KIDUNG KURUKSETRA

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

1

KIDUNG KURUKSETRA
Swasana samaptaning yuda kang gumuruh ing madyaning
Kuruksetra ginambar wontening Perangan Kapisan inggih punika
Kurawa lan Pandhawa kekalihipun kadang tunggal wredha ananging
samya memungsuhan. Kekalihipun anggadhahi senopati kang
prakosa asikep gegaman lan piandel ingkang ngedab-edabi. Risang
Arjuna haniti priksa wadyabala kalayan Risang Kresna kang
pinatah minangka kusiring rata lan lakuning urip. Dumadakan Sang
Arjuna rumaos kejot wontenipun wewayangan tumpesing wangsa
Barata, wangsa lan pepundhene dhewe. Raganya rinasa ngalumpruk,
manahnya geter lan giris, ing pangangen-angen tuwuh gegambaran
leburing wewangunan, tatanan lair
lan
batin kang karana
dumadining perang iki. Arjuna tan kepingin tandhing yuda mateni
sanak kadange dhewe amarga dadi mungsuhe. Ora karana wedi

nanging rumangsa sedhih lan dosa. Arjuna kudu milih ing panggonan
kang angel, antarane panalangsa lan panandhang.

Pangadikane Dhestrarastra :
1. //Ing pal agan T egal Kuruk set ra / samapt a yuda anak -anakk u
l an Anak Pandhu / apa k ang bak al den l ak oni / he.. Sanjaya/
cri t ak na mari ngsun//
Kuruksetra yaiku jagading manungsa, ya kayadene wadhaging
manungsa, yaiku uriping manungsa, ing kono sipat ala lan becik
tansah rebut papan lan nguasani sakabehe. Pancen urip iku perang,
perang antarane kabecikan lan kawicaksanan lawan kanisthan lan
angkara. Gegambarane Kurawa dipapanake ing papan kang ala lan
salah, ewadene Pandhawa didunungake ing panggonan kang becik
lan bener. Mula saka iku Kuruksetra uga diarani Dharmaksetra, yaiku
panggonan ing kono bab kang bener lan kawicaksanan utawa Dharma
kang langgeng iku kudu ditohi minangka laku lair lan batin.

Ature Sanjaya :
2. //Kawul a ngawuni ngani wadyabal a Pandhawa / si aga madeg
yuda i ng madayaning rananggana / dene, Duryudana mrepegi

Guru Drona / nul i humat ur //:
Duryudana :
3. //Kawuni ngana Bapa Guru / k et i ngal t anggon wadya Put raput ra Pandhu / pun pandhegani Put ra Maharaja Drupada /
si swa Guru Dr ona k ang wi cak sana//
www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

2

4. //Ing ri k u Warast rat ama ugi / sami k al i an Bi ma l an Arjuna /
Yuyudana, Wi rat ha l an Drupada /, sadaya sami prak osa//
5. //Ugi Drest ak et u Cek i t ana / l an Raja Nagri Kashi k ang
prak osa / Puruji t sart a Kunt hi boja / saha Sai bi a Bant hengi ng
manungsa//.
6. //Lan ugi Yudamani u k ang pi dek sa / Ut t amauja k ang gagah
prak osa / put ra-put ra Subadradewi l an Draupadi / sadaya
sat ri a gung.

Maharaja Dhestrarastra kang wuta uga digambarake kayadene wong
wuta ing bebener, ora bisa mbedakake ala lan becik, bener saha luput.
Lumrahe kang kasenggol digunakake, ora mengerteni sapa sejatine
kang becik lan luwih becik, rumangsane kang caket iku bener
sakabehe. Kanthi kahanan mangkono iku dheweke ora bisa ndulu
babar pisan, mula ora bisa mrentah kayadene ratu. Ing kono kraton
diprentah dening Duryudana sasuwene Anak-anak Pandhu ana ing
pasetran, kanggo nggenepi prajanjen kang wus den putusake.
Hananging Duryudana ora gelem menehake kraton kang kudune dadi
darbeke Putra Pandhu, ya Pandhawa, kang miturut prajanjen
kawuri. Pokale Duryudana iku dadya mulabukaning Perang Agung
Trah Bharata, ya Bharatayuda.

7. //Sal ajengi pun k awuni ngana duh Bapa Guru / Pandhi ta
i ngk ang t uhu wi cak sana / para Manggal ani ng yuda i ng
bari san k i t a / k agem paduk a k awul a sebat ak en para-para//:
8. //Sepi ndah paduk a Bapa Guru, lajeng Bi sma / Karna t uwi n
Kri pa, sadaya t ansah jaya / sart a Aswat t ama l an Wi k arna /
ugi Somadat t aput ra//
9. //Wont en mal i h sat ri ya-sat ri ya prawi ra / t oh ji wa t oh nyawa

l el abet mri ng k ul a / hanyangk i ng sanjat a manek awarna /
sadaya sudi ra i ng rananggana//
Sejatine Maharata iku Kusir, dudu kusir kang ana, nanging Kusir
pinunjul kang ngendhaleni lakuning kreta, ora liya yaiku pribadining
manungsa. Jagading urip iku kayadene kreta kang sineret jaran papat
cacahe. Jaran papat iku nggambarake nepsu kang bareng uriping
manungsa. Mungguh babare mangkene:

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

3

Sapisan, Jaran awujud Cahya Ireng iku nggambarake Sipat Angangsa,
nuwuhake luwe lan salit saha ngantuk. Dununge ana ing weteng,
dalane ing tutuk.
Kapindho, Jaran awujud Cahya Abang iku nggambarake Sipat

Brangasan, nuwuhake kamurkan, iri lan nesu. Dununge ana ing
Empedhu, dalane ing talingan.
Katelu, Jaran awujud Cahya Kuning iku nggambarake Sipat Birahi,
nuwuhake kangen, pepenginan, rasa bungah. Dununge ana ing
Limpa, dalane ing paningal.
Kapat, Jaran awujud Cahya Putih iku nggambarake Swasana
Katentreman, nuwuhake watak loba ing kabecikan, kautaman lan
kaluhuran. Den wujudake : pasa, tapa nganti lali marang
kekuatane. Dununge ana ing Balung, dalane ing Grana.
10. //Mbot en k i nt enan k at hahi ng wadyabal a k i t a /, pun
pandhegani deni ng Bi sma / Andul u k at hahi ng wadya
k awuni ngan / Bari sani pun Bi sma//
11. //Jejeg angadeg jroni ng bari san / si ra, samapt aa i ng
bragada / mbel a Bi sma i k i / padha l an drajat i ra//
Ature Sanjaya :
12. //Muri h nuwuhk en t ek ad / Sat ri a Kuru, Eyang Bi sma / sru
ni up Sangk al a Cangk ange / gumuruh k adya Si nga ngger eng//
13. //Sangk al a, T ambur l an Pung-pung / Bendhe sart a sul i ng
sungu / ngumandhang sesarenga / umyung gawe gi ri s//
14. //Wus madeg sangi nggi l i ng rat a / abyor si neret T urangga

Set a k ali h / Kresna l an Arjuna ugi / samya ni up Sangk al a
jaya//
Kreta, den umpamakake kaya dene titihan budi pakertine manungsa.
Dene Turangga den umpamakake kaya dene pancadriya, Tali
sumampir gigiring turangga minangka pangekang pancadriya iku
dhewe. Kusir, sejatine panuntun jiwa. Jiwa kang tansah mbedhal,
rebut cukup - rebut keblat - rebut ner - rebut bener, nggugu karepe
dhewe, tega mrawasa tatanan, mburu hardaning nepsu hangangasangas. Rodhaning rata iku Cakramanggilingan, mubeng tan ana
pedhote, ora ngerti ngendi purwa ngendi wusanane. Beja cilaka iku
wus ginaris, bareng ruji-rujining rodha. Bungah lan susah ora kena
www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

4

den merekake, yen wus pesthine bakal teka dhewe, yen durung
pesthine dioyaka ora bakal kecekel. Ora usah nggege mangsa, menawa

wus wancine... sapa kang bisa selak ? Pecut dadi panjurung ing
laku, uga dadi tandha lan ngelingake manawa lakuning urip ora
lumaku ing dalaning bebener.

