AJI PAMASA

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

1

A JI PA MA S A
Wedharing wyata mirid gempilaning piwucal
Aji Pamasa
DHA NDHA NG GULA
1.

Mangkya nenggih sastradu nayadhi, tinilingna walering darana, ywa sisip ing
pangertiné, janma kudu mituhu, pratélané sapta pracèki, lamun dipun upaya
kinemat ing kalbu, samubarang kang linakya, sarwi mapan nora badhé damel
tuni, suka tentreming rahsa.

2.

Kang ginelar wyataning suyati, tlatènana kang pitung prakara, amrih dadi
lantarané, datan gampil kinelun kalulun ing wawatak nisthip, linepat king
deksura tinebih panyaru, tan damel pilalaning lyan, kosok-wangsul wèh ayem

dasih sadyèki, temah manggih raharja.

3.

Apa baya kang pitung prakawis, sinirika cidra lan pitenah, yèku warah
kapisané, kaping kalih puniku, dyan sentana ywa dèn alingi, sagung
tumindak lupa winastanan luput, ping tiga ywa mawang kadang, pangadilan
jinejegna kanthi titi, tan pilih-pilih janma.

4.

Catur angger ugering prarepi, tan mélik mèt artaning punggawa, dalah
mundhut putrèstriné, dé kaping gangsalipun, aywa nganti anglalarangi, olah
pangupajiwa sasamining manu, songgarunggi mring kawula, dèn ugemi
pitutur kaping sat niki, pinuntua ing driya.

5.

Kang wusana pitutur saptèki, lamun ngambah margining utama, udinen mrih
lestariné, nora gampil kayungyun, kapiluyu lampah basiwit, tan remen

cacaketan klayan watak margu, sirik cengil pasulayan, anebihi gegelah
regeding bumi, nging pedak kautaman.

6.

Mangkya kiyé gelaring pangerti, paugeran kang pitung prakara, istingarah
munpangaté, piguna mring kang ngluru, dadya tales tanduking karti, prenah
prandéné laras salir tindakipun, mahanani kasudibyan, temah kalis watak
umbag klawan edir, sinantun paramarta.

7.

Pradikané wawaler pratami, kang sinebat cidra lan pitenah, winedhar wiyar
tebané, suka serep ing semu, seserepan wiraos prati, damel padhanging
prana nebihken bebendu, nuntun mring lempenging lana, istingarah kang
tinuju tan nalisir, nalusur woting darma.

8.

Pracékané janma luhur kaki, datan arsa guna pasang kala, njijiret

sapapadhané, tan bungah lamun nemu, siku dhendha nlikung sasami, nora
ngungalken jaja yèn asanès lesu, datan asurak susuka dupi miyat
panandhanging sapadhèki, luluh welas nalangsa.

9.

Tembung cidra sinawung punagi, ngandhar-andhar winuwus nglengkara,
péndah madu mamanisé, nging sapawingkingipun, nggémbol upas kang
niniwasi, nukulaken panandhang tuwin tilar latu, raos bentèr nguntar-untar,
wisayané karaos awrat ngantebi, lir kanteban antaka.

10.

Ywan wus wani nglairken prajangji, poma-poma dipun tetepana, netes
sagung pangucapé, nora lèmèr ing wuwus, nguwus-uwus tan ana dadi,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Oleh : Mas Kumitir

2

tetembungan dèn arah jumbuh kang sinaguh, tumapak ing lalampahan, datan
lumpuh karana kaot sinanggi, wèh sengsem mring tyasing lyan.
11.

Lamun sumanggem tanduking gati, dipun éling niyat kang utama, pinurih
saged rampungé, tékad kang wus pinuntu, aywa wudhar tanpa pangaji,
wawataking satriya sirik colong playu, datan ngucirèng ngayuda, andhepipis
ndhelik winengku raos jrih, nilaraken palagan.

12.

Panjangka kang dadya lenging ati, antepana minangka ubaya, pinétang
utang èstinè, lamun maksih linuru, kaanggepa dèrèng nglunasi, siyang-ratri
tan kendhat nggènipun dhedheku, nunuwun Hyang Murbèng Suksma,
istingarah gung pangajab temah dadi, tan cidra ing ubaya.


13.

Jejering titah sawantah kaki, mokal lamun kalis ing sasanggan, kang wus
dadi pepesthèné, milaur urip iku, amituhu kanthi taliti, tegen rigen pralaga
tlatèn miwah tekun, tan bosenan nora wegah, angugemi pakaryan kanthi
permati, teguh maring bebahan.

14.

Lamun sirik watak ngadi-adi, tlunyar-tlunyur miwah lèlèmèran, dhemenyar
pepénginané, tan kablithuk pandulu, gampil sengsem kang katon èdi,
nanging mugen manunggal genah kang tinuju, nering laku nora léngah,
istingarah andika manggih basuki, linepat saking papa.

15.

Kénging winastanan cidra ugi, karem donya wah malih pangwasa, nanging
mamak wawatesé, tan darbya raos rigung, kanthi nranyak ngrabasa gahi,
nyahak wewenanging lyan kécalan pakéwuh, kang dèn bujung pakareman,
watanira suker tan béda wewerri, buteng ribeng krodhanya.


16.

Paran nggènira nyepeng sumangi, setya tuhu bekti mring Hyang Murba, ywa
cidra gung pepecehé, prancana tan dèn ugung, temah ndadra misésa wathi,
tundhonipun nalangsa nalisir king wangsu, tilar salir manah sonta, kusungkusung kemrungsung kécalan santi, angulari papaka.

17.

Dipun tlatèn samya angulari, murih dadya manuswa bisama, ywa gampil
mupus tekadé, ywan rumpil lampahipun, upayanen kanthi sasmreti, saswih
maring Hyang Murba tumus sanggya manu, tebih saking tutur cidra, nging
maujud datan mandheg katamarti, satemah pinitaya.

18.

Menggah tuduh ingkang gung utami, kanthi wijang kawrat sastracetha,
tumètès kadya kusaré, rinumpaka ing tembung, basagita adi wigati, susmaya
prabaning Hyang abyor cahya kitu, kang anecep wurukira, dhépé-dhépé gilig
ing prana maniwi, kasmala binirata.


19.

Poma éling swawi dipun luri, pranahara jatining manuswa, titah sawantah
jejeré, cidra mring karsèng Ulun, iku teges nggénjah papati, apesé ngemping
lara nyanyadhang bebendu, datan uwal king cintaka, ngundhuh wusa wisaya
dadya mangangi, gesang datan piguna.

20.

Sasing janmi swawi angupadi, dimèn pana tuduhing Hyang Suksma, aywa
mblasar tumindaké, tan kéragan mring napsu, temah dyusdha niyak wastuti,
nginger-inger wawaler mamada sastradu, leheng meleng mring pranamya,
angulati bebener ingkang nayadhi, tumus dugèng dalaha.

21.

