Alkitab Bahasa Jawa (Sehari-hari 1994) s JAWA2 PB

Alkitab
Bahasa Jawa
Bahasa Sehari-hari 1994

Perjanjian Baru

1

Matius
1 Iki

sarasilahé Gusti Yésus Kristus.
Gusti Yésus kuwi tedhak-turuné
Prabu Dawud. Prabu Dawud tedhakturuné Bapak Abraham.
2 Bapak Abraham peputra Iskak. Iskak
peputra Yakub. Yakub peputra Yéhuda
sasedulur.
3 Yéhuda peputra Pèrès lan Zérah,
patutan saka Tamar; Pèrès peputra
Hèzron. Hèzron peputra Ram.
4 Ram peputra Aminadab. Aminadab

peputra Nahason. Nahason peputra
Salmon.
5 Salmon peputra Boas, patutan saka
Rahab. Boas peputra Obèd, patutan saka
Rut. Obèd peputra Isai.
6 Isai peputra Dawud. Dawud peputra
Suléman, patutan saka tilas bojoné Uria.
7 Suléman peputra Réhabéam.
Réhabéam peputra Abia. Abia peputra
Asa.
8 Asa peputra Yosafat. Yosafat peputra
Yoram. Yoram peputra Uzia.

9 Uzia

MATIUS 1.9 – 17

2

peputra Yotam. Yotam peputra

Akhas. Akhas peputra Hizkia.
10 Hizkia peputra Manasyè. Manasyè
peputra Amon. Amon peputra Yosia.
11 Yosia peputra Yékhonya sasedulur.
Nalika semono bangsa Israèl ana ing
pembuwangan ing tanah Babil.
12 Ana ing tanah Babil kono Yékhonya
peputra Séaltièl. Séaltièl peputra
Zérubabel.
13 Zérubabel peputra Abihud. Abihud
peputra Èlyakim. Èlyakim peputra Azur.
14 Azur peputra Zadhok. Zadhok
peputra Akhim. Akhim peputra Éliud.
15 Éliud peputra Èléazar. Èléazar peputra
Matan. Matan peputra Yakub.
16 Yakub peputra Yusuf. Yusuf kuwi
garwané Maryam. Maryam iki sing
mbabar Gusti Yésus, sing disebut
Mèsiasa (Tembung Ibrani ‘Mèsiah’ kuwi
basané Yunani ‘Kristus’.)

17 Dadi saka Bapak Abraham tekan
Prabu Dawud, kabèh ana patbelas
turunan, saka Prabu Dawud tekan jaman
pembuwangan menyang tanah Babil ana
patbelas turunan. Semono uga saka
jaman pembuwangan menyang tanah
aMèsiah utawi Mèsias: tegesipun: "Jinebadan".

MATIUS 1.18 – 21

3

Babil tekan wiyosé Sang Kristus ana
patbelas turunan.
18 Anadéné wiyosé Gusti Yésus Kristus
kuwi kelakoné mengkéné: Nalika
Maryam ibuné Gusti Yésus isih pacangan
karo Yusuf, lan durung padha ningkah,
Maryam wis mbobot merga saka
pangwasané Sang Roh Suci.

19 Sarèhné wong mursid, Yusuf ora
gelem gawé wirangé Maryam ana
ing ngarepé wong akèh; mula thukul
gagasané arep medhot enggoné
pepacangan karo Maryam mau kanthi
meneng-menengan.
20 Nanging bareng lagi nggagasnggagas mengkono, banjur ana
Malaékaté Pangéran nemoni Yusuf
sajroning impèn. Malaékat mau
ngandika: "Yusuf, tedhak-turuné Dawud,
kowé aja mangu-mangu ngepèk Maryam
dadi bojomu, awit bayi sing ana ing
wetengané kuwi asalé saka pangwasané
Sang Roh Suci.
21 Maryam bakal mbabar putra
kakung. Bayi kuwi namakna Yésus,
awit iya Panjenengané kuwi sing bakal
nylametaké umaté saka ing dosané."

22 Kuwi


MATIUS 1.22 – 2.2

4

mau kabèh supaya kelakon
sing dingandikakaké déning Pangéran
lantaran nabiné, mengkéné:
23 "Bakal ana prawan mbobot, sarta
mbabar putra kakung, kang bakal
dinamakaké Immanuèl." (‘Immanuèl’,
kuwi basa Ibrani, tegesé: ‘Allah nunggil
karo kita’.)
24 Sawisé tangi, Yusuf banjur nglakoni
kaya sing didhawuhaké déning
Malaékaté Pangéran mau. Maryam
banjur diningkah,
25 nanging ora diwori turu nganti
tumekané babaran. Putrané kakung;
Yusuf namakaké putra mau Yésus.

1 Kutha panggonané Gusti Yésus
miyos mau arané Bètléhèm, dunungé
ing tanah Yudéa. Nalika semono sing
jumeneng raja ing tanah Yudéa Sang
Prabu Hérodès. Ing kono ana ahli
palintangan sawetara saka tanah Wétan
padha teka ing kutha Yérusalèm.
2 Banjur padha takon: "Ratunipun
tiyang Yahudi ingkang nembé miyos
menika wonten ing pundi? Margi kula
sampun sami sumerep lintangipun
wonten ing sisih Wétan; lan enggèn kula

2

MATIUS 2.3 – 7

5

dhateng mriki menika sami badhé saos

bekti dhateng Panjenenganipun."
3 Bareng krungu sing mengkono mau
Sang Prabu Hérodès kagèt banget.
Semono uga wong sakutha Yérusalèm
iya padha kagèt.
4 Sang Prabu banjur utusan ngumpulaké
para pengareping imam lan para ahli
Torèt, banjur padha didangu: "Sang
Kristus kuwi bakal miyos ana ing endi?"
5 Wangsulané sing padha didangu:
"Wonten ing kitha Bètléhèm, ing tanah
Yudéa. Kados ingkang sampun kaserat
déning nabi, mekaten:
6 ‘Kowé kutha Bètléhèm, ing tanah
Yéhuda,b kowé babar-pisan dudu
kutha sing rèmèh dhéwé ing antarané
kutha-kutha ing Yéhuda. Awit saka ing
kowé bakal miyos panuntun kang bakal
ngengon umat-Ku Israèl.’"
7 Sawusé olèh katerangan mengkono,

Sang Prabu Hérodès banjur utusan
nimbali para ahli palintangan saka tanah
Wétan mau kanthi dhedhemitan. Sang
Prabu banjur ndangu klawan tliti kapan
btanah Yéhuda: Samenika kawastanan tanah

Yudéa.

MATIUS 2.8 – 11

6

sanyatané lintang kuwi olèhé wiwit
katon.
8 Sawisé kuwi para ahli palintangan mau
kadhawuhan mangkat menyang kutha
Bètléhèm, karo diweling mengkéné:
"Padha mangkata, titi priksanen sing
tliti bab Sang Bayi kuwi. Déné yèn wis
ketemu, énggal padha matura marang

aku, supaya aku iya bisa mrana saos
bekti marang Panjenengané."
9 Sawisé nampani dhawuhé Sang Prabu
Hérodès mau, para ahli palintangan
banjur padha mangkat. Sajroné padha
mlaku, lintang sing mauné padha
dideleng ana ing Wétan, kuwi katon
menèh. Lintang kuwi ndhisiki lakuné,
banjur mandheg ana ing ndhuwuré
padunungané Sang Bayi.
10 Bareng weruh lintang mau, para ahli
palintangan padha bungah banget.
11 Tumuli padha mlebu ing omah lan
ing kono padha weruh Sang Putra
karo Maryam, ibuné. Banjur padha
sujud lan nyembah marang Sang Putra.
Sawisé mengkono para ahli palintangan
mau banjur padha mbukaki pethiné
raja-brana, lan nyaosaké pisungsung


MATIUS 2.12 – 15

7

marang Sang Bayi, arupa mas, menyan
lan blendok mur.
12 Nalika mulih, para ahli palintangan
mau padha ora metu ing dalan sing
mauné diliwati. Sebab padha olèh
dhawuh saka Pangéran ing sajroné
impèn, supaya aja padha bali sowan ing
ngarsané Sang Prabu Hérodès.
13 Bareng para ahli palintangan wis
padha mangkat, nuli ana Malaékating
Pangéran ngetingal marang Yusuf
sajroné impèn. Malaékat mau ngandika:
"Tangia, Sang Putra lan ibuné padha
ungsèkna menyang tanah Mesir.
Manggona ana ing kana nganti aku awèh
weruh marang kowé, awit Sang Prabu

Hérodès bakal nggolèki Sang Putra, arep
disédani."
14 Yusuf tangi, ing bengi kuwi uga
banjur nggawa Sang Putra lan ibuné
ngungsi menyang tanah Mesir.
15 Banjur padha manggon ana ing kono
nganti sasédané Sang Prabu Hérodès.
Mengkono dadiné kelakon temenan apa
sing wis didhawuhaké déning Pangéran
lantaran nabiné, mengkéné: "Saka
ing tanah Mesir enggon-Ku nimbali
Putra-Ku."

