rerepen karya k g p a a mangkunegara iv

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
REREPEN KARYA K.G.P.A.A. MANGKUNEGARA IV
“PRAYANGKARA”
PUPUH I
KINANTHI
1. ││Tata trepsilaning tembung │ tumiba tembang kinanthi
│ kinantha-kanthaning gita │ gitane kang ingupadi │ pada
panduming budaya │ dayaning reh silakrami││
2. ││Kareming nala kalamun │ lam-lamen ing lami-lami │
lumalat mulat sasama │ samining bangsa marsudi │ suda
sandeyaning karya │ karasa rosing dumadi││
3. ││Sinambung sembadeng kidung │ kumedah kadiya wanti
│ wantu wateking ngamudha │ padha mindhaka warjadi │
juwet juweh tan weweka │ wikaning awak pribadi││
4. ││Beda budine wong punjul │ tan paja jejel ing kapti │
kapitamyat ing pantaka │ pantoging manah manis │
manohara ring sesame │ semune turida yekti││
PUPUH II
DHANDHANGGULA
1. ││Pisang jenar gandanira amrik │ janma ingkang

kajantakeng praja │ grahitanen sabacute │ ingkang
tumibeh luput │ saranane kang palwa mili │ parikan jamu
tawa │ ywa sira katungkul │ ing solah kang tanpa karya │
menyan pita ingkang we mijil jasmani │ engeta
kawirangan││
2. ││Nuswa alit tampingan Serandil │ pacet agung kang
sasaneng toya │ kang narima sastitahe │ begja cilaka iku │
dasih nata ingkang sinelir waruju Sri Cempala │ nistha
kawlas ayun │ tan pilih paraning marga │ jenang sobrah
ancur bang jabaning tulis │ takdir tan kena selak││
“PRAYASMARA”
PUPUH I
DHANDHANGGULA
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

1

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

1. ││Pisang leash sang rajeng Kubarsi │ saben dalu datan
antuk nendra │ gunting wohan swareng bendhe │ kaciptra
mung sireku │ garwa prabu Malawapati │ setyanana ngawula │
pambagening etung │ parane among sakedhap │ suling dara
wana lit turuting tepi │ yen nyawang tarataban││
2. ││gayung sumur welut ing wanadri │tambanana inten branta
kula │ rotan buntal tan ginawe │ tingslsns masingsun │ putrid adi
nagri Kubarsi │ sakadare kewala │ salumpringing pantun │
lamine wanuh lan sira │ suku palwa kang arta cirri turanggi │
katon sasolahira││
3. ││Suket galeng rinumpaka gusti │ kang baita kandheg ing
samodra │ rontang-ranting temahane │ abdinya nedya labuh │
mring kusuma kanga sung branti │ blimbing mindha widara │
careme dumunung │ wismeng pupujan ngulama │raosing tyas
dhuh gusti kadya rinujit │ kang ketang among sira││

“REREPEN”
PUPUH I
PANGKUR
1. ││Jirak pindha munggwing wana │ saying kaga we rekta kang

muroni │ nyanyambi kalaning nganggur │ wastra tumrap
mastaka │ pangikete wangsalan kang sekar pangkur │ baon
sabin ing nawala │ kinarya langen pribadi││
2. Senthe lit sasaneng arga │ lenging roga mina kinarya dhesthi │
nglelejar lajering wuyung │ sikatan bang ngrembaka │ pinisuka
kasukan saananipun │ wimbaningkang candra wela │ mrih
purna pranaweng kapti││
3. ││Sarkara draw linama │ gelang sweda kramane marah siwi │
ilang laliyeng wulangun │ mundhu lit dhaonira │ lumeketing
kayuwanireng kayun │ parab madyaning Pandhawa │ sarjua
arjaning dhiri││
4. ││Singgang gung kang piniyara │ mardi siswa kakawinireng
estri │ wineh minulangken wadu │ puputhut mong Pregiwa │
kanfg sumewa pasewakaning kalangun │ pangrantamireng
pradangga │ sesendhonan genti-genti││
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

