Aja karep mring kang liya, karepna marang kang titip, hebe tegese Aja ngeli marang hawa, den wespada sira kaki, aksara jim Lamun nora mengkonoha, kena ing rencana kaki, aksara kha Aksara dal tegesira, derajat iku sayekti, tegese in

AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 33 Selarasa iku, ri sampunnya diwasa, remen adhekah pribadi, lawan sampun kinaramakaken ika. 98. Angsal putrining pandhita, ing Selabentar puniki, wus lama anggennya dhedhekah, akathah tiyang tut wuri, dadya karan puniki, dhekahing sela punika, mengkana kinarya, namur lampah among tani, langkung arja ing Tarub sampun kuciwa. 99. Ki Ageng Tarub semana, wus sepuh ing mangsa neki, ingkang putra tinimbalan, Raden Selarasa prapti, ngarsanya kang sudarmi, manembah sumungkem suku, sang pandhita ngandika, wus Jebeng lungguha iki, marma ingsun angundang marang ing sira. 100. Pan ingsung iki wus tuwa, meh ana karsaning Widi, anging ta wewekas ingwang, kulup den angati ati, wong urip neng donyaki, den awas sira nakingsun, marang saliranira, sarta pangridhuning iblis, aneng donya ywa pegat sira nastapa. 101. Lan iki pitutur ingwang, marang sireku den eling, mapan sastra tigang dasa, karyanen ugrering ati, amrih ywa keguh kaki, tingalira mring Hyang Agung, alip tegese ika, karepa marang Hyang Widi, angrasaha yen uripira titipan.

102. Aja karep mring kang liya, karepna marang kang titip, hebe tegese

punika, yun bener anggepireki, barang tingkah ireki, mosik meneng nyata kulup, mring ngendi paranira, poma den wespada kaki, lamun meneng ana ngendi osikira. 103. Kalamun mosik tyasira, henengira ana ngendi, poma iku iku aja pegat, ing siyang kelawan latri, ijenen iku kaki, lan sapa kang ngajeni iku, lawan tetegesira, yun terang tapaning ngati, atinira adhepena mring Hyang Sukma. 104. Lamune sireku ana, mapan ana ingkang kardi, dudu ananira dhawak, yen sira mangkono maning, nanging den awas kaki, marang ngendi sirnanipun, marma kulup mengkana, denesireku wus dadi, tan wus terang sira kapanjingan rasa. 105. Ingkang satengese nyawa, lir sarah sira paniki, ananira aneng donya, separan parane kentir, mapan lir katut warih, puniku upamenipun, kumambang neng segara, nging srahna dhirinireki, angeliya marang purbaning Hyang Sukma.

106. Aja ngeli marang hawa, den wespada sira kaki, aksara jim

tegesira, mapan sireku wus pinaring, jembar paningal neki, pangambu lawan pangrungu, atenapi pangucap, nging trusena mring kang jati, kabeh iku ulihena mring satunggal.

107. Lamun nora mengkonoha, kena ing rencana kaki, aksara kha

tegesira, anging khak ingkang kaeksi, kang anyar wus tan kesthi, AAK culture library I Javanese Manuscripts www.alangalangkumitir.wordpress.com AAK culture library 34 nging kadis karya Hyang Agung, kha gedhe tegesira, khalal kharam wus tan nolih, pan tegese pan iku lumuh sadaya.

108. Aksara dal tegesira, derajat iku sayekti, tegese ingkang derajat,

ananira iku kaki, kinacek sami neki, mahluk kang aneng donyeku, marma ingkang manungsa, kaki arep ngati ati, sipatira pratondha ananing sukma.

109. Kang dal gedhe tegesira, iku ta dedalan eling, eling iku rong