babad alas nangka dhoyong1
www.alangalangkumitir.wordpress.com
1
oleh : Mas Kumitir
BABAD ALAS NANGKA DHOYONG
Babad Crita Lesan
Babad Alas Nangka Dhoyong ;
Dumadine Kutha ‘Wonosari’
Wiwitaning carita ing wewengkon Sumingkar (saikine wilayah
Sambi Pitu, Gunungkidul). Sumingkar iki miturut gotheking
crita iki minangka Kutha Praja Kabupaten Gunungkidul wektu
iku; rikala Sultan Hamengkubuwana I madeg ratu ing Kraton
Ngayogyakarta. Sumingkar cedhak karo tembung ‘sumingkir’.
Mirid saka kahanan lan sejarahe masyarakat sakiwatengen
Sambi Pitu, wong-wong ing wewengkon iki minangka playon
saka Majapahit, wong-wong kang ‘sumingkir’ ing alas
Gunungkidul biyene. Crita lesane wong-wong kana nerangake
manawa
Brawijaya
pungkasan
keplayu
tekan
alas
Gunungkidul, ngulandara ing sawetara papan lan mbukaki
alas-alas dumadi desa-desa sarta ninggalake maneka
kabudayan. Brawijaya pungkasan moksa ing Guwa Bribin,
Semanu, jalaran rikala disuwun malik ngrasuk Islam dening
Sunan Kalijaga ora kersa. Kaya dene masyarakat kang
sumebar manggon luwih dhisik ing Rongkop, Semanu,
Karangmojo, Ngawen, Nglipar, Sambi Pitu, saperangan Pathuk,
uga Panggang, wong-wong iki wis dumunung ing sajembaring
alas Gunungkidul sadurunge kedaden Palihan Nagari (Prajanjen
Giyanti) ing Surakarta. Kabukti kanthi ananing maneka warna
kabudayan kang gregete nuduhake semangat Jawa AsliHindhu-Buda-praIslam, kaya ta: tledhek, rasulan, cing nggoling,
babad alas, reyog, petilasan Hindhu, petilasan Buda, lsp. kang
tansah diuri-uri tekane saiki. Crita iki uga minangka bukti
stereotip ‘babad’ kaya kang dumadi ing desantaraning pulo
Jawa lumrahe; kepara ing nusa-antara.
Ing Sumingkar Adipati Wiranagara madeg dadi adipati.
Piyambake kagungan garwa cacahe loro, sing siji wanita
Sumingkar, sing siji garwa triman saka Sultan. Ateges, garwa
sing siji saka kraton Ngayogyakarta. Wus dadi kalumrahan yen
para adipati pikantuk bebungah awujud apa wae saka ratune,
bisa kalungguhan, kalebu garwa triman. Angkahe warnawarna: kanggo lintu tandang gawe, kanggo nerusake trahing
kusuma, minangka tandha panguwasaning raja utawa kosok
balene; teluke panggedhe ing dhaerah-dhaerah marang
Nagaragung. Duk semana, rikala Adipati Wiranagara sowan ing
Kraton Ngayogyakarta, piyambake oleh prentah saka Kanjeng
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
2
oleh : Mas Kumitir
Sultan supaya mindhah Kutha Praja Kabupaten Gunungkidul
wektu iku kang dumunung ing Sumingkar (Sambi Pitu)
menyang Alas Nangka Dhoyong, kang penere ing Kutha Praja
Kabupaten Gunungkidul ing wektu iki. Kutha praja kabupaten
Gunungkidul prelu dipindhah amarga miturut tata jagading
keblat papat, kurang pener manengah. Dadi, rinasa dening
Sultan kurang mangaribawani tumrap wewengkon kabupaten
Gunungkidul liyane. Mangkono alesan ing crita rakyat
dikandhakake. Sawuse kondur saka Kraton Ngayogyakarta,
Adipati Wiranagara nimbali kabeh pangembating praja ing
Sumingkar supaya sowan ing pendhapa kabupaten.
Demang Wanapawira, yaiku Demang Piyaman (wilayah
Piyaman tekane Nglipar saiki), durung katon sowan ing
pendhapa kabupaten. Para pangembating praja padha duwe
beda penggalihan babagan durung sowane Demang
Wanapawira. Wekasane, Demang Wanapawira tumeka sowan.
Rangga Puspawilaga, sawijining rangga asal Siraman, matur
marang Adipati Wiranagara supaya Demang Wanapawira
diparingi ukuman marga telat anggone sowan. Rangga siji iki
pancen wong kang gumunggung, seneng tumindak culika.