15. //Sangk al a Pancajani a pun kumandhangk en Kresna /
Sangk al a Dewadat t a deni ng Arjuna / saha Bi masena k ang
gal ak k adya Asu-ajag / ni up sangk al a, ar an Paundra//
16. //Yudhi st i ra raja, put ra Kunt hi dewi / ni up sangk al a, nama
Anant awi jaya / Nak ul a l an Sahadewa, sangk al anya /
Sughosha l an Mani pushpak au//
17. //Kashi raja, Warast rat ama manggal a / Si k handhi ugi
maharat hah / Drest hajumna l an Wi rat ha / saha Sat iak i kang
t an k at andhi ngan//
18. //Drupada saha put ra-put ra Draupadi / l an Subadra put ra,
asanjat a mahasak t i / duh, rat u gust i k ul a pangarepi ng nagri
/ sangk i ng sadaya k ebl at samya h ani up sangk al a//
19. //Swara ngumandhang gumranggang / ngebek i ak asa l an
bawana / ngget erk en manah / put ra-put ra Drest arast ra//
Gumuruh swaraning bendhe-beri, gong, kendhang, tambur,
suling sungu saha sangkala, mratandhani prang den wiwiti. Ing

barisan Kaurawa, hamung Bisma kang haniup sangkala, dene ing
laskar Pandhawa, lelimane haniup sangkala lan uga Kresna. Dene
Sangkala iku minangka pambrongot jiwaning prajurit lan minangka
tengara siaganing prang.
Sangkala Sankham, kagungane Bisma, ginawe saka cangkang.
Sangkala Pancajania, tegese pamekak pancadriya, kagungane Kresna,
digawe saka bebalung yaksa samudra. Sangkala Dewadatta, tegese
nugrahaning dewa, kagungane Arjuna, wujude cangkang. Sangkala
Paundra, tegese roh Bhatara Siwa, kagungane Wrekudara. Sangkala
Anantawijaya, tegese kajayan kang langgeng, kagungane Yudhistira.
Sangkala Sugosa, tegese swara ngrangin, kagungane Nakula.
Sangkala Manipuspaka, tegese sekar mutiara, kagungane Sahadewa.
Sangkala minangka pratandha purwaning yuda, lan uga nggambarake
tengara wiwitaning urip manungsa. Purwaning urip, nalika lahir
sinartan tangis. Ing madyaning gesang, tansah lir gumanti guyu lan

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.

Oleh : Mas Kumitir

5

tangis. Wusananing urip, praptaning ajal kapaes kanthi eseming lathi
tumrap manungsa kang buntas kewajibane urip.
Jabang bayi linair ing bumi kanthi anggawa tangis, amarga
nyumurupi manawa dheweke katemben nilarake alam langgeng lan
kudu miwiti urip ing alam maya. Kamangka, ing alam langgeng
kahanane sarwa ajeg, kalis ing sipat owah gingsir lan kasirnan. Ing
kono, ora ana sayah, ora ana luwe, ora ana rusak, ora ana sedhih,
ora ana lara, ora ana pati. Dene ing alam maya ya ing donya iki, kang
langgeng hamung siji yaiku "sipat owah gingsir" iku dhewe.
Isining donya hamung sarwa semu, kang pinter bisa lali, kang digdaya
bisa lena, kang dhuwur bisa kajlungup, lan kang urip kudu mati.
Akeh-akehe manungsa padha lali marang kanyatan iki, satemah
para manungsa tansah :

 padha rebut bandha kang yektine bisa sirna,
 padha rebut drajad kang wusanane kudu seleh,

 padha rebut menang kang pepuntone kudu mati.
Yen keturutan kang dadi karepe bakal gumuyu, yen cabar
panjangkane bakal nangis.
Mula eling-denelinga wasitane para sepuh :
 ฀Tumindaka sakarepmu, sejatine sira bakal ngundhuh wohing
pakarti,
 ฀Tresnanana kang siro karepake, sejatine kudu pepisahan,
 Uripa sakarepmu, sejatine sira bakal mati.
Manungsa kang lali ing kene, tegese lali marang sangkan lan
paraning dumadi. Dheweke saka jagad liya, parane marang jagad liya,
ing donya iki hamung makarya lan tumindak saperlu ngudi
sanguning urip ing alam kalanggengan.
Tumrap manungsa kang eling, yektine urip ing alam maya iki hamung
ngenteni kumandhange sangkala kang kapindho, yaiku tengara
akhiring alam maya lan uga pratandha wiwitaning alam langgeng.
Manungsa kang mangkono, kanthi eseming lathi mungkasi ing donya
kang hamung sagebyarring thathit bebasane. Dene, manungsa kang
lali bakal kejot lan nembe emut manawa kudu tanggungjawab marang
abeh amal kang den lakoni.


20. //Arjuna andul u put ra-put ra Drest arast ra / k ang si aga
gegaman jro bari san / k ant hi panji al ambang Hanuman / nuli
ment hang gandhewani ra//

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

6

Arjuna minangka senapatining prang asikep panji kanthi lambang
Hanuman sang Wanara Seta. Hanuman dadi pralambange Lelabuhan,
Sucining manah, lan Kasudiran kang kudu sinandhang para satriya.
Mangkono swasana ing palagan, Yudhistira tumingal mring wadyabala
Kaurawa kang tuhu birawa kapandhegan Bisma, satemah tuwuh rasa
miris. Arjuna tanggap ing sasmita, sumengka mungkasi sandheyaning
Yudhistira kanthi caos atur : "Kang njangka Kajayan datan kathah
saged ngasoraken kanthi kasantosan lan agunging panguwaos
kalamun
katandhingaken
kalayan
dayaning
Bebener,
Raos
pasedherekan, Welas asih lan Luhur budi. Kajayan badhe rinegem
lamun Kresna sumandhing, karana Kresna minangka lambang
Jejeging Adil lan Marganing Bebener".
Sawise matur kang mangkono, Arjuna age samapta gati sawega diri
tumujweng palagan. Eling-eling Satriya iki, pantes sinudarsana
satriya samya. Wus trep yen Arjuna nyandhang sipat Wirotama,
Surengrana, Sudibya, Santika sarta Bawa Laksana.
Arjuna uga asring sinebut Bharata (trahing Bharata), Dananjaya
(jaya ing bandha-donya), Gudhakesa (rikma ngandhan-andhan),
Kunthiputra (putra Kunthidewi), Kurunandana (trahing wangsa
Kuru), Mahabahu (asanjata sakti), Pandhawa (siji antarane lelima
Pandhawa), Parantapa (kang ngasorake para satru), Parta (putra
Pritadewi), lan uga Anagha (kang ora nyandhang luput), lan uga
Bharatasaba, Bharatasattama, Bharatasresta, Janaka, Kuruprawira,
Kurusattama, Kurusresta.

