Crita Cekak Sawise Prahara Gedhe.

Sari
Fitriany, Arin. 2009. Crita Cekak Sawise Prahara Gedhe. Skripsi. Jurusan Bahasa dan
Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negri Semarang, Pembimbing
I: Drs. Sukadaryanto, M.hom. pembimbing II: Yusro Edi Nugroho, S.S.M.Hum
Kata kunci:Crita Cerkak, struktural
Karya sastra sejatine ora bisa dipisahake karo panguripane masyarakat, sebabe
karya sastra kuwi conto saka panguripane menungsa. Kanggo ngerteni sawijining karya
sastra dibutuhake pangerta ngenani struktur pembangun crita kang lewih jero. Salah
sijining jenis karya sastra kang nganggo basa jawa sing akeh di waca yaiku crita cekak
utawa cerita pendek. Kumpulan crita cekak Sawise Prahara Gedhe karya Fadmi Sustiwi
didredah amarga kumpulan crita cekak Sawise Prahara Gedhe mujudake karya sastra
kang esih anyar sing bangunan critane (tokoh lan penokohan, latar, alur, tema lan amanat,
gaya bahasa, lan sudut pandang) utawa dalan critane jumbuh karo kahanan para maca
saki.
Bab kang diudi ing penelitian iki yaiku struktur antarane unsur intrinsike. Ancas
penelitian iki yaiku unsur-unsur intrinsik ing gabungan crita cekak lan kang
ndeskripsikake angsale saka 16 crita cekak yaiku : (1) Anakku, (2) Mburu Uceng, (3)
Sawise Prahara Gedhe, (4) Katresnan, (5) Sawise Prahargyan Rampung, (6) Raras, (7)
Wis Lingsir Esuk, (8) Janji, (9) Kabar Saka Koran, (10) Oalah Mas Eko, (11) Kamar
Manten, (12) Sedulur Sinarawedi, (13) Sawise Mawar iku Mekar, (14) Meh Wae, (15)
Critane Salembar Kertas, dan (16) Munafek.

Metode sing diterapake kanggo nganalisis crita cekak iki yaiku metode struktur
lan pendekatane yaiku objektif. Pendekatan objektif nandhesake marang objeke ucul saka
pengarange lan paramaos. Pendekatan iki nandhesake karo struktur karya sastra sing
sifate otonom lan salah sijine nduweni gegayutan.
Asil sing bisa didhudut saka analisis neng penelitian iki anatarane pengungkapan
alur longgar, alur rapat, alur lurus lan sorot balik, penokohane sing ditoke werna-werna
kaya dene sifat sabar, sifat emosional, sifat matre, sifat seneng kerja, sifat gigih, sifat
ramah, lan sak piturute. Latar sing dikanggoake yaiku latar tempat, latar wektu, lan latar
sosial. Sudut pandang dienggo pengarange saka nembelas crita cekak sing dianalisis.
Saparangan nganggo aku-an lan sing luwih akeh nganggo dia-an, lan pengarang
uga mangerteni kahanan paraga. Ewodene gaya basa sing dienggo kaya dene tembung
saroja, tembung camboran, interverensi basa indonesia, interverensi basa asing lan
sakturute. Tema sing dikatonake dening pengarang akeh-akehe babagan katresnan lan
kesetian wanita karo garwaana.
Panaliten ngajab kanggo pawaos supaya ngulinakake maca crita cekak kanggo
nambah wawasan panguripan lan njupuk piwulangan saka salah sijining kedadean lan
uga bisa ndhudut piwulangan moral sing murakabi ing panguripan ora mung kuwi
peneliti uga ngajab supaya kumpulan crita cekak Sawise Prahara Gedhe bisa denggo
bahan mulang marang siswa ing papan piwulangan.