Mangkya cidra tumraping akrami, jalu gini datan ana béda, kénging winastan
pracoré, lampahnya pindha margu, undhuhané mrawata wèsdhi, basan
pranamèng kapi wruh rukem kayungyun, lupa upasing walika, ngindhik-indhik

pamrihé damel papati, mamanisé wisasa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

3

22.

Wanti-wanti peceh parahati, pisan cidra angèl anguwalna, kumudu kang
kapindhoné, katri wus kadi wuru, temah wasa nering prajangji, sengkeraning
pralaga datan ana wèstu, parnoh sagung tindakira, kang dèn uja tan liya
dityasmaraji, rongèh tansah walisah.

23.

Wawaler tumrap sanggya pawèstri, ngumbar gujeng kucah liring nétra, adol

ati sapa baé, dhadasar badan lugu, dupèh èdi ngelam-elami, kasukan kang
binujung atilar pakéwuh, tan mangabisatya mring raka, lamun limpé ngaluyur
ramban taruni, angrarantam pracéka.

24.

Pan wus dadi sasakiding parwi, cegah hawa tahen ring prancana, rumaketraket sasambé, was maring kakung tuhu, abiwadha setya hastuti, dyatmika
neng nayadhi nging sirik salingkuh, tutura angarah-arah, ririh raras sinuprih
katon mrak-ati, tansah saswih ring garwa.

25.

Nora béda waler ingkang sami, tumrap priya kang wus balé wisma, burusa
lair batiné, asisipat memengku, lubèr ing sih sarwi ngayomi, dadya gapiting
braya ywa mingkuh pakéwuh, pantang pepes batosira, lamun manggya kèh
sambé-kalaning margi, jroning gesang punika.

26.

Dipun èmut ma nenem puniki, dhihin mantep ing pamilihira, ping kalih

madhep atiné, katri marem mring jatu, kaping paté mawang ring rabi,
pinindhakna wawadhah ringkih kaotipun, kalima mangabiwadha, garwanira
dèn papanken rowang padmi, kanem mardawèng budya.

27.

Poma-poma kenceng dèn cepengi, traping laku minongka manggala, catur
wala pepindhané, sona ing setyanipun, myang turangga cukat ing karti,
dwipangga datan kéguh saguh kang ginayuh, brekiti ing sregepira, siyangratri makarya tan wènten sepi, swawi dipun tuladha.

28.

Aywa pisan cidra ing prajangji, tilar garwa kapéncut ing liya, awit awon
pinanggihé, manah gampil kayungyun, kasulistyan aniniwasi, adhakan dadya
tuman angèl mantunipun, lamun dipun turutana, amengangah ngangahangah saya ndadi, becik dèn singkirana.

29.

Kakaroné kasengsem tataki, tuhu bekti nggigilut wiyata, murih dadi lantarané,
tentrem ing brayatipun, tumus harja miwah basuki, sumrambah tedhak-turun

sapawingkingipun, sadaya samya pinerdya, dimèn pana warahing luluhur
yekti, temah kalis rubéda.

30.

Sabanjuré winedhar sastradi, apan baya winastan pitenah, nyarwètèh
kedaling lambé, ngrarakit tembung lunyu, amemada sarta ngadili, ngumbar
panyatur ala kèh panacadipun, alaning liyan dèn andhar, kaya-kaya beciké
tan ana sami, klayan dhiri pribadya.

31.

Tyang kang remen mbèbèrken wawadi, lir karaba muleg ing akasa, anguwusuwus wuwusé, basda winewah bumbu, pamurihé saya wigati, sanès kinarya
lalap uraping panyatur, nukulken wijining tikbra, dyan pracara ukara datanpa
bukti, iku watak katbuta.

32.

Tembung sisip sinusup kasisip, murih bisa sasap ing sasama, samakéyan
sasolahé, kudu unggul binuru, nora ngétang katala sami, lumuh lamun
prawadha kalindhih ing semu, mangungsir mrih kasumbaga, ancik-ancik
kunarpanirèng sasami, jail lampah candhala.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

4

33.

Amemada sisiping sasami, nora béda gandaning kusana, lir bathang ingkang
wus lungsé, bacin lamun dèn ambu, anderbala mbabar wewerri, parandéné si
punggung pambeg wah kumingsun, kadi hakim kusalanya, angadili sapasapa ingkang wèsdhi, kasereng lir katwara.

34.

Dipun émut ywan namung sawiji, ingkang yasa sanggyaning prarepa, tuwin
jumeneng hakimé, tan liya mung Hyang Agung, kang kagungan gung
kasugatin, misésa palimirma miwah paring bendu, dé manuswa iku sapa,
kumawani kumlungkung ngadil-adili, tumanduk ring papadha.

35.

Poma bisa mapanaken lathi, datan lèmèr ngumbar-umbar kata, kanthi
permati empané, wit kasunyatanipun, ilat iku lir wisa mandi, dhahat karya
sangsaya punapi kasumbung, lamun kalintu trepira, ing kawurya pranama
adamel tuni, katiwang ing papaka.

36.

Èmperipun kendhali turanggi, dipun trapken jroning cangkemira, sanadyan
alit wujudé, ywan pinekak satuhu, temah gampil dèn kemudhèni, tumrah
badan sakojur tan liya mung manut, makaten lidhah sanyata, dyan mujudken
pérangan badan kang lengit, nging misésa mring janma.

37.

Kadi latu nyalat wreksa langking, dyan sapletik bisa ngambra-ambra, temah
mbesmi alas gedhé, makantar urubipun, ngalad-alad ambilaèni, ilat iku tan
béda kadya hagni tuhu, lir jagading kadurakan, kang dumunung jro jiwaraganirèki, dadya sangarakalya.

38.

Angrèh sato teka langkung gampil, buron wana peksi raja-kaya, dalasan
saisining wé, saged kadamel lulut, tan mangkono ilatirèki, nyata kalangkung
lungit ywan kinarya tutut, pindha krodhaning denawa, nyembur wisa wisaya
aniniwasi, surata siya-siya.

39.

Klawan ilat padha muji Gusti, ngidung dhikir ing sawayah-wayah, kadi
brahmana anggepé, kaya-kaya manekung, angèmperi panatagami, nging
klawan lidhah ugi nyupatani manu, mijil king tutuk sajuga, ipat-ipat punapa
déné wastuti, muspra datanpa guna.

40.

Jihwa pindha landheping bedhami, lamun linga muwus ngayawara,
pasulayan undhuhané, nyebar wijining tatu, datan mokal wawalar ndadi, nora
gampil pineper kalamun katrucut, andhatengaken braminta, saraga gung
ngebeki jro tyasirèki, lengka kang rinaosna.

41.

Lir kusara mrentul wanci énjing, sumberipun saking alam raya, sung seger
tanem-tuwuhé, watak asih tan sengkung, dadya daya ingkang nguripi,
makaten imbanipun lidhah ingkang wèstu, nètèsken sarkara soba, sarasati
binawa amangastuti, ngenut pangrèhing suksma.