21. //Lan, duh Gust i Hamangk u Bumi / mri ng Kresna, Ar juna
humat ur / At uri pun Arjuna / Lampahna rat a t umek eng madya
/ madyani ng bari san l el oro, Kresna!//
22. //Amri h sun bi sa nyumurupi / k ang samya si aga, k adereng
campuh / k ang k udu sun adhepi samengk o / jr oni ng payudan
i k i //
23. //Lan bi sa nyumurupi dhewe / k ang samya carub wor ,
bebari s i ng k ena / l i l a mat i mbel ani hardani ng nepsu / put ra
Drest arast ra k ang asor budi //
Putra Drestarastra, ya Duryudana, pambayune Wangsa Kaurawa
kagambarake manungsa kang nduweni watak kaku, angkuh, licik,
loba lan samubarang budi candhala. Nanging dheweke uga duwe
watak sura, julig, brewu. Kabeh tumindake hamung nuruti nepsu

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

angkara, ora mikirake raharjaning praja kepara
kawulane, kang dipikir mung seneng, weteng, deleng.

7

nyengsarakake

Kaku : ora kober ngrungu atur pemute wong liya.
Angkuh : rumangsa ora ana kang ngungkuli kuwasane kajaba awake
dhewe.
Licik : ngakali wong liya mamrih menange dhewe.
Loba : kepengin ngrengkuh samubarang kang kadulu.
Sura : wani, ora duwe wedi.
Julig : wasis yen tumindak ala.
Brewu : mbebuwang bandha tanpa guna mung golek mareme dhewe.
Katelah Duryudana mengku teges Culika ing paprangan. Kurupati iku
Ratune wangsa Kuru, dene Suyudana Sinuyudan karana asring
weweh dana, sanadyan mung kanggo kasukan.
Duryudana minangka pangareping Kekuatan Angkara perang lawan
para putra Pandhu. Lelorone minangka putra siswa Mahaguru Drona.
Pandhawa minangka pralambang Kekuatan Luhur yaiku sipat wani,
resiking ati, rasa narima, kang kabeh iku dadi watake Pandhawa.
Sejatine manungsa, nduweni Jiwa ing jro sanubari kang kagambarake
laku jantrane Kresna, tansah nuntun marang dalaning bebener. Uga
nyandhang Budi Luhur kang kagambarake pakartine Pandhawa.
Sipat Angkara uga ora bisa sirna saka pribadine manungsa,
kayadene patrape Duryudana sagotrah.
Wimbane Kaurawa lan Pandhawa iku minangka brayat dhewe, Sipat
Angkara lan Budi Luhur iku lelorone tansah sasandhingan jro
pribadine manungsa. Kaurawa iku satru mungguhing Pandhawa,
tegese sipat ala iku kudu den asorake.

Ature Sanjaya :
24. //Duh, Paduk a Rat u Gust i k ul a / mi reng pamundhut i ng
Arjuna i ngk ang mak at en / Kresna hamapanak en adi rat anya /
i ng madyani ng bari san k ek al i h//
25. //Ing
sangajengi ng
Bi sma
l an
Drona
/ l an
pra
manggal at ama / Sabdani ng Kresna : "Sawangen Ar juna / t rah
Kuru carub wor i ng k ana"//
26. //Ing ri k u Arjuna andul u madeg / para bapa, eyang l an
guru / paman, k adang lan k adang t unggal wredha / put ra,
wayah l an bal a samya//
www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

8

27. //Lan Kunt hi put ra ugi andul u / para marasepuh, k ancarowang / sadaya sanak -k adang jejeg humadeg / jr oni ng
bari san k ek al i h//
28. //Kant hi agengi ng raos panal angsa / raos duhk i t a k awi yos
i ng l esan / At uri pun Arjuna / Ndul u sanak -k adang, duh
Kresna / bebari s si aga magut yuda//
29. //Krasa pepes ot ot -bebayuk u / k rasa k ak u l at hik u / gumet er
saranduni ng badank u / l an mri nding gi t hok k u//
30. //Gandhewa l ol os sak a ast ak u / l an k ul it k u k rasa panas
sumel et / i ngsun t an k uwawa ngadeg maneh / l an manahk u
pet eng l el i mengan//
31. //Ingsun andul u prat andha al a / duh Kresna, t an ana
beci k e / ak u merjaya sanak -k adang / jr oni ng paprangan
samengk o//
Arjuna sigra tumingal marang siji-sijine sanak-kadang, uga para guru
humadeg ngaglah siaga tetandhingan. Rasa rangu-rangu wiwit
tuwuh jroning ati. Ranguning tyas sangsaya gedhe, amarga sanakkadange kabeh mapan
ing
lelorone bebarisan kang bakal
tetandhingan, Kaurawa iku kadang tungal wredha lan Pandhawa
iku tunggal Bapa.
Tan kuwawa Arjuna meper rasane dhewe, kasangsayan wus
nguwasani jiwa lan ragane. Rangu-rangu, was sumelang, sedhih lan
sonya campur bawur dadi siji, satemah marbawani Sang Apekik
kendel kadya reca. Sejatine, jro kahanan kang kaya mangkono iku
dadi margane bisa wruh Karsane Kang Mahakuwasa.

32. //Ingsun ora k epengi n menang / uga ora k rat on or a
k amul yan, Kresna / apa paedahe k rat on l an k amul yan / l an
uri p i k i si san, duh Gowi ndha?//
Arjuna datan nyumurupi prakara kang luwih prayoga katimbang
tumindak mrajaya sanak-kadange dhewe. Dheweke arsa ngluwari
dhiri saka kamulyan lan endahing kadonyan.
Panganggepe Arjuna, mrajaya titah iku dosa sanadyan mrajaya
marang titah kang hambeg budi candhala. Sanandyan tetembungan
"mrajaya" iku katulis kanthi Anjana Kencana ya kudu dosa. Nanging

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

9

aluwaran ing yuda iku dudu patrap satriya. Kanan ya Luput, Kering
ya Kliru.
Luwih prayoga nora menangi Bharata Yuda, mangkono pamawase
Arjuna. Amarga, rebut menang ing antarane Kaurawa lan Pandhawa
kanggo mburu kamulyan lan kadonyan kanthi sesinglon mBelani
Raharjaning Praja lan Kamulyaning Kawula. Nanging nyatane ... Yen
menang, kang bisa ngrasa kamulyan hamung para satriya. Jaya
utawa asor, padha bae tumrap kawula hamung kasangsaran kang
sinandhang. Mangkono mungguh panganggepe Arjuna marang
kejeme perang, sanadyan pamawas mangkono iku nora kudu bener
sawutuhe.

33. //Padha k anggo sapa den samya rebut k e / k rat on,
k amul yan l an sesuk an / ana i ng k ene samapt a i ng prang /
ngor banak e ji wa l an bandhane//
34. //Guru, bapa, pra at maja / l an eyang, paman uga / l an
pri pean, put u, marat uwa / l an sanak -k adang l i yane//
Janma kang wruh marang kawajibane urip kudu nindakake
Pancadarma :
1. Bekti mring Pengeran Kang Maha Agung,
 Amarga Panjenengane maha peparing, sabarang titah asale saka
Pengeran, bali marang Pengeran.
 Catur Sembah minangka wujud bektine : Sembah Raga,
Sembah Cipta, Sembah Jiwa lan Sembah Rasa.
2. Bekti marang Bapa-biyung,
 Amarga Bapa-biyung minangka lantaran uripe manungsa ing
donya, uga kang nggulawenthah, sarta Guru Kapisan.
 Wujud bektine : Mikul dhuwur - Mendhem jero.
Mikul Dhuwur, tegese nindakake kang dadi pituduh lan wasiat,
sarta njaga asmane wong tuwa.
Mendhem jero, tegese anak kudu bisa nyimpen wewadi.
3. Bekti marang Maratuwa,
 Amarga Dheweke minangka lantarane manungsa bisa ngrasa
swarganing donya.
 Wujud bektine : tan prabeda bekti marang Bapa-biyung.
4. Bekti marang Guru,
 Amarga Guru kang maringi pituduh, satemah kang ora wruh
dadi wruh, ora bisa dadi bisa, bodho dadi pinter.
 Bekti bisa den wujudake, kanthi nuladhani kang dadi pakartine,
nindakake amanate, nyingkiri wewalere, ngamalke ngelmune.
5. Bekti marang Sedulur Tuwa,
www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

