SULUK JEBENG

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
SULUK JEBENG
PUPUH
DHANDHANGGULA

1.

2.

3.

4.

5.

6.

7.

Wejang jebeng mamanise sami, aja pangling sira susurupan,

den awas sira tataken, ewuhe taken dunung, lamun nora
kalawan wisik, lir kinjeng tanpa soca, saparane nglangut, poma
jebeng angungseda, tata kona ingkang wus angaji pati, patitis
kang tan samar.
Poma-poma anak putu mami, aja tungkul dunya lan kapenak,
dene tanana dadinipun, lara pati sira nglakoni, nora wande
mantuk, apan tan jenak neng dunya, jroning donya den padha
sira prihatin, aja sah paguneman.
Agunema lan mitranireki, sira jebeng yen nora tatanya,
ningalana sastra bae, sastra minongka wuruk, aja kandheg sira
mrih kasil, upayanen den angsal, ywa kongsi katungkul, aja
wedi beya wragad, yen tan darbe saosa ngandhap pakardi,
asraha jiwa raga.
Supaya jebeng antuka wisik, yen tan nemen mongsa den
wejanga, den sareh amet galiye, ewuh wong takon dunung,
marga rungsut remit arungsit, pirantine wus teka, jebeng aja
tungkul, poma-poma den waspada, raganira lir lungansipeng
ing margi, pasthi tan wande pulang.
Dene jebeng elingen ing ngruip, aja sira laku dora-cara, dadi
paneengeran ngakeh, ywa kandheg amrih ngelmu, nora kaya

wong temen kaki, nastiti keh kang welas, lan kandel ing guru,
pan kolur pamulangira, satibane wong temen kawelas-asih, lan
kinasiyan ing Hyang.
Iya iku wong temen nastiti, angguguru ingkang wus apana,
dadya wruh panjing surupe, keh lire wong guguru, ing saweneh
ateki-teki, mring sakeh ingkang pandhita, tanana potipun,
ataken ngelmu kang nyata, ewuh temen ya jebeng raga puniki,
pataken ing dunungan.
Aja lali ing namanireki, aja dumeh sira wruh ing sastra, aja
tungkul sastra bae, yen durung uleh tuduh, guguruwa mumpung

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

1

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

8.


9.

10.

11.

12.

13.

sih urip, kang anom lan kang tuwa, tan wande alampus, tan
wande tekeng ngakerat, raga iku nora wande pulang jisim,
jebeng paekanana.
Kadang jebeng sira sengga ngimpi, ing rupane dhewe den
kawangwang, pralambange turu dene, sajroning turu iku,
angrasaken nikmating ngurip, saneskareng katingal, sajroning
ngaturu, nora beda pejah gesang, kang ngaawas dene wruh
raga pribadi, iku wekasing suksma.
Pan wong iku jebeng wus pinasthi, yen wong lara pangantepe

teka, iblis laknat teka kabeh, ana kang rupa guru, ana rupa ibu
lan nini, ana rupa wong sanak, na rupa sadulur, ana ngajak
kekesahan, lah den tetep imanira aja gingsir, iku iman sakarat.
Poma jebeng sira yen asakit, ujar iku poma aja lena, weneh
andulu ngelmune, akeh lire kadulu, yen kapencut aneniwasi,
dadi ing panasaran, kang ngagama dudu, yen tingale kang wus
nyata, jroning pati tanana panggih-pinanggih, wus katingal
sampurna.
Poma jebeng yen prapta sayekti, aja pegat ing pangrakitira,
tegese iku elinge, dipun prayitneng kewuh, ngurebana ujar kang
yekti, kawruhana den awas, ing sakarat iku, nora kena
ginagampang, den amadhep gagamanira den becik, aja kongsi
kasoran.
Yen kasoran mapan tibeng sisip, pan kasasar jro sakaratira,
kono campuha prang gedhe, mungsuhira pra ratu, balane keh
tur sekti-sekti, sira ijen kewala, tan wande kapikut, nanging
jebeng ana uga, wong sawiji ngasorken mungsun sakethi,
mawendra wurda kirna.
Tanah Arab jeng Bagendha Ngali, yen mangsah prang pan ijen
kewala, amung lawan titihane, lan pedhangira ampuh, marma

jebeng ing wong ngaurip, ngupayaa gegaman, ingkang luwih
ampuh, lire gagaman kamuksan, yen wus nyekel sirna
memalaning pati, mulya jati wisesa.

@@@

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

2