42.

Nadyan namung pérangan kang lengit, lamun mogèl mobah jroning latha,
ananawur sarawa gé, kang dados panènipun, sakelangkung anggigirisi,
waged dados kabegjan kalamun pituhu, nanging kosok-wangsulira,
amangangi kalamun nyenyebar branti, pramila kang bisama.

43.

Kang wasisdha tansah angulati, mring bebener wucaling bremana, sinartan
manah kang sarjé, kasantyan kang dèn bujung, mekak hawa laksita juti,
lidhah dipun kendhali tutur tan kalantur, sumimpang sagung pitenah,
awiwéka mrih dadya harjaning janmi, yèku manuswa tama.

44.

Salir wawengkaning janma singgih, tinalesken wisiking Hyang Suksma, kang
kaajab mung bahagé, rurumpakaning wuwus, was winawas kanthi premati,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

5

leget mring kautaman priyatna ing tembung, wèh sarsa maring sasama, sèstu
soba suka wicaga ring dasih, dharaka pramusita.
45.

Pan wus langkep lingkabing pramodi, menggah warah cidra lan pitenah,
dipun ening panampiné, lebetna manjing kalbu, dimèn menep jro sarasati,
dadya daya paraya salir dhasdhi langut, langet langkananing lana, leng
lumingling ngluluri pranamya dhani, ngulari rèh sampurna.

46.

Mangkya dungkap warah kaping kalih, ywa ngalingi luputing sentana, awit
ageng durakané, babasan ngingu-ingu, pringga dhusdha mutawatosi,
walagang nggènnya lumung ywan datan kapugut, ngreregedi janaloka,
wusna anjrah sulurnya angririsaki, wohira gung rudita.

47.

Lumingkabing wawaler puniki, wus winedhar déning pramudika, tilingna
kanthi luménggé, resepna kang satuhu, temah dadya daya basuki, ukara
rinumpaka jroning sekar Pangkur, prihé sami pinungkurna, sagung trékah
kang cengkah klayan prarepi, swawi dipun gatosna.

P A N G K U R
48.

Murih harjaning puraya, poma-poma wicaga dèn ugemi, cepengana ingkang
wastu, langkana tan wrin godha, upayanen paugeran priha tan wur, lumèng
prabaning nagara, sumrambah kawula dasih.

49.

Ywan pramoda dadya wasa, wit tan lengkep manira angluluri, dadya ura
jroning dhatu, paraha sanagara, temah sisah lamun katala wus kusup, angèl
dipun dandosana, jugar wigar kang kawuri.

50.

Lamun ginadhuh wisésa, aywa gampil atilar silastuti, sanadyan tumrah ing
bandhu, pakeken datan lirwa, nora ngugung dupèh sentananing ratu,
dhusdha pinaring papaka, dharaka manggih astuti.

51.

Kang wasisdha angrèh praja, gegebengan pradika gegyan adi, ywa
parasama ring manu, linenggahna sapadha, siningkirna sagung dhasdhi
angriridhu, murih kalis king dhuskarta, satemah lulus basuki.

52.

Pirengwa dipun landhepna, piyarsakna gung pasambating kasi, kalamun
datan pakantuk, kaadilan kang santya, sanadyanta dudu tuturasing ratu,
ywan gesangipun kastura, tikbranira dipun sanggi.

53.

Tumarah para sentana, kang gumendhung morang kèhing kintaki, kang
dadya ugering dhatu, remen anunggyangtaya, amikara dupèh maksih tedhak
luhur, aywa mangu pinidana, ngetrepi jejeging adil.

54.

Aywa pisan darbé sedya, angalingi klepataning sentani, lampahnya aywa dèn
ugung, niyak sagung prarepa, saya ndadi dhumateng wisésa wuru, nora
idhep mring dadalan, muksapada kang linari.

55.

Masiya maksih sudara, nanging remen miyala sasing janmi, becik tinerapan
siku, dinendha sawatara, ingkang murwat klayan kalepatanipun, pamurih rèh
jinejegna, ywa nganti amémérangi.

56.

Nilep lepating sentana, paribasa babathang dèn kemuli, sanadyanta nganti
brukut, wus datan kawistara, mongka sutra ingkang kinarya salimut, tetep
dugi titi mangsa, kinuswa gandaning pati.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

6

57. Aja dupèh kadang raja, tandang-tanduk sarwi ngéwan-éwani,
panganggepipun kalantur, kascar-yan kalenggahan, kasyang asih kibir edir
lawan umuk, apracara sagendhingnya, tyang alit tan ana wani.
58.

Awasna pamawasira, wirahsané bebener duk inguni, basan badrak badan
kramu, langking tan ana rega, nora bener kalamun tan dèn paèlu, sinikara
siya-siya, kawuri amamalati.

59.

Prayojana ingkang prama, nora gingsir kalindhih sagung pamrih, ngudi
cantya aji mumpung, sentana dadya bala, tan nayuti sanadyanta tindak luput,
binari asuka-suka, tundhoné angundhuh tuni.

60.

Aywa wuru mring sarkara, mamanisé wisésa pinracadi, dupèh lelenggah
ngaluhur, sanak kadang dèn uja, pinaringan wengan awawatak diyu, kethaha
mring donya brana, prana winengku ing moksil.

61.

Pan wus jamaking manuswa, lamun mukti padatan dadya lali, mring
pangwasa kapiluyu, ical landheping rahsa, andrawili kasukan ingkang
kabujung, mring dasih suka andaha, trékahnya anjurbalani.

62.

Suka-suka parisuka, ngajak-ajak tingkahipun nyrambahi, dhateng sanakkadangipun, jinarken ngambra-ambra, lamun lepat sengadi datan anahu,
kupiya ywa kawistara, pinurih tiningal èdi.

63.

Nggagadhang éndrasangsara, mring sentana mirah nggènnya andani,
sinarujuk dyana luput, lumuh pènget myang warah, wit misésa datan wènten
tembung klintu, samudaya kaleresna, tyang andèh tan ana wani.

64.

Lamun kaladuk énaka, mangka murba wewenang angrèh kasi, tedhak turun
dipun ugung, acongkak sosongaran, angandelken maksih dharahing
ngaluhur, andé sangsaraning praja, anjuk risaking nagari.

65.

Poma dipun waspadakna, ywan amengku wisésa nyakrawati, aywa kalulun
ing napsu, tyas ura nir waskitha, kang satiti mulat sisiping tumanduk,
nadyanta alit kéwala, bisa akarya papaki.

66.

Kalamun dadi pramuka, pinitaya mangrèh jantraning nagri, andurasa
labetipun, mélik dèn anjuk tebya, sung ancuta mring bebener datan indung,
sirik nyilibken piala, pracékaning sentanèki.

67.

