CONTOH TEKS PRANATACARA

CONTOH TEKS PRANATACARA ( Perpisahan
Kelas XII )

1.
2.
3.
4.
5.
6.

Assalamualaikum Wr.Wb
Kepala SMA N 1 Sentolo ingkang dahat kinurmatan , para guru saha karyawan ingkang
kinurmatan, Para Wali murid , tamu undangan ingkang kinurmatan, lan para kanca kadhang
ingkang kula trenani
Sumangga langkung rumiyin kula dherekaken muji syukur dhumateng Gusti Allah SWT
ingkang sampun kepareng paringa kanugrahan ingkang arupi kasasaran satemah ngantos
wekdal menika kula lan panjenengan sedaya saget rawuh ing acara perpisahan kelas XII
SMA N 1 Sentolo menika
Para rawuh ingkang kinurmatan, langkung rumiyin kula pranatacara badhe ngaturaken
menggah urut reroncening adicara ingkang sampun rinacik dening para kadhang panitia :
Pambuka

Tanggap wacana saking Kepala SMA N 1 Sentolo
Tanggap wacana saking Wakil Kelas XII
Tanggap wacana saking Wakil Kelas X/XI
Selingan
Penutup
Mekaten wau rantamaning adicara ingkang badhe lumampah ing wekdal punika
Para rawuh ingkang kinurmatan , ngengeti wekdal ingkang sampun dungkap siyang langkung
prayogi menawi adicara menika enggal dipunwiwiti. Tumampak ing adicara angka setunggal
inggih menika Pambuka. Sumangga adicara menika dipunwekasi ndedonga adedasar
agaminpun piyambak-piyambak, ndedonga kula dherekaken sumangga
............................ Ndedonga ...............................
Adicara ingkang angka kalih inggih menika Tanggap wacana saking Kepala SMA N 1
Sentolo, panjenenganipun Bapak Sulistiyo, dhumateng Bapak Sulistiyo kasumanggakaken
........................ Tanggap wacana .........................
Matur nuwun dhumateng Bapak Sulistiyo. Adicara saklajengipun inggih menika Tanggap
wacana saking Wakil Kelas XII, dhumateng sedherek .................... kasumanggakaken
....................... Tanggap wacana ..........................
Matur nuwun dhumateng sedherek ...................... Mekaten wau Tanggap wacana saking
Wakil Kelas XII . adicara saklajengipun inggih menika Tanggap wacana saking Wakil Kelas
X/XI , dhumateng sedherek ........................... kasumanggakaken

....................... Tanggap wacana ..........................
Adicara saklajengipun inggih menika Selingan, sinambi para rawuh ngunjuk saha dhahar
nyamikan, sumangga mirsani kesenian tarian tradisional saking para kanca kelas X/XI SMA
N 1 Sentolo
............................ Selingan ................................
Matur nuwun dhumateng para kanca kelas X/XI , sakajengipun adicara ingkang pungkasan
inggih menika penutup , pramila sumangga acara ing siyang menika dipun pungkasi kanthi
ndedonga sesarengan adedasar agaminipun piyambak-piyambak, ndedonga kula dherekaken
sumangga

............................ Ndedonga ...............................
Matur nuwun.
Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra
pangaksama dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula
matur . Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula.
Pungkasaning atur
Wasssalamualaikum Wr. Wb