UTS Genap Bahasa Jawa 6

DINAS PENDIDIKAN KABUPATEN PACITAN
UPT TK DAN SD KECAMATAN TULAKAN

SEKOLAH DASAR NEGERI BUNGUR
Alamat : Jalan Raya Pacitan Lorok Km. 25 TULAKAN Kode Pos : 63571
E-mail : sdnbungur.pacitan@gmail.com Website : sdnbungurpacitan.sch.id

ULANGAN TENGAH SEMESTER GENAP
TAHUN PELAJARAN 2016/2017
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Hari Tanggal
: Rabu, 8 Maret 2017

Kelas
Waktu

: VI (Enam)
: 09.30 – 11.00

Wacanen kang patitis !


Mula Bukane Grahana Bulan
Para dewa lagi padha antri jejer arep nampa dum-duman Tirta Amerta kanthi
nggawa wadhah dewe-dewe. Ing sacedhake papan pangedume Tirta Amerta mau,
ana raseksa kang dandan memba para dewa, banjur melu antri nyuwun Tirta
Amerta. Nanging, kaweruhan dening Bhatari Soma ya dewining rembulan.
Raseksa sing memba mau aran Buta Rahu. Nalika Bhatari Soma caos atur
marang Bhatara Wisnu. Buta Rahu wis kebacut entuk panduman Tirta Amerta,
mala wis wiwit diombe.
Trengginas Sang Bhatara Wisnu nampa ature Bhatari Soma, banjur
nglepasake jemparing ngenani gulune Buta Rahu. Rahayune Tirta Amerta sing
diombe Buta rahu durung kolu tekan weteng isih diemt anak tutuk, mula bareng
gulu tugel, sirahe isih panggah urip ora bisa mati jalaran wis kena dayane Tirta
Amerta. Dene gembunge gumlundhung tiba ing bumi dadi lesung.
Sirahe Buta Rahu sing luput ing pati ma uterus gumlundhung ngoyak Bhatari
soma dewaning rembulan. Saben kecandhak terus diuntal, Bhatari Soma metu
maneh, terus lumayu maneh, jalaran Buta Rahu ora darbe gembung, mangkana
terus oyak-oyakan ora ana mandege.

Kapethik saka Widya Basa Jawa VI
I.


Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki !
1. Apa irah-irahan wacan ing ndhuwur ?
2. Sapa sing memba-memba para dewa melu jejer antrian?
3. Kepriye carane raseksa oleh Tirta Amerta?
4. Kepriye carane Bhatara Wisnu ngalahake raseksa mau?
5. Buta Rahu dijemparing Bhatara Wisnu. Apa tegese dijemparing?

II. Wenehana tandha ping (X) ing sangareoe jawaban sing bener !
1. Wong pinter sesorah kaya dene Bung Karno, dijenengi …..
a. narator
c. orator
b. moderator
d. fasilitator
2. Puntadewa iku putrane Prabu….
a. Salya
c. Abiyasa
b. Arimurti
d. Pandhudewanata
3. Kang ora kalebu Pandhawa yaiku….

a. Werkudara
c. Nakula
b. Kresna
d. Janaka

4. Wajik kletik gula jawa, karepku becik nanging ditampa ala,
Unen-unen kasebut diarani ….
a. Geguritan
c. parikan
b. Paribasan
d. cangkriman
6. Yen pinuju pidhato prayogane…..
a. ndangak
c. nyawang sing di adhepi
b. ndingkluk
d. nolah-noleh
7. Gambuh
Wis tiba manga labuh
Wis wayahe padha ulur jagung
Kanggo jagan sak durunge panen pari