Bangkit nahen sagung hawa, kaadilan tan kendhat dipun udi, tumrah kawula
sadarum, tan ana béda-béda, wus samesthi kang lepat pinaring bendu,
dadya pangungsèn sanyata, tumrap kang sami andasih.

68.

Becik lamun paramarta, sung apura kawula ingkang lali, niyak gegebengan
luhur, wus mratobat sanyata, nanging baya aywa kalimput ing semu, katalya
ing panggraita, lampah dora datan maksi.

69.

Mangkana traping trapsila, samektakna manah kadya udadi, nalar mulur tan
kalantur, dyan loma pangapura, aywa mamang matrapi ingkang kalintu,
pinta-pinta paneraknya, kadang kawula pan sami.

70.

Utana lestari begja, titis mawas gelitaning prakawis, nora nilarken papacuh,
ambuburu angkara, dupèh lagya ginadhuhan sendhang madu, mring asanès
siya-siya, lepating kadang siningid.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

7

71.

Angunguja karsèng driya, catur wengis tumanduk ing sasami, basan tatanem
gugrumbul, kemarung bobondhotan, undhuhané prahara gung sakelangkung, waris sentana dèn uja, tan ana nohan nuhoni.

72.

Kèh tyang sudra ananantya, tinilingna pasambat kawlasarsi, nora luwèh
mring panglawung, dupèh sanès sentana, iku dudu wawantuning pangrèh
luhur, luput winastan waskitha, kekeling kang dipunnèni.

73.

Urip muspra nir sarkara, kakarèné tan liya sarwi rungsit, nglangut nenga
namu-namu, ical jatining rahsa, dadya linglung nunjang palang kadé diyu,
risak sakèhing ukara, wus tan wènten silastuti.

74.

Latah remen andurkara, kibir edir jubriya sagung janmi, mring bebecik tan
anaur, malah mamales ala, kosok-wangsul mring sanak-kadang sadarum,
panyaruwé tan pinanggya, jinarken amurang tatir.

75.

Makaten kababarira, ywan kaandhar pepeceh kang kaping dwi, andungkap
warah katelu, yèku amawang kadang, nora béda klayan piwucal karuhun,
menggah lengkeping ukara, sinekar Asmaradani.

A S MA RA DA NA
76.

Tanasing janma utami, ingkang tumrah gesangira, mring pakeken datan
andor, ngugemi sagung wiyata, winedhar sang twijara, mahnani gancaring
laku, linepat salir rencana.

77.

Aywa nganti atatawing, ngandelken kadang sentana, dupèh maksih dharah
dhéwé, nanging pasemoning nitya, tan kénging pinitaya, rongèh jlalatan ing
semu, tan pantes sinung kawiryan.

78.

Dyan kadang lamun tan becik, nora untung rinaketan, bisa dadi
kajalomprong, angajak-ajak sangsara, tiwas tuwas wuntatnya, wasna
kaduwung ing kalbu, nanantya datan piguna.

79.

Ruruh rentahing andani, pinaringken ring sasama, kang amiji karsèng
Katong, tuturasing kretiyasa, pantes dèn pedakana, tulakang dadya babayu,
kukuwating anggyanira.

80.

Saking pasemon wus kèksi, wawantuning taluwanwa, remen narajang
papakon, polah-tingkah sarawéyan, tan jetmika ing budya, gumuyu rasan
sarwa sru, raos lingsem datan darbya.

81.

Boten wurung tumut isin, winirang lampah dursila, nir kretyawan datan kalok,
kèmbèt awoning sentana, murang kèhing pranata, kawurya tilar talutuh,
temah angundhuh cintraka.

82.

Alelengis sarwi rukmi, busana mawa lengkawa, pambeg ladak lumuh anor,
rumaos trahing kusuma, pantes sinudarsana, iku wateké wong kumprung,
kapengkok nora sembada.

83.

Lamun ngrentahken paparing, kukucah gung kamirahan, jroning tyas adil
kang dumon, nora mawang béda-béda, dharah punapi liya, piniji ingkang
tuwajuh, bangkit angéntasken karya.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

8

84.

Lumingling sagung kajatin, datan kalèntu garjita, patitis salir pepunton, nora
kawuh ing pangrasa, tulya kujanapapa, sung kawiryan maring bandhu,
mongka lengka twasanira.

85.

Dyan sanès darbé kawanin, tangginas ngrampungi karya, lumrah pinaring
pambombong, sokur bagé linubèran, sarna donya sosoba, swawara asih
sawegung, kadang konang binucala.

86.

Ywa karya tyasing lyan kanin, wit paparing tan warata, pilih-pilih ingkang
kanon, singa celak kang kadrasa, tebih nora tinenga, iku patrapé wong
pengung, ngembrah dadi taluwanwa.

87.

Sumimpanga king durniti, dumarusa myang diggama, bubujeng pamurih
kalok, kakadang dinadya bala, asanès winiruda, daridya undhuhanipun,
pawingking manggih katala.

88.

Kalamun datan sawawi, bisa mengku saniskara, manah rupak nora kamot,
teges sanès trah ngawirya, becik lamun rumasa, ngembat wisésa tan saguh,
milaur mundur kéwala.

89.

Dipun émut aja dumi, lagya darbé pangawasa, dériti marang sakèhing wong,
nanging sanak-kadangira, dèn papanken ing ngarsa, mongka tan pengkuh
ing kéwuh, makarya nora kawaba.

90.

Tilingna ning ing kawathi, patitis pamawasira, gatosna ingkang sayektos,
lamun paparing wisésa, aywa mawang sentana, kawanin suba tan sengkung,
iku dinadya pramoda.

91.

Kathah-kathahipun janmi, twasa kalimput dureta, wuru dhumateng
pangwaos, mumpung maksih amisésa, morang sakèhing tata, sanak-kadang
mitra-karuh, linenggahken papan éca.

92.

Boten lingsem ing durniti, jirèh ingangkat kretyawan, lenggah twijara tyang
parnoh, pandhir dinadya pangarsa, pingging sinuba dwija, ngangsu kawruh
mring tyang blilu, mung krana maksih sentana.

93.

Lagya kalampah samangkin, ing jaman kala katwara, mundhak-mundhak ing
pakéwoh, néréndra nir ring sudarsa, bucal lampah tatakya, rèh praja déning
babandhu, tilar warahing pujangga.

94.

Darbéning lyan dèn talappi, kasereng nunten kawirya, sareng sentana
sapunton, sarujuk jajarah samya, daruti semunira, tan béda bebegal lamun,
naracak miwah ngrabasa.

95.

Èwon-èwoning wong drengki, guyub ngambah durniminta, sugal diksura dèn
soroh, sakadang cepeng wisésa, praja dadya puwara, garwakara sugih galu,
kang nandhang wong sanagara.

96.

Ywan wus kukumpul nyawiji, dundum brana duratmaka, béda apa tiyang
awon, suka-suka sagendhingnya, nétra kawuh tan menga, suthik wruh
roganing manu, tinengen mung kasukannya.