10

 Amarga panjenengane dadi sulihing Bapa-biyung, papane
sambat lan sebut yen Bapa-biyung wus nora sembada.
 Bektine : nyambung tali paseduluran, bantu-binantu ing
sadhengah bot-kerepotan.
35. //Ak u ora nedya numpes dhewek e / sanadyan dhewek e
mat eni ak u, duh Kresna / nadyan k anggo t et el uni ng jagad /
apa maneh mung mbut uhi mayapada i k i //
36. //Sawi se numpes put ra Drest arast ra / k amul yan endi k ang
bi sa ri nasa? / Janardana, hamung dosa / yen mrajaya si
durak a i k i //
37. //T an pat ut mungguh k i t a / mrajaya k adang, put ra
Drest arast ra / wus t rep, k epri ye k i t a bak al mul ya / sawi se
numpes brayat e dhewe, duh Madawa?//
38. //Sanadyan mungguhi ng dhewek e / k ang ji wane gi nubel
si pat l oba / t an wruh dosa mrajaya k ul awarga / t an ngert i
k i yanat numpes rowang//
39. //Genea k i t a ora el i ng / dosa k ang mangk ono i k u, duh
Kresna / El i ng marang k al i mput an / numpes k adangk ul awarga pri badi //
Tetep puguh pangrasane Arjuna. Sanadyan Kaurawa wuta ing bebener
amarga jiwane kasaput ing nepsu loba, nanging mrajaya Kaurawa iku
dosa. Karana, Kaurawa kang reged jiwane diprajaya dening Pandhawa
kang resik jiwane, ya ing kene papane Dosa.

40. //Manawa k ul awarga wus ajur / l an wus l ebur pauger an
l uhur / jeji bahan l an wewal eri ng k ul awarga / den k uwasani
durangk ara ngambra-ambra//
Titah urip iku ana kang nguripake, mungkasi uriping titah iku
wasesaning Pengeran. Sabarang kang urip iku wus kinanthen rejeki,
pakarti, panyandhang, laku lan pituwasing kardi. Pakartine titah,
wujud pakarti luhur lan ala iku kanggo nggenepi Jangkaning Jagad.
Manungsa Tama iku ora gelem ngrusak sanadyan mung wujude
omah rayap amarga saka pangati-atine. Nanging janma kang asor
budi tega gawe rusaking tatanan lair lan batin tanpa kinanthen
rasa dosa, kepara rumangsa jaya kalamun bisa gawe piala.

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

11

Cilik mateni semut, gedhene mrajaya manungsa iku ora ana
utamane, kajaba hamung dosa pikolehe. Prastawa paten-pinaten iku
kudu ana lamun kanthi dhedhasar nggenepi Jangka iku mau.
Cethane mangkene : Mrajaya titah kanggo mamrih jejeging Bebener
iku pakarti luhur, nanging mateni wong manawa hamung nuruti
hardaning nepsu iku angkaramurka.
Arjuna ora gelem numpes Kaurawa manawa hamung pengin oleh
kamulyan kang wujude negara lan panguwasa. Ing kene Arjuna datan
trep mapanake pakarti mateni utawa numpes Kaurawa, Bener
nanging durung Pener. Arjuna mapanake pakarti iki ing wujude
"mateni kadang dhewe", kang kudune den papanake wujude
"mbengkas angkaramurka". Ya ing kono, pacoban kang awrat iku
dumadi manawa nyirnakake brayate dhewe. Kayadene manungsa
kang jaya manawa merangi satru, nanging tanpadaya lamun kudu
perang lawan nepsune dhewe.
Arjuna minangka jejering satriya, kudu bisa nyirnakake rasa asih
mring satru, amarga pakarti "numpes Kaurawa" iku dadi kawajibane
Sang Satriya muhung njangkepi darmaning satriya, mbengkas
angkaramurka lan mbelani jejeging adil.
Akehe manungsa nuladhani pakartine Arjuna kanthi mapanake ing
panggonnan kang luput. Anteng jatmika yen nyumurupi ngambraambrane durangkara lan leburing paugeran luhur, nanging bakal
cancut-gumregut manawa kanggo mbutuhi dhiri priyangga. Tega
mrajaya kadang yen lagi rebut warisan, njlomprongake rowang yen
lagi golek aran, ora isin laku culika yen mbelani kamulyan semu, lali
suba-sita yen lagi nguber mareming nepsu. Remeh temen patrapmu
he manungsa ..., Sejatine, sabegja-begjane kang lali, luwih begja
kang eling lan waspada. Yitna yuwana lena kena, tansah kinanthi ing
saben pakarti.
Tan ana kamulyan kang dumadi kanthi bebanten kulawarga dhewe,
ora ana Mulya ancik-ancik sangsaraning liyan, kepara nistha. Ora ana
Butrawali kang manis rasane sanadyan digangsa legen sawindu.
Para sepuh wus paring pemut mangkene : Nistha papa, Dora
sangsara, Dhusta lara, Nihaya pati. Tegese, manawa Tumindak asor,
kalunta-lunta pikolehe. Tumindak ngapusi, nemahi sengsara. Gawe
kacintrakan, hamung lara pikolehe. Sapa kang tumindak aniaya,
pikolehe cilaka.

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

12

41. //Yen durangk ara wus k uwasa / duh Kresna, wani t a i l ang
wi range / l an manawa wus mangkono wani t a / duh Warsneya,
sudra-brahmana t an prabeda//
Durangkara wus ngambra-ambra, nemahi sirna wirange wanita.
Wanita jarwane Wani Ditata. Manawa Wanita wus ilang wirange,
tegese Wanita wus nyimpang saka kodrat kawanitane. Kang wajibe
kudu mranata bale wisma lan momong para putra wus tinilar.
Samengko ing jaman edan, wujuding wanita tan luwih aji timbang
barang, barang kang kanggo rinasa nikmate, disawang kaendahane,
kasade marang kang mbutuhake. Amarga kang biyene Wadi, saiki ora
den aling-alingi, kapara den pamerake ing papan kang ora
samesthine. Swarganing manungsa aneng ngandhap ing suku wanita,
wus ora trep maneh. Martabat Ibu kang minangka Guru Kapisan
mungguhing manungsa wus sirna. Wasitane para Winasis, Jejeg lan
enggoking bebrayan agung iku gumantung ana wanita. Manawa
Wanita wus ora jejeg maneh, banjur kepriye bebrayan agung bisa
jejeg ?
Ya mangkono iku kahanane Jaman Edan. Swasana jro Kala Bendu,
Pituduh ora digugu, Tuladha wus ora ditiru, Kang ura dianggep
maju, Candu padha diluru, Pra mudha lirwa sinau, Kang bener
dianggep kliru, Kang salah bisa gumuyu, Kabeh marga dadi lunyu,
Kang lena bakal kesluru.
Mobah-mosiking kahanan ora bisa den simpangi, mengko yen tumeka
titi wanci, akhiring Kala Bendhu puniki, Kala Suba kang gumanti.
Suradira Jayaningrat Lebur Dening Pangastuti.
Sudra-Brahmana iku trap-trapaning catur kasta, kang jangkepe ana
Brahmana, Ksatriya, Waisia lan Sudra. Kasta ing kene kanggo milahmilaha jejibahane wong roning bebrayan gung. Pamilahe jejibahan ing
bebrayan agung uga bisa kaperang mangkene : Ulama Teguh Kang
Kapitayan; Pamong Praja Kang Adil; Sodagar Kang Jujur; Wong
Mudha Kang Tekun ing Karya. Manawa patang perangan iku bisa
lumaku kanthi bebarengan, kanthi idin Kang Maha Kuwasa bakal
bisa kajangka Tata Kaprajan lan Gesang Bebrayan kang Tata Tentrem
Kerta Raharja, Gemah Ripah Loh Jinawi.

