasan nundhung Gatoloco, kapurih minggat
saking pondhokipun.
Ewadene Gatoloco nganggep bilih sapunika piyambakipun
lenggah ing papan kagunganipun Gusti Allah. Gatoloco
rumaos remen ing papan punika, jalaran wonten ing tengahtengahipun
bumi.
Kyai
Hasan
mendel
sakedhap.
Kyai Hasan lajeng kemutan sumpahipun, menawi kawon ing
aben ngelmu agama kalawan Gatoloco, sedaya kagunganipun
badhe kapasrahaken dhateng Gatoloco. Kyai Hasan lajeng
kesah nilar Pondhok Cepekan, sedaya kagunganipun, sedaya
santri, sedaya guru tuwin sedaya kyai tamunipun saking
Rejasari kapasrahaken dhateng Gatoloco. Sageta kawucal
sedaya ngelmunipun.

Suluk Gatoloco (XI)
Werdinipun cariyos ingkang nuwuhaken pradondi
Cariyos pepanggihanipun Kyai Hasan Besari kaliyan Gatoloco
ingkang salajengipun dados aben ngelmu babagan sangkan
paraning dumados, babagan ngelmu agami, nuwuhaken
pradondi ing madyaning bebrayan agung Jawi.
Wonten ingkang gadhah pamanggih bilih cariyos Gatoloco
punika ngemu surasa ingkang asipat ngina dhateng agami
Islam, ngina piwucal agami Islam ingkang asumber saking
Kuran ingkang dipun wucalaken dening Kangjeng Nabi
Muhammad SAW.
Pambiji kados punika tuwuh saking werdinipun cariyos nalika
Gatoloco ingkang ing Suluk Gatoloco kacariyosaken mboten
nate sinau dhateng satunggaling ngulama ananging dipun
cariyosaken saget nguwaosi sakathahing tapsiran-tapsiran
agami Islam.
Ing kawitan Suluk Gatoloco dipuncariyosaken bilih Gatoloco
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

19

ingkang awon wujud lan rupinipun punika nglampahi tapa
ing papan ingkang tebih saking karamen. Saking genturipun
anggenipun mbangun tapa wusana kasinungan daya
kaluwihan ingkang ngedab-edabi.
Ewadene Kyai Hasan Besari, satunggaling ngulama ingkang
kondhang, kathah santri ingkang meguru, ugi sampun
nglampahi prihatos sinau dhateng sakathahing ngulama,
kepara dumugi negari Arab punapa anggenipun sinau ngelmu
agami Islam, ananging saget dipunasoraken ing kawruh
ngelmu agami dening Gatoloco.
Cariyos punika ingkang salajengipun nuwuhaken pradondi
ing madyaning bebrayan agung Jawi. Kepara wonten ingkang
mbiji menawi cariyos punika dados sarana kangge ngina
agami Islam, mliginipun ngina golonganing ngulama.
Wangsul dhateng lelampahanipun Gatoloco. Sasampunipun
Kyai Hasan jengkar saking Pondhok Cepekan, Gatoloco lajeng
dipun sowani para santri ingkang gunggungipun wonten 300.
Gatoloco rumaos remen nampi sowanipun sedaya santri
ingkang dipun tilar dening Kyai Hasan.
”Yen kowe kabeh pengin slamet, aja niru gurumu sing
sakgeleme dhewe, sawenang-wenang. Sing ngono kuwi ora
becik. Ngina sapadha-padha kuwi ora becik. Umat kuwi
padha. Pinter, bodho, apik, ala, begja, cilaka, kuli, tani,
lanang, wadon kabeh ora beda. Kabeh tinakdir dening Gusti
Allah, ora bisa owah, kabeh duwe takdire dhewe-dhewe,”
pratelanipun Gatoloco ing sangajengipun para santri.
Gatoloco ugi paring pitutur dhumateng para santri tilas
muridipun Kyai Hasan supados tansah kuwawa nampi
takdiripun Ingkang Maha Kuwaos, pasrah dhumateng
pepesthenipun Gusti Allah. Manungsa punika namung
wenang ngabdi. Gatoloco lajeng ndangu para santri punapa
sampun madhep mantep ing batos nganggep piyambakipun
minangka bapak.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

20

Salajengipun Gatoloco dados kyai ingkang sidik paningalipun.
Kuwawa maos menapa ingkang dipun penggalih dening tiyang
sanes. Kepara, Gatoloco ugi saget njangka punapa ingkang
badhe kedadosan ing jaman ingkang badhe dumugi.