16 Sang

MATIUS 2.16 – 21

8

Prabu Hérodès duka banget,
sebab pirsa yèn diapusi déning para ahli
palintangan saka ing tanah Wétan mau.
Panjenengané banjur dhawuh matèni
sakèhé bocah lanang ing kutha Bètléhèm
lan sakiwa-tengené, sing umuré rong
taun sapengisor, manut pétungan wektu
sing dikandhakaké déning para ahli
palintangan mau.
17 Mengkono dadiné kelakon temenan
apa sing wis tau dingandikakaké déning
Nabi Yérémia:
18 "Ana swara keprungu ing kutha
Rama, yakuwi pasambat lan panangis.
Rahèl nangisi anak-anaké; lan emoh
dilipur, awit anak-anaké wis padha mati."
19 Bareng Sang Prabu Hérodès wis séda,
Malaékating Pangéran ngetingal menèh
marang Yusuf sajroné impèn ing tanah
Mesir.
20 Malaékat mau dhawuh: "Tangia! Sang
Bayi lan ibuné gawanen bali menyang
tanah Israèl, awit wong sing padha
ngarah sédané Sang Bayi wis padha
mati."
21 Yusuf tangi, Sang Bayi lan Maryam
banjur digawa bali menyang tanah
Israèl.

MATIUS 2.22 – 3.3

22 Nanging

9

bareng krungu yèn Pangéran
Arkélaus, putrané Sang Prabu Hérodès,
nggentosi ramané jumeneng raja ana
ing tanah Yudéa, arep mrana Yusuf atiné
sumelang. Sarèhné Yusuf iya tampa
dhawuh saka Pangéran ing sajroning
impèn, mulané banjur lunga menyang
tanah Galiléa,
23 banjur manggon ing kutha Nasarèt.
Mengkono dadiné kelakon temenan apa
sing dingandikakaké déning para nabi,
yèn Gusti Yésus bakal kasebut "Wong
Nasarèt."
1 Ing nalika semana Nabi Yohanes
Pembaptis rawuh ing ara-ara samun
ing tanah Yudéa, lan memulang ana ing
kono.
2 Pangandikané: "Padha mratobata saka
dosa-dosamu, awit sedhéla engkas Gusti
Allah kersa ngedegaké Kratoné!"
3 Nabi Yohanes kuwi pancèn wong sing
wis diweca rawuhé déning Nabi Yésaya
mengkéné: "Ana wong nguwuh-uwuh
ing ara-ara samun, ‘Padha nyawisna
dalané Pangéran; lencengna lan ratanen
dalan sing bakal diambah.’"

3

4 Nabi

MATIUS 3.4 – 10

10

Yohanes kuwi agemané digawé
saka wulu unta. Sabuké saka lulang.
Sing didhahar walang lan madu alas.
5 Akèh wong sing marani Nabi Yohanes
mau, saka kutha Yérusalèm, saka tanah
Yudéa lan saka wilayah sakiwa-tengené
Kali Yardèn.
6 Wong-wong mau padha ngakoni
dosa-dosané, banjur padha dibaptis
déning Nabi Yohanes ing Kali Yardèn.
7 Uga akèh wong Farisi lan wong Saduki
sing padha teka marani Nabi Yohanes,
nyuwun dibaptis. Nalika Nabi Yohanes
pirsa wong-wong mau, banjur ngandika:
"Kowé anak ula, sapa sing akon kowé
padha nyingkiri bebenduné Gusti Allah
marang kowé?
8 Buktèkna srana kelakuanmu yèn kowé
wis mratobat temenan.
9 Lan aja ngira yèn kowé bisa
mbeneraké awakmu dhéwé ana ing
ngarsané Gusti Allah srana muni: ‘Aku
rak tedhak-turuné Abraham.’ Ngertia,
yèn Gusti Allah kwaos nganakaké turuné
Abraham saka watu-watu iki!
10 Wadungé wis cumepak kanggo negor
wit ing poking oyodé. Saben wit sing ora

MATIUS 3.11 – 15

11

ngetokaké woh becik, bakal ditegor lan
dibuwang ing geni.
11 Aku mbaptis kowé nganggo banyu
kanggo mretandhani yèn kowé wis
mratobat ninggal dosa-dosamu;
nanging Panjenengané kang bakal
rawuh sapungkurku, kuwi sing bakal
mbaptis kowé srana Roh Suci lan geni.
Panjenengané luwih kwasa ketimbang
aku. Senajan mung nguculi trumpahé
waé aku ora pantes.
12 Panjenengané wis ngasta tampah
kanggo napèni, lan lesungé bakal
dikeludi nganti resik. Berasé bakal
diklumpukaké ana ing lumbung, nanging
mrambuté bakal diobong ing geni sing
ora bisa sirep."
13 Nalika semana Gusti Yésus tindak
saka tanah Galiléa menyang Kali Yardèn.
Panjenengané murugi Nabi Yohanes lan
mundhut supaya dibaptis.
14 Nanging Nabi Yohanes menggak,
aturé: "Kawula ingkang prelu
Panjenengan baptis, koksamenika
malah Panjenengan ingkang mundhut
kawula baptis."
15 Nanging Gusti Yésus ngandika: "Wis
ta, bèn waé, awit srana mengkono Aku

MATIUS 3.16 – 4.4

12

lan kowé padha netepi sing dadi kersané
Gusti Allah." Nabi Yohanes nuli nuruti
kersané.
16 Sawisé dibaptis, Gusti Yésus
mentas saka ing banyu. Dumadakan
Panjenengané kawenganan langit lan
mirsa Sang Roh Suci tumurun kaya
manuk dara, nedhaki Panjenengané.
17 Banjur ana swara saka ing langit: "Iki
Putra-Ku, sing Daktresnani, sing gawé
renaning penggalih-Ku."
1 Sawisé mengkono, Gusti Yésus
banjur katuntun déning Sang Roh
Suci menyang ara-ara samun, supaya
digodha déning Iblis.
2 Ana ing kono Gusti Yésus siyam
patang puluh dina patang puluh bengi.
Banjur kraos luwé.
3 Iblis nuli teka sowan ing ngarsané
Gusti Yésus lan matur mengkéné:
"Sarèhné Panjenengan menika
Putranipun Allah, mangga séla-séla
menika Panjenengan sabdakaken dados
roti."
4 Gusti Yésus paring wangsulan: "Wis
katulis ing Kitab Suci: Manungsa kuwi
uripé ora mung saka roti waé, nanging

4

MATIUS 4.5 – 9

13

saka sakèhing sabda sing didhawuhaké
déning Gusti Allah."
5 Iblis banjur nggawa Gusti Yésus
menyang kutha Yérusalèm lan
mapanaké Panjenengané ana ing
wuwunging Pedalemané Allah.
6 Iblis nuli matur: "Sarèhné
Panjenengan menika Putranipun
Allah, sumangga kula aturi anjlog; sebab
wonten ing Kitab Suci wonten seratan
mekaten: ‘Pangéran bakal ndhawuhi
para malaékaté njaga marang kowé,
lan kowé bakal dithadhahi ing tangané
supaya aja nganti kena ing watu.’"
7 Pangandikané Gusti Yésus: "Nanging
ing Kitab Suci iya ana tulisan mengkéné:
‘Kowé aja nyoba marang Pangéran
Allahmu.’"
8 Gusti Yésus banjur digawa déning
Iblis, menyang gunung sing dhuwur
banget. Ana ing kono Gusti Yésus
diaturi mirsani sakèhé kraton ing donya
sakamulyané kabèh.
9 Iblis banjur matur marang Gusti Yésus:
"Sedaya menika kula caosaken dhateng
Panjenengan, angger Panjenengan sujud
nyembah dhateng kula."

10 Gusti

MATIUS 4.10 – 16

14

Yésus ngandika: "Wis lungaa,
Sétan! Awit ing Kitab Suci wis tinulis
mengkéné: ‘Pangéran Allahmu sing wajib
koksembah lan mung Panjenengané sing
wajib kokbektèni!’"
11 Wusana Iblis banjur lunga saka
ngarsané Gusti Yésus; malaékatmalaékat tumuli padha sowan ngladosi
Panjenengané.
12 Bareng midhanget, yèn Nabi Yohanes
dikunjara, Gusti Yésus banjur nyingkir
menyang tanah Galiléa.
13 Panjenengané pindhah saka kutha
Nasarèt lan dedalem ana ing kutha
Kapèrnaum. Kutha kuwi dunungé ana
ing sapinggiré Tlaga Galiléa, ing tanah
Zébulon lan Naftali,
14 trep karo sing dingandikakaké Nabi
Yésaya, mengkéné:
15 "Tanah Zébulon lan tanah Naftali,
sing ana ing sauruting dalan menyang
tlaga, ing sabrangé Kali Yardèn, tanah
Galiléa panggonané bangsa-bangsa liya!
16 Wong-wong sing padha manggon ing
pepeteng wis padha weruh pepadhang
gedhé! Pepadhang wis sumunar
madhangi wong-wong sing padha

MATIUS 4.17 – 22

15

manggon ing tanah sing dikwasani
déning dayaning pati!"
17 Ing wektu kuwi Gusti Yésus
wiwit mulang, pangandikané: "Padha
mratobata ninggal dosa-dosamu, awit
sedhéla engkas Kratoné Allah arep
diwiwiti!"
18 Nalika lagi tindak ing sapinggiring
Tlaga Galiléa, Gusti Yésus mirsa wong
loro, kakang-adhi, yakuwi Simon sing
karan Pétrus karo Andréas, adhiné.
Wong loro mau lagi padha njala, awit
loro-loroné padha tukang njala iwak.
19 Gusti Yésus ngandika marang wong
loro mau: "Padha mèlua Aku, kowé arep
padha Dakwarahi dadi tukang njala
wong."
20 Sanalika jalané ditinggal, banjur
padha ndhèrèk Gusti Yésus.
21 Gusti Yésus banjur nerusaké tindaké,
sarta mirsa wong loro menèh, iya
kakang-adhi, yakuwi Yakobus lan
Yohanes, anak-anaké Zébedéus. Wong
loro mau karo bapakné lagi ana ing prau,
nyulami jalané, banjur padha ditimbali
déning Gusti Yésus.
22 Sanalika prau lan bapakné ditinggal,
nuli padha ndhèrèk Gusti Yésus.

23 Gusti

MATIUS 4.23 – 5.2

16

Yésus banjur ndlajahi tanah
Galiléa. Panjenengané memulang ana
ing sinagogé-sinagogéc lan martosaké
Injil bab Kratoné Allah. Wong lara lan
wong cacad padha diwarasaké.
24 Kabar bab Gusti Yésus kuwi banjur
sumebar satanah Siria kabèh, nganti
wong akèh padha sowan marang
Panjenengané. Wong lara lan wong
nandhang kasangsaran rupa-rupa padha
disowanaké, kayata: wong kesurupan,
wong lara ayan lan wong lumpuh, kabèh
padha diwarasaké déning Gusti Yésus.
25 Nalika semono akèh banget wong
sing padha ndhèrèkaké Gusti Yésus,
ana sing saka tanah Galiléa, ana sing
saka kutha Dékapolis, ana sing saka
kutha Yérusalèm, saka tanah Yudéa, lan
iya ana sing saka tanah sabrangé Kali
Yardèn.
1 Bareng Gusti Yésus mirsa wong
akèh mau, banjur minggah ing
punthuk. Sawisé lenggah, para muridé
padha mapan lungguh ngubengi
Panjenengané.
2 Gusti Yésus tumuli wiwit mulang:

5

csinagogé: inggih menika papan pangibadahipun

tiyang Yahudi.

3 "Begja

MATIUS 5.3 – 11

17

wong sing rumangsa ringkih
ana ing ngarsané Pangéran; awit wong
sing kaya ngono kuwi sing dadi umat
ana ing Kratoné Allah.
4 Begja wong sing prihatin; awit bakal
padha dilipur déning Gusti Allah.
5 Begja wong sing andhap-asor, awit
bakal padha tampa prasetyané Gusti
Allah.
6 Begja wong sing kepéngin banget
nglakoni kersané Gusti Allah; awit Gusti
Allah bakal gawé mareming atiné.
7 Begja wong sing seneng melasi wong
liya; awit bakal diwelasi déning Gusti
Allah.
8 Begja wong sing resik atiné; awit
bakal wanuh marang Gusti Allah.
9 Begja wong sing padha seneng
ngrukunaké, awit bakal disebut para
putrané Gusti Allah.
10 Begja wong sing disiya-siya merga
enggoné nglakoni kersané Gusti Allah;
awit wong sing mengkono kuwi sing dadi
umat ana ing Kratoné Allah.
11 Begja kowé menawa diwewada,
disiya-siya lan dipitenah merga saka
enggonmu dadi murid-Ku.

12 Para

MATIUS 5.12 – 16

18

nabi sadurungé kowé iya padha
disiksa kaya mengkono. Padha bungaha
lan dipadha gembira, sebab gedhé
ganjaran sing bakal kaparingaké déning
Gusti Allah marang kowé."
13 "Kowé kuwi upamané kaya uyah
kanggo nguyahi jagad. Yèn uyah ilang
asiné, apa sing kena kanggo mulihaké
asiné? Uyah sing mengkono mau wis
ora ana gunané, mulané mung bakal
dibuwang lan diidak-idak déning wong.
14 Kowé kuwi upamané kaya pepadhang
sing dibutuhaké déning wong sajagad
kabèh. Kutha sing ana ing ndhuwur
gunung kuwi ora kena dialing-alingi.
15 Lan menèh ora ana wong sing
nyumed lampu, banjur ditutupi
nganggo tompo, nanging malah bakal
numpangaké lampu mau ana ing papan
sing dhuwur, supaya bisa madhangi
saben wong sing ana ing omah kono.
16 Mengkono uga padhangmu
madhangana marang wong, supaya
padha neksèni penggawému sing
becik, temah wong-wong mau padha
ngluhuraké Ramamu sing ana ing
swarga."

17 "Kowé

MATIUS 5.17 – 21

19

aja padha ngira, yèn tekaKu iki arep mbatalaké Torèt, sing
diwulangaké Nabi Musa lan para
nabi liyané, nanging malah arep
nyampurnakaké.
18 Ngertia, salawasé isih ana langit lan
bumi, Torèt mau ora bakal batal, senajan
mung titik utawa saaksara waé.
19 Mulané sing sapa nerak salah
sawijining angger-angger mau, senajan
sing katoné cilik dhéwé, lan mulangaké
marang wong liya nglakoni mengkono,
iku bakal olèh papan sing asor dhéwé
ana ing Kratoné Allah. Nanging sing
sapa nglakoni lan mulangaké kabèh
pepakoning Torèt, iku bakal olèh papan
sing dhuwur ana ing Kratoné Allah.
20 Mulané éling-élingen: Kowé ora bakal
kepétung dadi umat ana ing Kratoné
Allah, yèn olèhmu nglakoni Anggeranggeré Torèt ora luwih sampurna
ketimbang karo sing ditindakaké déning
para ahli Torèt lan para wong Farisi."
21 "Kowé padha ngerti yèn leluhur kita
diwulang mengkéné: Kowé aja matèni
wong; sing sapa matèni wong kudu
diadili.

22 Nanging

MATIUS 5.22 – 26

20

saiki kowé Dakkandhani:
Sing sapa nepsoni seduluré, kudu diadili;
lan sing sapa misuhi seduluré, iya kudu
diadili déning Predataning Agama. Lan
sing sapa ngunèkaké seduluré: ‘Goblog’,
wong kuwi kudu dicemplungaké ing
geniné nraka.
23 Mulané yèn kowé pinuju nyaosaké
pisungsungmu marang Gusti Allah,
mangka kowé kèlingan ana sedulur sing
lara atiné karo kowé,
24 pisungsungmu tinggalen ing
sangareping mesbèh. Wong mau
paranana, rukuna dhisik karo dhèwèké,
yèn wis banjur balia, nyaosna
pisungsungmu.
25 Yèn ana wong nggugat kowé
menyang pengadilan, sajroné lagi padha
bebarengan mlaku mrana, kowé ngaraha
rukun dhisik karo wong sing nggugat
mau. Yèn kowé ora ngarah rukun
dhisik, wong mau bakal ngajokaké kowé
marang jeksa lan jeksa bakal masrahaké
kowé marang polisi. Polisi nuli bakal
nglebokaké kowé menyang kunjara.
26 Élinga, yèn kowé bakal ora bisa metu
saka kunjara mau, samasa utangmu
durung koksaur nganti lunas."