42. //Runt uhi ng budi i k i anggawa / brayat l an para jagal e
mari ng narak a / suk smani ng l el uhur t i ba l ara / k abeh donga,
banyu l an boga t an ana maneh //

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

13

43. //Dosa l an l eburi ng t rah i k i / andadek ak e rubuhi ng
bebrayan gung / adat k el uarga l an k huk um k ast a / ajur mumur t i ni ndhes durangk ara//
44. //Ki t a k abeh wus mangert eni / duh Janardana, papan
t umrap manungsa / k ang budaya l an paugerane ri nusak /
yai k u i ng narak a yek t i //
45. //Oh, sepi ra gedhe dosane / hangrencana mat eni k adangbrayat e dhewe / hamung k arana rasa pengi n nguwasani /
mel i k k edat on l an k amul yan//
46. //Mungguh i ngsun l uwi h prayoga manawa / Kaurawa
k ant hi asi k ep gegaman / k at amakna marengsun i ng payudan
/ i ngsun dat anpa sanjat a, pasrah// [1]
Ature Sanjaya :
47. //Sa sampuni pun prat el a mak at en / Arjuna ngal umpruk i ng
sa
ngi nggi l i ng
rat a
/ gandhewa
saha
jempari ng
k adhawahak en / k ant hi raos duhk i t a bot en k ant enan//

Wus kacarita ing ngarep manawa Arjuna tansah rangu-rangu
jumangkah prang karana jiwa kasatriyane lan dosa kang bakal
sinangga. Mangkono iku minangka gegambaran sejatine polahing
jiwa manungsa kang ngancik sangareping kori tumuju tataran batin
kang luwih dhuwur.
Arjuna mbeguguk ngutha waton nora gelem maju perang, hananging
Sri Kresna tansah nglelipur uga ora mbenerake manawa dheweke
sedhih lan mangu-mangu manahe.
Ing kene Kresna njlentrehake manawa kang wus Wruh ora bakal
sedhih ing pati, urip apadene..., sabab manungsa mesthi mati. Ing
paprangan kang mati hamung wadhage nanging satemene jiwa iku
datan sirna. Kang Wruh, sejatine nora mateni sapa bae. Wajibe
satriya iku njejegake Bebener, ngundhuh kamenangan ing donya iki
lan kabagyan ing mbesuke, lan perang ing madyaning yuda iku ora
agawe dosa. Kelangan Kasatriyane luwih asor tinimbang pati.
Sejatine pati iku salin raga, lan jiwa kang cumondhok ing raga bakal
oncat mring raga liya, pindhane lukar busana hangrasuk busana liya.
Nerna ciptamu tumuju mring Kasucen Jati, makarti tanpa
nggegadhang nugraha, sumarah mring Kang Maha Suci.
www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

14

1. //Dumat eng Arjuna, k ang k erem i ng raos wel as asi h / k ant hi
soca ak ek em beng waspa / l an ri nuji t manahnya /
Madhusudana mi cara mak at en//
Sabdane Sri Baghawan :
2. //Sak a ngendi t ek ane sedhi h l an ngl ok ro / i ng k ahanan k aya
mangk ene i k i / pat r ap dudu kaya sat ri ya / t an l uhur lan
ngl el i ngsemi , oh Arjuna//
Arjuna maksih duwe rasa welas marang kadang-brayate yaiku
Kaurawa kang bakal den adhepi. Rasa welas kang mangkono iku
nora trep kalayan sipating satriya, sipate Wangsa Arya. Kamangka
Wangsa Arya iku tansah nyandhang sipat wani, teguh, agung lan
luhur pakartine. Nadyan wujude kadang, yektine Kaurawa iku satru
kang hambeg budi candhala lan kudu sirna.

3. //Aja den umbar k asangsayani ra / k ang mangk ono i k u dudu
wat ak Arjuna / si si hna rasa nglok r o l an mi ri s i k u / gya
bangk i t oh sat ri ya prawi ra//
Arjuna ambantah :
4. //Nangi ng k edah k ados pundi kul a, Madhusudana / saged
mrawasa Bi sma saha Drona / k ant hi warast ra i ng payudan /
mangk a pi yambak i pun pat ut k ula pepundhi , Ari sudana//
5. //Ing jagad puni k a, k al angk ung sae gesang ni st ha /
k at i mbang mejahi para gurudi bya / nadyan k ebl i nger nangi ng
t et ep guru k ul a / mrajaya pi yambak i pun sami kal ayan gesang
adus get i h//
6. //Kawul a mangu-mangu, pundi k al angk ung sae / numpes
pi yambak i pun punapa k ul a kat al i kung / para put ra
Drest arast ra k ang k i t a k edah perjaya / l an mbot en pant es
uri p, sampun angadhang //
7. //Sempl e manah k ul a, put hek pami k i r k ul a / babagan
jeji bahan, k ul a nyuwun pi t edah paduk a / k awedharna mri ng
k ul a k ant hi gambl ang pundi k alangk ung sae / k ul a si swa
paduk a, i ng paduk a k ul a dhedhepe, k awedharana k ul a//
8. //Karana, k ul a dat an mangert os k ang saged amberat /
duhk i t a k ang hanyi r ep pancadri ya puni k / Nadyan saumpami

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

15

k awul a regem k awi ryan l an panguwaos / dat an pepi ndha
sart a wasesani ng k ahyangan//
Arjuna nora bisa nglakoni urip mulya manawa kudu adus getih,
jalaran urip kang mangkono iku sejatine kanisthan, kasangsaran,
angkara lan nerak jejeging adil. Arjuna ora mung nglokro, wassumelang lan mangu-mangu nanging uga nyadhong pituduhe Sang
Gurusuci. Amarga hamung Kresna kang bisa paring pepadhang, lan
uga bebener murih bisane ndulu endi bener lan endi luput.

Ature Sanjaya :
9. //Sasampuni pun prat el a dhumateng Kr esna / Gudhak esa
angucap mri ng Gowi ndha / "Kul a t an badhe magut yuda" /
nul i k endel sal ak sa k at a//
10. //Jro swasana k arant a-rant a / i ng madyani ng bari san
k ek al i h, duh Bharat a /, si nart an esemi ng l at hi Hri si k esa /
pi t ut ur mak at en//
Kresna uga asring katelah Aciuta (kang nora kengguh), Arisudana
(tansah unggul ing yuda), Gowinda (pamomong, cahyaning cipta ),
Hrisikesa (kang murba pancadriya), Janardana (tameng munggweng
janma ), Kesawa (arikma ngandhan-andhan), Madawa (Garwane
Laksmi Dewi), Madusudana (kang mbesmi Yaksa Madu), Mahabahu
(asanjata sekti), Warsneya (trah Wangsa Wrisni), Wasudewa (putra
Wasudewa), Wisnu (titisane Bathara Wisnu), Yadawa (trahing Wangsa
Yadu). Kajaba iku Kresna uga nduweni jejuluk: Hari, Harimurti,
Kesinisudana, Mahayogi, Narayana, Purusotama, Sri Bhagawan,
Yogeswara.
Kresna jejuluk Sri Bhagawan, piyambake kang medharake
Wewadining Jiwa, amarga Jiwa minangka bab kang siningit lan suci,
ora sadhengah titah bisa wruh. Ing kene Kresna mengku karep
supaya Arjuna bangkit kasatriyane, nuduhake marganing urip lan
gya murwani karya minangka jejering satriya.