2


www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
5. ││Wicara tanpa karana │ babasane janma munggal sapanti │
ngayawara tanpa dunung │ sampan panggilap wreksa │
peprenesan linaras resmining kayun │ narmada lit ngalang
marga │ tan liya among ngrerepi││
6. ││Ron eling tengering marga │ barat wetan mina lembat jaladri
│ sun saweni timuripun │ wantya sang naribrangta │ mangke
sampun diwasa warnane punjul │ karma sengseming sasana │
teka ana kang ngrasani││
7. ││Jambe geng wijiling arga │ sarpa warna kisma mawur kapilih
│ gawe sumelanging kalbu │ satriyadi Singgela │ datan bias
nendra kalanireng dalu │ pamet brana jro pratala │ netra tansah
merem melik││
8. ││Sumedhi putra Ngalengka │ bale nata sang Endrakitla resi │
kadya paran raganingsun │ dhandhang lit mitra dhustha │ yen
tuhua lir pawarta kang sun rungu │ kucumbining dwijawara │
sedheng sun kendhang sing ngriki││
9. ││Piningset sampur wanita │ nateng angga rangkep
tundhaning sari │ kancandheting manah ingsung │ kadang

tepunging basa │ dene during kinaruh ing sidanipun │ turu wilis
tanpa patra │ jroning urip sun anteni││
10. ││Wreksa angkuring suyasa │ kang toh kuda sendhang luber
kang warih │ sun tetedha ring Hyang Agung │ tirta wijiling
angga │ mung engeta bae marang dasihipun │ palwa kandheg
ing muwara │ sun labuh dhepani nagri││
11. ││Katga pangruwat durmala │ sindu raga pasang ilining tasik │
pakaryan kringeta marus │ surya lalu diwasa │ datan nedya
ring pawaka │ lebur luluh sun andhemi││
12. ││Saron geng mangka menggala │ pecuk seta kawuk kang
madha warni │ mung tolehen awak ingsun │ kuji geng Tasik
Waja V kasangsaya kadarpan ing tyas kadurus │ bantuning
janma baksana │ wimbuh yen mulat maskwari││
13. ││Pathining madya rangkep tembunging ngeksi │ yayah
saputing pandulu │ wastra tawing wiwara │ lir kataman
gebyaring kilat narawung │ jawata geng salah warga │ sakala
datanpa budi││
14. ││Saksi sabda mring pradata │ apuwara saya ngrebda kang
brangti │ papan wiyar tanpa taru │ ruharane kalintang │ timun
wana pinapasa pinrih mupus │ wulu bauning kukila │

keleringsung mung sawengi││
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

3

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
15. ││Sadpada bubar sing tala │ esuk kambuh brangtaning tyas
tan sipi │ wilangan kinarya urup │ ketang laraning driya │ pager
kuda deling malang kang binekuk │ gung kapelak kapalangan │
saking kek sikareng budi││
16. ││Tilam wastra ring kakapa │ raning prana ron lesah aneng siti
│ kasuraning tyas kang rawuh │ temu bang ande warna │
sanalika nir kadarman yun manempuh │ bubuk lit ngrabaseng
wastra │ enget pasuwitan mami││
17. ││Wiwaradi dhatulaya │ jangkah madya niskara kang ngewani
│ yen ngantia tindak saru │ paparab sang mahdwija │sayektine
ginuyu mring kang tan sarju │ siwalingf wreksa dinanda │ ilang
tataliningsun nguni││

18. ││Tambra lit kulineng arga │ jayeng toya janma mnyandi warna
│ angur baya sun salimur │ majastra tungtung seta │ dimen aja
kawistara brangtaningsun │ puja panulaking wisa │ Manawa
tembe pinanggih││
19. ││Parabe Hyang Nilakantha │ lamun pasthi sira jodho lan
mami │ godhag antaraning laku │ leta wukir samudra │ paken
alit urut marga nora wurung │ pamoring estri lan priya │ dhaup
lawan sira gusti ││
20. ││Titi pracihnaning kata │ pratandhane kang lagya andon
wingit │ baya nora natuk telu │ kang kaya raganingwang │
away mamak amitambuh marang ingsun │ nikukuh isining praja
│ mangga manggala linewih││
21. Titi purwaning panitra │ prangwadanan ing ari Wrehaspati │
Besar tanggal kaping pitu │ nuju mangsa katiga │ ing tahun je
angka sewu pitung atus │ wolung dasa kalih enjang │
pangriptaning kang ngrerepi.
PUPUH II
DHANDHANGGULA
1. │Rengating tyas rinapih ngrerepi │ rinumpaka sinawung
sarkara │ wawangsalan karemene │ dhuh babo roning pantun

│ ancur pethak tumraping carmin │ saya lami karasa │
kalabang sumunu │ nor arena ing tyas ingwang │ benthic
wreksa atmajeng Sentanu resi │ tan jenak aneng wisma││
2. ││Pakis mudha sekar awoh tasik │ alelungan tanana sineja │
jalidri amba godhonge │ mung ketang kang maweh kung │ kuta
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

4

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

3.

4.

5.

6.


7.

8.