97.

Dudu patraping wong singgih, mirungga maring sentana, mawang kadang
lamun andon, suka dalajat pangkatnya, tanpa panitipriksa, kang winiyat
dupèh bandhu, sanadyan sisipat dura.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

9

98.

Lamun mangsa kala dugi, jugar tataning puraya, gesang saraga wah kasor,
drasa kaleban kasmala, kawurya dadya ura, ririsak datarpa duwus, katala
katiwang marga.

99.

Mring sasama gardhawari, aywa pilih-pilih jalma, sadaya titahing Manon,
datan remen karya pringga, nging pinurih énaka, kasaénan amemengku,
kawaba nandukken dardya.

100. Lamun becik mring sawiji, mongka gething dhateng liya, iku winih ingkang
awon, remen anyelir sentana, mring asanès durcara, raos mèri ingkang
thukul, tulakang panèn kasmala.
101. Nandukna bebener ugi, boten kénging kawa-kawa, tan mingkuh saking
wawaton, miling-miling dupèh mitra, lilingen kang prakara, linimbang-limbang
satuhu, kanthi lungiting pangrasa.
102. Nadyan tedhaking acedhis, nanging bener pratikelnya, pantes kalamun
linakon, kosok wangsul dyan sentana, nging kasingsal ing budya, tinurut
temah kalintu, nyimpang margining utama.
103. Mlarat donya datan pasti, asor ing bubudènira, makatena tiyang kalok, tan
wastu luhur ing nala, becik lamun saranta, tinaliti kanthi turut, patitis
pamawasira.
104. Pétanana kang priyatni, pundi titiyang pranamya, pratingkahipun tan parnoh,
paraya anteng garjita, prayoga purugana, nora krana maksih bandhu, nging
pradana pangawruhnya.
105. Miyat sudraning sasami, marma manah tinarbuka, thukul welas tan pitakon,
maksih kèmbèt apa liya, iku nora prayoga, becik legawa tutulung, lila
mardawa ing budya.
106. Wageda dadya palupi, jumbuh turasing ngawirya, nuhoni jejeging pakon,
papakeming puruhita, janma paramatatya, madhangi kang puru-puru,
ngruwat sanggyaning piroga.
107. Lakon jaman kalasrenggi, trékahé tiyang candhala, kadi réwanda saranggon,
gendhon rukon tindak dhusta, tan ana jrih duraka, ywan lepat tutup tinutup,
pinurih tan kawistara.
108. Wus sinerat jro pepesthi, tekané jaman drubiksa, nora maèlu piawon, sanak
kadang dalah yoga, wuru kayungyun arta, wengis mamalak ing pémut, suthik
nilingken wasita.
109. Mengker mangsa danawa ji, maksih tilar wawantunya, tan gampil luntur
winasoh, santun ingkang baureksa, tindakira tan béda, srakah kethaha
lestantun, ngungumbar saliting hawa.
110. Saking iring wétan semi, muncar-muncar poladannya, nging paéka kang dèn
gémbol, ngimpun-impun sanggya mitra, sarana suka purba, cinegah
lumawan sampun, ngogak-ogak pangu-wasa.
111. Kinarya kudhung agami, mangka wawaton dèn prusa, iku nyanyadhang
pakéwoh, kang nunggil winastan bala, béda dèn anggep mala, temah puraya
tan wèstu, dredah bangsa padha bangsa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

10

112. Tyang pengung mangrèh nagari, tindakipun dumarusa, nora jejeg mring
wawaton, wit tan jajag rèh waskitha, mung bubujung hartaka, kaleng-gahan
miwah dhatu, tilar waspaosing prana.
113. Pasemonnya ladak edir, mangathik kadang myang mitra, lirwa wisiking
Hyang Manon, supé harjaning kawula, remen lamun pinuja, pangiring samya
anglulu, pamrih antuk kang dèn sedya.
114. Pungkasing jaman dériti, lamun bénjang ana janma, mijil saking jro
wewengkon, sudarpa asidikara, wadana ning susmaya, tan mawang kadang
satuhu, adil tuwin paramarta.
115. Tyang kang mlarat datan langking, sugih tan mangéran bandha, migati mring
sakèhing wong, suthik nenengen sudara, adil sagung prakara, tebih mélik
cegah napsu, mungkul mring Hyang Widi-wasa.
116. Wus tan kapéncut ing daging, alus sakelangkung lembat, agal donya datan
kamot, sasat Pangéran maraga, ngrucat salir angkara, jro riribed sonya tuhu,
pupuja ngéntasi karya.
117. Meleng gilig kang dèn udi, harjaning rastala samya, datan kasengsem
pambombong, kang damel rupaking jangka, nora mangathik jana, priha
tindak tan kalintu, lepat boten kawistara.
118. Dungkap pungkasing wigati, wawarah mangrèh puraya, mirid karsaning
Hyang Katong, sinambet wedharing weca, gelaring tanah Jawa, dyan mung
samrica binubut, pantang lamun dèn badala.
119. Sinuprih tan morang margi, uwal saking lenging widya, suka pémut mring
kang mirong, nyinyingkur aji pamasa, angedirken pangwasa, jinugag
lingkabing wahyu, sambet wyataning twijara.
120. Piwucal catur puniki, prakawis mèt donya brana, kalayan angudi wadon,
gegaran wenang misésa, tan luput ginayuha, mring panguwaos
gumendhung, sapa wani mancasana.
121. Asring dadya ciri wanci, ingkang lagya amisésa, pongah awawatak rimong,
nubruk buron ingkang ringkya, minongka tatadhahnya, makaten tyang alit iku,
dèn mangsa nora suwala.
122. Menggah lengkeping kintaki, kacetha pupuh lajengnya, rinumpaka sekar
Sinom, dyan kawedhar sakadarnya, manut gaduking nala, paripaos timun
wungkuk, kinarya imbet kéwala.