27 "Kowé

MATIUS 5.27 – 32

21

wis padha ngerti piwulang sing
surasané: Kowé aja laku jina.
28 Nanging saiki kowé Dakkandhani:
Sing sapa mandeng wong wadon kanthi
rasa sir, wong mau wis laku jina karo
wong wadon mau ing sajroning atiné.
29 Yèn mripatmu tengen marakaké
kowé gawé dosa, mripat kuwi cukilen
lan buwangen! Luwih becik kowé
kélangan pérangané badanmu salah
siji, ketimbang karo badanmu sekojur
kacemplungaké ing nraka.
30 Yèn tanganmu tengen njalari kowé
nglakoni dosa, tangan kuwi kethoken,
banjur buwangen! Luwih becik kowé
kélangan tanganmu sesisih ketimbang
karo badanmu sekojur mlebu ing nraka."
31 "Uga ana piwulang sing surasané:
Sing sapa megat bojoné, kudu awèh
layang pegat.
32 Nanging saiki kowé Dakkandhani:
Sing sapa megat bojoné, mangka bojoné
mau ora laku jina, kuwi marakaké bojoné
mau laku jina, yakuwi samangsa sing
dipegat mau kawin menèh. Lan wong
liya sing kawin karo sing dipegat mau,
iya banjur katut laku jina."

33 "Kowé

MATIUS 5.33 – 39

22

padha ngerti yèn leluhur kita
padha diwulang mengkéné: Kowé aja
mblénjani janji. Yèn kowé wis janji karo
wong nganggo sumpah ing ngarsané
Gusti Allah, kudu koktetepi.
34 Nanging saiki Aku ngandhani kowé:
Kowé aja pisan-pisan sumpah. Aja
sumpah demi langit, awit langit kuwi
palenggahané Gusti Allah.
35 Utawa demi bumi, awit bumi kuwi
ancik-anciking sampéyané Gusti Allah;
utawa aja demi kutha Yérusalèm, awit
kutha Yérusalèm kuwi kuthané Sang
Prabu.
36 Iya aja sumpah demi sirahmu, awit
kowé dhéwé ora bisa gawé uwan, saeler
waé ora bisa.
37 Munia waé ‘Iya’ utawa ‘Ora’. Luwihé
saka kuwi pinangkané saka Iblis."
38 "Angger-anggeré Nabi Musa
nyebutaké mengkéné: Sapa sing
ngrusak mripat, kudu genti dirusak
mripaté lan sing ngrusak untu, kudu
genti dirusak untuné.
39 Nanging saiki kowé Dakkandhani:
Aja males marang wong sing gawé piala
marang kowé. Malah yèn ana wong

MATIUS 5.40 – 46

23

napuk pipimu tengen, karebèn napuk
pipimu kiwa pisan.
40 Lan yèn ana wong ngladèkaké
kowé marang hakim merga arep njaluk
keméjamu, jasmu wènèhna pisan.
41 Yèn kowé dipeksa wong nggawakaké
barangé sakilometer, gawakna nganti
rong kilomèter.
42 Yèn ana wong njaluk apa-apa marang
kowé, wènèhana lan aja nulak wong sing
arep utang marang kowé."
43 "Kowé wis padha ngerti piwulang
iki: Tresnaa marang kanca-kancamu lan
sengita marang mungsuhmu.
44 Nanging saiki kowé Dakkandhani:
Padha tresnaa marang mungsuhmu,
lan wong sing nganiaya kowé, padha
dongakna,
45 supaya ketitika yèn kowé kuwi para
putrané Ramamu ing swarga. Awit
Ramamu maringi padhanging srengéngé
marang wong sing becik, nanging
uga marang wong sing ala. Ramamu
maringi udan marang wong sing nglakoni
kabecikan lan uga marang wong sing
nglakoni piala.
46 Awit yèn kowé mung nresnani marang
wong sing tresna marang kowé, apa

MATIUS 5.47 – 6.3

24

preluné Gusti Allah males penggawému
kuwi? Apa wong sing karem bandha uga
ora tumindak mengkono?
47 Lan yèn kowé awèh salam
mung marang kanca-kancamu waé,
kaluwihanmu apa? Wong sing ora
wanuh marang Gusti Allah rak iya padha
tumindak mengkono!
48 Mulané kowé kudu padha sampurna,
kaya Ramamu ing swarga iya sampurna."
1 "Padha élinga! Aja padha nglakoni
pangibadahmu kanggo paméran
ana ing sangareping wong. Yèn kowé
tumindak mengkono, kowé ora bakal
nampani ganjaran saka Ramamu ing
swarga.
2 Mulané yèn kowé padha dedana,
aja kokwartak-wartakaké kaya sing
ditindakaké déning wong lamis. Wong
lamis lumrahé nindakaké sing mengkono
mau ana ing papan-papan pangibadah
lan ing dalan-dalan gedhé, pamrihé
supaya dialem déning wong. Élinga,
wong-wong sing kaya ngono kuwi wis
padha olèh piwalesé penggawéné.
3 Nanging tumrap kowé, yèn kowé
dedana, aja nganti wong liya padha
ngerti enggonmu wèwèh,

6

4 supaya

MATIUS 6.4 – 8

25

aja ana wong siji waé ngerti
enggonmu dedana. Ramamu ing swarga
pirsa penggawému sing ora diweruhi
déning wong; lan Panjenengané bakal
paring piwales marang kowé."
5 "Yèn kowé ndedonga, aja kaya wong
lamis. Wong lamis lumrahé padha
ndedonga karo ngadeg ing papan-papan
pangibadah lan ana ing pinggir dalan,
pamrihé supaya katon ing wong. Élinga,
wong sing mengkono mau wis padha
nampani opahé.
6 Nanging kowé yèn ndedonga, mlebua
ing kamar, lan kancingen lawangé,
banjur ndedongaa marang Ramamu sing
ora katon. Panjenengané pirsa apa sing
koktindakaké, senajan wong liya ora
padha weruh. Ramamu bakal maringi
ganjaran marang kowé.
7 Yèn kowé ndedonga, aja kedawan
kaya adaté wong sing ora wanuh karo
Gusti Allah. Wong mau padha ngira yèn
Gusti Allah mirengaké pandongané,
merga pandongané dawa.
8 Aja padha niru sing kaya ngono
kuwi. Ramamu wis pirsa apa sing
kokbutuhaké, sadurungé kowé nyuwun.

9 Mulané

MATIUS 6.9 – 15

26

ndedongaa mengkéné: ‘Rama
kawula ingkang wonten ing swarga:
Asma Paduka ingkang suci mugi dipun
urmati déning sedaya tiyang.
10 Kraton Paduka mugi dipun èstokaken
déning sedaya tumitah ing salumahing
bumi, kados déné pangrèh wau wonten
ing swarga inggih dipun èstokaken
déning para malaékat.
11 Mugi kawula Paduka paringi rejeki
ing dinten menika.
12 Kalepatan kawula mugi Paduka
apunten, kados déné kawula inggih
ngapunten tiyang-tiyang ingkang sami
damel kalepatan dhateng kawula.
13 Kawula mugi sampun ngantos
Paduka tégakaken kénging ing godha,
nanging mugi Paduka uwalaken saking
piawon. [Awit Paduka menika ingkang
ngerèh samukawis, ingkang kagungan
pangwaos saha Ratu ingkang mulya ing
selaminipun. Amin.]’
14 Yèn kowé ngapura wong sing
keluputan marang kowé, Ramamu ing
swarga iya bakal ngapura keluputanmu.
15 Nanging menawa kowé ora ngapura
keluputané wong liya, Ramamu

MATIUS 6.16 – 20

27

ing swarga iya ora bakal ngapura
keluputanmu."
16 "Yèn kowé padha pasa, ulatmu aja
kokgawé suntrut kaya carané wong
lamis. Wong-wong mau ulaté digawégawé katon lesu, supaya wong kabèh
padha ngerti yèn dhèwèké lagi pasa.
Élinga, wong sing mengkono kuwi wis
padha nampa piwales ing samesthiné.
17 Nanging kowé, yèn pasa, raupa lan
rambutmu jungkatana,
18 supaya ora ana wong sing ngerti yèn
kowé lagi pasa. Preluné mung Ramamu
ing swarga sing ora katon, kuwi waé
sing pirsa apa sing koklakoni, senajan
wong liya ora ana sing weruh. Lan
Panjenengané bakal maringi piwalesé
marang kowé."
19 "Aja padha nglumpukaké bandha ana
ing donya. Awit bandha donya kuwi bisa
rusak déning rayap lan renget, lan kena
dicolong maling.
20 Nanging padha nglumpukna bandha
ana ing swarga. Awit ing swarga ora
ana rayap lan renget sing bisa ngrusak
bandha mau, lan maling iya ora bisa
mbabah lan nyolong.