Ananging usul mau ora ditanduki dening Sang Adipati. Adipati
Wiranagara paring dhawuh marang Demang Wanapawira
supaya ngayahi jejibahan mbabad Alas Nangka Dhoyong
kanggo mangun kutha praja Kabupaten Gunungkidul, kaya
dene kang tinitahake Sultan Hamengkubuwana. Demang
Wanapawira siyaga mundhi dhawuh. Rangga Puspawilaga ora
sarujuk yen Demang Wanapawira kang pinilih ngemban titahe
Sultan iku. Angkahe, dheweke kang madeg duta. Rangga
Puspawilaga ndhisiki metu saka pasewakan marga ora narima
kahanan iku.
Ing kademangan Piyaman, cinarita ana sawijining perewangan
kanthi nama Mbok Nitisari, kawentar jejuluk Nyi Niti. Nyi Niti
dimangerteni
dening
wong-wong
ing
sakiwatengening
Piyaman, kepara ing sawetara wewengkon Gunungkidul wektu
iku, minangka perewangan; wong kang linuwih, mligine gayut
karo roh alus lan lelembat. Nyi Niti duwe garwa inaran Ki Niti.
Nyi Niti satemene mbakyune Demang Wanapawira. Nyi Niti lan
Demang Wanapawira iki kalebu keturunane wong-wong playon
saka Majapahit jaman semana. Tekane Piyaman, Demang
Wanapawira marahake babagan apa kang tinitahake marang
piyambake: mbukak Alas Nangka Dhoyong didadekake kutha
praja. Demang Wanapawira nyuwun pretimbangan marang
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
3
oleh : Mas Kumitir
kangmboke. Satemene, sawuse ngrungu titah iku Mbok Niti
rumangsa yen iku titah kang abot sanggane. Sakehing wong
kang dumunung ing wewengkon Gunungkidul wektu iku wus
priksa yen Alas Nangka Dhoyong iku alas kang gawat kaliwat,
punjere jim lelembut, lan omahe dhanyang Nyi Gadhung
Mlathi. Nanging, Mbok Niti saguh nyengkuyung lan ngrewangi
Demang
Wanapawira.
Mbok
Niti
ndhawuhi
Demang
Wanapawira: sadurunge ngayahi babad alas supaya nglakoni
sesuci lan ngadani slametan. Upacara iki syarat kang wus
ditindakake para leluwure kawit biyen lan minangka sarana
supaya manungsa bisa nyawiji lan nguwasani alam, kalebu
roh-roh kang manggon ing alas wingit Nangka Dhoyong. Dene
Nyi Niti bakal nyoba ‘rembugan’ karo Nyi Gadhung Mlathi;
dhanyange Alas Nangka Dhoyong!
Demang Wanapawira, dirowangi Nyi Niti, semadi ing
sangisoring wit ringin putih kang eyub, yaiku wit ringin kang
mapan ing tengahing Alas Nangka Dhoyong. Nyi Gadhung
Mlathi mapan ing wit iku (dhanyang panguwasa Alas Nangka
Dhoyong). Demang Wanapawira lan Nyi Niti wus rila yen
mengkone dimangsa Nyi Gadhung Mlathi uger titah mbukak
alas dadi kutha praja bisa kasembadan. Ana sawenehing
banaspati kang ngreridhu Demang Wanapawira lan Nyi Niti
kang lagi samadi, nanging bisa ditelukake. Nyi Gadhung Mlati
marani saklorone. Dumadi peperangan rame antarane Nyi
Gadhung Mlathi lan Nyi Niti. Marga ora ana kang kasoran, mula
padha ngadani pirembagan. Nyi Gadhung Mlati menehi palilah
alase bisa dibukak didadekke kutha praja kanthi sarat:
digawekke sajen Mahesa Lawung. Uwit panggone Nyi Gadhung
Mlathi ora pikantuk ditegor lan Gadhung Mlati diwenehi
panguripan dumadi dhanyang penunggu; yaiku roh kang njaga
masyarakat mengkone. Nanging, Nyi Gadhung Mlati njaluk
supaya digawekke sesajen saben taune minangka wujud
panjagane masyarakat sing bakal ngenggoni alas iku
mengkone. Nyi Niti nyarujuki panjaluke Nyi Gadhung Mlathi.
Dene Nyi Gadhung Mlathi banjur mrentah para lelembut
supaya nyengkuyung ngewangi pagawean mbukak alas
supaya gancar anggone nandangi.
Sawuse nyekel rembug karo Gadhung Mlathi, Demang
Wanapawira sowan ing ngarsane Adipati Wiranegara kanggo
nyuwun panyengkuyung manawa enggal dilaksanakake babad
alas. Demang Wanapawira lan Nyi Niti ngumpulke rakyat
Piyaman lan sakiwatengene banjur gawe sesajen. Rakyat
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
4
oleh : Mas Kumitir
Paliyan dicritakake uga melu ngrewangi mbabad alas. Dene
masyarakat Paliyan rewang-rewang mbabad alas iki marga wus
kulina ngayahi mbabad alas; yaiku mbabad Alas Giring rikala
semana, sadurunge adage Kraton Mataram. Rakyat Piyaman
lan Paliyan gotong-royong mbukak alas. Rangga Puspawilaga
rumangsa lingsem lan meri marang tandang gawene
Wanapawira. Pakaryan mbabad Alas Nangka Dhoyong
rampung. Alas wus dumadi kutha praja. Demang Wanapawira
kasil ngayahi titahing ratu lan nunggu bebungah saka Sultane.
