SERAT WULANG WANITA serat wulang wanita

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

SERAT WULANG WANITA
PUPUH I
DHANDHANGGULA
1. // Murweng sarkara nata sung wangsit / mring sagunging
wanita kang samya / winengku marang priyane / kudu manut
sakayun / ngayam-ayam karsaning laki / lelejema mrih rena /
karanane iku / dadi jalaraning tresna- / ning wong priya
yayah guna lawan dhesthi / pasthine mung elingan //
2. // Aywa linglung lengleng nora eling / lalu lina lelabaning lara
/ badan tumekeng atine / titi tan mikir wuruk / angrerusak
budi tan wening / sangsaya mring sarira / ras-arasen nurat /
wulanging bapa lan biyang / yekti pantes tinurut jer iku dadi /
jalaraning tumitah //
3. // Tetepana tartamtuning estri / pan pinetri wewadining
badan / dadi tartip iku rane / tartip tegese urut / runtut titis
wajibing estri / titis bener tegesnya / nering driya iku / ywa
liya mring lakinira / rah-arahen ywa arda driya den manis /
ulat wijiling sabda //

4. // Dadi kanggo tinuruting laki / jer ta sira miturut tur awas /
marang karsaning lakine / nuraga dadi iku / marmaning
Hyang asih mring dasih / sumingkir duka cipta / iku adatipun
/ labet labuhaning kuna / kang kasusra wanita kanggo ing
laki / yogya linaluria //
5. // Myating solah myang karsaning laki / kira-kira mrih
reseping karsa / dadi timbang mrih perlune / laki kongasing
kalbu / bungah lengah-lengeh kang estri / tinurut
kasembadan / tan cuwa tyasipun / lir taru katiban warsa /
ngrembaka ron kembang pentile andadi / tentrem tan
walang-driya //
6. // Driyanira den tentrem ywa gingsir / sarwa bisa wajibing
wanita / miranteni busanane / priya myang dhaharipun /
ingkang dadi kareming laki / pinatut wayahira / sarapane
esuk / tengange lan lingsir surya / tengah wengi byar esuk
sayoga salin / tan bosen mamrih lejar //
7. // Jer ta iku dudutaning pikir / dadi sumeh semune tan giras
/ tentrem krasan neng wismane / yekti sira kang untung /
tinunggonan nora ngembani / lamun sira sembada / sariranta
www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK culture library

1

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

8.

9.

10.

11.

12.

13.

iku / bebresih wida myang sekar / sawatara dadi

panggugahing ati / lakinta nora kemba //
// Bisikane sang raja ing Demis / pan wus umum sakehing
wanita / gung nepsu cupet budine / lalen dhemen
ginunggung / nora ketung bayar rong ringgit / janjine ana
ujar / ngrika wonten dhukun / bisa nyarati wanita / jambe
suruh saranane kanggweng laki / ginugu tan tinimbang //
// Mula akeh wanita yen laki / pitung dina branane wus bebas
/ pinunjungken mring dhukune / tombok darbeking kakung /
busanadi prabot anangkil / konangan jinemalan / tur
sudasihipun / awak lesah ati susah / tan tinulung mring
lakine muring-muring / gering cekek dadakan //
// Ngagak-agak sebute dharindhil / iya talah nora kaya
ingwang / teka dadine mangkene / parikan pantek kayu
(paju) / uler siti kang mongsa sikil / majwewuh mundur
wirang- / nging wus watakipun / wanodya yen lagi susah /
tansah katon bapa biyung den aturi / pae yen kanggweng
krama //
// Lali lamun jalaraning urip / pijer mikir sukane don karsa /
ingundang keh semayane / nanging kalamun padu /
jaranthalan prapta pribadi / dhuh adhuh wong wanita / sun

puji tyasipun / mituruta sakeh wulang / lerepena driyanta
supaya dadi / tuladan marang putra //
// Jer ta lumrah wong iku sesiwi / yen alaa nenulari putra /
dadi tan ana ajine / tininggal bapa biyung / ngayang-ayang
tanna ngajeni / sama-sameng tumitah / uripe ngalincut /
cinacat turuning sudra / mider-mider mring lyan praja samya
uning / yen iku trahing kompra //
// Angalompra tangeh wruhing becik / goroh umuk tur sugih
carita / yaiku dadi gelare / mrih kandel mring lyanipun /
pakantuka gone ngapusi / sire lir pokrul jendral / bisane
calathu / iku wong durjana sabda / dipun eling sakehing
manungsa sami / ywa kongsi nandhang bronta //
PUPUH II
ASMARADANA

1. // Ywa lalu mandayeng laki / lali pijer don asmara / kalimput
mung suka bae / yogya sira memujia / sakadaring wanita /
titise dadi tan cubluk / sudibya ngungkuli bapa //
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library