21 Awit

MATIUS 6.21 – 26

28

ing ngendi dunungé bandhamu,
iya ana ing kono dunungé atimu."
22 "Mripat kuwi kaya déné lampu
tumraping badan. Yèn mripatmu waras,
badanmu sekojur iya dadi padhang.
23 Nanging yèn mripatmu cacad,
badanmu sekojur iya dadi peteng. Dadi
yèn lampu sing ana ing badanmu kuwi
dadi peteng, méndah kaya apa petengé."
24 "Ora ana wong sing bisa ngrangkep
ngawula bendara loro. Sebab wong mau
bakal sengit marang bendara sing siji lan
nresnani marang bendara sijiné. Utawa
bakal setya marang bendara sing siji lan
nyepèlèkaké bendara liyané. Semono
uga kowé. Kowé ora bisa ngawula
marang Gusti Allah lan uga ngawula
marang Mamon.
25 Mulané élinga! Aja padha
nyumelangaké bab panguripanmu,
yakuwi bab apa sing bakal kokpangan
utawa kokombé, utawa apa sing bakal
kokenggo. Apa urip kuwi ora luwih aji
ketimbang karo pangan, lan badan
apa ora luwih aji ketimbang karo
sandhangan?
26 Coba delengen, manuk-manuk sing
padha mabur mrana-mréné, kaé rak

MATIUS 6.27 – 31

29

ora nyebar wiji, ora ngundhuh, lan
uga ora nyimpen panènané ana ing
lumbung. Éwasemono Ramamu ing
swarga ngopèni manuk-manuk mau!
Apa kowé ora luwih aji ketimbang karo
manuk-manuk kuwi?
27 Sapa panunggalanmu sing bisa
nyambung uripé merga sumelang?
28 Mengkono menèh yagéné kowé padha
nyumelangaké bab sandhanganmu?
Coba delengen, kembang-kembang sing
padha thukul dhéwé ana ing ara-ara.
Kembang-kembang kuwi rak padha ora
nyambut-gawé lan padha ora nenun.
29 Nanging delengen, senajan Sang
Prabu Suléman sing sugihé kaya
ngana, éndahing agemané ora kaya
kembang-kembang kuwi!
30 Yèn selaginé suket ing ara-ara sing
dina iki tuwuh sarta sésuk wis dibuwang
lan diobong waé direngga semono
éndahé déning Gusti Allah, apa menèh
kowé! Dhasaré kowé kuwi cupet ing
pengandel.
31 Aja padha kuwatir lan muni: ‘Sing
padha dakpangan mengko apa? Utawa
sing padha dakombé mengko apa, utawa
sing padha dakenggo apa?’

32 Sing

MATIUS 6.32 – 7.2

30

padha ngudi barang-barang
mengkono kuwi rak wong-wong sing
padha ora wanuh karo Gusti Allah.
Ramamu ing swarga rak wis pirsa yèn
barang-barang mau kabèh kokbutuhaké.
33 Mulané sing luwih dhisik kudu
kokudi yakuwi, kepriyé enggonmu
bisa mbangun-turut marang pepakonpepakoné Gusti Allah, kaya déné umat
ana ing Kratoné. Yèn kowé wis bisa
mrelokaké prekara kuwi, samubarang
kabèh uga bakal diparingaké marang
kowé.
34 Mulané, aja padha kuwatir bab dina
sésuk, awit dina sésuk ana karépotané
dhéwé. Ngrasakaké karépotané dina
saiki waé wis abot, aja ditambahi
karépotané dina sésuk."
1 "Aja padha ngadili wong liya,
supaya kowé dhéwé iya ora diadili
déning Gusti Allah.
2 Awit Gusti Allah ngagem wewaton
sing kokenggo ngadili wong liya mau
kanggo netepaké ala-becikmu. Lan
ukuran-ukuran sing kokenggo ngukur
wong liya, iya ukuran kuwi sing diagem
déning Gusti Allah kanggo ngukur kowé.

7

3 Apa

MATIUS 7.3 – 8

31

sebabé déné tatal sing ana ing
mripaté wong liya, kowé weruh, nanging
balok sing ana ing mripatmu dhéwé,
kowé ora weruh?
4 Kokwani-wanimu ngandhani wong
liya: ‘Tatal ing mripatmu dakilangané’,
mangka ing mripatmu dhéwé ana
baloké?
5 Dhasaré kowé kuwi wong lamis! Balok
ing mripatmu kuwi ilangana dhisik,
banjur kowé lagi bisa ndeleng klawan
cetha lan bisa ngilangi tatal sing ana
mripaté wong liya mau.
6 Barang sing suci aja kokuncalaké
nyang asu, awit asu mau bakal minger
lan nyander kowé. Lan mutiara aja
kokuncalaké nyang babi, jalaran mutiara
mau mung bakal diidak-idak."
7 "Padha nyenyuwuna marang Gusti
Allah, temah kowé bakal diparingi.
Padha nggolèkana Panjenengané, mesthi
bakal ketemu. Padha nothoka koriné
Gusti Allah, temah kowé bakal padha
diwengani.
8 Awit wong sing padha mantep ing
panyuwun marang Gusti Allah, bakal
kaparingan, lan wong sing tansah
nggolèki Gusti Allah, bakal ketemu

MATIUS 7.9 – 14

32

Panjenengané; lan wong sing tansah
thothok-thothok ing koriné Gusti Allah,
bakal diwengani.
9 Apa panunggalanmu ana sing dijaluki
roti anaké kokmènèhi watu?
10 Utawa mènèhi ula, yèn anaké njaluk
iwak?
11 Senajan kowé alaa kaya apa, kowé
padha ngerti mènèhi barang sing becik
marang anak-anakmu. Apa menèh
Gusti Allah, Ramamu ing swarga.
Panjenengané bakal maringi barang
sing becik marang saben wong sing
nyenyuwun marang Panjenengané!"
12 "Apa sing kokkarepaké supaya
ditindakaké déning wong liya marang
kowé, kuwi tindakna marang wong mau.
Iya kuwi sariné Angger-anggering Torèt,
sing diwulangaké déning Nabi Musa lan
nabi-nabi liyané."
13 "Padha mlebua metu lawang sing
ciyut, awit lawang sing amba lan dalan
sing jembar kuwi anjog ing nraka!
Mangka akèh wong sing padha milih
dalan mau.
14 Kosokbaliné lawang sing ciyut lan
dalan sing rumpil, kuwi anjog marang

MATIUS 7.15 – 21

33

kauripan, lan mung sethithik cacahé
wong sing milih dalan kuwi."
15 "Padha sing ngati-ati; ana nabi-nabi
palsu. Wong-wong mau padha nekani
kowé méndha-méndha wedhus gèmbèl,
mangka sejatiné asu ajag sing galak.
16 Ketitiké wong mau saka penggawéné.
Apa ana thethukulan eri ngetokaké
woh anggur lan apa ana rerungkudan
ngetokaké woh ara?
17 Wit sing waras ngetokaké woh sing
becik, lan wit sing geringen ngetokaké
woh sing ala.
18 Wit sing becik ora bisa ngetokaké
woh sing ala, lan wit sing geringen ora
bisa ngetokaké woh sing becik.
19 Saben wit sing ora ngetokaké woh
sing becik, ditegor lan diobong.
20 Mengkono uga kedadéané para nabi
palsu mau. Kowé bakal padha bisa
nitik wong-wong mau saka wohing
penggawéné."
21 "Sing dadi umat ana ing Kratoné
Allah kuwi dudu angger wong sing matur
marang Aku: ‘Gusti, Gusti’, nanging
mung wong sing padha nglakoni kersané
Rama-Ku ing swarga.