Pasar
dibukak
dening
Adipati
Wiranegara
kanggo
ngembangake lan ngrembakakake ajuning kutha. Pasar Nangka
Dhoyong, tengere pasar iku, mapan ing wilayah Seneng lan
minangka pasar kang rame banget. Adipati Wiranegara
ngalembana Wanapawira kang bisa malik alas gung mijil kutha.
Kacarita, ana sawijining putri saka Kepanjen Semanu (putraputrine Panji Harjadipura) aran Rara Sudarmi ditutake Mbok
Tuminah teka ing Pasar Seneng. Angkahe Sang Putri kanggo
nonton lan ngrasakake kahanan pasar anyar kang lagi wae
dibukak. Tekane Rara sudarmi ing Pasar Seneng bareng karo
jumedhule Puspayuda, putrane Rangga Puspawilaga. Weruh
Rara Sudarmi, Puspayuda rena marang dheweke. Puspayuda
banjur nggodha Rara Sudarmi. Rara Sudarmi ora sudi. Banjur,
dumadi padudon rame. Demang Wanapawira kang kepeneran
uga ana ing Pasar Seneng ngleremke loro-lorone. Kaya dene
Puspayuda, mangerteni Rara Sudarmi kang sulistya, ing
manahe Demang Wanapawira sajatine uga tuwuh rasa tresna
marang Rara Sudarmi. Puspayuda banget murkane marang
Demang Wanapawira. Puspayuda ngelek-elek lan nantang
Demang Wanapawira. Ananging ora dumadi pasulayan.
Demang Wanapawira nglilih Rara Sudarmi lan Mbok Tuminah
supaya enggal sumingkir saka pasar. Dene Puspayuda bali ing
Siraman, banjur matur marang bapane: nyuwun supaya
dilamarake Rara Sudarmi ing Kepanjen Semanu.
Rara Sudarmi lan Mbok Tuminah mampir ing daleme Nyi Niti.
Ing crita iki diterangake yen Nyi Niti iku satemene isih
kaprenah sadulur karo Rara Sudarmi, yaiku sadulur adoh saka
ramane, Panji Harjadipura. Rara Sudarmi nyuwun pitulungan
marang Ki Niti lan Nyi Niti prakara kang lagi wae ditemahi ing
Pasar Seneng: dheweke bakal dicidrani Puspayuda, putrane
Rangga Puspawilaga. Ora watara suwe, Demang Wanapawira
tumekeng kana lan tansaya gedhe krentege marang Rara
Sudarmi meruhi Rara Sudarmi prapta ing omahe mbakyune.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
5
oleh : Mas Kumitir
Ing jroning manah, Demang Wanapawira ngersakke Rara
Sudarmi. Candhaking pangangkah, kanyata Mbok Nitisari
njodhokake Demang Wanapawira klawan Rara Sudarmi.
Cekaking carita, Demang Wanapawira lan Rara Sudarmi padha
prajanji disekseni Ki Niti dan Mbok Nitisari.
Rangga Harjadipura ing Kepanjen Semanu nampa praptane
Rangga Puspawilaga kang duwe maksud nglamar Rara
Sudarmi kanggo putrane, Puspayuda. Panji Harjadipura nulak
kanthi alus marga akeh pawongan wus nglamar Rara Sudarmi.
Praptane Puspawilaga kesaru tekane Demang Wanapawira, Ki
Niti, lan Mbok Niti kang tindak Semanu kanggo ndherekke Rara
Sudarmi lan Mbok Tuminah. Mrangguli kasunyatan iku Rangga
Puspawilaga ngelek-elek lan murka marang Demang
Wanapawira: geneya Demang Wanapawira tansah munggel
pangangkahe. Rangga Puspawilaga banjur oncat saka Semanu.
Sawuse Panji Harjadipura diaturi kedadeyan kang ditemahi
Rara Sudarmi, piyambake nyrengeni putrane marga ora pantes
lan ngisinake sawijining putri panji lelungan ing pasar tanpa
lilah. Ananging, Mbok Tuminah lan Demang Wanapawira
nyritakake kedadeyan sanyatane lan wewatekane Puspayuda
marang Panji Harjadipura. Saengga, Harjadipura lerem dukane.