Sabdane Sri Bhagawan :
11. //Si ra sedhi h t umrap wangsa cul ik a / nangi ng si ra mi cara
budi pak ert i / Sang Luhur Budi k al i s i ng duhk i t a / ya t umrap
sasama l an k ang sumare//[1]
Janma Luhur Budi ora bakal sedhih nyumurupi kahanan apa bae,
awit panandhang lan patine manungsa kudu kalakon. Iku ora
www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

16

ateges sirna sipat asih marang sasama, nanging kapara kudu
mangkono.

12. //T an ana wek t u, k ang i ng k ono / i ngsun si ra l an para raja
i k i ora ana / l an t an bak al ana saat i ng k ono / anani ng ana
t an bak al purna sanadyan sawi se uri p i k i //
Ukara kang muni "ingsun, sira lan para raja" ing kene dudu sipat
badan wadhag, nanging Jiwa (uga asring sinebut Jagad Alit) kang
mapan jroning raga, minangka peranganing Jiwaning Jagad Gedhe.
Sejatine Jiwa iku titahing Pengeran kang linair ing alam langgeng,
mula Jiwa kalebu "perangan sejatine ana", "Sejatine Ana" ora liya ya
muhung Pengeran. Mula ing kene Jiwa katelah "perangan", lan kang
"ana" iku ora bakal sirna. Dene raga iku cinipta ing jagad maya, ya
kalebu ing perangan sejatine "ora ana", mula dheweke kudu
nyandhang sipat owah gingsir lan pepuntone bakal sirna yen wus
tekan mangsa kala, kalane pepisahan lan Jiwa.

13. //Sawi se mapan i ng raga i k i / wi wi t k uncung ngant i gel ung
/ t an wurung ji wa mri ng raga l i ya mal umpat / Sang Luhur
Budi dat anpa k engguh//
14. //Sesam bungan l an badan wadhag, oh Ar juna / nuwuhak e
adhem l an panas, suk a l an sangsaya / l an k abeh i k u t ek al unga, dat an l anggeng / mul a sangganen, Kunt hi put ra//
Yektine rasa seneng lan sedih iku tuwuh lan subur amarga di openi
lan den kulinakake dening raga. Nora tembung trep manawa
manungsa kudu seneng kalamun lagi katurutan lan sedhih manawa
lagi cabar kakarepane. Manungsa bisa darbe rasa anteng jatmika lan
padha sampurnanya ngadhepi leloro prakara, amarga hamung rasa
Kumingsun kang kaprabawan dening pakulinan iku. Kumingsun iki
tansah makarti sasuwene
jiwa
kinunjara dening raga, lan
gumantung marang kawruh lan pakartine jiwa iku dhewe. Kalamun
Jiwa wus mardika, satemah wening ing cipta, lan bakal ngadhepi
sakabehe (seneng lan sedhih, adhem lan panas) kanthi prasaja lan
sampurna, amarga dheweke wruh manawa sabarang kang teka iku
bakal lunga.

15. //Manungsa k ang ora k engguh / oh Arjuna, k ang t ansah
jroni ng duhk i t a / l an suk a, k ang Jejeg k api t ayane / wus t rep
l anggeng gesangnya//

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

17

Urip langgeng iku nora padha kalayan kabeh titah ing jagad iki. Urip
kang mangkono luwih luhur katimbang urip lan pati, ora
nyandhang seneng lan sedhih, adhem lan panas, tan kaprabawan
sadaya prastawa. Gesang langgeng iku wujude sampurnaning cipta
tumuju manunggaling jiwa lan Jagad Ageng kang abadi.

16. //Kang ora ana, ora bak al ana / kang wus ana, bak al ana
sal awase / Lel or one hamung bi sa den mangert eni / deni ng
manungsa k ang wruh Sejat i ne Bebener//
17. //Kawruhana, k ang angl i mput i samudayane i k i / t angeh
ri nusak , t an ana k ang bi sa nyi rnak ak e / Sejat i ne, t an
k ajamah k asi rnan//
18. //Badan wadhag - k ang madhahi / k ang l anggeng, t an
ri nusak / l an t an wi nat es - bak al musna / mul a t umandanga,
he Bharat a//

Kang sinebut "Sejatine" utawa "Kang Sejati" ing kene tegese Jiwa,
mula sinebut Sejatine amarga tan bisa den nalar kanthi kawruh
kaprah, nanging nembe bisa dimangerteni kanthi Kawruh Sejati, ya
Ngelmu Hakikat. Dene, Raga iku dudu wujud sejati nanging hamung
wewayangan, lan nora
bisa
gepok
senggol kalayan sipat
kalanggengan apamaneh kudu manunggal. Raga mangkono cinipta
saka anasir papat, lan Jiwa saka Nur. Nanging tumrap manungsa
kang wruh marang jejibahan, ora jeneng aneh manawa Raganya
nyandhang sipat langgeng.
Raga kataman rusak lan sirna, jiwa kalis sipat mangkono. Mula,
padha makartia mumpung jagad maksih padhang lan raga durung
sirna, amarga Jiwa bisa makarti uga migunakake titihan raga. Titi
mangsa sirna raga, wus puput wektune makarti. Urip pindha mampir
ngombe suwene.

19. //Kang ngi ra Ji wa i k u bi sa gawe pepat i / l an k ang duwe
panyangk a yen Sejat i ne bi sa di pat eni / l el orone i k u cubl uk
sayek t i , amarga / Kang Sejat i i k u k al i s sak a si pat merjaya
l an pi nerjaya//
20. //Kang Sejat i i k u ora l i nai rak e l an mat i / yen wus ana ora
bak al ora ana / Sejat i ne ora li nai rak e, l anggeng sal awase /
Kang Sejat i ora si rna sanadyan raganya mat i //

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

18

21. //Kang Wruh, - Kang Sejat i dat an si rna / l anggeng, t anpa
l ai r, t anpa owah / Kepri ye bi sane, he Part a / mat eni l an
ngupaya pat i -Ne//
22. //Kayadene si r a l uk ar busana / l an gant i barang k ang
anyar / mangk ono Ji wa ni nggal raga l ama / l an i ng raga
anyar humanji ng//
23. //Kal i s l andheping gegaman / t an k ebrongot i ng dahana /
t an gari ng i ng sami rana / t an t el es i ng wari h//
24. //Kang Sejat i k ali s dayani ng gegaman / dahana, sami rana
l an wari h / Sejati ne l anggeng, t an owah / t an gi ngsi r,
panggah sal awase//
25. //Ji wa wi nursi t a t an k ajamah / l epas jagadi ng pi k i r, or a
owah / Yen wruh Sejat i ne mangk ono / mest hi ne sedhi h dat an
si nandhang//
Jiwa kalangkung luhur tinimbang sabarang anasir, langgeng lan
tangeh dinalar. Jiwa datan murba lan kapurba dening pakarti, uga
nora kaprabawan dening owah gingsiring pikir, urip lan raga. Kabeh
wuwujudan bisa owah, teka lan lunga, nanging Jiwa tetep panggah
salawase.

26. //Manawa dadi pangi ramu mungguh / Ji wa t ansah l ai r l an
mat i / anangi ng, oh Sat ri ya asanjat a di bya / samest hi ne
haywa si ra nal angsa//
27. //T umrap k ang l ai r, pat i i k u wus pest hi / t umrap k ang
mat i , l ai r i ku k udu / mangk ono i k u sayek t i ne ora bi sa den
sel ak i / mul a si ra dat an pant es nandhang roga//
Nadyan pati tan bisa diendhani, nanging ora ateges kudu
mbenerake dumadine rajapati, nganyut tuwuh lan paprangan. Janma
tan bisa ngarep-arep petine manungsa kanthi wawaton manawa
kabeh titah kudu mati. Tumrap Jiwa sampurna, nora bakal nggege
mangsa jangkaning jagad.

