Bahasa Jawa Kelas VI

Logo

Nama
No. Absen

Lembaga Penyelenggara

: ……………
: ……………

Mata Pelajaran

ULANGAN TENGAH SEMESTER GASAL MADRASAH IBTIDAIYAH
TAHUN PELAJARAN 2014/2015
: Bahasa Jawa
Hari/Tanggal
: Sabtu, 11 Oktober 2014

Kelas

: VI ( Enam )


Waktu

: 07.30 – 09.00 WIB

I.

Wenehana tanda ping (x) ana ing huruf a, b, c lan d sangarepe jawaban kang bener !
Wacan kanggo soal nomor 1 s/d 6
Asal usule Sendhang Sani
Wanci sembahyang lohor, sunan kalijaga leren ing sakngisore wit gedhe, banjur mrintah Ki Rangga
sakancane supaya golek banyu kanggo wudhu. Amarga ora ana banyu, Sunan Kalijaga ndawuhi supaya Ki
Rangga nunggoni wit gedhe kuwi. Mengko yen metu banyune Ki Rangga didhawuhi supaya matur karo sunan
kalijaga.
Ki Rangga sakancane padha nunggu wit gedhe kuwi nganti keturu. Bareng tangi klambine padha teles
amargo panggonan mau wis kebak banyu. Saking senenge Ki Rangga sakancane padha nglangi lan adus nganti
lali welinge Sunan Kalijaga. Nalika Sunan Kalijaga bali maneh menyang papan mau, bareng weruh pokale Ki
Rangga nganti ketrucut omongan. Ki Rangga disedakake dadi bulus.
Sanalika Ki Rangga sakanca-kancane dadi bulus. Sunan Kalijaga ora sida wudhu amarga banyune wis
reged kena sisane Ki Rangga lan kanca-kancane. Mula papan mau diarani Sendhang Sani saka kadadean Sunan

Kalijaga kang murungake niate wudhu marga disisani Ki Rangga. Papane kurang luwih telung kilometer sisih
lor kutha pati.
1. Sapa gurune Ki Rangga ?
a. Sunan Kudus b. Sunan Kalijaga c. Sunan Muria d. Sunan Ampel
2. Piye watake Ki Rangga ?
a. Setya tuhu marang gurune
c. Nggungu sakarepe dhewe
b. Seneng nulungi kancane
d. Nggatekake welinge guru
3. Genea Ki Rangga disedakake dadi bulus ? Amarga …..
a. Enak-enak nglangi ing sendhang nganti lali welinge Sunan Kalijaga
b. Wis wani mbantah parentahe Sunan Kalijaga nganti ora entuk banyu
c. Ora gelem nuruti larangane sunan Kalijaga supaya ora adus ing kali
d. Sunan Kalijaga ora seneng menawa Ki Rangga kasil entuk banyu
4. Ana ing endi papane sendhang sani ? papane kurang luwih …
a. 3 km sakidule kutha pati
c. 4 km salore kutha pati
b. 3 km sakulone kutha pati
d. 3 km salore kutha pati
5. Kapan kedadiane lakon crita ing dhuwur ?

a. Ana ing wanci esuk
c. Ana ing wayah sore
b. Ana ing wanci awan
d. Ana ing wayah wengi
6. Apa amanat saka crita kasebut ?
a. Murid sing gelem nurut pituture guru bakal cilaka ing mburine
b. Guru iku mandhi sabdane mulane kudu disembah murid-muride
c. Yen diweling dening gurune kudu tansah dieling-eling ora kena lali
d. Piweling saka guru kena ditinggalake yen menawa lagi nemu seneng
Wacan kanggo soal nomor 7 s/d 9
Abimanyu gugur ing Tegal Kurusetra, minangka papane perang Barathayudha. Putrane Raden Janaka kuwi
diperjaya dening Tumenggung Jayadrata senopatine Astina. Nalika krungu putrane gugur, Raden Janaka
muntab ora narimakake. Prabu Kresna menehi pemut supaya Janaka ora grusa-grusu. Ananging, kekarepane
Janaka wis ora iso dieluk maneh. Raden Janaka sumpah menawa ora bisa mateni Jayadrata ing dina iku uga,
dheweke bakal patio bong.
7. Tembung diperjaya ana ing crita kasebut tegese ….
a. Dipateni
b. Dikalahake
c. Dikuwasani
d. Diisin-isin

8. Raden Janaka nesu amarga ….
a. Ora iso nulungi putrane
c. Perang Baratayudha wis rampung
b. Ora didadekake senopati perang
d. Putrane gugur ing paprangan
9. Ukara crita sing isine padha karo crita kasebut yaiku ….
a. Raden Janaka ora nggugu welinge Prabu Kresna supaya ngapura Jayadrata

b. Raden Janaka milih luwih becik mati diobong yen ora kasil mateni Jayadrata
c. Abimanyu gugur nalika perang tandhing mungsuh sang Prabu Bogadenta
d. Raden Jayadrata didelikake dening para Kurawa kareben ora dipateni Janaka
10. Sing diamati ana ing bengkel kayata ….
a. Gedhe opahane
b. Piranti kerjane
c. Wiwit ngadege
d. Asal modhale
11. Wite jenenge debog, godhonge amba kena kanggo wungkus, wohe enak dipangan. Iki kabe nuduhake wit
….
a. Klapa
b. Jagung

