KIDUNG KUSUMAWICRITRA

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

KIDUNG KUSUMAWICRITRA
Hong wilaheng sekaring bawana langgeng

1. Menawi dumugi ing jaman Kaliyoga, mboten wonten ingkang
ngelangkungi tiyang sugih, boten kocap tiyang ingkang guna,
ingkang prawira, utawi pandita putus, sadaya sami marek
anembah dhateng tiyang sugih.
2. Ing jaman ngriku bangsaning Pendita sirna, lawan
bangsaning ratu melarat kawelasasih, anak sampun purun di
pitenah, para pandita sami ngelampahi dados nakoda.
3. Bumi tansah gonjing, jagad tansah dahuru, Ratu keringan
arta tansah pinisungsungan ing tiyang sugih, sagung ingkang
ulah padamelan sami nurut ingepahan, seganten mili dateng
lepen.
4. Tiyang beber (darah) asor wangsul dados tiyang luhur,
kamurkanipun
tiyang saya
anglangkungi,

Sang
Ratu
kalumuhan dhateng sang Pandhita, mboten woten kang
anglampahi panembah.
5. Kaliyan wedalanipun kaluhuran saking dipun saranani arta,
karanten Sang Ratu kawisesa dhateng tiyang sugih, tiyang
salah dados awet ing damel, tiyang leres dados ketiwar tiwar,
awit saking melarat.
6. Tiyang murka sangsaya andadra dados angsal pengenan,
tiyang sabar wekasane dados kirang paramarta, tiyang dursila
durjana sami adamel cilakanipun tiyang sepuhipun.
7. Sang Ratu sasat suwita dating sang Pepatih, sagung ingkang
andum sami milih, pratingkahipun sawenang wenang, ical
berkating bumi, sami kasrakat, kadosto : oyod oyotan,
gegodhongan, woh wohan sami tanpo guna.
8. Ingkang saged, ingkang kewasa, boteng angresepi ing jagad,
www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.

Oleh : Mas Kumitir

bangsa Pandita, Satriya, Waisya miwah bangsa Sudra sami
tunggal padamelan, karanten sajagat sami angaken saged, sami
angegung aken diri, mboten wonten ingkang purun kasoran.

9. Tiyang ulah sastra tuwin ulah puja Samadhi boten wonteng
ingkang anut ing pamardining Panditha, tanpa damel , sagung
japamatra mboten wonten ingkang katarimah, adil khukum
mboten anglabeti, temah dados durgama.
10. Sami rebah ing sekar cepaka, hangsoka, hangsana,
candhana wungu, kenanga, surastri, nagasarai, sadaya witipun
sirna sami winandungan, tinegoran, tinutuhan, kaparapalan
erining pung secang lawan pilang.
11. Sakatahing peksi : merak, banyak, dhangdhang, bango
sapanungalanipun sami lebur pinasangan pikat lajeng
sinengkeran, ingkang suko bingah namung : segawon, babi,
sami ing openan, panilala tinuwukan erah kalian daging.
12. Salebeting jaman Kaliyoga sakatahing tiyang sami langkung
amurka, tansah tukar arebat kaluhuran, tiyang sajagat

sampun mboten uningo dating sanak sadherek, mengsah
ingkang sampun kathah cacatipun rinangkul minangka kanthi.
13.
Wewalering
Dewa
tinarajang,
sakatahing
candhi
rinisakaken, kabuyutan mboten wonten damelipun, sami
sumun, sagung sami carios pepakem, kagunan, kasantikan,
sami linebur dening tiyang bodho ingkang murka ing jagad.
14. Kacarios ing jaman punika saestunipun sakawan, ingkang
wiwitan nama jaman Kretayuga, Sang Hyang Premana ingkang
dados witing agesang, punika wonteng pulunging galih, saweg
tasih siniwi ing Swarga.
15. Kaping kalih jaman Tirtayuga, prenah ipun Sang Hyang
Premana wonten samdyaning paningal. Kaping tiga jaman
Dwaparayoga prenahipun Sang Hyang Premana wonten daging
kalawan erah.
www.alangalangkumitir.wordpress.com.

Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir

16. Kaping sekawan jaman Kaliyoga, Sang Hyang Premana
manggia ing kulit lawan ulu puhung. Dene yen Jaman
Kretayuga yuswa ning Sang Hyang Premana saketi taun.
17. Ing Jaman Tirtayuga punika gesangipun Sang Hyang
Premana dumugi saleksa taun, Ing Jaman Dwaparayoga yuswa
sewu taun langkung satus taun kalian satuh wulan.
18. Yen Jaman Kaliyoga punika yuswanipun enggal enggal,
kados upaminipun gebyaring kilat wonten ing mendhung, Kala
ing Jaman Kretayuga, wiwitipun ingkang dados perang
putranipun pandita nama Dewi Nuruki.
19. Ing Jaman Tirtayoga, jalarananipun ingkang dados perang
ageng nama Dewi Sinta, ing Jaman Dwaparayoga ingkang
dados wiwitaning perang Drupadi, kocap putri linuwih.
20. Ing Jaman Kaliyoga kathah ingkang dados sababing perang
ageng, inggih punika pawestri, siti, miwah rajabrana. Mila

kaenget engetan. Sang Sujana sampun pijer olah arta, amrih
dhateng tiyang estri.

www.alangalangkumitir.wordpress.com.
Oleh : Mas Kumitir