22 Ing

MATIUS 7.22 – 27

34

Dina Kiamat bakal akèh wong
sing padha matur marang Aku: ‘Gusti,
Gusti, kawula rak sampun martosaken
pangandikanipun Gusti Allah atas
asma Paduka? Lan kawula rak sampun
nundhungi dhemit atas asma Paduka,
menapa malih sampun damel mujijat
kathah atas asma Paduka?’
23 Nanging Aku bakal mangsuli: ‘Aku
ora wanuh karo kowé! Padha sumingkira
saka ing kéné, kowé wong sing seneng
gawé piala!’"
24 "Wong sing ngrungokaké lan nglakoni
piwulang-Ku, kuwi padha karo wong
pinter sing ngedegaké omahé ana ing
padhasan.
25 Bareng ana udan deres lan ana banjir,
sarta ana angin gedhé nempuh, omah
mau ora rubuh, awit ngadeg ana ing
padhasan.
26 Nanging sapa sing ngrungokaké
piwulang-Ku, mangka ora nglakoni, kuwi
padha karo wong bodho, sing ngedegaké
omahé ing lemah pasir.
27 Bareng ana udan deres lan ana banjir,
sarta ana angin gedhé nempuh, omah
mau nuli ambruk, lan rusak banget!"

28 Bareng

MATIUS 7.28 – 8.4

35

Gusti Yésus wis rampung
enggoné memulang, wong kabèh padha
gumun banget marang piwulangé.
29 Awit enggoné mulang kanthi
pangwasa, ora kaya pamulangé ahli
Torèt.
1 Gusti Yésus mandhap saka ing
gunung, kadhèrèkaké déning wong
akèh.
2 Ing kono ana wong lara kusta. Wong
mau sowan lan sujud ing ngarsané Gusti
Yésus, sarta matur: "Gusti, menawi
Panjenengan kersa, inggih temtu saged
nyarasaken kawula."
3 Gusti Yésus banjur mulung astané,
ndemèk wong mau. Pangandikané: "Ya!
Aku kersa. Warasa!" Sanalika iku uga
lelarané kusta ilang, lan wong mau
waras.
4 Gusti Yésus banjur ngandika
marang wong mau: "Poma, bab iki
aja kokkandhakaké marang sapa waé.
Sowana marang imam, aturana mriksa
awakmu. Sawisé kuwi saosna kurban
miturut préntahé Nabi Musa, kanggo
mbuktèkaké marang wong-wong, yèn
kowé wis waras tenan!"

8

5 Nalika

MATIUS 8.5 – 9

36

Gusti Yésus mlebu ing kutha
Kapèrnaum, ana perwira tentara Rum
sowan ing ngarsané, sarta nyuwun
pitulungané Gusti.
6 Aturé wong mau: "Gusti, réncang
kawula sakit wonten ing griya. Tiyang
wau nggluntung ing patileman, lan
ngraosaken sakit sanget."
7 Gusti Yésus ngandika: "Iya, Aku
Dakmrana marasaké."
8 Nanging aturé perwira mau: "Ah,
mbok mboten sisah rawuh piyambak.
Kawula mboten pantes nampèni Gusti
ing griya kawula. Panjenengan kawula
aturi dhawuh kémawon, mangké réncang
kawula mesthi saras!
9 Awit kawula piyambak inggih kedah
tundhuk dhateng pengageng kawula.
Lan sangandhap kawula inggih wonten
rèrèhan prejurit-prejurit ingkang kedah
tundhuk dhateng préntah kawula.
Menawi kawula akèn dhateng ingkang
setunggal: ‘Lungaa’, piyambakipun
inggih késah. Menawi kawula ngundang
sanèsipun: ‘Mrénéa’, piyambakipun
inggih nunten dhateng; utawi menawi
kawula akèn réncang kawula: ‘Iki

MATIUS 8.10 – 14

37

lakonana’, piyambakipun inggih
tumunten nglampahi."
10 Bareng mireng aturé perwira mau,
Gusti Yésus gumun banget. Banjur
ngandika marang wong-wong sing
ndhèrèkaké: "Aku durung tumon
pengandel sing semono gedhéné ana ing
antarané wong Israèl.
11 Titènana waé, bakal akèh wong
sing teka saka Wétan lan saka Kulon
padha bungah-bungah bebarengan karo
Bapa Abraham, Iskak lan Yakub ana ing
Kratoné Allah.
12 Nanging wong-wong sing samesthiné
dadi umat ing Kratoné Allah, malah
bakal ditundhung lan diukum. Ing kono
wong-wong mau bakal padha nangis lan
krasa keduwung banget."
13 Gusti Yésus banjur ngandika marang
perwira mau: "Wis, muliha. Apa sing dadi
pengandelmu bakal kelakon." Sanalika
iku uga abdiné perwira mau waras.
14 Gusti Yésus tindak menyang omahé
Pétrus. Ing kono Panjenengané mirsa
ibuné maratuwa Pétrus mau lagi lara
panas ana ing peturon.

15 Tangané

MATIUS 8.15 – 20

38

banjur didemèk, temahan
mari larané. Wong mau banjur tangi lan
ngladosi Gusti.
16 Nalika ngarepaké peteng akèh
wong sing kesurupan dhemit padha
disowanaké ana ing ngarsané
Gusti Yésus. Dhemit-dhemit mau
padha ditundhungi, cukup mung
srana didhawuhi waé. Semono uga
Panjenengané marasaké wong-wong
sing padha lara liyané.
17 Gusti Yésus nindakaké kuwi mau
kabèh, supaya kelakon temenan apa
sing wis dingandikakaké déning Nabi
Yésaya, mengkéné: "Panjenengané wis
nyanggi kasangsaran kita lan marasaké
sakèhing lelara kita."
18 Nalika mirsa wong akèh ngrubung
Panjenengané, Gusti Yésus nuli dhawuh
marang murid-muridé, supaya nyabrang
Tlaga Galiléa.
19 Ana ing kono ana sawijining ahli Torèt
sing sowan lan matur: "Guru, kawula
badhé ndhèrèk Panjenengan dhateng
pundi kémawon tindak Panjenengan."
20 Gusti Yésus ngandika: "Asu ajag
padha duwé rong, lan manuk padha
duwé susuh, nanging Aku, Putraning

MATIUS 8.21 – 27

39

Manungsa, ora duwé papan kanggo
nggléthak lan ngaso."
21 Nuli ana murid liyané sing matur:
"Gusti, kawula nyuwun pamit badhé
ngubur bapak kawula."
22 Nanging Gusti Yésus ngandika:
"Mèlua Aku! Wong mati cikbèn padha
ngubur panunggalané sing padha mati."
23 Gusti Yésus banjur minggah ing prau
lan para muridé padha ndhèrèk.
24 Ora wetara suwé ing tlaga mau
ana prahara, nganti prauné diontangantingaké déning ombak. Nalika semana
Gusti Yésus lagi saré.
25 Para muridé nuli padha marani,
mungu Panjenengané, lan padha
bengok-bengok: "Gusti, nyuwun tulung!
Praunipun badhé kèrem!"
26 Pangandikané Gusti Yésus: "Yagéné
kowé padha wedi? Kowé padha cupet
ing pengandel." Gusti Yésus banjur
jumeneng. Angin lan ombak nuli
didhawuhi supaya sirep. Banjur iya sirep.
27 Sakèhing wong sing ana ing kono
padha gumun. Lan padha muni: "Wong
iki sapa ta, déné tekan angin lan ombak
barang kokpadha ngèstokaké dhawuhé!"