9.

alit wungu kang warni │ ambalut tur jatmika │ bajuning dyah
tanggung │kuning bentrok maya-maya │ sekar pisang basa
kawining nagari │ patut musthikang praja││
││Suteng Endra watese kang tulis │ sun watara janma
madyapada │ puter geng tutul murdane │ Tanana kang
kadyeku │ tapas aren kang senthe wukir │ duk kuna jare ana │
sanjata pamupuh │ putrid adi ing Manggada │ watang criga tepi
wastra kang cinawi │ kiraku during padha││
││Menyan seta pangabaran peksi │ selawase sun anjajah
praja │ pager pura pulas jene │ Batawi prapteng Kudus │
kakawine kang sosotyadi │ during tau umulat │ andakara
murup │ memper mirib warnanira │ lambing brana pelem alit
ganda wangi │ urup den doli karya││

││Bale nata murweng darbe siwi │ baya paran tembe dadinira
│ gancar wayang upamine │ lakone raganingsun │ pacet agung
kang suling paksi │ tan betah anyawanga │ putusing
pangawruh │ kang kadya wulan purnawa │ kendhal jeram
pungkas ingkang bangun enjing │ kaserang saput driya││
││Sipat Kresna ron leash neng siti │ sun celaki wuwuh tejanira
│ ancur sotya tanuning we │ dhasare nyata punjul │ jambe arga
nateng Biraji │ gawe kisruhing driya │ gagelang panuduh │
kongsi lali neng paseban │ bikang rekta neng wastra ngiras
bebenting │ micara nora cetha││
││Krameng boja praja sang Sumali │sun tatedha sang
kalengkaningrat │ taru kang nedheng rumembe │ dadiya
jodhoningsun │ kancuh ingkang duta narpati │ mangka
kanthining gesang │ tyas sangsam binumbu │ saiba ayeming
driya │ mulat sastra jinten langking madha warni │ nurunken
wiji priya││
││Sarah tala narendra kapi │ lamun benjang tembe dadi garwa
│ bidho geng pingul warnane │ sun reka-reka wuru │ nateng
Kobar kang dindang kuning │ supadi anjintela │ pangabaran
pandung │ tumuli ingsun ngrerepa │ lagu sastra sirating

bramara gusti │ ing sekar madu retna││
││Kirab wastra kadang Kartapati │ ingsun kebut aneng
daganira │ kepet dangan lomeng wade │ yen nglilir mirah
ingsun │ paparabe Hyang Surapati │ sun wedene ana wilwa │
ron usada rowang temah dadi weri │ pesthi balik
maringwang││

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

5

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
10. ││Gudhe pandhak sendhang geng ing wukir │ kaya ngapa
leganing tyasingwang │ tarudi swarga enggone │ sasat katiban
daru │ pisang panjang kang tanpa sari │ gapyakl gebyare ana
│ wisayaning manuk │ sakala datan panon rat │ ganggeng
wreksa prajane sang Suryasiwi │ rumasuk malbeng angga││
11. ││Teken palwa sela kang rininjing satangine saking pagulingan
│ kang lampis wungu kembange │ pantese pungun-pungun │
rajeng praja ing Ngambarkawit │ sun ajak marang jamban │
prasidaning laku │ banjur malbeng patamanan │ sepat panjang
kukila kang mangsa pari │ mider angalap sekar││

PUPUH III
S I N O M
1. ││Panedhaking purwa madya │ lumunturing tyas kaswasih │
paparikan rema seta │ unthuking nila upami │ sapa wani
mengkoni │ mring retna dyah kang pinunjul │ narpati ing
Sindhula │ wreksa minangsaeng siking │ mesthi bareng lebur
luluh lan wakingwang││
2. ││Sanajan kang manca praja │ nagri kang urut pasisir │ carita
kangf pininguit serat │ kendhang geng tengareng jurit │ tan
wurung sun tekani │ sun ajak gondhelan sabuk │ kusuma
menyan seta │ sarati dyah esthi putih │ singatiwas murdane
dadi sasrahan││
3. ││Gusti kang pindha musthika │ pasewakan Hyang Pramesthi
│ ombak geng mawa maruta │ surendra buwana dadi │ yen
nora samudra marus │ rondhon kentar ing toya │ balumbang
alit pesagi │ tyas sumarah jiwa raga dadi tambak││
4. ││Legawane tyas sambada │ walang panjang mangsa pari │
kaleca kang rasa kamla │ sosotya munggeng wiyati │
mumundhuta wong kuning │ lintang munggeng langit biru │ iku
yogya kinarya │ lumayanira maskwari │ susuk kondhe sineling
retna mutyara││
5. ││Lan ing swarga iku ana │ aran tirta maosadi │ karyanen
panacap rema │ dimen memak andrawilis │ welasan songsong
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

6

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

6.

7.

8.

9.

10.

11.

12.

13.

kuning │ dhuh angger panedhaningsun │ pasiran ing bengawan
│ paksi sasmitaning lalis││
││Saengga jro pagulingan │ tan nedya sawaleng kapti │ kang
ganda tumraping angga │ ing ngindar banara pati │ darma ulun
nglampahi │ punapa reh ta wong ayu │ narpati ing Ngayodya │
wong agung kang andon jurit │ tyas kadhadha dhadhap
sakarsaning puja││
││Laos wohe pindha wreksa │ cabe lit ronnya malintir │ cacade
karem nglalaga │ megat tresna wong lagya sih │ kadereng ulun
iki │ amrih kapadhaning kayun │ cumbananing manyura │ kang
tambang pangenceng kelir │ wong parigel tangeh luntura
sihira││
││Baya sida mati ngarang │ yen gusti tan luntur kang sih │
kalabang mawa panjuta │ gagelang munggeng dariji │ tan rena
laliningsih │ dhuh dadia papujanku │ kusuma menda wana │
siti rengka ing tetegil │ kalilana kawula ngudang bandara││
││Wader gung kang pindha gada │ kakayangan Suranadi │
patra jana saupama │ gagala pangarah mami │ puput
jiwangong gusti │ kabanjur sida kalantur │ dhuh angger
welasana │ sapa yoga mring nak mami │ nora liya mung sang
retnaning buwana ││
││Karoya kang pindha warna │ kusumeng dyah Kaelani │ yayi
welasa maringwang │ away gung manggung prihatin │ lalu
mangsa wonfg kuning │ paparikan jayeng ranu │ sudanen weh
wiyoga │ yen kasep ambabayani │ gudhe rambat yayi laraku
kesandhang││
││Prang wusananing brangta │ supadi lipur ing anggring │ ywa
manggung tyas duka cipta │ bantheng bang wisma nagari │
dadia getih daging │ aja pijer kaparingu │ bale kuda bandara │
janma kang kentar ing warih │ tyas naratab yen enget mring
warnanira││
││Sasawi kang munggeng wisma │ wringin seta madha warni
│ yen lagya eling mring sira │ kadya wong kena ing dhesthi │
tan wrin sasami-sami │ tangeh karep mring tumuwuh │
papaesaning netra │ mungsuh kang ngajak lalis │ lalu aja myat
bantala ngantariksa││
││Dhuh adhuh raga manira │ teka sae sira urip │ teka sae sira
urip │ duwe pupujan yu endah │ mendhang sosotyaning bumi │
teka tan anemahi │ sewu tan dreman wakingsun │ momong

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

7

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
kalulutira │ ywa pijer nandhang prihatin │ paran dene delap
kumudu tunggalan││

PUPUH IV
PUCUNG
1. ││Sekar pucung, ing tyas supadi mangun kung │ anandhang
wigena │ kalantur lumuntur ing gring │ sinalimur nganggit
tembang wangsalan││
2. ││Kang tinembung, ing pangriptanireng tembung │ kadi mene
aja │ kalantur nandhang prihatin │ ketungkula nglukita lali
wigena││
3. ││Sotya rekta, garwa Kumbakarna prabu │ dhuh angger mas
mirah │ dudukeng dasih kaswasih │ grahanarda niaya wong
tanpa dosa││
4. ││ Kadhal gogo, kayu alit maleng ranu │ dhuh woting
tyasingwang │ para tembayanta gusti │ suka juren dasih ta
atyadhah duka││
5. ││Kajang tawang, kalpika rekteng panuduh │ acantheng mirah
│ mundhuta lintang ing langit │ lan karuyanen payangganing
gelungira││
6. ││Jatyeng ranu, pasewakan jro tumenggung │ sajroning
wigena │ ubayane sun anteni │ wiwindona kawulane ngarsaarsa││
7. ││Beras pulut, ing Yujana sang aprabu │ angger wuwusira │
tan darbe paningal kalih │ mung abdine katon jroning
karasikan││
8. ││Dhandhang alit, among dhustha paminipun │ sun tatedha
mirah │ sira den tuhu ing janji │ eman lamun yen uncata ing
prasetya││
9. ││Widheng galeng, putrid adining Madayun │ sapa duwe
garwa │ ayu tur tuhu ing janji │ sasolahe jatmika bisa weh
rimang││
10. ││Jamang wakul, satriya kumendhir tunggul │ eman dara eman
│ kawengku wonfg naliyaning │ bok Manawa ing karsa kurang
waspada││
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

