SERAT WIRAYAT JATI serat wirayat jati

www.alangalangkuAmitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

1

W IRA Y A T JA TI
Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses
pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa karya
sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf. Semoga tujuan blog
www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi salah satu sumber digital
karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh oleh para sutrisna
budaya ataupun masyarakat secara bebas.
Salam asah asih asuh.
Nuwun.

@@@
Anênggih punika pituduh ingkang sanyata, anggêlarakên dunung lan
pangkating kawruh kasampurnan, winiwih saking pamêjangipun para
wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitêdah kasajatining kawruh
kasampurnan, tutuladhan saking Kitab Tasawuf, panggêlaring wêjangan
wau thukul saking kawêningan raosing panggalih, inggih cipta sasmitaning

Pangeran, rinilan ambuka wêdharing pangandikaning Pangeran dhatêng N.
Musa, Kalamolah, ingkang suraosipun makatên: Ing sabênêr-bênêre
manungsa iku kanyatahaning Pangeran, lan Pangeran iku mung sawiji.
Pangandikaning Pangeran ingkang makatên wau, inggih punika ingkang
kawêdharakên dening para gurunadi dhatêng para ingkang sami katarimah
puruitanipun. Dene wontên kawruh wau, lajêng kadhapuk 8 papangkatan,
sarta pamêjanganipun sarana kawisikakên ing talingan kiwa. Mangêrtosipun
asung pêpengêt bilih wêdharing kawruh kasampurnan, punika botên
kenging kawêjangakên dhatêng sok tiyanga, dene kengingipun
kawêjangakên, namung dhatêng tiyang ingkang sampun pinaringan ilhaming
Pangeran, têgêsipun tiyang ingkang sampun tinarbuka papadhanging budi
pangangên-angênipun (ciptanipun).
Awit saking punika, pramila ingkang sami kasdu maos sêrat punika
sayuginipun sinêmbuha nunuwun ing Pangeran, murih tinarbuka ciptaning
sagêd anampeni saha angêcupi suraosing wejangan punika, awit
suraosipun pancen kapara nyata yen saklangkung gawat. Mila
kasêmbadanipun sagêd angêcupi punapa suraosing wêjangan punika,
inggih muhung dumunung ing ndalêm raosing cipta kemawon. Mila inggih
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir


www.alangalangkuAmitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

2

botên kenging kangge wiraosan kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos,
inggih ingkang dereng kêparêng angsal ilhaming Pangeran. Hewa dene
sanadyana kangge wiraosing kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos,
wêdaling pangandika ugi mawia dudugi lan pramayogi, mangêrtosipun
kêdah angen mangsa lan êmpan papan saha sinamun ing lulungidaning
basa.
Mênggah wontêning wêwêjangan 8 pangkat wau, kados ing ngandhap
punika:

I. 1.

Wêwêjangan ingkang rumiyin, dipun wastani: pitêdahan wahananing
Pangeran, sasadan pangandikanipun Pangeran dhatêng N.
Mohammad s.a.w. Makatên pangandikanipun: Sajatine ora ana apaapa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana

dhihin iku ingsun, ora ana Pangeran anging ingsun sajatine kang urip
luwih suci, anartani warna aran lan pakartiningsun (dat, sipat, asma,
afngal).

2.

Mênggah dunungipun makatên: kang binasakake angandika ora ana
Pangeran anging ingsun, sajatine urip kang luwih suci, sajatosipun
inggih gêsang kita punika rinasuk dening Pangeran kita, mênggahing
warna nama lan pakarti kita, punika sadaya saking purbawisesaning
Pangeran kita, inggih kang sinuksma, têtêp tintêtêpan, inggih kang
misesa, inggih kang manuksma, umpami surya lan sunaripun, mabên
lan manisipun, sayêkti botên sagêd den pisaha.

II. 1. Wêwêjangan ingkang kaping kalih, dipun wastani: Pambuka
kahananing Pangeran, pamêjangipun amarahakên papangkatan
adêging gêsang kita dumunung ing dalêm 7 kahanan, sasadan
pangandikanipun Pangeran dhatêng N. Mohammad s.a.w. Makatên
pangandikanipun: Satuhune ingsun Pangeran sajati, lan kawasan
anitahakên sawiji-wiji, dadi padha sanalika saka karsa lan

pêpêsteningsun, ing kono kanyatahane gumêlaring karsa lan
pakartiningsun, kang dadi pratandha.
2. Kang dhihin, ingsun gumana ing dalêm awang-uwung kang tanpa
wiwitan tanpa wêkasan, iya iku alam ingsun kang maksih piningit.
3. Kapindho, ingsun anganakake cahya minangka panuksmaningsun
dumunung ana ing alam pasênêdaningsun.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkuAmitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

3

4. Kaping têlu, ingsun anganakake wawayangan minangka panuksma lan
dadi rahsaningsun, dumunung ana ing alam pambabaraning wiji.
5. Kaping pat, ingsun anganakake suksma minangka dadi pratandha
kauripaningsun, dumunung ana ing alaming gêtih.
6. Kaping lima, ingsun anganakake angên-angên kang uga dadi

warnaningsun, ana ing dalêm alam kang lagi kêna kaumpamaake
bae.
7. Kaping ênêm, ingsun anganakake budi, kang minangka kanyatahan
pêncaring angên-angên kang dumunung ana ing dalêm alaming
badan alus.
8. Kaping pitu, ingsun anggêlar warana kang minangka kakandhangan
sakabehing paserenaningsun. Kasêbut nêm prakara ing dhuwur mau
tumitah ana ing donya iya iku sajatining manungsa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir