serat laksita candra
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
SERAT LAKSITA CANDRA
Anggitanipun KGPAA. Mangkunegara IV
SINOM
01
Sinom purwaning wilapa, nujuwari Dite merengi, Dwidasa Eka kang
wulan, Rangbingulakir warsa Lip, Guna catur Hasta Dji, laksita
candraning Ratu, candra atma kalawan, kawuladalem warni-warni,
kang pinurwa candra Dewa Daniswara.
02
Djeng Sunan Prabu Mangkurat, ing Kartasura nagari, nata binatara
tama, sudibya yu jayeng bumi, marta aksameng dasih, yitna
wekasaning luhur, darma kendel waskita kasujanan sastra titi,
candranira lir Dewadji ing Jenggala. ά
03
Sinuhun Pakubuwana, kang murwani asma salin, ping kalih ing
Kartasura, rusuh pangolahing nagri, dadiya parmaning Widi, pindah
datulaya agung, praja di Surakarta diningrat iku candraning,
meswandanu Daniswara Pajajaran (maesa Daniswara ing Pajajaran).
04
Djeng Sunan Pakoe Boewono, kapin tri tuhu linuwih, santosa kuwat ing
prana, laksita rahayu budi, binatara mungkasi, sekti sura rosa pengkuh,
sudibya binatara, bratane iku amirib, Gilingwasi Hyang Cingkara
Dewanata. ά
05
Sinuwun Pakoe Boewono, kang kaping pat amandri, babangun agama
mulya, sidik ratu wali mukmin, jatine kang miwiti, rusake karatonipun
Enis kang binatara, nir kuwasaning Narpati, candranira Brawijaya kang
wekasan. ά
06
Narendra kang kaping gangsal, Pakoe Boewono linuwih, sudibya
kretarta tama, amumpuni jayeng bumi, asih aksameng dasih, ratu
ambeg lir dewa gung, sedane ing apanjang ing yuswa mirib
candraning, Majapahit Daniswara Pajajara.
07
Kaping Nem Kanjeng Susunan Pakoe Boewono linuwih, bandel benter
ora nalar, purune sok gedea-gedig, datan yitna ing galih, arsa djabel
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
1
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
prajanipun, pasisir mancapraja pinaeka catur janmi, cekakira jengkar
aneng Ambon nagara. ά
08
Ping Sapta gumantiya kadang Pakoe Boewana mandiri, raja esmu
darma-maya, katungkul wibawa mukti, prenah Paman Sang Aji, kang
nem pulo Ambon iku, ping Sapta ruba telas, pasisir manca nagari estu
kena bangsa Landa. ά
09
Ping Hasta gumantya Raja, prenah kadange Narpati, ping Sapta Pakoe
Bouwono, saking garwa kang paminggir, rusak malarat nagri, tan
panjang jumenengipun, nata guru minulya, kang kaping Sanga
gumanti, putra dalem Sri Narendra ingkang jengkar.
10
Neng pulo Ambon atilar, weka sigid madeg Aji, Pakoe Boewono ping
Sanga, babangun rusaking nagri, miwiti amungkasi, kiyating bawana
punjul, durma apureng wadya, samekta praja was rakit wreksa tama
sumengka pangawak braja. ά
11
Narendra kang kaping Sanga, ratu ambeg lir jahnawi, ping Sada Djeng
Susunan, madya laksitaning galih, ana prang catur, benjing ruhara
praja meh rusuh, ajrih anglahirena, iku wadi kang piningit, ping sadasa
nemu mukti sawatara. ά
12
Lawan ana gung prakara, kang ngrampungi praja adi, risang
wresniwiratama, Senapati pulo Jawi, ping sadasa mumpuni, ana geng
sujana turun, sajuga wiji priya, pancer kakung sing Narpati, kaping
Nenem sawarga kang tilar praja. ά
13
Saking wayah iku papat djeng Gusti Pangeran Dipati, Mangkubumi
ingkang jengkar, twin Djojokartika nguni, katri kang lena jurit, Kali Abu
bawah Kedu, ugeling Tirtamaya, Kanjeng Pangeran kang mandiri,
Harya Hadiwidjaja tri sakawannya. ά
14
Singaprana dusun Sima, kabawah Ngampel winarni, Catur Gata Rasa
Hena, tukule dadi sawiji, wit watak wiku sari, iku kekeraning ratu, kang
gumantya Sawelas, Srimaha Narpati wiki, wida darma madya nista
sawatara. ά
15
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
2
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
Wudaring senening Nata lawan bangsa kulit putih, ping Rolas iku
gumantya, iku ratu wali mukmin, prajurit pandita di, pandaming jagad
linuhung, mumulih nagri Jawa, raharjanya pinarsudi, ping Telulas ratu
Oliyaning Jagad. ά
16
Anangung kaping sawelas, wonten wadi kang piningit, kang gumanti
nata wreda, isih sinengker Hyang Widi, iku ruhara benjing, kang
sumela dadi ratu, turune ping sadasa, anutug wibawa mukti, salin
jaman praja wirya mulya tata. ά
17
Kula mengeti riwayat, wonten Walandi Ustenrik, Dislan Wenen
prajanira, pepara mring tanah Jawi, minggah mariksa wukir, anyuwun
Idi Sang Prabu, ningali kawahira, pucake ardi Merapi, wangsulira
Walandi asung wirayat. ά
18
Dateng djeng Gusti kaping Pat, enget kula nyengkalani, Ngesti Gusti
Saptya Nata, kang redi pecah ing benjing, kobong wit sengkalaning,
Ngesti Catur Slira Ratu, pejah kang hardi sigar, Yogja Kedu risak sami,
amung Sala risak sawatara nira. ά
19
Yogja karatone sirna, pecahing hardi amili, tirta dadya Sala Yogja,
pecah tanpa nunggil siti, tenggahing harga dadi, bengawan wiyar tur
agung, dadya ing pulo Jawa, pupute dadi kakalih, ing Madura gatuk
lawan Surabaya. ά
20
Wirayate Resi Landa, payo pada den titeni, cinatetan mbokmawa, anak
putu amenangi, Si Landa banjur bali, marang Wenen praja gung, lawan
hardi Cilacap, baren samya mubal geni Cilacap Kedu Semarang lan
Salatiga. ά
21
Kendal kelawan Banyumas, bawah Kutareja nguni, sami nandang
kasangsaran, kututuh iku barengi, bledose Rawa Pening, ing Bahrawa
rusak mawut, sareng murub dahana, kaote amung tri ari, lan Merapi
benjing wisma mawut rusak. ά
22
Sawuse kebut gya prapta, tanaj Jawa harja malih, sami babangun kang
wisma, antuk tulung liyan nagri, nuju Sala nagari, kang jumeneng ratu
agung, kaping Rolas minulya, kata salin setya nguni, jenganira djeng
Jayoboyo. ά
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
3
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
-------------------------------------------------------------------Kapethik saking Buku Serat Jangka Pandoming Agesang.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
4