8

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
11. ││Sotyo karna, wreksa lina rone trubus │ intene pun kakang │
begjane kang duwe krami │ baya mirah kang pinuja dadi sira││
12. ││Sarah madu, kunir pita jangkrik gunung │ lam-loamen tyas
ingwang │ yen tan temu sira gusti │ sawer ponthang ing tyas
anggung melang-melang││
13. ││Siti rengka, badan pisah wredinipun │ kadi tanpa jiwa │
lamun tan mulat sirekiu │ kunta kresna ing tyas anggung
nyakrabawa││
14. ││Mirah ingsun, surya diwasaning laku │ sajroning anendra │
mung sira bae kaeksi │ kukus gantung ngalilir katon
gumawang││
15. ││Saron bumbung, terong alit ing babatur │ kang kula wibawa
│ bandara papatih Bali │ cacengklungen nganti paguting
asmara││
16. ││Gudha pingul, kang jae munggeng wana gung │ yen wong
kaya ngapa │ aweta tyas Poyang-paying │ sewu wuyung miyat
ing tyas geramehan││
17. ││Yam-yam tilam, prajiwataning jinemrik │ adhine pun kakang
│ nila pakaja rethathit │ baya sira kumalaning pagulingan││
18. ││Lepning sekar, retna sosotyaning ayu │ kumalaning jagad │
baya kartika ingukir │ sun watara musthika ingkang pinudya││
19. ││Sawi janur, putrid Kelan puspa luluty │ angger wartakena │
dasihmu kawelas asih │ gilang-giolang gumuling datanpa
rowang││
20. ││Garwa Karna, palwa kandheg samodra rowang │ sun labuhi
sira │ kaganjur kabyataning sih │ sun tatedha dadia kanthi
manira││
“MANUHARA”
PUPUH I
DHANDHANGGULA
1. ││Puteking tyas daruna geng kingkin │ kagunturan ing karma
sarkara │ kelut kalimput angene │ nir kabudayanipun │ lir
kataman ing astra bahni │ brastha tanpa upaya │ puwara geng
wuyung │ wahya wiyadining driya │ driyasmara maripih marek
ngenani │ nangsaya maweh brangta││
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

9

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
2. ││Ingimur-imur mara mrepeki │ linali-lali saya ngalela │ lenge
ing tyase ngalela │ lenge ing tyase ngaleleh │ parang
wusaneng gandrung │ de kadereng darung kapati │ kapatuih
ing pantaka │ pan teka kadurus │ kadrawasan ing kung rimang
│ reming netya satata kang mikatoni │ kontraning dyah
kotama││
3. ││Tam-tam tuman tumonton ing resmi │ reseping tyas ing
respanitira │ nirnakken langen resmine │ sor kang angsana
tunjung │ tunjung merang marang maskwari │ rekasa
lumawana │ kucem warnanipun │ sari-sari sabuwana │
kasangsara lan sira rebut mamanis │ manungsung asung
ganda││
4. ││Ganda arum tinumrapken maring │ wandanira sumrambah
watara │ sumrik-sumrik sarandune │ kongas mangekes ing
kung │ madu-madu pathi sabumi │ bubar padha tumiba │
tumpeg tumpuk sungsun │ seseg aneng sariranta │ kumarane
kumerab amerab amerak ati │ marwasa weh wiyoga││
5. ││Miwah lidhah lawan kilat thathit │ apapanthan lawene
anuksma │ kaneng liring karemane │ marma lamun tumundhuk
│ lir anggane sara sang kali │ lumarap ngalap jiwa │ nir
jiwatanipun │ sumawana suryua candra │ myat kartika prabane
amrabawani │ marang wadananira││
6. ││Sotya-sotya musthika di-adi │ jagad raya wus ngumpul
sadaya │ dumunung tyasira angger │ kontap ngumala mertdu │
kasusilan silaning estri │ sutreptining akrama │ teja lan
kukuwung │ kawangwang │ neng imbanira │ mamanone
nanangi ana ing ati │ oneng anon mring sira││
7. ││Pradapane ingkang taru resmi │ raras rume rumarap ing sira
│ wus surem ngalih sunare │ sumirat maring tutuk │ tungtung
seta ngrorontog ati │ bremara lan mutyara │cahyane
cumundhuk │ cumandhi ring wajanira │ narawungi wangun lir
tetesing warih │ kengis ngasmareng cipta││
8.
││Lung-elungan kalanganing langit
│ anganglangi
lumengenging kisma │ tumungkul ngukel sinome │ sinatmata
weh trenyuh │ ayuhing tyas rudita gati │swara samarcapada │
kang mardangga arum │ rumeket keket lan sira │ srining
swara lir rindinging pra absari │ kumenyut nganyut jiwa││
9.
││Temah tumpeg pepeg saananing │ tri buwana kumarane
mara │ merak marang sira kabeh │ kambuh-kambuh buburu │
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

