ASAL MULA REOG PONOROGO (1)

ASAL MULA REOG PONOROGO
Jejer 1
Ing jaman biyen ana putri sing ayu,jenenge Dewi Sanggalangit.Nanging,sampek
saiki Dewi Sanggalangit durung rabi
“Nduk opo sebab e kowe kok ora gelem rabi?”
(Dewi Sanggalangit gak gelem njawab)
“Sejatine opo karepmu nduk...?”takone raja kang arif
“Rama , dalem tasik mboten purun sima nanging menawi rama purun, sejatosipun
wonten satunggal syarat ...”
“Yo ,opo anakku?”
“Kula nate nyupena menawi enten tiyang jaler gagah nglamar kulo kaliyan ngasto
tarian , lan wonten barisan titihan kembar sak akehe 140 kewan lan seng terakhir
saged ndugiaken kewan duweni endas singo” .
“Waduh abote ndok (mikir) yo wes aku tak gawe sayembara gawe awakmu”.
“Dewi ,syarat iku opo ora angel” jare dayang .
Jejer 2
Sopo bae sing bisa melok sayembara iku ora peduli sopo iku kabeh bisa melu , tapi
bilih ngunu eruh syarate akeh sing ora sanggup akhire kari wong 2 sing sanggup ,
wong-wong iku jenenge Raja Singobarong , teko kerajaan Lodaya lan Raja
kelanaswandana teko kerajaan Bandarangin . raja kaget kerungu sanggupe loro raja
iku , Raja Singobarong manungsa sing nduweni ndas singo . sing terkenal angkara

murka lan Raja kelanaswandana iku raja ganteng lan gagah prakasa , tapi
kebiasaane seneng karo bocah-bocah lanang .
Jejer 3
Sesuk isuke biyung embang ngampiri Dewi Sanggalangit
“Dewi ,menopo yakin karo sayembara iku ?”
“Duh biyung embang , iki wes dadi sayembara , aku ora bisa nolak”(wajah pasrah)
“Dewi, sakjatosipun sak durunge mundhut keputusan iku kirone dipikir-pikir disek”
Jejer 4
Raja Ringobarong ngutus patihe sing jenenge Iderkala
“Patih ! selidikono Kelanaswandana ojo sampek kedhisikan”

“Inggih tuanku” patih jawab
Iderkala langsung ngalih lan nyamar nang lodaya lan limang dino sak lanjute
“Ampun baginda, Kelanaswandana ngendikane berhasil”
“Cilaka” (kaget lan tangi mondar mandir)
“Siapno prajurit! Siap nyerbu nang Bandarangin”
Jejer 5
Akhire prajurit Lodaya perang karo prajurit Bandarangin wayah iku. Raja
Singobarong mlaku menyang taman gawe nemoni burung merak.
“Ha onok opo ndek ngarep kok rame-rame?”(tangi lan ngampiri ing ngarep)

Sampek ing ngarep ,Raja Singobarong mirsani Raja Kelanaswandana wes siap
nyerang.
“kita kabeh siap mateni awakmu!”
Jejer 6
Akhire kedadean perang antara Raja Kelanaswandana lan Raja Singobarong .Raja
Kelanaswandana pun moco sawijining mantra.
“Dadio kewan seng nduweni ndas 2”
Dumadakan Raja Singobarong berubah dadi kewan sing nduweni ndas 2 lan
kerajaan Bandarangin menang .
Raja Kelanaswandana nglunasi prasyarate sing dijaluk Dewi Sanggalangit lan akhire
Dewi Sanggalangit digowo nang Bandarangin ing wengker . Wengker iku jeneng
liyane kutho Ponorogo lan dadi kesenian reog Ponorogo