28 Gusti

MATIUS 8.28 – 32

40

Yésus enggoné nyabrang
tlaga wis tekan tanah Gadara. Tumuli
dipethukaké déning wong loro, sing metu
saka guwa-guwa kuburan. Wong-wong
mau padha kesurupan dhemit, lan
mbebayani banget, mulané ora ana
wong siji-sijia sing wani liwat cedhak
kono.
29 Dumadakan wong-wong sing
kesurupan dhemit mau padha bengokbengok: "Kawula badhé Panjenengan
menapakaken, dhuh Putranipun Allah?
Menapa Panjenengan sampun badhé
ngukum kawula? Samenika rak dèrèng
wekdalipun?"
30 Ora adoh saka kono ana pepanthan
babi sing lagi padha golèk pangan.
31 Dhemit-dhemit mau nuli padha matur
marang Gusti Yésus: "Menawi kawula
sami kadhawuhan medal, keparenga
kawula sami mlebet ing babi-babi
menika."
32 Dhawuhé Gusti Yésus: "Padha
metua." Dhemit-dhemit nuli padha metu
saka wong-wong sing kesurupan mau,
banjur mlebu ing babi-babi. Babi-babi
kuwi nuli padha njegur saka pinggiring

MATIUS 8.33 – 9.4

41

jurang menyang tlaga, temahan padha
mati kleleb.
33 Wong sing padha ngengon babi
banjur mlayu menyang kutha lan
nyritakaké lelakon kuwi, uga bab wong
loro sing kesurupan dhemit mau.
34 Wong sakutha kabèh nuli padha metu
marani Gusti Yésus. Bareng ketemu
banjur padha nyuwun kanthi banget,
supaya Panjenengané kersa nilar wilayah
kono.
1 Gusti Yésus nuli minggah ing prau,
banjur nyabrang, kondur menyang
kutha sing didalemi, yakuwi Kapèrnaum.
2 Ing kono ana wong lumpuh nggluntung
ing peturon, digotong menyang ngarsané
Gusti Yésus. Bareng pirsa pengandelé
wong-wong mau banjur ngandika
marang sing lumpuh: "Atimu sing tatag!
Dosa-dosamu wis diapura."
3 Ing kono ana ahli Torèt sawetara sing
padha rerasanan: "Wong iki nyenyamah
Gusti Allah!"
4 Gusti Yésus pirsa rasanané wongwong mau, mulané banjur ngandika:
"Yagéné kowé padha duwé pikiran sing
ala mengkono?

9

5 Gampang

MATIUS 9.5 – 10

42

endi muni: ‘Dosamu
wis diapura’, karo muni: ‘Tangia lan
lumakua?’
6 Aku arep awèh bukti yèn Putraning
Manungsa duwé pangwasa ngapura
dosa." Gusti banjur ngandika marang
wong sing lumpuh mau: "Tangia,
peturonmu angkaten lan muliha!"
7 Wong lumpuh mau iya banjur ngadeg
lan mulih.
8 Wong akèh sing padha ndeleng lelakon
mau banjur padha wedi lan memuji
marang Gusti Allah, déné Allah kersa
maringi pangwasa semono gedhéné
marang manungsa.
9 Gusti Yésus banjur nglajengaké
tindaké. Nuli mirsa pegawé pajeg,
jenengé Matius, lagi lungguh ing
kantoré. Matius didhawuhi: "Mèlua Aku!"
Matius banjur ngadeg lan ndhèrèk Gusti
Yésus.
10 Nalika Gusti Yésus lagi dhahar ing
omahé Matius, ana pegawé pajeg lan
wong-wong sing dianggep ala déning
masarakat, padha teka lan mangan
bebarengan karo Gusti Yésus sarta
murid-muridé.

11 Ana

MATIUS 9.11 – 15

43

wong Farisi sawetara sing padha
weruh, banjur padha takon marang para
muridé Gusti Yésus: "Yagéné Gurumu
kokmangan bebarengan karo pegawé
pajeg lan wong ala?"
12 Gusti Yésus mireng pitakonan mau,
nuli ngandika: "Wong sing waras ora
butuh dhokter. Sing butuh dhokter kuwi
wong sing lara.
13 Surasanen, apa tegesé ayat ing Kitab
Suci, sing uniné: ‘Kang Dakkersakaké
dudu kurban, nanging tumindaké
katresnan.’ Sebab teka-Ku iki ora kanggo
wong sing sampurna, nanging kanggo
wong sing rumangsa dosa."
14 Sawisé kuwi para muridé Nabi
Yohanes Pembaptis padha sowan ing
ngarsané Gusti Yésus. Banjur padha
nyuwun pirsa: "Kawula lan para tiyang
Farisi sami nglampahi pasa, nanging
para murid Panjenengan kokmboten?"
15 Pangandikané Gusti Yésus: "Kepriyé
penemumu? Endi ana tamu ing pésta
pengantèn kokprihatin, yèn pengantèné
lanang isih ana ing kono? Mesthi ora!
Nanging bakal ana mangsané pengantèn
lanang lunga saka ing kono. Ing wektu
iku para tamu mau bakal padha pasa."

16 "Ora

MATIUS 9.16 – 20

44

ana wong nambal sandhangan
lawas nganggo bakal sing anyar.
Awit tambalan kuwi bakal nyuwèkaké
sandhangan mau, malah njalari suwèké
saya amba.
17 Mengkono uga ora ana wong sing
nyimpen anggur anyar ana ing impes
sing lawas, sing digawé saka lulang,
merga yèn mengkono impes mau mesthi
bedhah. Angguré bakal wutah lan impesé
ora kena dienggo menèh. Anggur sing
anyar kudu disimpen ing impes sing
anyar uga, supaya loro-loroné tetep
apik."
18 Sajroné Gusti Yésus isih ngandikan
karo para muridé Nabi Yohanes
Pembaptis, nuli ana penggedhéné
sinagogé sowan lan matur: "Anak
kawula èstri nembé kémawon tilardonya. Éwasemanten kawula nyuwun,
Panjenengan kersaa rawuh sarta ndemèk
piyambakipun, supados gesang malih."
19 Gusti Yésus banjur jumeneng lan
tindak mbarengi wong mau. Para muridé
iya padha ndhèrèk.
20 Nalika semana ana wong wadon
sing lara nggrajag getih wis rolas taun
lawasé, nyedhaki Gusti saka mburi.

21 Wong

MATIUS 9.21 – 27

45

mau mbatin: "Angger aku bisa
ndemèk jubahé waé, aku mesthi mari."
Wong kuwi banjur ndemèk jubahé Gusti
Yésus.
22 Nanging Gusti Yésus banjur minger.
Bareng mirsa wong wadon mau
Panjenengané banjur ngandika: "Sing
tatag atimu, enggèr! Pengandelmu sing
marasaké kowé!" Sanalika wong wadon
mau dadi waras.
23 Tindaké Gusti Yésus wis tekan
omahé penggedhéné sinagogé. Ing kono
Panjenengané pirsa wong-wong sing
arep ngunèkaké suling lagu kepatèn, lan
wong akèh liyané sing padha tangisan.
24 Gusti Yésus banjur ngandika: "Padha
metua; bocah kuwi ora mati, mung lagi
turu." Wong-wong mau padha nggeguyu
Panjenengané.
25 Bareng wong akèh mau wis padha
metu, Gusti Yésus nuli mlebu ing kamaré
bocah wadon mau, sarta ngasta tangané.
Bocahé banjur gumrégah ngadeg.
26 Kabar bab lelakon kuwi banjur
sumebar ing setanah kono kabèh.
27 Nalika Gusti Yésus tindak saka
ing kono, ana wong wuta loro sing
padha nututi Panjenengané. Wong-wong

MATIUS 9.28 – 33

46

mau padha bengok-bengok, aturé:
"Tedhakipun Dawud, nyuwun tulung!"
28 Bareng Gusti Yésus wis mlebet ing
dalem, wong wuta mau padha sowan
ing ngarsané. Banjur didangu: "Apa
kowé precaya, yèn Aku bisa marasaké
kowé?" Atur wangsulané wong loro mau:
"Inggih, kawula sami pitados."
29 Gusti Yésus nuli ndemèk mripaté
wong wuta loro mau karo ngandika:
"Padha kelakona kaya sing dadi
pengandelmu."
30 Mripaté banjur padha bisa ndeleng.
Sawisé kuwi Gusti Yésus banjur
manti-manti wong-wong mau, supaya
aja padha kandha karo sapa waé bab
prekara mau.
31 Éwasemono wong loro mau salungané
saka kono nuli padha nyritakaké marang
saben wong ing wilayah kono bab Gusti
Yésus.
32 Bareng wong wuta loro sing
diwarasaké mau wis lunga, ana wong
bisu kepanjingan dhemit disowanaké ing
ngarsané Gusti Yésus.
33 Sawisé dhemité ditundhung déning
Gusti Yésus, wong mau bisa caturan
menèh. Wong-wong sing padha ndeleng

MATIUS 9.34 – 38

47

padha gumun kabèh, ujaré: "Durung tau
ana lelakon sing mengkéné iki ing tanah
Israèl!"
34 Nanging wong-wong Farisi padha
muni: "Enggoné nundhung dhemit kuwi
rak merga olèh pangwasa saka ratuné
para dhemit."
35 Gusti Yésus tumuli tindak
ndlajahi kutha-kutha lan désadésa. Panjenengané memulang ing
sinagogé-sinagogé, sarta ngumumaké
bab Dalaning Keslametan tumrap wong
dosa, supaya bisa dadi umat ing Kratoné
Allah. Panjenengané iya marasaké
wong-wong sing padha nandhang lara
rupa-rupa lan sing awaké padha cacad.
36 Mirsa wong akèh mau Gusti Yésus
trenyuh banget penggalihé merga saka
welas. Wong-wong mau katon yèn kesel
lan ora kopèn; kaya wedhus sing ora ana
pangoné.
37 Gusti Yésus banjur ngandika marang
para muridé: "Sing kudu dienèni akèh,
nanging wong sing derep mung sethithik.
38 Mulané padha nyuwuna marang sing
kagungan panèn, supaya kersa nambahi
cacahé wong sing derep."