10

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
mring kusuma kudu andasih │ asih ngestu pada │ ajrih bok
sinatru │ sinadarga lamun sira │ musthikeng rat nadyan
Supraba lan Ratih │ mung dadi kanthinira││
PUPUH II
KINANTHI
││Midering rat angelangut │ lalana jajah nagari │ mubeng
tepining samudra │ sumengka anggraning wukir │ anelasak
wana wasa │ tumurun mring jurang terbis││
2.
││Sayekti kalamun suwung │ tangeh miriba kang warni │ lan
sira pepujaningwang │ Manawa dhasaring bumi │ miwah
luhuring akasa │ tuwin jroning jalanidhi││
3.
││Iku ta sapa kang weuruh │ nanging kirane tyas mami │
sandyan ing tri buwana │ anaa kang madha warni │ maksih
sumeh semu sira │ lurus larasing respati││
4.
││Myang dedeg pangadegipun │ sedheng sedhet amantesi │
sembada genging sarira │ lelewane milangoni │ wiraga raga
karana │ murweng dyah yang-yanging bumi││
5.
││Manis gapyak lukitarum │ dhemes luwes merak ati │ susila
tyase ngumala │ solahe Nyudarawerti │ juwawut geng kang
salaga │ parikudu sung ngengeri││
6.
││Kadereng kudu andarung │ kumedah dadia abdi │ nira
sang kalengkaning dyah │ kang merdu martaning dasih │ asih
mring kwula wiyoga │ yogane kang ngusadani││
7.
││Sada kalaning lara kung │ kinungkunga ing pangeksi │ ing
ngupakareng wiwida │ widagdaa ing pangremih │ reseping
tyas manuhara │ larasing reh neng jinem mrik││
8.
││Baskara mijil kalalun │ jnama prinayitneng westhi │ sirna
tyas mring kasujanan │ araning jati ngemasi │ gung rimang
branta mangarang │ rangu-rangu angranuhi││
9.
││Sayakanira Hyang Wisnu │ sarane giyota milir │ gung
kacakra solahira │ mangimur-imur ngrerepi │ we wijil ing
antariksa │ pama edan andaleming││
10. ││Sang wresni Kesawa perabu │ bremara kang taleng siti │
setyanana tur kawula │ paron pamunduling rukmi │
ngendraloka janaloka │ satata ulun sumiwi││
1.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

11

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
11. ││Sastra pangandheging kidung │ sudarma Basudewaji │
ngestu pada mring kusuma │ manjanmaa ping sakethi │
pusara pangiket gangsa │ tumutur tan sedya kari││
12. ││Upama sira mas ingsun │ manuksma mring taru resmi │
ingsun manuksma ring sekar │ gadhung rumambat ing uwit │
lumalat mulet pradapa │ tumali tangkil kumantil││
13. ││Yen sira nuksma riningsun │ marang ingkang sarwa sari │
ingkang kang dadya sadpada │ rumarah mara mangungsir │
mangingsep maduning kusuma │ sanetyasa liliron sih││
14. ││Aywana sawaleng kayun │ kewala kadya angganing │ mimi
kalawan mintuna │ supeket ing siyang ratri │ lusi geng kang
sabeng rawa │ mung sira kang lulut mami││
15. ││Kambing wana kang sisiyung │ iswara nagri Biraji │
pangudang-kudanging driya │ yen kalakon dadi gusti │ kawis
pita mawa ganda │ among aja manggung runtik││
16. ││Manawa netyanta sirung │ ilang tejaning mamanis │ sirna
tyas mring kasusilan │ kusut raras ruming estri │ kang carma
tumraping pada │ owelku kapati-pati││
17. ││Dhukut tegal pindha pantun │ pamintengwang kusumadi │
wangkawa manaweng surya │ yen bendu marang kang
ngabdi │ ngisma sasaneng kawaka │ gedhongen neng jinem
wangi││
18. ││Gepyoken wudharing gelung │ suduken ing sadak rawis │
gablogana burat wida │ panduken kanaka lungit kalesa kentar
ing toya │ sumarah karsanta gusti││
19. ││Carma wreksa kang wus luru │ nalikanira samangkin │
kalpika tumraping braja │ yen kapetuk lan sira ri │ larap
ingkang riris madya │ kumepyur ing tyas tan sipi││
20. ││Dhengkelen kongsi samenut │ teratapan telung ari │
gumeter luwih rong dina │ gragapan saari-ari │ who gebang
kang rinumpaka │ kaya ta ana sumandhing││
21. ││Sotya kakawin ranipun │ mulat nganan mulat ngering │
puspita rinawis rengga │ gugubah den walik-walik │ garwa
sang resi Wisrawa │ dupi tan ana kaeksi││
22. ││Anjegreg jenger anjetung │ jinjang jejantunge rujit │ cipta
murca ring tyasira │ gumulung ngrangkul geguling │ rinasa
rasa udrasa││
PUPUH III
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

