Stuktur Geguritan Karya Sri Setyo Rahayu dalam Bojonegoro ing Gurit.

SARI
Kurniawan, Hendra Adhi. 2009. Stuktur Geguritan Karya Sri Setyo Rahayu dalam
Bojonegoro ing Gurit. Skripsi. Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa.
Fakultas Bahasa dan Seni. Universitas Negeri Semarang. Pembimbing I:
Dr. Teguh Supriyanto, M.Hum., Pembimbing II: Yusro Edy Nugoho,
SS., M.Hum.
Kata kunci: geguritan, struktur, Bojonegoro ing Gurit.
Kumpulan geguritan Bojonegoro ing Gurit yaiku karya saka sastrwan jawi
Wetan kang salah siji pujanggane yaiku Sri Setyo Rahayu. Geguritan karya Sri Setyo
Rahayu ing buku Bojonegoro ing Gurit nduweni kaluwihan kang manggon ing
strukture utawi susunane. Struktur fisik lan batin menehi kaendahan. Tipografi kang
digunakake ora gumantung karo aturan-aturan kang disepakati.
Permasalahan kang diangkat ana ing skripsi iki yaiku kepriye struktur fisik lan
struktur batin kumpulan geguritan karya Sri Setyo Rahayu ing buku Bojonegoro ing
Gurit?. Ancas paneliten iki yaiku njlentrehake struktur fisik lan struktur batin
kumpulan geguritan karya Sri Setyo Rahayu ing buku Bojonegoro ing Gurit.
Pendhekatan kang digunakake ing panaliten iki pendhekatan obyektif yaiku
pendhekatan ndeleng paneliten saka karya sastra kasebut. Metode kang digunakake
yaiku struktural, kang nduweni ancas mbongkar lan njlentrehake kanthi teliti kang
ngasilake sakabehing makna.
Asil panaliten iki ing babagan unsur swara ngasilake swara kang penak

dirungokake. Dhiksi kang digunakake dening pernyair nganggo tembung-tembung
kang gampang dimengerteni. Gaya basa kang digunakake nambahi makna kang akeh.
Tipografi kang maneka warna nggawe wujude geguritan luwih endah. Pengimajian
kang digunakake ndadekake geguritan luwih gampang dimangerteni, imaji kang
digunakake yaiku imaji visual, taktil dan audhitif. Nada crita digunakake dening
penggurit, perasaan kang dirasakake penggurit yaiku sedhih saengga mujudake
kahanan kang sedhih kanggo kang maca. Tema kang akeh ing geguritan iku yaiku
kritik sosial. Amanat kang pengen disampekake supaya manungsa bisa nglakoni urip
kanthi rasa sabar, nrima majuning jaman, lan iman marang kang kuasa. Pamrayoga
saka panaliten iki yaiku perlune ngrembakakake panaliten-panaliten sateruse saengga
menehi pengerten kanggo masyarakat supaya bisa ngerti geguritan. Kanggo sateruse
supaya ana kang nganalisis geguritan nganggo pendhekatan lan metode liyane.

ix