2

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
2. // Pan mangkono wong aurip / jangkane kudu jinangkah /
kang ririh amrih ywa cewet / katekan sakarsanira / lumintu
tan rekasa / pae karsa kang kasusu / suh sirna tanpa karana
//
3. // Sumaraha mring Hyang Widhi / kang asung urip mring sira
/ den rapet ngadu pasemon / semuning Gusti kawula / den
jumbuh ywa bencorah / ngarah lestarining kusuk / pasemone
pinrih jomblah //
4. // Jomblah wanuh ingkang wredhi / mangkene upamanira /
pawestri iku wajibe / den weruh budining priya / dimen tuk
sih tan kendhat / bokmanawa wuwuh-wuwuh / wahaneng tyas
marang sira //
5. // Ruwiyaning para putri / ing kuna wus cinarita / ing Ngarab
myang Jawa kene / kang utama piniliha / sakadaring sarira /
linaras lan jamanipun / mrih tumrah tinoning kathah //

6. // Pathining we jalanidhi / ron lempuyang misih mudha /
wus sayah kang ngripta mangke / aririh dera mangarah /
runtute kang wiyata / tarlen mung dadya pangemut / tyasing
wanita mrih arja //
7. // Kasmaran ngungune guling / angripta kadi supena / sedya
andugekken maneh / pitutur mring pra wanita / yogyane
baresiha / jro wisma myang badanipun / mrih rahabing
kadang mitra //
8. // Ingkang sedya amartuwi / pirangbara lamun bisa / nyugata
amrih sukane / kadang mitra ingkang samya / tuwi krasan
rerasan / saking bisa tindak-tanduk / ingaranan bojakrama //
9. // Boja suguh ranireki / krama tembung kang mrih lejar /
tyasing tamu mrih jenake / tan age mulih dumadya /
pratandhane yen sira / sinihan sesaminipun / janma yogya
linuria //
10. // Karanane wong antuk sih / ing manungsa iku tondha /
Hyang Manon kang ngosikake / den agung sukuring Suksma
/ muga ta lestaria / sihing Hyang turun-tumurun / tumekeng
dina kiyamat //
11. // Mupangati lair batin / wong sinihan sameng titah /

tumruntun prapta drajate / sasedyane pan tinekan /
mangkana adatira / manungsa kang arsa luhung / sumingkir
marang kanisthan //
PUPUH III
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

3

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
KINANTHI
1. // Nganthia wulanging ratu / kang wus mashur nguni-uni /
budweslam samya tetilar / nalar kang amrih nulari / mring
budi dadine jembar / brekahi mring anak rabi //
2. // Pirabara lamun sarju / liyaning ahli kapengin / miturut
wiyata arja / ujer iku mufangati / mring badan lan ahlinira /
resep antuk kojah becik //
3. // Cobanen kalamun ngrungu / ujaring kang dadi wiji /
wijining utameng karsa / yekti tentrem tyas kang gingsir / lan

sire dhewe sulaya / janma len yekti tan sudi //
4. // Darbe mitra kang kadyeku / tan wande andarawasi / nulari
sakehing nalar / milar milalu medeni / wis aja sinruwe padha
/ wong ingkang pangawak dhemit //
5. // Dhemen wadul lir wong nglindur / dora ragane mrih becik
/ cilakaning lyan sinedya / kadya setan nunggang ilir / saben
nglilir angupaya / luputing tongga pinikir //
6. // Keri gatel lambenipun / kalamun nora ngrasani / mring
konca mitra kekadang / iku tetela yen dadi / awak uwong ati
setan / tan kena dipun tambani //
7. // Pantes ngalap opah iku / saben sasi sing pulisi / cukup
digo tuku madat / lan pacitan sawatawis / yen wus seger nuli
lunga / golek warta mrih bilai- //
8. // Ning wong kang nora tartamtu / mung tamtu antuk pawarti
/ tinata denira dora / supadya kandeling wingking / wuwuh
blonja wuwuh madat / awak kuru gelis mati //
9. // Patine akeh kang sukur / saksat kelangan kalilip / nora
gedhe nanging lara / marang mata brebes mili / mulane para
sujanma / aja kadi dhuwur iki //
10. // Pikiren utamanipun / solah muna lawan muni / ron roda

kinarya ajang / gong alit munggel irami / pikiren dhingin
supaya / tan kabanjur tindak nisthip //
11. // Buring carma aranipun / ibu Sang Duryudanaji / lestarining
barang karsa / angel lamun tan ngawruhi / sasmitaning
mongsakala / lalu luluh tan pakolih //
12. // Pilihen wong urip iku / utama kalawan nisthip / begja
kalawan cilaka / andhap luhur iku sami / wus ginelar aneng
wulang / ywa lalu gone nglaluri //

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

4

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
13. // Jaman katon jroning turu / marga we kang munggeng tritis
/ den kaepi sakeh wulang / tinimbang mrih babar budi /
budiman baboning gesang / sarana parek mring Gusti //
14. // Gusti iku keh liripun / gusti lair gusti batin / laire sri

naranata / ing batin kang maha suci / karone kudu sinembah
/ mrih utameng dunya ngakir //
15. // Mapan pae patrapipun / sembah lair sembah batin / laire
sarana tangan / batine dumunweng ati / tinata dipun tetela /
laraping don pinrih titi //
16. // Tartip tetep titis teguh / ginodha gunging pangeksi / tan
rinungu tan rinasa / mung ngrasa nikmating ati / ati runtut
wus tinata / tataning tindak utami //
17. // Rinambah liring pitutur / marang samoaning estri / den
alus jatmikeng tingkah / lire sabdanira manis / supadya
dadya nang-onang / sengseming driya mimbuhi //
18. // Den awas sasmiteng dunung / dununge karsaning laki /
dhuh babo babo wanodya / yen tan wruh karsaning laki /
rudah ing cipta tur dadya / kuwur ngawur kowar-kawir //
19. // Kaweran ing genging napsu / kesusu tan antuk kasil /
kesliyo tyas temah ngredha / kena karencaneng eblis / lah ta
mulane wanita / den samya amerak ati //
20. // Titikane duk ing dangu / wanita ingkang utami / tuladan
ing kuna-kuna / caritaning umat singgih / supadya antuk
utama / utameng sagung dumadi //

21. // Dhuh babo babo wong ayu / ….. apasihaning Widhi /
dimen tulus ayunira / ….. pasihan lestari / tan pegat sinung
darajat / apan sira wruh ing wangsit //
22. // Sesiku kang mrih .....smu / poma-poma den kaesthi /
supaya antuk sihira / ing lakinta awal akir / dadi awak tanpa
..... / neng dunya wimbuh kamuktin //
23. // Gampang wong suwiteng kakung / mung miturut ing
sakapti / nastiti sawuwusira / aywa wani nyenyampahi /
nadyan karyaa legawa / den bisa manuju kapti //
24. // Kancana kang mung bau (gelang) / ayam kang kekuncung
Gusti (merak) / gegulangen saben dina / mrak ati muna lan
muni / tur dadi sukaning driya / lumunturing sih kawijil //
PUPUH IV
MIJIL
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

5

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
1. // Darunanireng Hyang Maha Suci / nganakken punang wong
/ jalu estri pan padha perlune / wujud priya lantaraning wiji /
estri kang madhahi / kumpul dadi wujud //
2. // Yen wus wujud obah aran urip / wajibe tetakon / sajarahe
ingkang nganakake / kang asareh pitakone titi / patitising
wiwit / pungkasaning mantuk //
3. // Supayantuk marga ingkang sidik / dadi mulih mring gon /
gone lawas tan uwas wus wenteh / wus tan was-was wanuhe
wus lami / memitran wit eling / winulang mring guru //
4. // Guru iku lantarane yun wrin / wajibing tumuwoh / wohing
kamal dununge sang rajeng / den waskitha semune Hyang
Widhi / mandhiri sajati / jatine mung iku //
5. // Kang sinebut pinuja-pinuji / yekti mung Hyang Manon /
nabi wali oliya myang rajeng / apan pantes pinuji mring janmi
/ sabab iku sami / kekasih Hyang Agung //
6. // Yen manungsa liya sri bupati / Ngabdul araning wong /
apan jemak lan manungsa kabeh / mung pinurih aywa srik
ing galih / lumintu mrih puji / ing manungsa iku //
7. // Kudu-kudu tinarimeng ati / manawa kapergok / nabi Allah
kang mindha druwise / jabat akeh tuladhane nguni / malekat
pi-api / namur anjejaluk //
8. // Mung carita dudu zaman mangkin / samengko tan kanggo
/ mung pinirit jumbuhing mangsane / dadi nora kaelangan
lari / ngleluri utami / mamrih sugih kang wruh //
9. // Wruha ing ala kalawan becik / saking wulang ing wong /
ingkang wasis waskitha budine / pan ingetrap neng dluwang
lan mangsi / sinimpen mring ahli / kitab aranipun //
10. // Kitab saking Kuran asalneki / Kuran sing Hyang Manon / ya
ta mongsa Allah nulis dhewe / pasthi nyambat manungsa
kekasih / tinrap neng jro ngati- / ning manungsa iku //
11. // Jer ta ana kang muni jro dalil / rapale mangkono / kalbu
mukmin ya betolahine / ing tegese ati ingkang mukmin /
ingaken sayekti / unggyaning Hyang Agung //
12. // Basa mukmin manungsa wus napi / liyane Hyang Manon /
dadi kayun pidareni rane / wong kang manuh manggone
kekalih / dunya den dunungi / ing akerat jumbuh //
13. // Wus pinunggel pitutur mring estri / sedhenge semono /
pan kaselan lagi mikir pones / Rebo Kliwon ping telu kang
sasi / ing Rabingulakir / Galungan kang wuku //
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

6

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
14. // Kang mongsastha Kunthara warsa Lip / sangkala rinaos /
kawileting kawi wangsalane / yitmeng praja cipta kang kawijil
/ kangjeng sri bupati / karsa amanawung //
15. // Drenging driya tansah amemuji / kalipahing Manon / yun
mangesthi sang prabu ing mangke / wulang tumrap marang
para estri / mrih ayu pinanggih / wit wekasanipun //

@@@

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

7