12

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
M I J I L
││Wastra ngangrang tebenging patani │ panggagasing batos
│ atma dwija Sampani wastane │ gung karanta ing siyang
myang ratri │ ingkang sarpa langking │ mung sira riningsun││
2.
││Patarendra parabing pawestri │ paran wekasing don │
kang toh pita sumrambah anggane │ lagya ana panujuning ati
│ ron leash ing siti │ ewuh marganipun││
3.
││Waeladi tanayeng Kadhiri │ kinira tyasingong │ yeksa
prabu gorang sakadange │ datan mantra sira animbangi │
janma gung kajodhi │ wit asor kalangkung││
4.
││Tawing wastra ron kamal kang kuning │ nadyan sang lir
sinom │ kukila gung sabaweng ratrine │ datan suda
anganggep kakasih │ meksa raganingsun││
5.
││Pasir kresna ngujwala kaeksi │ lila trusing batos │ gothaka
lit kawistara lenge │ suka dadya panongsong pakathik │
roning tangkil kawis │ sokur raganingsun││
6.
││Satriyadi pureng Glagahwangi │ patahen wakingong │
pragosa lit janjan ing warnane │ dadya tukang panebah jinem
mrik │ jajaganggan neng wukir │ wasis nora kidhung││
7.
││Gudhe pandhak kanga apatra ruwit │ kapriye riningong │
suwati kang ngrabaseng tirise │ yen manggunga mung
srawungan angling │ atmajeng Kekayi │ brangtengsun
kadurus││
8.
││Wanara gung kramaning pangaksi │ tan kuwawa anon │
Sri Narendra Manggada parabe │ mring citranta ingkang
pindha sasi │ tungguling apsari │ prabane ngunguwung││
9.
││Sadpada lit uleng aneng panti │ cengeng yen tumonton │
turangga bang rekta sakiswane │ napas seseg keketeg kumitir
│ we mijil ing dhiri │ kang karinget kumyus││
10. ││Kampuh nendra raning wana basmi │ sumingep kang
panon │ dewata ngin sira palenggahe │ tanpa bayu yayah
angemasi │ srayaning pakarti │ sambat jroning kalbu││
11. ││Patra wisa yoganing maharsi │ dhuh pupujaningong │ basu
wiring andanu wismane │ tutulunga babo ing kaswasih │
pundhen Pandhusiwi │ usadeng lara kung││
12. ││Puspa kiswa kang winudhar enjing │ sajroning meh layon │
kang kinteki pakirim cirine │ lamat-lamat ing swara tanpa
ngling │ ri sang Nangkula ri │ yen sira dewayu││
1.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