Becik uga iya nandur
Bayung bayem Lombok terong
Tembang macapat ing nduwur isine nandur ing wanci ….
a. ketiga
c. labuh
b. rendheng
d. udan
8. Sing kalebu ukara tanduk yaiku ….
a. Dhik Ita nyiram kembang mlati
b. Aku digawakne oleh-oleh sepatu
c. Bukumu dak silih disik
d. Oleh-olehe ngingu lele diedol menyang pasar
9. Sing kasil nggondo medhali emas paling akeh di arani ….
a. juara umum
c. juara favorit
b. juara teladhan
d. juara harapan
10. Raden Ajeng Kartini pangarsa tumrap wanita, karyanipun “mligi” kangge
majengipun wanita. Mligi kosok balene….
a. umum

c. khusus
b. sederhana
d. kabeh
11. Raseksa ing carita “Mula Bukane Grahana Bulan” dipanah dening ….
a. Bathara Narada
c. Bathara Brahma
b. Bathara Wisnu
d. Bathara Guru
12. Dhik, aja sedhih wae !
Tembung sing kacethak miring kosok balene….
a. ngguyu
c. seneng
b. rame
d. sabar
13. Bangsa sing luhur bisa mangertene jasane…..
a. pahlawan
c. presiden
b. wong gedhe
d. pimpinan
14. Pahlawan iku wong sing jasane gedhe tumrap…..

a. negara
c. agama
b. bangsa
d. nusa bangsa
15. Ngulinakake basa alus marang wong tuwo, adat lupiya dadi manungsa
utama. Panemu iku…
a. kegedhen banget
c. langa banget
b. setuju banget
d. ora setuju
16. Prabu Kresna iku Ratu ing ….
a. Dwarawati
c. Ngamarta
b. Mandura
d. Ngastina
17. Bocah sekolah yen pinuju wulangan kudu tansah nggatekake
pangandikane….
a. wulangan sing disenengi
c. wulangan sing angel-angel
b. bapak lan ibu guru

d. bapak lan ibune dhewe-dhewe

18. Ukara sing nggunakake titik loro sing bener yaiku …
a. Empon-empon iku kayata : kunir, jahe, temulawak.
b. Yati blanja : brambang, bawang, lombok.
c. Dodolane Yu Sri : gula, teh, kopi.
d. Seragame Joko pirang-pirang : abang, pramuka, batik.
19. Ing ngisor iki kang kalebu tembang Macapat yaiku….
a. Pangkur, Durma, lan Mijil
c. Gambuh, Sinom, Bengawan Solo
b. Kinanthi, Manggalagita lan Pamularsihd.
Megatruh, Praon lan KupuKupu
20. 1.
Pojok papat digunting
2. Disunduk ngganggo kawat, diwenehi gagang kayu
3. Kertas digunting, pinggire padha dawane
4. Sigarane ditekuk njur dilem
5. Saiki kitirane wis dadi
Urutane gawe kitiran yaiku …..
a. 1-2-3-4-5

c. 3-1-4-2-5
b. 2-3-4-5-1
d. 4-5-3-2-1
III. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi patitis!
1. Dadi murid kudu tansah mituhu marang guru. Mituhu tegese..................
2. Tiyang punika penyakiten amargi
…………………………………………………………… mboten teratur.
3. Kula sampun nedha, dene Bapak wiwit enjing dereng..............................
4. Pitik cilik wulune biru, isih cilik kudu sregep..............................................
5. Sapa sing dawa tangane ora disenengi kancane. Dawa tangane tegese..
6. Menawi matur dhumateng tiyang sepuh prayogi basanipun....................
7. Cita-citane R.A.Kartini itu utamane kanggo kaum.....................................
8. Perangane pidhato sing surasane puji syukur marang Gusti diarani.........
9. Tembang Kinanthi kalebu tembang...........................................................

10............................................................Gambar wayang ing nduwur arane
..................................................................................................................
IV. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis !
1. Bu Guru teka numpak sepedhah motor.
Ukara ing nduwur owahana dadi basa krama alus !

2. Goleka tembung kosok balen telu bae!
3. Opo tegese sanepa-sanepa ing ngisor iki ?
a. Pikirane landhep dengkul
b. Lungguhe anteng kitiran
4. Opo tegese ‘Gupak pulut ora mangan nangkane’ ?
5. Gawea ukara nganggo tembung ing ngisor iki !
a. sekar
b. mrantasi