c. Pelem
d. Gedhang
12. Sing kudu ana ing njero laporan pengamatan ….
a. Tujuwan pengamatan
c. Saran pengamatan
b. Wektu pengamatan
d. Sebab pengamatan
13. Wanti arep nindakake pengamatan ing pasar. Sing ora prelu diamati Wanti ….
a. Barang dagangane
c. Kahanane pasar
b. Carane tuku
d. Rega sewane
14. Ujude pasangan “dha” yaiku ….
a. …D
b. …Q
c. …K
d. …W
15. tmB l- diwaca ….
a. Nambal
b. Tambal

c. Sambal
d. Ambal
16. t n Se pe d[n agu sPe ch diwaca …..
a. Agus nambalake ban sepedhane
c. Tambal bane wis tutup kabeh
b. Ban sepedhane bagus bocor
d. Ban sepedhane agus pecah
17. [nor gmP= nuli sJw
a. Ora gampang maca Jawa
c. Ora gampang ngarang Jawa
b. Ora gampang nulis surat
d. Ora gampang nulis Jawa
18. Tema ditemtokake sadurunge nyusun ….
a. Ukara
b. Karangan
c. Tembung
d. Alinea
19. Saben alinea nduwe siji ….
a. Ukara katrangan
c. Ukara utama

b. Ukara lamba
d. Ukara rangkep
20. Supaya karangane apik, sadurunge gawe karangan luwih ndisik nyusun ….
a. Temane karangan
c. Judule karangan
b. Kerangka karangan
d. Sapa sing ngarang

Bahasa Jawa_Kelas VI_UTS Gasal

21.

22.
23.
24.
25.

Mugi lancer kuwi sawijine jeneng took kang manggon ana ing desa tanggel kecamatan winong. Toko
kuwi wiwit bukak saben 8 esuk lan tutup yen wis jam 9 bengi. Barang kang didol took Mugi Lancar
kabeh kabutuhan padinan. Kayata sabun, shampoo, beras, lenga goring, bumbu-bumbu masak lan liyaliyane.

Toko Mugi Lancar mung duwe 1 bakul kang ngrangkep kasir. Dadi dheweke kang ngladheni yen ana
wong blanja uga ngetung pira rega blanjanane. Banjur dheweke uga kang nampa dhuwite lan nyusuki
yen ana susuke.
Tanggel, 20 April 2013
Panyusun
Agus setiyawan
Laporan kasebut asile pengamatan ana ing ….
a. Pasar
b. Pabrik
c. Bengkel
d. Toko
Laporan kasebut sing gawe …
a. Agus Setiyawan
b. Mulyani
c. Mugi Lancar
d. Agus Sutiyono
Katrangan sing nuduhake arjuna yaiku ….
a. Bagus rupane, akeh bojone, ora tegelan
c. Getihe putih, kondhang jujur, ratu Amarta
b. Bisa mabur, otot kawat, balung besi

d. Ora tau basa, gedhe dhuwur, netepi janji
Arjuna disenengi para dewa amarga ….
a. Sekti mandraguna
c. Bagus rupane
b. Akeh gamane
d. Gentur tapane
Gamane Arjuna kang awujud keris ….
a. Pasopati
b. Saipi Angin
c. Pulanggeni
d. Ardhadhali

II.
1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.


Isinana titik-titik ngisor iki kanthi jawaban kang bener !
Raden arjuna satriya ing ….
Aji-ajine Raden Arjuna yaiku ….
Bab sing ndasari dadine karangan diarani ….
Laporan kuwi ditulis sawise ….
Aksara sing diwenehi pasangan, aksarane diwaca ….
Crita kewan sing iso padha omongan jenenge ….
Wite jenenge glugu, wohe kena dienggo bumbu masak, godhonge digawe kupat, kabeh iki nandakake arane
wit ….
8. Kumpulane pira-pira ukara diarani ….
9. p [nD diwaca …
10. “Jaman maju” yen ditulis Jawa …

III. Wangsulana kanthi patitis !
1. Sebutna 4 garwane Raden Arjuna !
2. Tulisen nganggo aksara Jawa ukara ngisor iki !
Jaman saiki ing kutha gedhe remaja putrid wis pinter paes
3. Gawea karangan kanthi ukara utama ngisor iki !
Ing mangsa rendheng para among tani miwiti nggarap sawahe.

4. Tulisen wacanane ukara tulisan Jawa ngisor iki !
[no r gmP= nuli sJ w
5. Wenehana komentar saka laporan ngisor iki !
Saben panggonan, luwih-luwih ing kutha-kutha gedhe, pemulung akeh cacahe. Yen ngetung prekara oleholehane para pemulung saben dino, mungguhing wong cilik, golek barang bekas asile luwih akeh
tinimbang wong buruh macul utawa tandur. Mung bae dheweke ora kajen lan akeh-akehe kerep ketaman
lelara bangsane gatel lan sesek napas. Sebab saben dina gubras barang reget sing ambune banger.

Bahasa Jawa_Kelas VI_UTS Gasal