28. //T i t ah i k u i ng purwane dat an katon / mung k at ongt on i ng
madya k al a / l an samar i ng wusanane / genea mest hi sedhi h,
he Bharat a//
Purwane lan wusanane, titah iku nora wujud, dene anane ing kala
madya ya jroning jagad iki, ora liya hamung wawayangan. Mula, aja
www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

manungsa cilike mrabawani
mangkono aja nganti dumadi.

gedhene

19

ngendhaleni

Jiwa.

Kang

29. //Ana t i t ah wus andul u si pat Agung-Nya / ana k ang mi cara
Kawi bawan-Nya / l an uga hangrungu Wi sesa-Nya / hanangi ng
nora sawi ji k ang wus k rungu mangert eni //
Nora kathah kang wruh, mireng lang micara babagan Jiwa, karana
ora akeh kang rila laku jejeg ing kapitayan lan makarya tanpa
pamrih. Akeh kang kepengin mgregem sejatining bebener, nanging
dheweke nyandhang rangu lan miyur. Manawa kalis ing rarangu,
keh-akehe samya mupus amarga awrating panyandhang jro lumaku
ngudi sejatining bebener iku.

30. //Kang mapan i ng sadhengah t it ah / nora bak al bi sa
k aperjaya / Sak a i k u, oh Bharat a, aja ngum bar wi yoga / i ng
pat i ne t i t ah si nga-si nga//
31. //El i ng mri ng k awaji bani ra / si ra aja ngant i mi ri s /
T umrapi ng sat ri ya t anana k ang l uwi h mul ya / k ajaba
ngrungk ebi jejegi ng adi l //
32. //Mongk ogi ng para sat ri ya, oh Par t a / pi ni ji l abuh nagara /
t anpa den upaya ugi / k ori k aswar gan wus t i narbuk a//
33. //Kal amun si ra dat an hangl ak oni / ngrungk ebi jejegi ng adi l
mau / ni nggal k e k awaji ban l an k asat ri yanmu / mul a, dosa
gedhe t umrap jeneng si ra//
Tetembungan "perang" lan "satriya" mengku karep lair lan batin.
Perang njejegake bebener tata lair mbelani nusa, bangsa lan agama,
uga minangka perang antarane ala lan becik. Sapa kang selak kanthi
wawaton kiyanat, miyur lan jirih iku dosa.
Satriya mangkono nora hamung amarga manungsa linair satriya,
nanging luwih katujokake marang "darmaning satriya" kang den
wujudake ing sipat lan pakarti.

34. //Kri dhamu bak al dadi pocapane k awul a / l an t umrape
janma k ang l i nuhung / k el angan k awi ryan i k u / l uwi h ni st ha
t i ni mbang pral aya//
35. //Para sat ri ya gung bak al nganggep / si ra nguci reng yuda /
l an uga k ang bi yene hamujak rama / samengk o ngesorak e
k ant hi pangi na//
www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

20

36. //Ak eh pangundhamana marang si ra / deni ng para sat ru /
ngal a-al a l an ngi na k ati asanmu / Apa ana k ang l uwi h
nyedhi hak e k at i mbang i k u//
37. //Umpama t i was, si ra bak al manji ng swargal ok a / ut awa
yen jaya, si ra bak al ngi sep maduni ng donya / Mul a agya
bangk i t , Kunt hi put ra / gel engna t ek ad, hamagut yuda//
38. //Kant hi pi anggep suk a l an duhk it a / bat hi l an rugi , jaya
l an asor, t an prabeda / nul i maju acampuh prang / si ra t an
t umi ndak dosa//
39. //Mangk ono pi wul ang Sank hya mri ng si ra / nuli pi arsak na
pi wul ang Yoga / Manawa si ra sawega hanampa, he Part a /
si ra bak al k al i s sak i ng pangi k et i ng k arma//
Sejatine Satriya jroning paprangan hamung sasangu tekad lan
kapitayan, datan nggegadhang jaya, seneng, donya, panguwasa lan
swarga. Manawa wus mangkono Satriya, seneng lan sedhih, jaya lan
asor tan prabeda. Satriya bisa makarti ing kahanan singa-singa, kalis
ing pangiketing kawajiban lan pangiketing panjangka.

40. //Jro prak ara i k i t an ana musprani ng upaya / t an ana
sambek al a dat an purna / nadyan set hi t hi k dharma i ki /
sat emah k al i s i ng rasa gi ri s//
41. //Sant osani ng ci pt a, Kurunandana / t umuju marang
pangajab sajuga / Hanangi ng k ang mak si h k api rangu / megar
ambyar t anpa wusana//
42. //T em bung ngayawara l an samudana /
k aucap para
Sank uni / ngrasak ak e k ang si nerat i ng Ki t ab / l an prat el a : "
ora ana l i ya k ajaba i k i !, he Arjuna//
43. //Nepsu pri badi l an k aswargan dadi pangajabnya / bak al
l ai r ut ama mi nangk a k anugrahan / Lan k ang weh pi t ut ur
yek t i / nedya ngupadi k amul yan jat i //
44. //Kang ci pt ane mak si h k engguh / marang pepi ngi nan
k amul yan l an panguwasa / k i nunjara pi wul ang kang
mangk ono / ora mant her, t an pat ut l ak u samadi //
45. //Ki t ab Suci wus ngandharak e pi wul ang T ri guna, Arjuna /
Luwarna pri badi mu sak i ng T ri guna, uga sak a l or oni ng si pat /
www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

21

Nerna budi mu marang k asucen yek t i / l uwarana dhi ri mu sak a
wi sayane k adonyan, manunggal l an Ji wa//
Sakabehe isen-isen jagad iku darbe watak telung prakara kang
sinebut Triguna. Triguna saka tembung Tri tegese telu, Guna tegese
sipat utawa watak. Sapisan, watak lantip, padhang, resik, bungah,
lan anteng. Kapindho, trengginas, carub wor, nepsu, sedhih, sarta
leget. Dene kang Katelu, cubluk, peteng, reged, kebluk, lan mati.
Dadi, raga utawa wadhag nduweni siji antarane tetelu sipat iku.
Kresna mamrih supaya Arjuna luwar saka Triguna utawa cethane
uwal saka pangiketing sipat, sandhangan lan watake raga, uga kalis
saka kunjarane Loroning sipat, yaiku ala-becik, seneng-sedih, adhempanas, lsp.

46. //Wi mbane sendhang i ng t l at ah banji r / k aroban wari h
sadhengah papan / mangk ono i k u Ki tab Suci / tumrap
brahmana k ang wi cak sana//
47. //Kawaji banmu samengk o hamung t umi ndak / mak arya
dat an k inant hen pamri h / Aja sapisan nugraha k ang k aest hi /
uga aja mung k endel dadi parane k art i //
Ukara "makarya datan kinanthen pamrih" iku nora ateges "makarya
tanpa ngarep-arep
pituwas", sabanjure kalis ing sadhengah
panjangka, kaya gegambaran iki : Wong olah tetanen kang sregep
nggarap sawahe, nalika wus wancine panen, karana ora ngarep-arep
kasil, banjur pari kaobong. Ora... dudu mangkono, karepe ! Werdine
mangkene : Pepucuking panjangka manungsa iku makarya lan
tumindak murih luwar jiwane tumujweng kamardikan langgeng,
manunggal lan Sejatine Jiwa. Mandheg lan nora nggape marang
kawajiban sarta
tanpa
makarya
lan tumindak, uga
dudu
mangkono. Amarga makarya kanthi pamrih nugraha utawa nora
ngape marang kawajiban mangkono, lelorone ateges ngumbar jiwane
satemah jiwa tansah kinunjara.

