7. uts b.jawa kls 5 2 kar

PEMERINTAH KABUPATEN REMBANG
DINAS PENDIDIKAN
SEKOLAH DASAR ..............................................

Alamat : ..................................................................................................

NASKAH SOAL
ULANGAN TENGAH SEMESTER II SEKOLAH DASAR
TAHUN PELAJARAN ................
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas
: V ( Lima )
Hari / Tanggal : ..................................

Nama Siswa : .........................................
No. Absen : .........................................
Waktu
: Pukul 10.00 – 11.30 WIB

Wacanen kanthi patitis wacan ing ngisor iki ,kanggo mangsuli pitakon nomer 1 nganti 5 !
Dumadine Desa Gunung Pati

Rikala ana perang antarane Tuban karo Pati, akeh pendhudhuk Pati sing mlayu golek
keselametan. Ing antarane wong-wong sing padha mlayu mau, ana sala sijining nyanka praja utawa
prajurit kraton kan aselisih Kiai Pati. Kiai Pati mlayu mengulon menyang tlatah Semarang.
Kanthi numpak sapi sing sakti kan arane Pragolapati, Kiai Pati bisa uwal saka mungsuh. Mlayune
ngati tekan tlatah pareden kang aman kanggo ngaso. Banjur Kiai Pati ngendika marang kabeh
pandhereke, “Tlatah kene aman, subur lan endah, cocok yen dienggo ngaso”.
Mula kabeh banjur mandhek lan ngaso bebarengan. Kiai Pati ndangu pandhereke, “Kepriye yen
awake dhewe manggon lan urip ing tlatah kene?”
“Sarajuk, Kiai,” wangsulane para pandhereke serempak.
Kiai Pati bebarengan karo pandhereke kabeh mbukak alas lan mbangun tlatah kanggo maggon.
Kabeh nuli urip bebrayan ana tlatah kono. Papan kono mau diwenehi jeneng Gunung Pati nganti
saiki.
I.

Wenehana tandha ping ( x ) ing aksara a,b,c utawa d ana ing sangarepe jawaban kang
bener!

1. Rikala semana ana perang antarane . . .
a. Pati karo Semarang
b. Tuban karo Rembang


c. Semarang karo Tuban
d. Tuban karo Pati

2. Apa tegese tembung nayaka praja?
a. Pandherek
b. Abdi

c. Prajurit
d. Kiai

3. Kiai Pati mlayu mengulon menyang ngendi?
a. Semarang
c. Pati
b. Rembang
d. Kudus
4. Apa arane sapi sakti kang ditumpaki Kiai Pati?
a. Pragololasem`
c. Pragolotuban
b. Pragolopati

d. Pragolokiai
5. Nganti papan panggonan kang dibangun Kiai Pati lan pandhereke diwenehi jeneng apa?
a. gunung Pati
c. Gunung Jati
b. gunung Kidul
d. Gunung Alas
6.

Tulisan jawa ing ndhuwur unine ….
a. Bakul sate
b. Bakul soto

c. Bakul bakso
d. bakul gule

7. Tulisan jawa ing ngisor iki sing unine nuthuk ula sawa yaiku …
a.
c.
b.


d.

Wacan ing ngisor iki wacanen kang patitis kanggo mangsuli pitakon nomor 8 nganti tekan nomer
10!
Playune kancil kang dioyak dening macan kepalang ing kali.Kancil mandheg noleh ngiwa nengen
karo ngulatake pangoyaking macan wis cedhak apa durung,sinambi golek akal ngoncati saka bebaya.
Dheweke banjur nyedhaki kali awit krasa ngelak lan sayah.Nalika sikile dicemplungake ana ing
kali ,dumadakan sikile krasa yen dicokot dening baya kang mapan ing kali.Si Baya banjur celathu “ Wah
beja temen luwe-luwe ana panganan enak kang teka,kebeneran banget.”
Kancil banjur mangsuli,”Rumangsamu sing tok cokot iku apa?iku dudu sikilku nanging kuwi pang
kayu kang garing,endah-endah kowe kuwi kewan kang bodho.”Rumangsa kecelik sikile kancil banjur
diculake. Kancil banjur mencolot mundur saka pinggiring kali.
8. Miturut pratelan ing ndhuwur kancil kewan kang ….
a. Weden
c. Pinter
b. Keminter
d. Kendel
9. Kancil mlayu sipat kuping amarga dioyak dening ….
a. Baya
c. Pak tani

b. Macan
d. Singa
10. Kancil anggone ngapusi baya nganggo sarana ngaku utusane ….
a. Nabi Ibrahim
c. Nabi Sulaiman
b. Nabi nuh
d. Nabi Musa
11. Tulisan jawa ing ngisor iki yen diawaca unine …
a. Latihan nembang
b. Latihan nembang jawa

c. Nembang jawa
d. Latihan nggendhing jawa

12. Programe pamarentah kanggo mbrasta penyakit demam berdarah salah sijine yaiku pengasapan
utawa diarani ….
a. Jogging
c. Forging
b. Swiping
d. Fogging

13. Kang diarani program 3 m kanggo nyegah penyakit Demam berdarah yaiku ….
a. Nguras,nutup lan mendhem
c. Nutup, nyempot lan mendhem
b. Nutup lan mendhem
d. Nguras lan nutup.
14. Lelara demam berdarah iku disebabake dening panyokote lemut ….
a. Anoples
c. Aegypti
b. Aedes aegypti
d. Malaria
Wacanen geguritan ing ngisor iki kanthi permati,kanggo mangsuli pitakon Nomor 15 nganti 20 !
Garis
Tangeh bisa kepethuk pucuke
Garis loro jejer nguber gluthuk
Mlipiri adohe dalan-dalan
Nglacak kethape lintang-lintang
Ana sing wadul lewat donga
Kena ngapa taningane urip bisa beda
Ana sing ngentha mawa sanepa
Beja cilaka sandhangane manungsa

Lumrahe garis iku lempeng keceng
Nanging ana sing pating pengkelot
Mlencong pedhot-pedhot
Kandel dlemok apa lamat-lamat.

