LATIHAN SOAL BAHASA JAWA

1.

2.

3.

4.

5.

6.

7.

8.

LATIHAN SOAL BAHASA JAWA
Kang diarani Rising action ing babagan mlakune crita yaiku….
A. pengenalan kahanane crita
B. pucuking konflik
C. pengungkapan prastawa

D. nuju ananing konflik
E. penyelesaian
Ing wayah esuk iku, Amat lan Ani isih padha ngamen ing prapatan dalan kanthi
kringet kang gemrobyos.
Pethilan ukara ing ndhuwur, nggambarake salah sijining babagan crita kang diarani….
A. tema
B. penokohan
C. alur
D. latar
E. gaya basa
Kanggo nggambarake watak wantune paraga ing crita, pengarang nggunakake
teknik….
A. teknik analitik lan dramatic
B. teknik analitik lan sintakmatik
C. teknik pragmatik lan dramatic
D. teknik pragma-analitik
E. teknik dramatic lan sintakmatik
Inti utawa ide dhasare ing sawijining crita diarani….
A. latar
B. alur

C. plot
D. tema
E. penokohan
Kang diarani kagunaan estetis ing crita rakyat yaiku….
A. ndidik para kang maca
B. menehi rasa tentrem lan seneng
C. ngandhut nilai-nilai moral
D. menehi nilai-nilai kaendahan
E. ngandhut ajaraning agama
Dongeng sing magepokan karo babagan kadadeyan papan panggonan diarani….
A. fabel
B. sage
C. mithe
D. legenda
E. mitos
Eling lukitaning alam tegese yaiku…
A. Kahanan kang tansah dieling-eling.
B. Tansah kelingan marang gusti.
C. Eling marang kasengsaran ig alam donya
D. Mula padha eling kahanan saiki.

E. Eling kahananing alam donya
Mangka kanthining tumuwuh,
Salami mung awas eling,
Eling lukitaning alam,
Dadi wiryaning dumadi,

Supadi nir ing sangsaya,
Yeku pangreksaning urip
Pitutur luhur kang bisa kajupuk saka tembang ing dhuwur yaiku…
A. Manungsa kudu tansah kelingan marang banda donyane.
B. Manungsa kudu bisa urip bebrayan supaya bisa sugih banda donya.
C. Manungsa kudu ninggalake kasangsaran kanthi cara nggayuh banda donya,
supaya ora bisa ilang lan kecolongan.
D. Manungsa kudu tansah eling lan waspada marang kahanan alam donya supaya
bisa uwal/luput saka kasangsaran.
E. Eling lan waspada kudu diduweni manungsa supaya bisa uwal saka kasangsaran
lan ora kurang banda donya.
9. Pamilihaning tembung-tembung kang endah ing sajroning geguritan diarani....
A. amanat.
B. diksi

C. rima
D. ritma
E. tema
10. Micara ing sakngarepe wong akeh iku salah sijinining yaiku khotbah,kang nduweni
tujuan….
A. ngrembug samubarang bab kang dianggep wigati
B. menehi wara-wara tumrap wong
C. suka kawruh lan wejangan
D. ngumpulake wong ana ing salah sijining papan
E. ngajak bebarengan musyawarah
11. Wong kang pidhato iku beda-beda anggone nganggo metode utawa tata cara. Ing
ngisor kang ora kalebu tata caraning pidhato yaiku....
A. cara naskah
B. cara impromptu
C. cara ekstemporan
D. cara apalan
E. cara intemporan
12. Cara pidhato nganggo cathetan cilik kang isine cengkorongan utawa kerangka pidhato
lan ngembangake nganggo basane dhewe iku kalebu pidhato kanthi tata cara….
A. cara naskah

B. cara impromptu
C. cara ekstemporan
D. cara apalan
E. cara intemporan
13. Wis kondhang menawa wong Jawa kerep dialem dening bangsa manca, menawa wong
Jawa duwe tata krama kang luhur.
Tembung kang kacetak kandel ing ukara dhuwur dasanamane....
A. sumebar
B. kumepyur
C. kawentar
D. sumanak
E. sumeleh
14. Ing kasusatran Jawa ana kang diarani geguritan. Kaperang dadi pirang jinis geguritan
iku....

A. 4
B. 3
C. 2
D. 1
E. 5

15. A. Diwiwiti tembung sun gegurit
B. Cacahe wanda saben sagatra padha
C. Tibane swara ing pungkasan gatra runtut
Ciri-ciri ing ndhuwur kalebu jinis geguritan….
A. geguritan kontemporer
B. geguritan bebas
C. geguritan modern
D. geguritan kuna
E. geguritan klasik
16. Ing pewayangan mahabarata, satriya kang cacahe ana lima diarani....
A. kurawa
B. pandawa
C. punakawan
D. ramayana
E. amarta
17. Perang gedhe ing donya pewayangan sing kadaden ing antarane para keturunan
begawan abiyasa diarani perang....
A. baratayudha
B. ramayana
C. ngastina pura

D. puputan
E. abiyasa manunggal
18. Tetembungan kang ajeg panganggone sanajan salah salah kaprah diarani....
A. rura basa
B. lura basa
C. purwakanthi
D. mardi basa
E. kosok balen
19. si=fikrepP[kskmznHwnYaiku
A. mznSegwyh[asu[k
B. mznSegwyhbezi
C. mznSegwyhaw[n
D. mznSeg
E. af=bersSupyffiseg
20. j=kepnsesnTiai=zi[so/aiki
gupkPulu[tT[aormzn\
A. gnDu[l
B. n=k[n
C. k[ts\
D. seg[n

E. j[mB[n

21. [wo=[go[l[kJo[dokufu[zli=zibbtBibi[tB[b[tBo[bot\
tege[sSskaukrai=duwu/yaiku
A. Wong iku aja seneng gawe serik liyan.
B. Wong iku aja sakepenake dhewe amarga duwe kekuasaan.
C. Wong iku aja sakepenake dhewe amarga duwe duwit.
D. Aja sok rumangsa yen pinter.
E. Rumangsa nanging aja kuminter.
22. [bochse[kolhaikusupy,,,,,,ffiajpdllia=[go[nNsinau.
aisinncecegCecegai=duwu/si=pli=pene/
A. sene=
B. sum]izh
C. biske/j
D. pinTe/
E. wnimr=[w=otuwa
23. Yen arep kasil iku kudu ngetokake ragad. Ukara kasebut yen digawe paribasan dadine.

A. je/bsukimw[by
B. becikKetitikHlketr

C. b[qo[kBoluaisimdu
D. klhcckMen=cck\
E. anctu/mu=ku/
24. k=kXbutemB|=rurbsyaiku ....
A. gedngedini
B. zulekSmBel\
C. alusTemB|=[z
D. jemB/segr[n
E. metniluput\
25. Ekspresi, patrap/sikap,obahing awak lan pasemon (rai) nalika maca geguritan
diarani ...
A. wicara
B. wirasa
C. wiraga
D. wirunggan
E. wirama
26. “Wah, si Parto kae turune wong cilik nanging bisa dadi wong kang disuba-suba, dadi
wong gedhe. Dene si Bakir kae turune wong sugih nanging malah mung nganggur, ora
dadi apa-apa.” Kahanan kang digambarake ing dhuwur jumbuh karo paribasan ….
A. Kurung munggah lumbung.

B. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati.
C. Sembur-sembur adas, siram-siram bayem.
D. Tembang rawat-rawat, ujare bakal sinambewara.
E. Yiyidan mungging rampadan.
27. Bocah loro kuwi srawunge renggang gula kinepyur pulut.
Ukara ing dhuwur ngemu teges bocah loro iku srawunge….
A. ora akur
B. lagi renggang.
C. Lagi rgejegan

D. Ora gelem srawung
E. Raket banget
28. Wacana eksposisi iku nduweni sipat kang ...
A. fiksi
B. non fiksi
C. runtut.
D. digawe-gawe
E. menehi pelipur
29.
Amenangi jaman edan

Ewuh aya ing pambudi
Melu edan nora tahan
Yen tan melu anglakoni
Boya keduman melik
Kaliren wekasanipun
Delalah kersa Allah
Beja-bejane kang lali
Luwih beja wong kang eling lan waspada
Paugeran tembang macapat ing dhuwur kasebut yaiku....
A. 8a, 8i, 8a, 8i, 8i, 8u,7a, 8i, 11a
B. 8a, 8i, 8a, 8i, 8i, 7u,7a, 8i, 12a
C. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
D. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 7i, 12a
E. 8a, 8i, 7a, 8i, 7i, 8u, 7a, 7i, 12 a
30. Eee kok...panjenengan kersa rawuh ing gubug kula ingkang badhe ambrug punika.
Wangsalan kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ukara ndhuwur yaiku...
A. Roning mlinjo.
B. Ngembang kacang.
C. Mbalung janur mas.
D. Njanur gunung mas.
E. Kembang jambu mas.
31. Anggone atur pasrah iku katindakake ana ing....
A. sadurunge ijab qobul
B. sawise kirab temanten
C. sadurunge kirab temanten
D. sadurunge panggih temanten
E. sawise adicara panggih temanten
32. Yen dipasrahi dadi wong kang masrahake temanten iku, agemane kang lumrah
nganggo busana....
A. jaket
B. kedhaton
C. sinoman
D. kejawen
E. kejawan
33. Penganten sak loron dahar dulang-dulangan minangka pralambang pinanganten
sakloron arep urip susah lan seneng bebarengan, iku gambaran saka upacara....
A. Mertui
B. Kenduren
C. Dahar klimah

D. Sungkeman
E. Ngonjuk rujak degan
34. Ing upacara kacar-kucur, wujud saka kacar kucur yaiku dhuwit logam, beras lan
ubarampe liyane sing dikucurke ana pangkonane penganten putri minangka
pralambang…
A. pitukon saka penganten kakung.
B. plangkahan kanggo sedulur tuwa.
C. srah-srahan saka penganten kakung.
D. paweh nafkah saka penganten kakung.
E. mas kawin saka pihak penganten kakung.
35. Urutane tata cara upacara adat temanten Jawa yaiku....
A. Nontoni – siraman – srah-srahan – asok tukon – lamaran – midodareni – ijab –
panggih
B. Nontoni – lamaran – asok tukon – srah-srahan – siraman – midodareni – ijab –
panggih
C. Nontoni – asok tukon - lamaran – srah-srahan – siraman – midodareni – ijab –
panggih
D. Nontoni – lamaran – asok tukon – srah-srahan – midodareni - siraman – ijab –
panggih
E. Nontoni – lamaran – asok tukon – srah-srahan – siraman – midodareni - panggih –
ijab
36. Ana kawruh basa Jawa iku kang diarani sanepa, yaiku unen-unen kang tegese kosok
balen tur mbangetake. Sanepa kang cocok kanggone murid sing durung mentas
sinaune yaiku...
A. Kawruhe cethek kedhung.
B. Polahe anteng kitiran.
C. Kawruhe jero tepak meri.
D. Lakune kaya macan luwe.
E. Pikirane landhep dengkul.
37. Tumindak emban cindhe emban siladan iku ora becik,amarga minangka tandha
sipat…
A. drengki
B. gumedhe
C. ora adil
D. umuk
E. ambeng paramata.
38. Unen-unen kang awujud cangkriman dikantheni batangan, sanajan among nyrempet
wae iku diarani...
A. paribasan
B. purwakanthi
C. parikan
D. sanepa
E. wangsalan
39. Aja lungguh ing ngarep pintu, mengko mundak dadi bujang tuwa
Ukara ing dhuwur kalebu tuladha …
A. Ular-ular
B. Panglipur
C. Wewaler
D. Unen-unen
E. Wejangan