Suluk Gatoloco (XII)
Gatoloco dumugi ing tlatah Gunung Endragiri
Ing sangajengipun para santri, Gatoloco lajeng medhar
andharan kathah-kathah babagan dunungipun manungsa
tuwin panguwaosipun Pangeran Ingkang Maha Kuwaos.
Punapa ingkang dipun andharaken kenthel tapsiran
filsafatipun, temahan mboten sedaya santri saget nampi
kanthi wantah. Ananging, Gatoloco lajeng saget njlentrehaken
sedaya ingkang dipun kajengaken ing ngelmu ingkang dipun
andharaken tumrap para santri ing Pondhok Cepekan, inggih
tilas santrinipun Kyai Hasan Besari.
Sasampunipun rinaos cekap, Gatoloco lajeng nilar Pondhok
Cepekan, sedya ngulandara malih. Nanging piyambakipun
weling dhateng para santri bilih mboten dangu malih badhe
wangsul ing pondhok punika. Samangkih sasampunipun
wangsul saking ngulandara, Gatoloco badhe mucal para
santri malih murih sansaya tambah ngelmunipun, inggih
ngelmu babagan sangkan paraning dumadi.
Kesahipun Gatoloco saking pondhok kanthi sedya badhe
ngulandara punika mboten sanes namung badhe pados
mengsah sanes kangge aben ngelmu. Sedaya pondhok dipun
purugi. Menawi pinanggih guru lan santri lajeng dipun
tantang bantahan. Dipun bantah sedaya ngelmunipun, lan
menawi kawon lajeng dipunece, dipungegujeng. Kathah santri
tuwin guru ingkang kapok jalaran Gatoloco ingkang tanpa
aturan punika.
Ananging Gatoloco kanyata tansah dipun aoyomi dening
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

21

Pangeran Ingkang Maha Kuwaos. Kamangka piyambakipun
tansah ngegung-gungaken raos umuk, adigang, adigung lan
adiguna. ”Sapa sing menang bantahan mungsuh aku, adu
ngelmu kalawan aku, ateges ngluwihi manungsa lumrah.
Jalaran aku wus nemokake kukum sing diatur dening Hyang
Manon,” pratelanipun Gatoloco ing saben wekdal.
Anehipun,
Gatoloco
temen-temen
kasinungan
daya
linangkung. Sedaya ingkang dipun jangka lajeng kedadosan
kanthi saestu. Punapa ingkang dipun ucapaken mboten
wonten ingkang mleset. Kanthi daya kalangkungan kasebat,
wonten ing pundi kemawon Gatoloco tansah nuwuhaken
dredah. Sansaya kathah tiyang ingkang rumaos mangkel lan
mboten urmat dhateng piyambakipun.
Wusana, Gatoloco dumugi ing ereng-erengipun Gunung
Endragiri. Ing tlatah punika dedunung sawetawis begawan,
resi lan wiku. Gatoloco lajeng kendel ing papan punika, lan
wiwit nyebar cangkriman, nedahaken kalangkunganipun.
Nalika wonten begawan, resi punapadene wiku ingkang
nanggapi cangkrimanipun, Gatoloco lajeng ngejak bantahan
ngelmu.
Kanyata, para begawan, resi lan wiku wau mboten saget
ngugemi sipat sabar nalika pepanggihan lan bantahan ngelmu
kaliyan Gatoloco. Sedaya sami dados dolananipun Gatoloco
ingkang tansah ngaken minangka lelananing jagad punika.
Kawusananipun sadangunipun Gatoloco nyrambah tlatah
Gunung Endragiri punika, piyambakipun kasil ndhedher
winih raos mboten remen dhumateng sinten kemawon
ingkang dipun panggihi.
Wonten ing pucukipun Gunung Endragiri punika dedunung
para wanita dhusun ingkang kiyat mertapa. Ingkang sepisan,
ingkang sanget sulistya ing rupi nama Retna Dewi Lupitwati.
Piyambakipun
dipunanggep
minangka
ratu.
Sekti
mandraguna,
ageng
pangaribawanipun,
tuwin
sanget
dipunsuyuti dening para prajuritipun. Para punggawanipun
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

22

sedaya wanita. Taksin enem-enem, lan sedaya ugi sulistya ing
rupi.