15. Wacan ing ndhuwur kalebu jinising ….
a. Puisi
b. Geguritan

c. Syair
d. Sajak

16. Geguritan ing ndhuwur irah-irahane yaiku ....
a. Garis
c. Lintang
b. Langit
d. Rembulan
17. Tembung sing tegese padha karo tembung “ kepethuk “ yaiku ….
a. Tlisipan
c. Ketemu

b. Kesempar
d. Kaweruhan
18. Garis loro jejer nglacak apa ?
a. Gludhuk
b. Gluthuk

c. Wektu.
d. Thathit

19. Ana sing wadul babagan apa?
a. Donga
b. Timbangan

c. Taningan
d. Ukuran

20. Lapuran yaiku bab kang ditulis saka hasil ….
a. Maca
c. Pengamatan
b. Nulis

d. Ngrungokake
21. Lapuran sing apik digawe jumbuh karo … kang diamati.
a. Judhul
c. Karepe kang gawe lapuran
b. Kanyatan
d. Hasil
22. Budhi iku pancen bocah kang sregep sinau,mula biji ulangane mesthi apik.Pratelan ing ndhuwur
kalebu ukara ….
a. Kritikan
c. Pitakon
b. Pratelan
d. Pangalembana
23. Gambarmu wis apik,nanging luwih apik yen komposisi warnane luwih alami. Ukara kasebut diarani
ukara ….
a. Pratelan
c. Panemu
b. Kritikan
d. Pangalembana
24. Ukara ing ngisor kang kalebu ukara pangalembana yaiku ….
a. Warga desa Kalipang padha kerja bakti gawe dalan

b. Wah ,gambarmu apik tenan Bud!
c. Yen sregep sinau ,kowe mesthi oleh biji apik
d. Aku setuju marang kekarepanmu.
25.

Dhek jaman biyen ing Kasultanan Demak sing ngembani para sultan yaiku para wali
sanga. Salah sawijining wali sanga asmane Kanjeng Sunan Bonang. Kanjeng Sunan Bonang
kagungan abdi loro jeneng Ki Mamat lan Ki Dhudha. Ki Mamat pawakane kuru, dedege dhuwur,
sregep ing gawe. Dene Ki Dhudha pawakane lemu, dedege cendhek, nduwenin watak lumuh ing
gawe lan srakah.
Miturut wacan ing ndhuwur Ki Mamat iku nduweni watak ….
a. Lumuh ing gawe
c. Lumuh ing gawe lan srakah
b. Sregep ing gawe
d. Kesed lan srakah.

II.

Isenana cecek-cecek ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!


1.

Lara demam berdarah iki disebabake denung lemut ….

2.

Program kanggo mbrastha demam berdarah yaiku 3 m .Kang diarani 3 M yaiku ….

3.

Wah gambarmu pancen apik tenan!,Ukara kasebut kalebu ukara …

4.

Tulisan jawa lng ndhuwur yen diwaca unine ….

5.

Luwih apik yen kowe bekti marang wong tuwa! Ukara iku kalebu ukara ….

6.

Lapuran pengamatan iku kanggo menehi gambaran marang wong liya bab sing ….

7.

Lumrahe garis kenceng-kenceng
Nanging ana sing pating pengkelot
Mlencong pedhot-pedhot
Kandel ndlemok apa lamat-lamat.s
Ukara ukara ing ndhuwur diarani ….

8.

Lapuran sing apik iku jumbuh kara …

kang diamati

9.

Tambak iwak urang ,yen ditulis nganggo aksara jawa dadi ….

10. Ana ing crita Andhe-Andhe Lumut ,Kleting Kuning iku satemene Dewi ….

III. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthin patitis !
1. Gawea ukara pangalembana ngenani Budi sing pinter nggambar!
Wangsulan : _____________________________________________________________________
________________________________________________________________________________
________________________________________________________________________________
2. Badrun iku bocah sing kesed sinau,mula yen ulangan bijine mesthi elek. Gawea ukara kritikan kang
trep ngenani pratelan ing ndhuwur!
Wangsulan : _____________________________________________________________________
________________________________________________________________________________
________________________________________________________________________________
3. Gawea geguritan sapada wae !
Wangsulan : _____________________________________________________________________
________________________________________________________________________________
________________________________________________________________________________
4. Tulisen nganggo aksara latin tulisan jawa iki !
Wangsulan : _____________________________________________________________________
________________________________________________________________________________
________________________________________________________________________________
5. Kerangkane gawe lapuran pengamatan iku ana 4. Coba aranana!
Wangsulan : _____________________________________________________________________
________________________________________________________________________________
________________________________________________________________________________