S I N O M
123. Wus dadi jamaking janma, jro jaman mengeng puniki, ngasil-asil donya
brana, raos lingsem wus kawuri, tebih tataning nagri, mring gebyar samya
kayungyun, tur ginadhuh wisésa, saya wantun nerak margi, kang dèn bujung
tan liya mung kasukannya.
124. Raos tuwuk tan kadarbya, sasat genthong ingkang ciri, masiya dipun grujuga,
toya sablumbang saari, panggah datanpa isi, ngowos-owos maksih suwung,
tangèh lamun marema, antuk leksa kurang kethi, puluh-puluh iku wataking
drubiksa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

11

125. Becik wantuning walika, anguntal mangsanirèki, sapisan tumunten néndra,
tan mosik nganti sasasi, kadya lampah tataki, nenedha sacekapipun, nora
kaladuk hawa, ngangah-angah jroning budi, béda janma ingkang wuru mring
pangwasa.
126. Mangiwut tatandho arta, bikut gènira nalapi, wus ical éwuhing rahsa, prawira
datan kadarbi, mamak dhumateng gahi, waton antuk kang dèn bujung, dyan
ngrebat uriping lyan, tegel tan èwed papati, welasarsa wus tebih saking
pangrasa.
127. Tyang alit kadamel tumbal, dadya wadaling durniti, ringkih dipun kaniaya,
kinarya ompaking wisdhi, pangadhuh tan praduli, nganung-anung aji pumpung, murba gunging wisésa, kang badal dipun sirnani, songar dupèh tan
ana wantun mamada.
128. Remen angalap ruruba, punapa déné upeti, mundhut lebon king punggawa,
wah malih kawula sami, pangarem-arem mili, temah gesang tansah kogung,
kecèh wang paribasa, tan nenga gegesing dasih, kang tinengen
karemenaning pribadya.
129. Urip dadi salah kaprah, akarya ngungun ing ati, élok lamun rinasakna, nora
barès malah mukti, nasar antuk astuti, kang jujur nandhang kalantur, blaka
manggih antaka, resik winada tan wasis, puluh-puluh wus dugi lengkeping
jangka.
130. Pawingking ngundhuh dahana, ingkang ngririsak nagari, karya uraning
pranata, tumus gesangirèng dasih, bebener dèn tebihi, wusna samya andon
napsu, lupa rèhing prawira, bubujung mulading kapti, praja jugar kawula
buyar wuntatnya.
131. Ywan lepat gènnya mranata, musna lestarining nagri, wengkon samya
ambalila, crah adredah rebat mukti, tilar tepaning sami, padha bangsa samya
campuh, mangsah prang mumungsuhan, tan ènget raos manunggil, lamun
kadhung kaduwung datan piguna.
132. Ical kuncaraning praja, puwara kasub jinawi, surem madyaning buwana, tan
pinétang nagara ji, rinèmèh jro papaki, masgul wit datan pinunjul, gung asor
dalajatnya, kondhang bangsa ingkang wengis, nora idhep tataning janma
utama.
133. Prihatos lamun uninga, trékahing umat puniki, téga roga-ning sasama,
béda gama dèn cengili, séjé bangsa sinengit, kadya wawantuning diyu, jro
liliwunging wana, bubujeng buron kang ringkih, pinrawasa dèn gaglag kanthi
kethaha.
134. Tebih saking asih darma, welas-arsa pan wus sepi, tan éman patining liya,
dingkik-diningkik sasami, sak-serik saya ndadi, miruda padhaning manu,
tyang mursid sampun sirna, saking lebeting nagari, kang tinengen duraka
klayan dursila.
135. Tangané padha candhala, narajang sagung papali, agahan karem mring
donya, kala jiret dèn pasangi, samya ngarah papati, panguwasa soroh napsu,
munasika kawula, hakim remen wang upeti, pra pangarsa mutusi sukèng
tyasira.
136. Angger-angger sinélakan, tinekuk-tekuk sakarsi, miturut kang asung arta,
wus supé jejeging adil, babasan grumbul eri, ngrèrèndhèt ambancang laku,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

12

kemarung pindhanira, mitra tegel angapusi, wus tan ana kang kénging dipun
pracaya.
137. Aja pasrah marang kanca, punapa déné pawèstri, ngalèyèh ing pangkonira,
tan jejeg kedaling lathi, langkung kathah mapali, mantu lumawan si biyung,
anak lanang tan bektya, marang bapa mamancahi, dugèng jangka jaman
babaya cintraka.
138. Kalakyan ing jaman ika, tyang sugih remen ngapusi, kang mlarat tan
pinracaya, dora cidra salir janmi, wawaler dèn campahi, nenedha tangèh
atuwuk, padharan tansah luwya, sisimpen datan gadhahi, nyebar wiji tangèh
angundhuh wohira.
139. Ngombéya maksih dahaga, tatamba panggah sakit, linipur saya
dhuhkita, dèn nepken mubal andadi, éwuhaya ing budi, sinabarna dadya
gugup, arsa aso kang sayah, langkung kesel kang pinanggih, lamun léna
sungkawa nora kuwawa.
140. Atatandho rajabrana, asalipun king durniti, takeran sami dèn suda, traju
ginanjel tan wèsti, watu timbangan cicir, kabèh pokal tangèh lugu, temahan
kénging walat, ipat-ipating Hyang Widi, tan sempulur ginawa dugèng pralaya.
141. Nahen napsu nora kampah, ngumbar hawa tanpa budi, sengsem kasmaran
wanodya, tan émut trapsilèng krami, tilar waskitèng kapti, dupi wus lenggah
ngaluhur, nguja mubaling branta, suthik mirengna papali, nir tuladha
sumimpang saking pranata.
142. Kayungyun mring kasulistyan, nyanyaput nering pangreti, ical waspaosing
driya, kineluh liring pawèstri, supè walering margi, tan maèlu pager ayu,
pakèwed tan kadarbya, winada nora malangi, lenging cipta mung juga
tinurutana.
143. Rinungrum gampil arentah, lir lembu dipun patrapi, cinongok ing cungurira,
kadi tyang bodho katali, babandan dèn adili, pindha kukila kapulut, babaya
tan uninga, léna linepas jemparing, lamun kena panèn mamala antaka.
144. Poma-poma élingana, kang dadi walering margi, ngombéya ing belikira, ywa
nglurug sanès parigi, myang liyan gampil mélik, ngandelken kuwasa-nipun,
wenang mundhut babana, kalebet minta pawèstri, garwa yoga tan pinétang
waton bisa.
145. Cacat menggahing pangarsa, lamun remen luru warih, kasengesem mring
sendhanging lyan, ngasag-asag sapinanggih, raos èwed wus sepi, rongèhing
manah kadlarung, parwi dasih ingalap, sinengguh dadya upeti, yèn
mangkana ical prabawaning praja.
146. Becik lamun tinahena, atataki sawatawis, marema ingkang kadarbya, ywa
malang tumolèh margi, tyas meleng ning nyawiji, muncar wibawaning prabu,
sinuyudan kawula, pinitaya dipun aji, temah lulus sempulur
kuncaranira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