10

1 Ing

MATIUS 10.1 – 8

48

sawijining dina Gusti Yésus
ngempalaké muridé rolas. Para
murid mau padha diparingi pangwasa
nundhungi dhemit, marasaké sakèhing
lelara lan sarupaning cacad.
2 Jenengé rasul rolas kuwi: Simon
sing uga disebut Pétrus lan Andréas,
seduluré; Yakobus lan Yohanes, loro-loro
anaké Zébedéus.
3 Filipus lan Bartoloméus, karo Tomas;
Matius pegawé pajeg; Yakobus anaké
Alféus; Tadéus.
4 Simon sing diparabi ‘Patriot’; lan
Yudas Iskariot, sing ngulungaké Gusti
Yésus.
5 Rasul rolas kuwi nuli diutus déning
Gusti Yésus kanthi diweling mengkéné:
"Aja padha nekani daérahé wongwong kapir (utawa sing ora nganut
agama Yahudi). Lan aja mlebu ing
kutha-kuthané wong Samaria.
6 Nanging padha maranana wong Israèl
sing padha mursal.
7 Padha wulangen yèn Kratoné Allah
saiki wis diwiwiti.
8 Wong lara padha warasna; wong mati
padha tangèkna; wong lara kusta padha
marèkna lan dhemit-dhemit padha

MATIUS 10.9 – 14

49

tundhungen. Kowé padha olèh pangwasa
tanpa nganggo mbayar apa-apa. Dadi
pangwasa mau iya gunakna tanpa
nganggo bayaran.
9 Aja padha sangu dhuwit mas, dhuwit
slaka utawa dhuwit tembaga.
10 Lungamu aja padha nggawa
kanthong kanggo nampani sedhekah,
utawa nggawa salin klambi, utawa
sepatu, utawa teken. Awit wong
nyambut-gawé kuwi wis samesthiné
dicukupi butuhé.
11 Yèn kowé teka ing sawijining kutha
utawa désa, golèka wong sing gelem
kokpondhoki. Mondhoka ana ing omah
mau nganti salungamu saka kono.
12 Yèn kowé arep mlebu omahé wong,
uluka salam, ‘Muga Gusti Allah mberkahi
kowé kabèh.’
13 Yèn wong ing omah kono gelem
nampani kowé, salammu bakal
tumanduk marang brayat mau. Nanging
yèn padha ora gelem nampani kowé,
salammu mau bakal bali marang kowé
menèh.
14 Yèn ana omah utawa kutha sing
wongé ora gelem nampani kowé, utawa
ora gelem ngrungokaké piwulangmu,

MATIUS 10.15 – 19

50

lungaa saka panggonan kono lan ketabna
lebu sing nèmplèk ana ing sikilmu.
15 Titènana! Mbésuk ing Dina Kiamat
Gusti Allah bakal ngukum wong-wong
sing manggon ana ing kutha-kutha mau,
mangka aboté ngungkuli paukumané
wong-wong sing manggon ing kutha
Sodom lan Gomora!"
16 "Padha gatèkna: Kowé padha
Dakutus kaya wedhus ana ing antarané
asu ajag. Mulané sing ngati-ati kaya ula,
lan sing barès atimu kaya manuk dara.
17 Sing waspada marang apa waé,
sebab kowé bakal dicekel lan diladèkaké
marang pengadilan agama. Kowé bakal
padha disiksa ing papan pangibadahé
wong mau.
18 Lan kowé bakal diajokaké marang
sing padha ngasta pangwasa lan marang
para raja, merga saka Aku. Iya kuwi
wektumu nglairaké paseksi bab Aku
marang para penggedhé mau lan marang
para wong sing padha ora wanuh marang
Gusti Allah.
19 Nanging samasa kowé diladèkaké lan
arep diadili, aja padha sumelang apa
sing bakal kokaturaké, utawa kepriyé
carané matur. Kuwi kabèh sanalika iku

MATIUS 10.20 – 25

51

uga bakal kaparingaké déning Gusti
Allah marang kowé.
20 Awit sing bakal caturan dudu kowé,
nanging Rohé Ramamu, sing ana ing
swarga lumantar kowé.
21 Bakal kelakon ana wong masrahaké
seduluré dhéwé supaya dipatèni.
Semono uga bapak bakal masrahaké
anaké. Anak-anak bakal nglawan
bapakné lan ibuné, lan masrahaké wong
tuwané mau supaya dipatèni.
22 Wong kabèh bakal padha sengit
marang kowé merga saka aku. Nanging
sing sapa mantep tekan wekasan, bakal
slamet.
23 Yèn kowé dikuya-kuya ana ing
sawijining kutha, padha ngungsia
menyang kutha liyané. Kowé
Dakkandhani: Durung nganti kemput
olèhmu nglakoni tugasmu dadi
utusan ing kutha-kutha Israèl kabèh,
weruh-weruh Putrané Manungsa wis
rawuh.
24 Murid mangsa ngluwihana guruné, lan
abdi mangsa ngungkulana bendarané.
25 Tumraping murid wis cukup yèn bisa
dadi kaya guruné, lan abdi bisa dadi
kaya bendarané. Yèn sing duwé omah

MATIUS 10.26 – 32

52

diarani Béèlzebul,d apa menèh brayaté
saomah, mesthi diarani luwih ala!"
26 "Aja padha wedi marang manungsa.
Apa sing ketutupan, bakal kabukak, lan
apa sing digawé wadi, bakal kawiyak.
27 Apa sing Dakkandhakaké marang
kowé ana ing petengan, kudu
kokkandhakaké ana ing padhangan. Lan
apa sing dibisikaké ing kupingmu, kuwi
wertakna tekan ngendi-endi!
28 Aja wedi marang wong sing bisa
matèni badan. Aluwung wedia marang
Gusti Allah, sing kwasa matèni badan lan
nyawamu karo pisan ing nraka.
29 Manuk glathik loro regané rak
ora sepiraa? Éwasemono ora ana siji
waé sing tiba ing lemah, yèn durung
dikersakaké déning Ramamu ing swarga.
30 Mangka kowé kuwi, dalasan rambut
sing ana ing sirahmu wis diétung kabèh.
31 Mulané aja padha wedi! Ana ing
ngarsané Gusti Allah kowé luwih aji
ketimbang karo sakèhing manuk
glathik."
32 "Saben wong sing ngakoni dadi
murid-Ku ana ing ngareping umum, iya

dBéèlzebul:

inggih menika namanipun Iblis,
pengagengipun dhemit-dhemit lan sétan-sétan.

MATIUS 10.33 – 38

53

bakal Dakakoni ing ngarsané Rama-Ku
ing swarga.
33 Nanging sing sapa ing ngareping
umum sélak yèn dadi murid-Ku, wong
kuwi iya bakal Daksélaki uga ana ing
ngarsané Rama-Ku ing swarga."
34 "Kowé aja padha ngira, yèn teka-Ku
nggawa pirukun ana ing jagad. Teka-Ku
ora nggawa pirukun, nanging malah
pasulayan.
35 Sebab teka-Ku njalari anak lanang
crah karo bapakné, anak wadon crah
karo ibuné lan mantu wadon crah karo
ibuné maratuwa.
36 Lan sing bakal dadi mungsuh sing
gedhé dhéwé, yakuwi para wong kang
nunggal saomah.
37 Sing sapa nresnani bapa utawa
biyungé ngan