KALATIDHA WALI RASA kalatidha wali rasa
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
1
K alatidha W ali R asa
Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung
proses pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini
berupa karya sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf.
Semoga tujuan blog www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi
salah satu sumber digital karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri
atau diunduh oleh para sutrisna budaya ataupun masyarakat secara bebas.
Salam asah asih asuh.
Nuwun.
@@@
Gubahanipun Sang Pujangga Ageng
R.Ng. Ranggawarsita
Ingkang nyuplik:
R. Tanoyo
Pambuka
Serat Kalatidha ingkang kaiket mawi sekar Sinom 12 pada punika karanganipun
R.Ng. Ranggawarsita nalika tahun 1769 Kawi, alamipun Sri Pakubuwono VII.
Suraosipun serat Kalatidha punika, minangka panyandra kawontenan obah-osik utawi
galagating praja, duk panjenengan dalem Sri Pakubuwono VII, papatih dalem Raden
Adipati Sasradiningrat ingkang sumare Imagiri.
Nalika tahun ± 1780 Jawi, serat Kalatidha kapendhet suraosipun namung ingkang
dados panyandra kawontenaning praja kemawon, kagubah mawi sekar Pucung,
kalebetaken ing Jangka Jayabaya, kangge mungkasi kawontenanipun jaman
Kalabendu, ingkang kaseselaken wonten ing serat Cebolang, inggih punika
gegubahan panjaturing purwakanipun serat Centhini, dening R.Ng. Ranggawarsita;
dene suraosipun serat Kalatidha ingkang namung dados panyandra raos-pangraosipun
Sang Pujangga piyambak, katilar boten kalebetaken ing Jangka Jayabaya. Kajawi
saking punika suraosipun serat Kalatidha, ingkang dados panyandra kawontenaning
praja, ugi lajeng kagubah kawali-rasa, lestantun sekar Sinom, minangka panyandra
kawontenanipun jaman Mataram duk panjenengan dalem Sri Sultan Agung, ugi
kaseselaken wonteng ing serat Cebolang, dening R.Ng. Ranggawarsita.
Ing ngriki kula cuplikaken:
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
2
1. Suraosipun serat Kalatidha, gubahan sekar Pucung, ingkang kalebetaken ing
Jangka Jayabaya, ingkang kawrat ing serat Cebolang, minangka panyandra
kawontenanipun jaman Surakarta, alamipun Sri Pakubuwono VII.
2. Suraosipun serat Kalatidha, sekar Sinom, ingkang namung dados panyandra
raos-pangraosipun Sang Pujangga piyambak.
3. Suraosipun serat Kalatidha, ingkang kagubah kawali-rasa, taksih lestantun
sekar Sinom, minangka panyandra kawontenanipun jaman Mataram, alamipun
Sri Sultan Agung.
Surakarta, 17 Juli 1946
R. Tanoyo
Dalajating praja Surakarta, jaman Sri Pakubuwono VII
Dalajating praja kawuryan wus suwung, lebur pangreh tata, karana tanpa palupi,
pun wus tilar silastuti titi tata,
pra Sujana Sarjana satemah kelu, klulun Kalatidha, tidhem tandhaning dumadi,
ardayeng rat dening karoban rubeda,
Sitipati Nareprabu utamestu, patihe nindita, pra nayaka tyas basuki, panekare
becik-becik, cakrak-cakrak, nging tan dadya paliyasing Kalabendu, mandar mangkin
dadra, rubeda angreribeti, beda-beda ardaning wong sanagara.
Katetangi tangsi Sang Mardawnglagu, kwilet tyas duhkita, kataman ring reh
wiyadi, dening angupaya sandi sumaruna,
anarawung mangumur manuhareku, mantheng mangupaya, ing pamrih melik
pakolih, temah suka ing karsa tanpa weweka.
Ing Panitisastra wewarah sung pemut, ing jaman musibat, wong ambek jatmika
kontit, kang mangkono yen niteni lelampahan.