13

Werdining Tembung Kawi
1. sastradu
darana
kemat

= serat piwucal
nayadhi
= sronta, santosa
pracèki
= gendam,
kaluwihan
2. wyata
= wiyata, piwucal
suyati
kalulun
= kagubel,
nisthip
kagulung
3. sampun trawaca
4. prarepi
= prarepa,
nglarangi
wawaler
5. margu
= kéwan, sato
pedak
6. sampun trawaca
7. pradika
= wedhar, andhar,
prati
jlèntrèh
8. pracéka
= tindak, lampah, akal
9. punagi
= sumpah, ujar,
wisaya
prajangji
10.ywan
= lamun, yèn
11.gati
= temen, saèstu, tingkah, tata, ulah
12.sampun trawaca
13.pralaga
= prasaben, prajangji
14.sampun trawaca
15.mamak
= boten ningali,
rigung
boten sumerep,
boten nggatosaken
ngrabasa
gahi
= wawates
wata
wewerri
= lelethek
ribeng
16.sumangi
pepeceh
wangsu
papaka
17.angulari
sasmreti
katamarti
18.sastracetha
basagita
kitu
maniwi
19.luri
wusa
mangangi
20.sasing
dyusdha
niyak
sastradu
pranamya
dalaha
21.jalu
pracoré
wèsdhi
kapi
walika
22.peceh
pralaga
parnoh
dityasmaraji
walisah
23.kucah
taruni
24.sasakid
tahen
abiwadha
dyatmika

= jangji
= papacuh, wawaler,
pitedah
= prajangji
= siksa
= ngupadosi, nglari
= manekung
= kojah
= serat papakem
= ukara
= sorot, sunar
= sowan, ngadhep
= turut
= susah
= nusahi
nyisahaken
= sadhéngah
= cidra
= nerak, nrajang
= serat piwucal
= manah linangkung
= bénjing, tembé
= priya, jaler
= urakan
= èwed, pakèwed
= wanara, kethèk
= sawer
= pepacuh, pitedah,
piwucal

prancana
wathi
sonta
santi
bisama
saswih

= linangkung
= pracéka, tindak,
kawicaksanan,
akal, lampah
= pandhita
= awon, asor,
cengil
= ngadhangi,
nyumpet, mepeti
= caket, celak
= hayu, langkung
= paéka, paekan
pandamel awon

= rikuh, rekah,
pakèwed
= ngrisak, nrajang
= ujar, tembung
= boten mawi
tatanan
= panggodha
= raos, rahsa
= suci
= donga, puji,
kidung
panguwuh
= wicaksana
= tresna, asih

kusaré
susmaya
kasmala

= ebun
= suci, langkung
= rereged, memala,
sasakit
= ngèlmi
= paéka, paékan,
pandamel awon,
duraka
= kayungyun,
kalimputan
= panembah,
panyembah
= linangkung

pranahara
wisaya
kéragan
wastuti
nayadhi
gini
mrawata
pranama
rukem
wisasa
prahati
wasa

= èstri, pawèstri
= redi, ardi, arda
= mangsah,
tumanduk
= dhuwet
= kadidéné wisa
= guru, bingah
= risak, meksa,
paksa
= lestantun,
yektos, pituhu

= prasaben,
wèstu
prajangji
= crobo
= saking tembung ditya-asmara-aji,
kanthi teges: asmaraning denawa gung
= kuwur, boten jenjem
= paring kanthi mirah
mangabisatya
= nèm-nèman
pracéka
= wawates
parwi
= tahan, kuwagang,
ngampet
= ormat, pakéring
= jinem, anteng, kèndel

prancana
sasambé
hastuti

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

= mituhu
= tindak, akal
= pawèstri, laré
èstri
= panggodha
= weweling
= pamuji,
pangalembana

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
25.braya
= brayat, bebrayan
26.mangabiwadha = ngormati, ngaosi
mardawa
= alus, lembat
27.wala
= pager, ijèn, lomba
sona
= segawon
turangga
= kapal, kuda
dwipangga
= gajah, liman
brekiti
= semut
28.sampun trawaca
29.tataki
= pitedah, pitutur, weweling
pinerdya
= pinerdi, kaperdi, kawucal, kawurukan
30.sastradi
= serat piwucal
31.karaba
= kebul
basda
= tembung
tikbra = susah, ruwet renteng pracara
= wicara, urakan
katbuta
= kadidéné danawa
32.katala = katiwasan
mangungsir
= amrih, mbujeng
kasumbaga
= misuwur, kawentar
33.kusana
= panggènan awon
wewerri
= lelethek
kusala
= polah
wèsdhi
= èwed
katwara
= danawa
34.prarepa
= wawaler
kasugatin
= kamulyan
35.kata
= tembung,
kasumbung
= kawentar
pitembungan
kawurya
= kawingking
pranama
= mangsah, tumanduk
katiwang
= kalunta
papaka
= siksa
36.turanggi
= turangga, kapal, kuda lengit
= alit
37.wreksa
= uwit
langking
= garing
sangarakalya = naraka
38.wisaya
= kadidéné wisa
surata
= tumbal
lungit
= landhep, lancip
39.wastuti
= panyembah
40.jihwa
= ilat, lidhah
bedhami
= dadamel
braminta
= susah, kasusahan
saraga
= susah
linga
= wicanten, ucap
lengka
= pait, langu
wawalar
= prahara
pineper
= dipun peper
41.kusara
= ebun, tètès
sengkung
= umuk
wèstu
= yektos, tuhu, èstu
sarkara
= madu, legi,
gendhis
soba
= saé, asri, bingah
sarasati
= cipta
binawa
= padhang, gebyar
42.lengit
= alit
amangangi
= nusahi
latha
= cangkem, tutuk
branti
= kasisahan
sarawa
= swara
bisama
= wicaksana
43.wasisdha
= wicaksana
bremana
= pandhita
sarjé
= sarju, rena
kasantyan
= katemenan
laksita
= lampah
juti
= awon, piawon
awiwéka
= prayitna, sumerep
44.wawengkan = pikir, pangangen
bahagé
= begja
leget
= greget
priyatna
= wiwéka, ngatossarsa
= bingah
atos
soba
= saé, bingah
wicaga
= pikekah
dharaka
= sabar, sarèh
pramusita
= wiyaring manah
45.langkep
= jangkep
pramodi
= pramoda, ugersarasati
= budi, cipta
uger
paraya
= budi, manah
dhasdhi
= piawon, paékan
langut
= tebih
langet
= labet
langkana
= sembada
lumingling
= mandeng,
nyawang
pranamya
= manah linangkung
dhani
= saé, adi
46.pringga
= èwed, pakèwed
dhusdha
= awoning manah
lumung
= elung, semi
janaloka
= jagad
rudita = kasisahan
47.lumingkab
= gumelar
pramudika
= para luhur
luménggé
= ndhangak
prarepi
= pitedah
48.puraya
= kadhaton
wicaga
= pikekah
wastu
= estu, jangkep
langkana
= sembada
wrin
= ajrih
wur
= ical, wudhar
lumèng
= sumorot, kumutug
priha
= amrih, pinurih
49.pramoda
= uger-uger
wasa
= risak, meksa
dhatu
= ratu, raja
paraha
= praha, wradin
katala
= katiwasan
kusup
= lungsé, kasèp
50.bandhu
= sentana, kadang
dhusdha
= awoning manah
papaka
= siksa
dharaka
= sabar, sarèh,
samadi
51.wasisdha
= wicaksana
parasama
= pilih-kasih
dhasdhi
= piawon, paékan
dhuskarta
= boten rahajeng
52.pirengwa
= pamireng
santya
= penggak, temen
kastura
= kawelasasih
tikbra
= susah, renteng
53.morang
= ménggok, murang
kintaki
= serat