Suluk Gatoloco (XIII)
Gatoloco saget ngasoraken ngelmunipun Dewi Lupitwati
Gatoloco kepranan sanget dhateng kasulistyanipun Dewi
Lupitwati lan sedaya wanita punggawanipun ingkang tementemen sulistya ing rupi.
Para punggawanipun Dewi Lupitwati punika, miterat
andharan ing buku Tafsir Gatolodjo, anggitanipun Joko Su’ud
Sukahar, weton Wuwung Surabaya, naminipun Dewi
Mlenukgembuk, Dewi Dudulmendut, Dewi Rara Bawuk lan
Dewi Bleweh. Sedaya sami sulistya ing rupi.
Dewi Lupitwati dedunung ing Cemarajamus, ing wewengkon
Guwa Siluman ingkang kondhang wingit lan angker. Mboten
wonten jalma manungsa ingkang saget mlebet ing papan
punika menawi mboten pikantuk idi palilahipun Dewi
Lupitwati. Ananging Gatoloco kanthi gampil saget mlebet ing
papan punika. Dewi Lupitwati kaget sanget mangertos wonten
priya ingkang awon rupi lan wujudipun saget mlebet ing
papan dunungipun.
Dene Gatoloco piyambak sasampunipun mlebet lajeng lenggah
sesandhingan kaliyan Dewi Lupitwati. Patrapipun damel
dukanipun sedaya punggawanipun Dewi Lupitwati. Punapa
malih nalika dipunsetitekaken kanyata tiyang kakung punika,
inggih Gatoloco, dedeg piyadeg lan pasuryanipun mboten
mranani sanget. Lan patrapipun nedahaken sikep umuk lan
adigang, adigung, adiguna.
Gatoloco lajeng nepangaken pribadipun dhumateng Dewi
Lupitwati lan sedaya punggawanipun. Ing kalodhangan
punika, Gatoloco lajeng dados kepranan dhateng sedaya
wanita ingkang temen-temen sulistya ing rupi punika.
Gatoloco nepangaken pribadinipun minangka lelananging

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

23

jagad, priya ingkang sejati. Dewi Mlenukgembuk ingkang
sepisanan duka dhateng Gatoloco.
Dipunsusul Dewi Dudulmendut, Dewi Rara Bawuk, Dewi
Bleweh lan ingkang pungkasan Dewi Lupitwati piyambak.
Sedaya wanita ingkang sulistya ing rupi punika mbabar
cangkriman ingkang kedah dipunbedhek dening Gatoloco. Lan
kawusananipun,
Gatoloco
saget
mbedhek
sedaya
cangkrimanipun para wanita ingkang dedunung ing
padhepokan Cemarajamus punika.
Salajengipun sedaya wanita ingkang sulistya ing rupi punika
pasrah bongkokan dhateng Gatoloco, sedya dipundadosaken
punapa kemawon dening Gatoloco. Dewi Mlenukgembuk,
Dewi Dudulmendut, Dewi Rara Bawuk, Dewi Bleweh lan
pepundhenipun, Dewi Lupitwati, sedaya pasrah kanthi
tulusing manah sedya suwita dhateng Gatoloco minangka
sisihanipun.
Gatoloco dados remen sanget. Punapa malih nalika mireng
ngendikanipun Dewi Lupitwati ingkang nelakaken pasrah jiwa
raga dhateng Gatoloco sasampunipun Gatoloco kasil mbedhek
sedaya cangkriman ingkang dipunbabar para punggawanipun
lan cangkriman ingkang dipunbabar piyambak. Anehipun,
sikep umuk lan adigang, adigung tuwin adigunanipun
Gatoloco lajeng luntur.
Pratingkahipun mboten kadosdene Bratasena nalika nembe
mboten karenan penggalihipun utawai kadosdene Wisanggeni
ingkang nembe ngece lan pancakara kalawan para dewa.
Gatoloco malih dados priya ingkang ageng pangaribawanipun.
Lan ing kahanan kados makaten, Gatoloco nelakaken bilih
Dewi Lupitwati lan sedaya wanita punggawanipun sampun
kaanggep dados sisihanipun. Gatoloco nyuwun supados
sedaya sami manut lan bekti dhumateng piyambakipun
minangka tiyang kakung. Dene menawi mboten, Dewi
Lupitwati lan sedaya punggawanipun badhe nemahi gesang
ingkang mboten sekeca.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