Nawungkridha kang menangi jaman gemblung, iya jaman edan, ewuhaya ing
pambudi, yen meluwa edan yekti nora tahan,
yen tan melu anglakoni wus tartamtu, boya kadumanan, melik kal ing donya iki,
ing satemah kaliren wekasanira,
wus dilallah karsaning Kang Amongtuwuh, kang lali kabegjan, ananging
sayektineki, luwih begja kang eling lawan waspada.
Sang Pujangga, anggenipun mapan mrenahaken budi pakartinipun piyambak,
wonten ing salebetipun jaman musibat.
Dhasar karoban pawarta, bebaratan ujar lamis, pinudya dadya pangarsa, puwara
malah kawuri, yen pinikir sayekti, pedah apa aneng ngayun, andhedher kaluputan,
siniram ing banyu lali, lamun tuwuh dadi kekembanging beka.
... pedah apa amituhu, pawarta lalawora, mundhak angrerontog ati, angurbaya
ngiketa cariteng kuna,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
3
keni kinarya darsana, panglimbang ala lan becik, sayekti akeh kewala, lelakon
kang dadi misil, masalah ing ‘aurip, wahananira tinemu, wekasan anarima, mupus
papasthening takdir, puluh-puluh anglakoni kaelokan.
Samono iku bebasan, padu-padune kapengin, rak nggih ngaten ta Man Dhoplang?
bener ingkang angarani, nanging sajroning ati, sayektine nyamut-nyamut, wus tuwa
arep apa, muhung mahas ing asepi, supayantuk pangaksamaning Hyang Suksma.
Beda lan kang wus santosa, kinarilan ing Hyang Widhi, satiba malanganeya, tan
susah ngupaya tamsil, saking mangunah prapti, Pangeran paring pitulung, marga
samaning titah, rupa sabarang pakolih, suprandene maksih taberi ikhtiyar.
Sakadare linakonan, mung tumindak marek ati, angger tan dadi prakara, karana
riwayat muni, ikhtiyar iku yekti, pamilihing reh rahayu, linawan budidaya, kanthi
awas lawan eling, panedhane antuka parmaning Suksma.
Ya Allah ya Rusulullah, kang sipat rakhman lan rakhim, mugi-mugi aparinga,
pitulung ingkang nartani, ing ‘alam awal akhir, dumunung ing gesang ulun, mangkya
sampun awredha, ing puwara kadi pundi, lamun boten wontena pitulung Tuwan.
Sageda sabar santosa, mati sajroning ‘aurip, kalis ing reh aruhara, murka angkara
sumingkir, tar len meleng malatsih, sanityaseng tyas memasuh, badharing
sapudhendha, antuk mayar sawatawis, borong angga sawarga mesi martaya.
Dalajating praja Mataram, jaman Sri Sultan Agung
Reh mangkya dalajating praja, kawuryan respati wingit, sareh ruruh ing ukara,
krana met palupi sidik, tan tilar silastuti, Sujana Sarjana sarju, memuja mrih widada,
tentreming sagung dumadi, ascaryeng tyas karoban dening utama.
Sang Prabu Wali Khalifah, patih nayaka linuwih, prapangageng tyas raharja,
panekar mratah prayogi, punika kang dumadi, paliyasing reh rahayu, mila mangkin
andadra, raharjaning kang nagari, temah suka sukur sanggyaning kawula,
katetangi ring sampurna, para Sang Paramakawi, kawileting tyas ascarya, kataman
ing tyas majernih, dennya ngupaya sandi, sumaruna anarawung, angimur manuhara,
met pamrih amrih pakolih, dadya suka ing karsa manadukara,
kasok karobaning warta, bebaratan ujar yekti, binudi dadya pangarsa, puwara
kathah nemahi, ginilut anetepi, kataman dadya pangayun, andhedher kaleresan,
siniraman toya aring, bilih tuwuh dadya kembanging nugraha.
Wicara ran Nitisastra, awewarah asung peling, inggih ing jaman Dupara, kuwat
dennya mangun jurit, taletuh praja tintrim, tentrem sakehing tumuwuh, kadi paran
sageda, duryana nagri Matawis, saking nalar lestantun salaminira.