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

14

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
anunggyangtaya = mitenah

mikara

54.prarepa
55.miyala
siku

muksapada
sasing
mérang

56.nilep

= ipat-ipat, wawaler
= ngawoni
= paukuman
= ngumpetaken

kinuswa

15
= nyikara,
makèwedi
= swarga, delahan
= sadhéngah
= isin,
nglilingsemi
= mambet, kaaras
kaambet
= kecalan

57.kascaryan
= kasengsem
kasyang
pracara
= wicara, urakan
58.badrak
= kéré
kramu
= wadhag, agal
langking
= garing
sinikara
= dipun sikara
59.prayojana
= budi, sedya
prama
= linangkung, suci
cantya
= mukti, saé
nayuti
= malangi, ngadhangi
binari
= kalayan, sinambi
60.sarkara
= maben, legi
pracadi
= pracaya
prana
= manah
moksil
= mélik
61.andrawili
= boten kendhat
dasih
= kawula
andaha
= mulasara
njurbalani
= ambilaèni
62.anahu
= sumerep, ningali
kupiya
= ngudi, usaha
63.éndrasangsara = paéka, paékan
andani
= anyaèni
andèh
= éwa
64.enaka
= kamuktèn
kasi
= welas, kawula
andé
= damel, ndadosaken
anjuk
= nuju
65.kalulun
= kagubel, kabuncang
ura
= bibar, risak
waskitha
= patitis, wicaksana
papaki
= papaka, siksa
66.pramuka
= pangarsa, pangajeng
andurasa
= nyuwuraken
ancuta
= tuladha
indung
= pangling
67.nahen
= nahan, ngampet
andasih
= ngawula
68.paramarta
= agung ing
niyak
= nerak
pangapunten
katalya
= kacandhet
maksi
= sumerep, mangertos
69.udadi
= samodra, seganten
mamang
= mangu-mangu
70.utana
= amrih
siningid
= kaumpetaken
71.nohan
= begja, kaluwihan
72.nanantya
= nguwuh, ngucap
panglawung
= kasisahan
kekeling
= sisah, kasisahan
73.rungsit
= reribed, kasisahan
namu-namu
= awang-awang
silastuti
= tuladha, palupi
74.andurkara
= ngresahi, mungel
anaur
= nyaur
awon
tatir
= rahsa, raos
75.pepeceh
= pepacuh, piwucal
karuhun
= rumiyin
pranatan
lengkep
= jangkep
76.tanas
= dhadhasar
andor
= maiben
wiyata
= piwucal
twijara
= pandhita
77. tawing
= aling-aling
nitya
= mripat, tingal
kawiryan
= kamukten,
kaluhuran
78. wuntat
= pawingking
nanantya
= nguwuh
79. andani
= anyaéni
kretiyasa
= tiyang andon
tulakang
= sapawingking
padamelan,
priyantun
80. taluwanwa
= dalajat awon
81. kretyawan
= kaluwihan
talutuh
= rereged
82. lengis
= paès
lengkawa
= téja
anor
= asor
sinudarsana
= tinulad,
tinuladha
83. dumon
= manggèn
bangkit
= saged
84. lumingling
= mandeng, nyawang
kajatin
= katemenan
garjita
= bingah, angen-angen kawuh
= kaduk
tulya
= saèstu, temen, yektos
kujanapapa
= sangsara
lengka
= pait, langu
twasa
= manah, karep
85. kawanin
= kakendelan
sosoba
= kasaénan, bingah
swawara
= pangajeng
sawegung
= sadayanipun
86. kanin
= tatu
kadrasa
= kailènan
kanon
= katingal
taluwanwa
= dalajat awon
87. durniti = mengsah, pandamel awon
dumarusa
= ndarung
diggama
= paéka
wiruda
= pamrawasa
daridya
= nistha, asor
katala
= katiwasan
88. sawawi
= sambada
saniskara
= samukawis
ngawirya
= ngaluhur, mulya
89. dumi
= dumèh
dériti
= sugal, diksura
kawaba
= kuwagang
90. kawathi
= rahsa, wados
suba
= kaormatan
sengkung
= umuk
pramoda
= uger-uger
91. twasa
= manah, karep
dureta
= durta, awon

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
92. kretyawan
= kaluwihan
twijara
= pandhita
parnoh
= crobo
dwija
= guru
93. sudarsa
= tuladha
tatakya
= tapa, nglampahi
94. tallapi
= mendheti
kawirya
= luhur, mukti
95. durniminta
= margi/tenger awon
soroh
= ambabarang
puwara
= bibar, risak
garwakara
= deksura, sugal
galu
= pracéka
96. kawuh
= kaduk
roga
= panandhang
97. singgih
= inggil, luhur
mirungga
= miji
andon
= ulah, tingkah
dura
= awon, nglengkara
98. puraya
= kadhaton
saraga
= susah
drasa
= mili, sanget
kasmala
= memala, sasakit
datarpa
= boten mawi
duwus
= tepis
katala
= katiwasan
99. gardhawari
= silih-asih
pringga
= èwed, pakèwed
kawaba
= kuwagang
dardya
= asih
100. durcara
= wicanten awon
tulakang
= pawingking
101. kawa-kawa
= mangu-mangu
lungit
= landhep, lancip
102. acedhis
= lethek, dharidhis
103. wastu
= èstu, jangkep
saranta
= sabar, aso
104. priyatni
= wiwéka, ènget
pranamya
= manah linangkung
parnoh
= crobo
paraya
= budi, manah
garjita
= bingah, angen-angen
pradana
= sugih
105. mardawa
= sabar, sarèh
106. palupi
= tuladha
ngawirya
= ngaluhur, mulya
puruhita
= guru
paramatatya
= putus ing kaluwihan
puru-puru = mangu-mangu
piroga
= panandhang
107. réwanda
= kethèk
saranggon
= sagrombolan
dhasta
= awon
108. drubiksa
= buta
wasita
= piwucal
109. sampun trawaca
110. sampun trawaca
111. puraya
= kadhaton
wèstu
= lestantun
112. dumarusa
= ndarung
hartaka
= bandha, donya
dhatu
= ratu
prana
= manah
113. sampun trawaca
114. dériti = sugal, diksura
sudarpa
= kalangkunglangkung
sidikara
= pujamantra, puja
susmaya
= suci,
kalangkung
115. langking
= garing
116. sonya
= sepi, jinem, tidhem
117. sampun trawaca
118. sampun trawaca
119. sampun trawaca
120. sampun trawaca
121. sampun trawaca
122. kintaki
= serat
123. sampun trawaca
124. sampun trawaca
125. sampun trawaca
126. durniti
= lampah awon
wisdhi
= sedya
127. sampun trawaca

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

16