Mitos cerita Syekh Jambukarang di Kabupaten Purbalingga.

SARI
Khasanah, Afrianti Nur. 2009. Mitos cerita Syekh Jambukarang di Kabupaten
Purbalingga. Skripsi. Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan
Seni, Universitas Negeri Semarang, Pembimbing I: Drs. Sukadaryanto,
M.Hum. Pembimbing II: Yusro Edy N, S.S, M.Hum.
Tembung panyigeg: Struktur, mitos, dan fungsi Syekh Jambukarang
Mitos cerita syekh Jambukarang kang awujud tuturan apadene sing wis tinulis
mujudake mitos sing isih dipercaya dening masyarakat Purbalingga. Gingsire crita
Syekh Jambukarang sing awujud lisan lan tulisan bakal ngowahi wosing crita sarana
nambahi apadene ngelongi isi crita. Adhedasar observasi awal, ditemokake sawetara
versi crita Syekh Jambukarang sing esih ngrembaka ing tlatah Purbalingga. Maneka
warnane mitos crita Syekh Jambukarang mau sing ndadekake mitos crita iki
mirunggan kanggo diteliti.
Babagan sing diudi ing skripsi iki yaiku 1) kepriye struktur crita Syekh
Jambukarang sing ana ing Purbalingga, 2) kepriye fungsi crita sing dienggo
ngukuhake tokoh Syekh Jambukarang?
Ancase panaliten iki yaiku: 1) mangerteni crita Syekh Jambukarang sing ana
ing Purbalingga, 2) mangerteni fungsi crita sing dienggo ngukuhake tokoh Syekh
Jambukarang.
Teori sing dienggo ing panaliten iki arupa teori struktural model Levi-Strauss.
Data panalitian iki dijupuk saka saperangan mitos crita Syekh Jambukarang sing ana

ing petang sumber, wujud tulisan apa dene tuturan.
Saka asile panaliten iki bisa dimangerteni menawa versi mitos crita Syekh
Jambukarang ana patang versi. Saben crita Syekh Jambukarang kasebut dikaji struktur
ceritane kanthi migunakaken teori strukturalisme Levi-Strauss, banjur digoleki
babagan sing padha lan sing beda ing ceriteme sarta oposisine. Kanthi unit-unit
naratif, mitos kasebut bisa didadekake minangka sawijining rekonstruksi crita kang
ngasilake sangang unit naratif, telung episodhe.
Fungsi mitos crita Syekh Jambukarang dianalisis migunakake teori saka Umar
Junus banjur ngasilake patang fungsi, yaiku a) larangan utawa pepali sajeroning
mitos, yaiku yen ana wong sing nerak pepali bakal katekan bebendu marang sapa bae
kang nerak, b) tatanan urip ing masyarakat, yaiku masyarakat tansah paring
pakurmatan dhateng makam syekh Jambukarang kanthi laku ziarah, c) tuladha kanggo
panguwasa kang nglakokake tata praja sing awujud kerajaan, lan d) sesambungan
karo masyarakat kususe babagan supranatural kang arupa mula bukane jeneng
sawijining wewengkon.
Kajian mitos crita Syekh Jambukarang ing laladan Purbalingga iki muga-muga
bisa migunani kanggo ngrembakakake ilmu sastra, mligine ing babagan crita rakyat
luwih kusus maneh ana ing patrapan kajian mitos, lan pamarentah Kabupaten
Purbalingga sayogyane nglestarikake, amarga crita Syekh Jambukarang kalebu
sawijining budaya kang luhur.