40. Yen Kabul kabuki,
Ing drajat kajating urip
Tegese pethikan cakepan tembang Pocung ing ndhuwur yaiku ….
A. Menawa kawujud drajad kamulyaning urip bakal kabukak.
B. Menawa ora kawujud drajad kamulyaning urip bakal kabukak.
C. Menawa ora kawujud drajad kamulyaning urip ora bakal kabukak.
D. Manawa kawujud sandhang, pangan, lan papan bakal tumeka.
E. Menawa kawujud sandhang, pangan, lan papan bakal kabukak..
41. Salah siji strategi masarake barang yaiku kanthi menehi pangerten marang konsumen
babagan … produk kang ditawakake tinimbang produk liyane.
A. regane
B. katrangan
C. kecocogan
D. kaluwihan
E. kakurangan
42. Tembung : Tata, titi, tentrem, iku kalebu purwakanthi …
A. Guru swara
B. Guru gatra
C. Guru basa
D. Limaksita
E. Guru sastra
43. Upacara kang dadi tandha pinangka wong tuwa utawa kaluwarga manten putri
sarujuk yen putrine didadekake pasangan urip calon penganten kakung yaiku…
A. lamaran.
B. siraman.
C. kumbakarnan.
D. Ijab kabul.
E. ngundhuh.
44. Pralambang kang kakandhut ing acara midodareni yaiku….
A. Upacara selametan,selamet merga inti acarane yaiku ijab qobul wis rampung
diselenggarake.
B. Pralambang sawijining kepala kulawarga sinh tanggung jawab mring kulawarga
C. Minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan inh antarane penganten putri lan
kakung.
D. Dadi tandha minangka wong tuwa utawa kulawarga manten putri sarujuk yen
putrine didadekake pasangan urip calon temanten kakung.
E. Yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku,kabeh widadari mudhun saka
suwarga kanggo aweh pangestu uga kanggo pralabang yen sesuk neng acara
utama, penganten putrine bakal ayu kaya widadari.
45. A: “Sinten asma panjenengan?”
B: “………kula Ayu Pratiwi.”
Ceceg-ceceg ing dhuwur sing trep diisi mawi tembung…
A. nami.
B. jeneng.
C. asma.
D. sesilih.
E. sesulih
46. Pak Brata sawijining pemimpin sing banget diajeni jalaran ngendikane kepenak, apa
maneh yen janji mesthi ora mblenjani, ora gawe seriking liyan. Pratelan iku jumbuh
karo unen-unen…

A. Sapa nandur bakal ngundhuh.
B. Jer basuki mawa beya.
C. Ajining dhiri gumantung ing lathi.
D. Ajining busana ana ing raga.
E. Becik ketitik ala ketara.
47. Nalika ngrungokake pasrah penganten, ana pratelan:
Dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang pantes pinundhi-pundhi
Para tamu kakung putri putri ingkang winantu ing pakurmatan
Pratelan iku kalebu perangane tanggap wacana kang diarani…
A. pambuka.
B. surasa.
C. basa.
D. panutup.
E. ringkesan.
48. Ngrungokake tanggap wacana pasrah penganten,kang makarya masrahake iku saka…
A. penganten putri.
B. penganten lanang.
C. sesulih kang duwe gawe
D. panata cara
E. pambyawara
49. Sugeng siyang, Assalamu’alaikum, katentreman saha kawilujengan mugi katumrapan
dhumateng panjenengan sedaya. Tuladha iku diarani…
A. salam pambuka.
B. pambuka.
C. surasa.
D. panutup.
E. salam panutup.
50. Ciri-ciri geguritan anyar utawa modern yaiku….
A. cacahe gatra tanpa wilangan
B. cacahe gatra ana wilangane
C. nganggo tembung sun gegurit
D. cacahe wanda saben gatra ora bebas
E. tibane swara padha