13

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
13. ││Tambang pisah panduken jemparing │ kang manah
sumedhot │ kepet dangan drananing panggawe │ lir ginugah
gumregah alinggih │ lung mangkana usadi │ leng-leng lenguklenguk││
14. ││Cipta maya rukem kang tanpa ri │ ngangen-angen batos │
sotya reta Gulangge prajane │ mirahingsun sira aneng ngendi
│ diwasaning ari │ teka tan kadulu││
15. ││Gudhe pandhak unggyaning piranti │ apa aneng gedhong │
taru arga lisr kiswa rondhone │ dyan umadeg mara marepeki
│ pasewakeng tami │ mangu manguk-manguk││
16. ││Paksi toya kulawu kang warni │ ing ngungak tan pandon │
raning janma pangresik tilame │ tebah jaja cangkelak abali │
sela cala radin │ neng latar pitekur││
17. ││Duk semana wayah madya ratri │ Hyang Candra katonton
│ maratani udare lawene │ tinaweng ing imalaya nipis │
rumamyang kaeksi │ lir pupur rinembug││
18. ││Neng wadananira sang maweh gring │ amelok sumorot │
kapiteng tyas winudhar astane │ manembrama ing tembung
mamanis │ dhuh hyang-hyanging bumi │ titinjo maringsun││
19. ││Apasira kang paring usadi │ mring dasih kang nglamong │
asih temen marang gegebale │ dupi kontra kang ima
lumindhih │ tumungkul agandrung││
20. ││Nenggak waspa tumingal manginggil │ kartika mancorong
│ neng pracima kumedhap cahyane │ lir kincanging alis kang
maweh gring │ adhuh sambat mati │ kapeteg ing gandrung││
21. ││Tan antara ingkang lintang ngalih │ gumebyar cumlorot │
ingsun sidhep liringira angger │ aduduka mring kang lagya
anggring │ puwara asepi │ aliwung mangun kung││
22. ││Titi sonya ngrancaka ngranuhi │ sasangka wus ngayom │
angenani laleyan sunare │ wawayanganing angga dumeling │
tinubruk liniling │ ngengleng gandrung-gandrung││
23. ││Dhuh dhuh adhuh woding driya mami │ juwita winongwong
│ glis sapanen inten gegebale │ away mendel tanpa ngandika
ris │ paran dosa mami │ de prapta tumambuh││
24. ││Lamun ana sisipe kang abdi │ saking tan rumaos │
anglirwaken marang sarirane │ tarlen muhung aksamanta
gusti │ upamengsun kadi │ mas kentar ing ranu││
PUPUH IV
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

14

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
MASKUMAMBANG
1.
2.
3.
4.

5.
6.

7.
8.
9.

10.

11.
12.
13.

14.
15.
16.

││Ing sakarsa tan nedya sawalenfg galih │ tempuhna asmara
│ bengkas puspitaning weni │ suka palastra ing tilam││
││Sadangune neng latar gung salah kapti │ wus bangun
rahina │ sumirat sunaring rawi │ sumuluh ing antariksa││
││Temak kucem kusut sasangka kalindhih │ nir ujwalanira │
kang dinalih kusumadi │ pawara tanpa karana││
││Kagyat kanggeg kagugu solahing nguni │ tansah sayut
driya │ mimba sang wisma angalih │ tumama maring
udyana││
││Ngenggar-enggar mrih purna pranaweng kapti │ borating
turida │ dupi prapta samapaning │ wedari mulat puspita││
││Lagya nedheng kongas gandanya mrik minging │
tumujweng nasika │ enget mring sang weh wiyadi │ angles
anglosod infg kisma││
││Amiyarsa swarane bramara ngrungih │ angrurubung sekar
│ kang mendem madune pinrih │ weh yatna nyana sasmita││
││Dyan umadeg alon denira lumaris │ mring taman met sekar
│ cinangking neng asta kering │ satata kinuswa-kuswa││
││Asta kanan tumumpang neng pundhak kering │ midermider miyat │ panjarahe kang sarwa sari │ uninga tyas
kaonengan││
││Sambat-sambat dhuh babo sang kadi ratih │ baya tan
supena │ tangeh tukua pawarrti │ dasihe anandhang
brangta││
││Pisang leash patih nagri Maospati │ sadalu wandengwang
│ paksi kresna raning aji │ ngagak-agak datan nendra││
││Gadarba geng narmada katunan warih │ singa kasatmata │
pandakwa mring wong ajuti │ panarkengsun yayi sira││
││Garwa wipra wogan lit tumambal panti │ angendhangi
karsa │ matswa geng munggeng jahnawi │ paparing pituwas
branta││
││Kelor wana ubaya kang tanpa warni │ wusana tan nyata │
careme sasaneng tegil │ katuwone raganingwang││
││Sotyaning tyas kadya tang we mangsa katri │ jenar tanpa
teja │ lir cintaka minta riris │ angajab tibaning warsa││
││Kang minangka warsane sira maskawari │ raras weh
martana │ taru lata tur andadi │ cintakane tan sangsara││

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

15

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
17. ││Yen tan kadya mangkana paranta gusti │ sayekti kadawan
│ drawayane tyas naputi │ dumadi dadalan lena││
18. ││Tambra mimba kramane pangamet kapti │ anggur
sinruweya │ wilada kang patra lempit │ lowung dadi
embanira││
19. ││Tepi dwaja piji geng kang munggeng kawis │ pirangbara
benjang │ satriya Singgela nagri │ bisa males ing sihira││
20. ││Kawi papa mantasa nagri Kubarsari │ sakadaring sudra │
kalabang renaming driya││
21. ││Sarpa kresna tutula munggeng turanggi │ among
timbangana │ prajane sang Wisnusiwi │ dhuh mirah tresna
kawula││

@@@

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

16