Wewangunan ing Kutha Praja tilase Alas Nangka Dhoyong
tansaya akeh, rame, lan ngancik rampung. Sanajan mangkono,
marga rasa kuciwane kang rumangsa tansah dialang-alangi
Wanapawira, Rangga Puspawilaga ngirim ‘para jago’ sarta
sakehing bala kanggo merjaya Demang Wanapawira apa dene
Nyi Niti. Upaya iku tansah ora kasil. Mriksani lan mireng
trekahe Rangga Puspawilaga kang kaya mangkono, Adipati
Wiranegara ngawasi tindak-tanduke Rangga Puspawilaga.
Samantara, Kutha Praja wus dumadi lan bakal diresmekake
dening Sultan Hamengkubuwana I. Kanggo mahargya
acara,Panji Harjadipura usul diadani sayembara njemparing,
kanggo golek jodho tumrape Rara Sudarmi, uger akeh para
punggawa sarta pawongan kang nglamar Rara Sudarmi.
Sayembara njemparing bakal kaleksanan kanggo ngramekake
peresmian kutha praja Gunungkidul kang anyar.
Adipati Wiranegara sepisan maneh ngalembana Demang
Wanapawira marga bisa mangun kutha praja kang asri lan
endah. Adipati Wiranegara nglapurake karyane Demang
Wanapawira marang Sultan Hamengkubuwana lumantar Patih
Danureja. Alas Nangka Dhoyong malih dadi kutha kang asri.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
6
oleh : Mas Kumitir
Rakyat padha remen lan muji Demang Wanapawira.
Mangerteni kahanan iki, Rangga Puspawilaga panas tambah
panas atine lan irine. Marga wus peteng pikire, Rangga
Puspawilaga minta sraya Maling Aguna (sawijining tokoh saka
wewengkon Bantul) lan sagrombolan jago liyane supaya
merjaya Adipati Wiranegara, Demang Wanapawira, Nyi Niti, lan
Panji Harjadipura kanthi maksud madeg Adipati Gunungkidul
lan musna kabeh wong-wong kang dianggep mungsuh. Panji
Harjadipura meruhi rencana ala iku banjur lapuran marang
Patih Danureja. Patih Danureja ngutus Raden Mas Baskara
kanggo nggulung komplotane Puspawilaga.
Peresmian kutha kabupaten ing tilase Alas Nangka Dhoyong
kalaksanan. Sadurunge gawe ontran-ontran, Maling Aguna lan
balane
ditangkep.
Sayembara
njemparing
kawiwitan.
Puspawilaga melu sayembara. Demang Wanapawira menang
ing sayembara. Sultan Hamengkubuwana I maringi tetenger
Kutha Nangka Dhoyong kanthi njupuk nama saka ‘Wanapawira’
digabungke nama ‘Nitisari’, dumadi ‘Wanasari’. Saiki lumrah
kaserat ‘Wonosari’. Ana maneh sawetara panemu yen nama
kutha praja Gunungkidul kang dumadi saka mbabad alas iki
asal saka ‘Wana’ kang ateges ‘alas’, lan tembung ‘asri’ kang
marga gotheking pocapan dadi ‘sari’ ateges ‘endah’. Minangka
sesulih, Demang Wanapawira diangkat dadi adipati kanthi
gelar Adipati Wiranegara II. Panji Harjadipura diangkat dadi
patih panitipraja Kabupaten Gunungkidul. Ing wekasan,
Wanapawira lan Rara Sudarmi nyawiji. Mangkono Wanapawira,
(‘Wana’ memper ‘wono’ ateges ‘alas’, ‘pawira’ ateges ‘wong
lanang-kendel-prajurit’)],
bisa
‘mbabad’
samubarang
kadurakan kang ana ing sakiwatengene, kepara kang tumanem
jero ing manahe, dhewe. Yaiku ‘alas rowe’ ing atine. Tamtu wae
sinengkuyung ‘ngelmu’ lan ‘sadulur’ kang bisa ndadekake
piyambake ‘tukang babad’, kang satemene.
Sumber crita iki saka crita lesan (waca: crita rakyat) kang
‘sawetara’ isih ngrembaka ing wewengkon Gunungkidul sisih
lor-kulon. Katuturake dening Sastra Suwarna, mantan Kadhus
Piyaman I-Gunungkidul, kanthi owah-owahan kang rinasa prelu
kanggo panulisan. Ana maneh sawetara carangan kang ‘uga’
isih ngrembaka ing wewengkon Karangmojo-Ponjong-Semanu
babagan dumadine Kutha Wonosari Kabupaten Gunungkidul;
kang surasane rada beda ‘kepentingan’ karo crita lesan versi
iki. Utawa versi babad sing ateges ‘buku, naskah’, kang
‘sumimpen rapet’ ing jeroning Kraton Ngayogyakarta.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
7