48. //Ner na ci pt amu marang k asucen yek t i / Mak art i a dat anpa
pamri h, Dananjaya / t eguhna mr i ng guna l an uga t i was /
k arana, t eguhi ng ji wa yai k u marga//
Teguhing Jiwa tegese menebing jiwa, kang wus bisa ngasorake
nepsu, kanepson, gegayuhan, sarta patrap adigang-adigung-adiguna.

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

22

49. //Asor k awi ryani ra l amun ngemungk en k arya / t anpa
t eguhi ng budi , he Dananjaya / Sumaraha marang Kang Maha
Pi rsa / muspra k ang ngarep-arep pi t uwasi ng k arya//
50. //Kang wus manunggal k ant hi budi suci / prasaja mri ng al a
l an beci k / mul a, t i ndak na yoga / amarga mung Yoga k ang
wask i t ha i ng k arya//

Janma kang wus meneb jiwane, datan kasampiran pamrih pribadi ing
sakabehing pakarti, saka iku dheweke luwar saka sipat asor lan angkara. Ciptane prasaja, satimbang, wening, nora rinegedan dening
sipat, sandhangan lan watake raga.

51. //Janma k ang ji wane manunggal l an Kang Maha Pi rsa / t an
nggegadhang pi t uwasi ng pambudi / Ngl uwari dhi ri sak i ng
pangi k et i ng k al ai ran / t umek a papan ing k ono k al i s i ng
k asangsayan//
52. //Manawa ci pt amu wus bi sa l uwar / sak i ng wewayangani ng
k adonyan / si ra bak al t eguh marang / k ang wus l an bak al
k api arsa mengk o//
53. //Manawa war t a mamri h t umpangsuhi ng ci pt amu / jejeg t an
mi yur maneh / t ansah samadya i ng samadi / i k u at eges si ra
wus nganci k yoga//
Manungsa kang kalis ing pangiketing kalairan, dheweke wus mapan
ing tataran Kamardikan, ing kono bakal kalis ing sadhengah
kasangsayan.
Warta, ya prakara kang wus-nedheng-bakal kapireng, ing kene
tegese Kitab suci. Manungsa kang wus Meneb, tan mbutuhake
maneh kitab suci, karana dheweke wus mapan ing tataran luwih
luhur, lan kang kaserat ing Kitab suci wus manunggal ing cipta,
wicara lan pakartine.

Arjuna tetanya :
54. //Punapa prat andhani ng manungsa wi cak sana / l an t eguh
k api t ayan ing samadi , duh Kesawa / Kados pundi
pambudi nipun, mi cara / t at a l enggah, mi wah l ampahi pun//
Sabdane Sri Bhagawan :

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

23

55. //He Part a, yen manungsa nyi rnakak e / sal i ri ng nepsu kang
t uwuh jro at i ne / l an suk a hamung k ant hi bek t i mri ng Ji wa /
mul a dhewek e den arani manungsa k ang t eguh k api t ayane//

Manungsa kang ngumbar hardaning nepsu, mburu apa kang kudu
den mangsa, sejatine dudu nepsune kang rinegem, kepara jiwane
kang kajaring dening nepsu, kaya ula kang binungkus kulite dhewe.
Mula, manungsa kang wus luwar saka kunjaraning nepsu,
gegembarane kaya Ula nglungsungi.

56. //Janma k ang dat an sedhi h jroni ng sungk awa / jroni ng
suk a t an bungah k al angk ung / k al i s i ng nepsu, nesu l an ajri h
/ mangk ono i k u k asebut wong suci t eguh k api t ayan//
57. //Kang ora nduweni pepi ngi nan apa bae / suk a l an sedhi h
t an gi nape / Nadyan k amul yan l an k asangsayan si nandhang /
den arani nduweni t eguhi ng Ji wa//
58. //Pi ndhane Penyu nggeret si k i l e l umebu i ng awak k e /
dhewek e meper l el i ma pancadri ya / sak a sadhengah
pepi ngi nan / mangk ono Ji wa yen wus t eguh//
Nepsu, nesu lan wedi iku godha tumraping jiwa, seneng lan sedhih iku
kalebu peranganing nepsu. Janma kang wus luar saka tetelu godha
iku pepuntone bakal kalis ing prabawaning seneng lan sedhih. Ing
titi mangsane bakal ngrasa yen seneng lan sedhih iku tan
prabeda, iku tegese wus bisa ngendhaleni dhiri, nguwasani godha
kang sawau tansah hanglimputi.
Manawa kamulyan nedheng rinasa, becike aja den gung-gungake,
samono uga yen nandhang sangsaya haywa ngomel tan karuhan.
Pindhane sekar kang mekrok lan alum, adhepana kanthi prasaja, aja
mung yen mekrok lan wangi tansah den pupuji, yen aking tebih
kabuang. Mangkono manungsa kang wus meneb, satimbang ing
kahanan suka lan duhkita tan prabeda.

59. //Kang bi sa ngendhal eni hawanepsune / pepi ngi nane si rna,
nangi ng rasa k apang mak si h sinandhang / l an k apangnya
iku
uga
bak al
si rna
/ lamun
Kang
Maha
Pi rsa
hangejawant ah//
60. //Sanadyan dhewek e Sang Luhur Budi / wus k ant hi
sawut uhi ng pambudi , Kunt hi put ra / Nangi ng pancadri ya k ang
ura / bak al mrawasa mbergandang ji wane//
www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

24

Hawanepsu pancen bisa kapeper, pepinginan bisa kasirnakake.
Nanging manungsa kang wus meper hawanepsune, keh-akehe
maksih nyandhang pepinginan ing atine. Saka iku, nora hamung
pancadriya, uga jiwa kudu kapeper dimen bisane manunggal. Yen jiwa
wus manunggal kalayan sejatining jiwa, iku margane Pengeran
Hangejawantah.

61. //Sawi se bi sa ngendhal eni sak abehe / dhewek e k udu
l ungguh k ant hi neri ng ci pt a marang Ingsun / Karana, k ang
bi sa ngendhal eni pancadri ya / den wast ani nduweni t eguh
k api t ayan//
Tetembungan "Ingsun" tegese Pengeran Kang Maha Pirsa, kang den
lisanake dening Kresna. Sabdane Kresna, sadhengah upaya iku
muspra
kalamun nora kinanthen nering cipta lan datanpa
lalandhesan bekti mring Gusti. Lakuning Jiwa, datan hamung nering
cipta lan meper hawanepsu, uga kudu kanthi adrenging karsa lan
laku bekti kang datan kendhat.

62. //Yen ci pt ane t ansah t umuju marang k adonyan / mul a,
pepi ngi nan wus tuwuh / Lan pepi ngi nan i ki nuwuhak e nepsu /
l an nepsu agawe nesu//
63. //Sak a bramant ya nuwuhak e pet engi ng pi k i r / pet engi ng
pi k i r nuwuhak e l al i / l al i agawe rusak marang ci pt ani ra /
ci pt a t an t umat a i k u purwane k asirnan//
Nepsu iku daya kang ngedab-edabi. Manungsa bisa ngregem
kamulyan lan kawiryan sundhul wiyati amarga dayaning nepsu.
Nepsu uga kang bisa njlomprongake manungsa marang jurang
kasangsaran. Nepsu kang cabar panjangkane dadi nesu kang
makantar-kantar, temah gela wusanane.
Nepsu gawe nesu, nesu gawe petenging pikir, petenging pikir gawe
rusaking pikir, pupuntone rusaking pikir agawe sirna. Sirna, ing kene
mengku karep sirnaning budi luhur lan tuwuhing budi candhala.
Ya mangkono iku kang sinebut Mati sajroning urip, utawa Pati
sadurunge mati.
Mangkono mulabuka dumadine budi candhala iku saka pikir, kanthi
lon-lonan rumesep jroning jiwa, nora amung mrabawani, kapara
nguwasani.

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

25

64. //Nangi ng janma k ang t