24

Suluk Gatoloco (XIV/Cuthel)
Gatoloco wangsul dhateng Cepekan

Gatoloco ingkang ngaken dados lelananging jagad punika
lajeng medhar piwulang tumrap Dewi Lupitwati lan sedaya
punggawaninpun ingkang sampun pasrah bongkokan dados
sisihanipun Gatoloco.
Padhepokan Cemarajamus ingkang saderengipun kondhang
minangka papan ingkang wingit, punapa malih tumrap para
priya, sapunika sampun malik grembyang dados papan
ingkang tinarbuka.
Inggih mboten sanes Gatoloco ingkang nuwuhaken owahowahan punika. Sawetawis wulan Gatoloco dedunung ing
Cemarajamus, kathah tiyang ingkang sami dumugi lan
wusana dedunung ing tlatah Cemarajamus.
Kawusananipun Padhepokan Cemarajamus ngrembaka dados
papan kangge ngangsu kawruh. Sedaya sisihanipun Gatoloco,
inggih Dewi Lupitwati tuwin punggawa-punggawanipun
rumaos remen sanget. Sedaya rumaos ayem tentrem
dedunung ing papan punika.
Ananging mboten tumrap Gatoloco. Minangka gegambaran
watak ingkang tansah mboten marem dhateng punapa
kemawon ingkang sampun dipun gayuh, menawi lajeng lerem
ateges pejah.
Ing Suluk Gatoloco, kapribadenipun Gatoloco dados
gegambaran sipat anti kemapanan. Ing satengahing swasana
ingkang nuwuhaken raos ayem tentrem tumrap sedaya warga
Cemarajamus, Gatoloco rumaos mboten tentrem.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir

25

Wusana, Gatoloco pamit dhateng sedaya sisihanipun tuwin
sedaya
warga
ingkang
dedeunung
ing
Padhepokan
Cemarajamus. Gatoloco nelakaken badhe kesah sawetawis
wekdal. Sedyanipun badhe ningali para santri ingkang dipun
tilar ing Pondhok Cepekan.
Ringkesing cariyos, Gatoloco sampun dumugi ing Cepekan.
Ing wekdal punika para santri ing Cepekan sami adreng lan
temen-temen anggenipun sinau, ndhudhah sedaya ngelmu.
Nalika Gatoloco dumugi ing pondhok, sedaya santri lajeng
mendel saking pakaryan saha padamelanipun lan sami
nelakaken raos remenipun dene Sang Guru sampun kondur.
Sasampunipun mleber ing langgar, Gatoloco lajeng medhar
piwulang babagan pangertosan makrifat, tauhid, martabat,
budi pakerti, iman, nyawa, lan sanes-sanesipun ingkang
anjogipun kawruh babagan sangkan paraning dumadi.
Ing pungkasan wedharanipun, Gatoloco nyuwun supados
sedaya santri ing Cepekan temen-temen anggenipun sinau.
Menawi ngantos
wingkingipun.

sembrono

badhe

mbilaheni

ing

tembe

Gatoloco nandhesaken supados sedaya santri ing Cepekan
temen-temen anggenipun ndhudhah werdinipun seratan.
Menawi sampun mangertos werdinipun prayogi lajeng dipun
simpen ing manah tuwin pikiran.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir