serat kidungan kawedar

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
SERAT KIDUNGAN KAWEDAR

KIDUNG KAWEDAR
SAKING AKSARA JAWI KASALIN/
KABABAR AKSARA LATIN

KIDUNGAN PUNIKA SERAT KINA PRALAMBANG
NGELMI ISLAM INGKANG SEJATI, TUWIN
MINONGKO WEWARAH TUWIN PAMUJINING
KAWULO DHATENG GUSTI, IKETANIPUN
KANJENG SUNAN KALIJAGA
WALIYULLAH NUSA JAWI
KASAMBETAN IKETANIPUN
KYAI RONGGO SUTRASNO

PUJONGGO AGENG
KERATON DALEM SURAKARTA HADININGRAT

KAWEDARAKEN DENING :

R. WIRYA PANITRA KUSUMA DININGRAT,
SURAKARTA
Penerbit : TAN KOEN SWI
KEDIRI 1912

@@κ

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

1

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Sekar Dhandhang gula Tinggalanipun para leluhur Yasa dalem
kanjeng sunan Kalijaga mugi saget dados tambahing seserepan.
Kaping 01 :
Ana kidung rumekso ing wengi,
Teguh ayu luputa ing lara,
Luputa bilahi kabeh,

Jim setan datan purun,
Paneluhan tan ana wani,
Miwah penggawe ala,
Gunane wong luput,
Geni tinemahan tirto,
Maling adoh datan ana ngarah ing mami,
Guna duduk pan sirno.

Kawedaraken suraosipun makaten :
Wonten puji ingkang kanggenipun manawi ing wanci dalu. Inggih
punika : mugi-mugi pinaringan teguh, rahayu, linepatna ing
sesakit, uwin linepatno sakathahing bilahi. Puji makaten punika,
katindakna ing saben wanci dalu.

Anggadhahi daya : Jim setan, paneluhan sedaya mboten
wonten ingkang angrencana :

Tiyang ingkang sumedya mendamel piawon tuwin ingkang
anggunani sacara dhesti utawi japa mantra, sedaya mboten saget
tumomo. Tiyang ingkang sengit dados tresno, bangsanipun

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

2

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
pandung sami nebih mboten wonten ingkang sumedyo ngarah
dateng kita, tuwin tuju duduk sami cabar.
Menggah ingkang katembangaken ana kidung rumeksa ing wengi
punika miturut wewatoning ngelmi namung kangge sanepa. Dene
sejatosipun inggih punika SANG SABDA KUN (sang guru jati)
panjenenganipun wau inggih ingkang rumeksa ing dalu. Tegesipun
: SANG GURU JATI wau manawi wanci dalu andum sandang tedha
tuwin ingkang mundhi papesthen sadaya lelampahaning
manungsa, sarta ingkang anggadhahi daya panguaos ingkang
semanten agengipun. Pramila cundhukipun kalian tiyang ingkang
sampun anggadhahi ngelmi.
Menawi ing wanci dalu punika namung perlu anjejeraken
cumadhong dhawuh kados pundhi ingkang badhe kita lampahi

saben dintenipun. Kenging damel ancer-ancer tekad. Dados ing
wancinipun siang punika kantun tumindak ngupaya boga punapa
ingkang sampun dados tanggel jawabipun, kanti awas tuwin enget
wau.

Manawi pangestinipun wau saget gambuh kalian GURU JATI, kita
inggih kadunungan daya panguaos kados inggih ingkang
kapretalaken ing nginggil.
Kaping 02 :
Sakehing lara pan samya bali,
Sakehing ama pan samya miruna,
Welas asih pandulune,
Sakehing braja luput,
Kadi kapuk tiba ing wesi,
Sakehing wisa tawa,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

3


www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Sata galak tutut,
Kayu aeng lemah sangar songing landhak,
Guwaning wong lemah miring,
Myang pakiponing merak.

Kawedaraken suraosipun makaten :
Tuwin saking dayanipun kidung wau, sakathahing penyakit
ingkang badhe dhateng lajeng sami wangsul. Sak kathahing ama
ingkang andadosaken karibetan ing lelampahan sami sumingkir
tebih. Sedaya wau namung anggadhahi raos welas lan asih.
Saupami wonten ingkang badhe sumedya anamani dedamel,
inggih sampun ndilalah mesti lepatipun, saupami kengingo inggih
mboten kraos punapa-punapa.
Pepindhanipun kados dene kapuk dumawah wonten tosan.
Saupami kenging wisa saget tawar. Saupami kepethuk sato kewan
ingkang galak inggih nboten purun mangsa, kewang wau dados
tutut.

Punapa dene manawi ngambah ing wit-witan ingkang angker,
tuwin siti ingkang sangar inggih lajeng dados cabar.
Samanten agengipun daya panguosipun kidung sak lampahlampah kita tansah jinangkung ingkang wilujeng ing kawilujengan
sarta kaleresan. Wondene inkang katembungaken songing
landhak, guwaning wong lemah miring myang pakiponing merak,
punika namung pralambang, miturut wewaton ngelmi.
Tegesipun : anedhahaken wiwitanipun dumadosanipun manungsa,
lantaran saking kakung tuwin wanita (bapa tuwin biyung)
Katranganipun : Bapa anggenipun anitisaken wiji dhateng biyung
korud dening kama wonten salebeting mani, madi, wadi tuwin
maningkem. Ingriku punika anggenipun sang Hyang Maha Suci
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

4

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
amardeng titah. Nanging wiji wau taksih dumunung ing nukat Gaib
awujud cahya wening.


Kaping 03 :
Pagupakaning warak sakalir,
Yen winaca ing segara asat,
Temahan rahayu kabeh,
Apan sari rahayu,
Ingideran kang widodari,
Rineksa malaekat,
Sakathahing rasul,
Pan dadi sariro tunggal,
Ati Adam utegku bagenda Esis,
Pangucapku ya Musa.

Kawedaraken suraosipun makaten :

Pagupakaning warak sakalir,
Inkang makaten punika namung pralambang, katranganipun :
Wijining manungsa wau sagetipun dados wujut asalipun saking
daya warni-warni kadosto.
- Titipanipun bapa biyung.

- Tuwin anasir ALLAH wolung prakawis inggih punika : ingkang
sekawan prakawis dados prakawis anasiring badan kang alus. 1.
Surya, 2 Candra, 3 Kartika, 4 Swasana. Dene ingkang sekawan
Prakawis dados anasiring badan kuwadhagan, 1 Geni, 2 Angin, 3
Banyu, 4 Bumi.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

5

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Yen winaca ing segara asat,
Ingkang makaten punika namung paribasan, katranganipun :
Sedaya anasir wau namung kapendhet sarinipun, saking daya
panguaosipun SANG SABDO KUN, utawi namung kasabdaaken
kemawon sampun saget dados.

Temahan rahayu kabeh,
Katranganipun : Satunggal-satunggaling anasir wau, dumadosipun

dados praboting manungsa kalayan sampurna.

Apan sari rahayu,
Katranganipun : Lajeng saget wujud janggerenganing sariro
Ingideran kang widodari,
Katranganipun : Sasampuning wujud Janggerenging sariro, lajeng
kapanjingan 5 prakawis inggih punika, 1. NUR, 2 RAHSA, 3 ROH, 4
NAPSU, 5 BUDI.

Rineksa malaekat,
Tegesipun : manungsa punika ugi rineksa ing malaekat
Katranganipun : Malaekat ingkang rumeksa salebeting badan
punika miturut wewaton ngelmi cacahipun wonte 4, dene
lenggahipun wonten.
1. Jabarail lenggahiun wonte ing kulit.
2. Mikail lenggahiun wonte ing balung.
3. Isrofil lenggahipun wonten ing otot.
4. Ngijroil lenggahipun wonten ing daging.

Sakathahing rasul,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

6

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Tegesipun : Tuwin rineksa sakathahing utusanipun Gusti Allah.
Dene ingkang ingaken utusan punika, katranganipun RASUL,
menggah raos ingkang dumunung ing manungsa, punika
peranganipun wonten 3 golongan.
1. RAOS SEJATI, dumunung satelenging manah kawastanan :
Rahsaning Sukma. Inggih punika ingkang dados pangretosan
tumpraping GAIB.
2. RAOS KADIM , Dumunung ing MANAH, dados raos pangraos,
inggih punika ingkang saget ambedaaken LERES tuwin LEPAT.
3. RAOS NJAWI : Dumunung wonten PANCA DRIYO. Inggih punika
pucuking driji saget anedhaakena barang kasar tuwin alus. TUTUK
saget ngraosaken legi gurih GRONO saget angraosaken wangi
tuwin bacin, NETRO saget angraosaken padhang tuwin peteng,

KARNO saget angraosaken suwanten sora tuwin lirih.

Pan dadi sariro tunggal,
Tegesipun : sadoyo wau dumunung dados satunggal wonten ing
badaning manungsa. Wondene ingkang katembungaken : ATI
ADAM UTEGKU
BAGENDHO ESIS punika kateranganipun
anerangaken gelaran mumukaning prabot kita.
Ati Adam utegku bagenda Esis,
Kadosta : ATI ADAM Tegesipun : Ati punika asilipun saking
titipanipun biyung. Saget dados ratuning badan , manawi kurang
satiti saget dumawah sangsara lelampahanipun.
Dene ati punika peranganipun wonten 3 prakawis, inggih punika:
1. ATI SANUBARI . Pakartinipun kangge
pancadriya utawi kangge angraos-raosaken.

angrimati

kawruh

2. ATI SIRI. Pakartinipun anuwuhaken karep ingkang dereng
kawedal krentek utai niat.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

7

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
3. ATI MAKNAWI. Pakartinipun anuwuhaken raosing pangertosan
dhateng GAIB (karsa ingkang wiwitan).Ingkang makaten wau dipun
sanepaaken NABI ADAM inggih dados manungsa ingkang wiwitan.
Wondene UTEGKU BAGENDHO ESIS tegesipun : uteg punika
asalipun saking titipanipun biyung kenging kangge mikir-mikir
utawi imbang-imbang sedaya lelampahan ingkang badhe kita
lampahi sageta katetepan iman eling. Dados makaten punika
dipun sanepaaken BAGENDHO ESIS inggih katetepaken iman eling,
saget dados panutanipun para nabi.

Pangucapku ya Musa,
Tegesipun : Pangandika asalipun saking jantung, ewodene manawi
saget sampurna, inggih dumugi ing insan kamil (dumununging
pagesangan ingkang leres) ingkang makaten punika dipun
sanepaaken NABI MUSA, inggih tansah mundhi dhawuh
pangandikaning ALLAH, lajeng saget dados panutanipun tiyang
golongan bani Israel saking tanah mesir dateng tanah kenangan.
Namung saking dayaning pangandikanipun kemawon, lajeng saget
dipun pitados ing tetiyang kathah.

Kaping 04 :
Napasku nabi Ngisa linuwih,
Nabi Yakub pamiarso ningwang,
Yusuf ing rupaku mangke,
Nabi Dhawud swaraku,
Jeng Soleman kasekten mami,
Nabi Ibrahim nyawa,
Idris ing rambutku,
Bagendho Li kulit ingwang,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

8

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Getih daging Abubakar Ngumar Singgih,
Balung bagendho Ngusman.
Kawedharaken suraosipun makaten:

Napasku nabi Ngisa linuwih,
Tegesipun : napas menika dados tetangsuling badan , asalipun
saking anasir angina mahanani 4 perkawis inggih punika : 1.
NAPAS 2. ANPAS 3. TAN NAPAS 4. NUPUS.

Menawi kita saget anggumelengaken lampahing napas ingkang
saking lebet utawi njawi, saestunipun saget anuwuhaken
kanyataning karsa ingkang linagkung. Ingkang makaten wau
kaupameaken kados dene NABI NGISA inggih dados tetangsuling
agami.

Nabi Yakub pamiarso ningwang,
Tegesipun : Nabi Yakup punika satunggaling nabi ingkang tetep
pangabektinipun dating Gusti Alla sarta tansah remen nilingnilingaken sasmita dhawuhing pangeran. Amila dipun sanepaaken
pamiarsa kita, ing sasaget-saget kita ugi kepareng anilingnilingaken dhateng piwulang ingkang sae utawi samitaning
pangeran.

Yusuf ing rupaku mangke,
Tegesipun : Nabi Yusup punika lelampahanipun wiwit alit nandang
papa sangsara jalaran kenging panganiaya, namung sangsaranipun
wau namung dados sarananing kaleresan. Inggih punika lajeng
saget jumeneng adipati wonten negari Mesir.
Pramila dipun sanepaaken rupi kita, amargi rupi punika, dados
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

9

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
warananing warna. Dene warna punika dados warananing GAIB.
Dados rupi kita kita punika sadaya dados warananing gaib ingkang
linangkung utawi titipaning Allah.
Nabi Dhawud swaraku,
Tegesipun : Nabi Dhawud punika wiwit alit namung dados juru
pangen mendha. Katarik saking kamursidanipun tuwin swaranipun
sae, lajeng saget jumeneng Nabi utawi ugi jumeneng nata. Pramila
dipun sanepaaken swara kita, amargi swara kita punika inggih
dados kanyataning gaib.

Jeng Soleman kasekten mami,
Tegesipun : Kanjeng Nabi Soleman punika inggih jumeneng nabi
inggih jumeneng nata. Kagungan kasekten ingkang linangkung
inggih punika : Dipun luluti para nata ing sakiwa tengenipun, sarta
para wadya balanipun sadaya sami setya tuhu sumungkem ing
gusti.
Namung
katarik
saking
pangaribawanipun
sarta
kawicaksananipun pramila dipun sanepaaken kasekten kita.
Amargi kita menika sejatosipun inggih gadhah kasekten
kadosdene kanjeng Nabi Soleman wau. Inggih punika bilih kita
saget gambuh kalian GAIB.

Nabi Ibrahim nyawa,
Tegesipun : Nabi Ibrahim punika satunggaling nabi ingkang
santosa kapitadosanipun dumateng gusti Allah . salampahlampahipun namung mituhu dhateng dhawuh pangandikaning
Allah . Pramila dipun sanepaaken nyawa kita. Amargi nyawa
wahananing SUKSMA dene SUKSMA punika dados kanyataningsun,
dados inggih kedah gegandengan loroning atunggal supados
saget gesang ingkang kaleresan.
Idris ing rambutku,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

10

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Katranganipun : namung anedahaken bilih rambut punika asalipun
saking titipanipun Bapa.

Bagendho Li kulit ingwang,
Katranganipun : namung anedahaken bilih kulit punika asalipun
saking titipanipun Bapa.
Getih daging Abubakar Ngumar Singgih,
Katranganipun : namung anedahaken bilih getih tuwin daging
punika asalipun saking titipanipun BIYUNG.

Balung bagendho Ngusman,
Katranganipun : namung anedahaken bilih balung punika asalipun
saking titipanipun Bapa.

Kaping 05 :
Sungsumingsun Patimah linuwih,
Kang minangka rahayuning angga,
Ayub minangka ususe,
Nabi nuh ing jejantung,
Nabi yunus ing otot mami,
Netraku ya Mukammad,
Panduluku rasul,
Pinayungan Adam sarak,
Sampun pepak sakathahing para nabi,
Dadyo sariro tunggal.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

11

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Kawedarakensuraosipun makaten :

Sungsumingsun Patimah linuwih,
Katranganipun : namung anedahaken bilih sungsum punika
asalipun saking titipanipun BIYUNG.
Kang minangka rahayuning angga,
Tegesipun : sungsum punika ingkang andadosaken kesegeraning
badan.

Ayub minangka ususe,
Katranganipun : namung anedahaken bilih usus punika asalipun
saking titipanipun BIYUNG.

Nabi nuh ing jejantung,
Tegesipun : Nabi Nuh punika dados plawanganing Allah nalika
andhawuhaken jagad badhe dipun kelem. Pramila dipun
sanepaaken jantung amargi jantung punika ugi dados
plawanganing dhawuhipun sang Guru Jati utawi anedhahaken bilih
asalipun saking titipanipun biyung.
Nabi yunus ing otot mami,
Katranganipun : namung anedahaken bilih otot punika asalipun
saking titipanipun BAPA.

Netraku ya Mukammad,
Tegesipun : Namung anedhahaken bilih salebeting netro ingkang
pethak punika wonten gaibipun awujud CAHYA. Kawastanan : NUR
MUKAMMAD, inggih punika ingkang minangka awasing paningal.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

12

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Panduluku rasul,
Tegesipun : naming anedhahaken bilih raos punika lenggahipun
wonten ing netra ingkang cemeng. Katitik saking emating raos
lajeng kiyer-kiyer. Katranganipun : Rasul punika utusan.
Menggahing ngelmi ingkang ingaken utusan punika raos.

Pinayungan Adam sarak,
Tegesipun : Jabang bayi punika bilih badhe lair anampeni
prajanjian
dening
Allah.utawi
kinucungan
ing
wewaler.
Katranganipun : Benjing tumindakipun wonten ing alam donya
manawi purun angestoaken dhawuhipun Gusti Allah inggih badhe
manggih wilujeng sak lami-laminipun. Nangin manawi namung
miturut pambujuking sadherek sekawan gangsal pancer inggih
badhe nandhang papa sangsara sak lami-laminipun.

Sampun pepak sakathahing para nabi,
Dadyo sariro tunggal.
Tegesipun : Sedaya ingkang dipun gelaraken ing nginggil wau,
sampun jangkep praboting manungsa, ngalempak dados
satunggal, awujud jenggerenging Jabang bayi.

Kaping 06 :
Wiji-sawiji mulane dadi,
Apan pencar saisine jagad,
Kasamadan dening date,
Kang maca kang angrungu,
Kang anurut miwah nyimpeni,
Dadi ayuning badan,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

13

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Kinarya sesembur,
Yen winacakna neng toya,
Kinarya dus rara tuwa angles rabi,
Wong edan nuli waras.

Kawedaraken suraosipun makaten :
Wiji-sawiji mulane dadi,
Tegesipun : Manungsa punika asalipun saking wiji satunggal,
inggih punika gesang ingkang jumeneng pribadi.

Apan pencar saisine jagad,
Tegesipun : Lajeng saget pencar (tumangkar) dados pinten-pinten
ewu angebaki jagad. Punika asalipun naming peranganing
satunggal.

Kasamadan dening date,
Tegesipun : Gesanging titah punika sedaya kasamadan dening
dating pangeran.

Kang maca kang angrungu,
Kang anurut miwah nyimpeni,
Dadi ayuning badan,

Tegesipun : tiyang ingkang maos, ingkang mirengaken, ingkang
nyerat tuwin ingkang ngrimati serat kidungan punika, sedaya sami
angsal sawab wilujeng sak lampah-lampahipun.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

14

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Katranganipun : sedaya wau bakunipun kita kedah pitados ingkang
saestu, bebasanipun sapatemon-tinemenan, amargi ing atasipun
gusti Allah manawi sumedya mitulungi dhateng kawulanipun
punika sanadyan mawi sarana wujud punapa kemawon,
saestunipun inggih anggadhahi daya utawi sebab.
Nanging manawi tiyang ingkang pitados kados makaten punika,
namanipun tiyang ingkang ngelminipun saweg setengah.Dene
menawi tumprap tiyang ingkang sampun pana dateng gaib,
kapitadosanipun punika boten kandeg namung wonten ing
warono, nanging perlu macung piyambak, sageta sapatemon.

Kinarya sesembur,
Yen winacakna neng toya,
Kinarya dus rara tuwa angles rabi,
Wong edan nuli waras.
Tegesipun : serat kidungan wau, manawi kawategaken ing toya,
lajeng kasemburaken idunipun, toya wau anggadhahi sawab
manawi kaangge siram ing prawan ingkang sampun kasep, lajeng
tumunten saget angsal jodho. Manawi kangge siram tiyang
ingkang sakit ewah, nggih tumunten saras.
Katranganipun
:
tumprapipun
tiyang
ngelmi
ingkang
katembungaken kidung puika sanepanipun SANG GURU JATI.
Amila daya wau inggih kapendhetaken saking panguaosing sang
guru jati. Dados langkung perlu punika sageda gambuh kaliyan
sang GURU JATI supados saged ngampil panguaosipun.

Kaping 07 :
Lamun ana wong kadhendho kaki,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

15

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Wong kabonda lan kabotan utang,
Yogya wacanen den age,
Ing wanci tengah dalu ping selawe,
Wacanen ririh,
Luar ingkang kabanda,
Kang kadendha wurung,
Anglis nuli sinauran mring Yang Suksma,
Kang utang puniku singgih,
Kang agring dadi waras.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Lamun ana wong kadhendho kaki,
Tegesipun : paring pangertosan dhateng tiyang anem, mbok
menawi wonten tiyang ingkang kadhendho ing nagari.
Kateranganipun : tiyang ingkang ukum dhendha .

Wong kabonda lan kabotan utang,
Tegesipun : sarta tiyang ingkang kabonda prakawis pulisi, tuwin
tiyang ingkang kekathahen sambutan nanging ngrekaos
panyauripun.

Yogya wacanen den age,
Tegesipun : tiyang ingkang kataman wau tumuntena maos serat
kidungan wau .
Katranganipun : ingkang kawaos naming pujian ingkang angka 1,
nanging manawi tiyang ngelmi langkung perlu Sang Guru Jati.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

16

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Ing wanci tengah dalu ping selawe,
Wacanen ririh,
Tegesipun : anggenipun maos wau ing wanci tengah dalu kalayan
ririh-ririh kemawon, rambah kaping selawe. Katranganipun :
manawi lampahipun tiyang mangesti Sang Guru Jati menika
mboten perlu mawi sarana ucap-ucapan, nanging sampun kacekap
wonten ing niyate mawon. Sarana angulataken lebet wedaling
napas ingkang ngantos angler utawi kasupen.

Luar ingkang kabanda,
Tegesipun : Manawi katrimah ing pamujinipun tiyang ingkang
kabanda wau saget luar. Katranganipun : saget dipun luar wau
inggih saking saran reko daya , nanging reka daya punika wau
sampun kaparingan berkah ing Allah. Dados inggih saget
antrenyuhaken penggalihanipun nagari.
Kang kadendha wurung,
Tegesipun : sata upami tiyang ingkang kadhendha inggih saget
wurung.

Anglis nuli sinauran mring Yang Suksma,
Kang utang puniku singgih,
Tegesipun : Tuwin upami tiyang ingkang kekathahen sambutan
wau, inggih lajeng dipun sauri dening Allah. Katranganipun :
Gutsti Allah anggening nyauri sambutaning tiyang punika
saestunipun inggih mawi warono ing tiyang sanes ingkang gadhah
arta katrenyuhaken manahipun lajeng amelasi lajeng paring arta
dhateng ingkang nyambut wau, lajeng kenging kangge nyauri.

Kang agring dadi waras,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

17

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Katranganipun : upami tiyang ingkang ketaman sakit, inggih lajeng
dados saras. Katranganipun : sagetipun saras wau saestunipun
inggih mawi sarono jampi nanging jampinipun sampun angsal
berkah.

Kaping 08 :
Sapa reke bisa anglakoni,
Amutiha lawan anawa a,
Patangpuluh dina wae,
Lan tangi wektu subuh,
Lan den sabar sukuri ing widhi,
Insya Allah tinekan sakarsanireku,
Tumrap sanak rayatira,
Awit saking sawab pangiketing ngelmi,
Duk aneng kali jaga.
Kawedharaken suraosipun makaten : milanipun sinten ingkang
saget anglampahi dhateng wigatosing ngelmi, keparenga methak
kawan dasa dinten, menawi kirang sedinten sedalu lajeng
ngeblenga. Salebeting nglampahi wau, manawi wungu sare
kaangkaho wanci jam 4.30 enjing.
Ing saben dintenipun kadamel ajeg. Punapa malih sak tindaktanduk kita, katingalo ingkang narimo kanti sabar penggalih,
naming sumarah ing sak keparengipun.
Sarana tumindak ingkang makaten punika, manawi temen-temen
inggih saget tinarimah dening Allah, saget kadumugen punapa ing
pangestinipun
sarta
kenging
kagem
mitulungi
dhateng
karibetaning sanak sederek, putra wayah tuwin sane-sanesipun.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

18

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Ingkang makaten wau katarik saking sawabing ngelmi ingkang
sampun dipun lampahi sarta sampun dipun anggit kanjeng Sunan
nalika wonten dhusun KALIJAGA. Menggah ngelmi ingkang saget
wiyar tebanipun kenging kaagem mitulungi ing karibetan warniwarni wau. Dene golonganing ngelmi ingkang kados makaten
punika, sagetipun manjing anggadhahi daya kedah anglampahi
SISIRIH.

Kaping 09 :
Lamun arsa tulus nandur pari,
Puasa a sawengi sadina,
Iderana galengane,
Wacanen kidung iki,
Kabeh ama pan samya wedi,
Yen sira lunga aprang,
Wateken ing sekul,
Antuk a tigang pulukan,
Mungsuhira sirep datan nedya wani,
Rahayu ing payudan.
Kawedharaken suraosipun makaten :

Lamun arsa tulus nandur pari,
Tegesipun : wondene manawi badhe nenanem pantun sagetipun
lestari wilujeng mboten katrajang ama.

Puasa a sawengi sadina,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

19

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Tegesipun : Nglampahana siam sadinten sadalu boten dhahar
punapa-punapa.

Iderana galengane,
Tegesipun : ing saderengipun pantun katanem sasampunipun
sadinten mboten dhahar, dalunipun lajeng ngiderana galengan
sabin.
Katranganipun : raosing penggalih ingkang meleng panyuwunipun.

Wacanen kidung iki,
Tegesipun : kanthi amujia, dene pamujinipun , mirsanana sekar
nomer : 1.

Kabeh ama pan samya wedi,
Tegesipun : kadadosan sak kathahing ama lajeng mboten purun
angrisak taneman pantun.
Yen sira lunga aprang,
Tegesipun : saupami kita badhe mengsah perang.

Wateken ing sekul,
Antuka tigang pulukan,
Tegesipun : puji wau kawatekna ing sekul kadamela tigang
pulukan lajeng kadhahar .

Mungsuhira sirep datan nedya wani,
Tegesipun : anggadhahi sawab mengsah kita wau lajeng rumaos
giris sami sirep mboten wanton / mboten wonten ingkang
sumedya anglawan.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

20

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Rahayu ing payudan.
Tegesipun : boten saestu peperangan ing wasana wilujeng sedaya.

Kaping 10 :
Ana kidung rekeki aryati,
Sapa weruh reke araningwang,
Duk ingsun ana ing ngare,
Miwah duk aneng gunung,
Kisamurta lan ki Samarti,
Ngalih aran ping tiga,
Arta daya tengsun,
Araningsun duk jejaka,
Ki artati mengko araningsun,
Ngalih sapa wruh araningwang.
Kawedaraken suraosipun makaten :

Ana kidung rekeki aryati,
Tegesipun : wonten kidung punika sejatosipun inggih ki ARTATI
Katranganipun : ingkang dipun wastani kidung punika sang sabda,
inggih karsa ingkang linangkung utawi dhawuh pangandikaning
Pangeran.
Sapa weruh reke araningwang,
Duk ingsun ana ing ngare,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

21

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Tegesipun : sinten ingkang mangertos nama kita, (kidung) nalika
kita taksih jumeneng ing ngare.
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken ngare punika miturut
wewaton ing ngelmi wonten ing BETAL MUKARAM.

Miwah duk aneng gunung,
Tegesipun : tuwin nalika taksih jumeneng wonten ing redi.
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken redi menika miturut
wewatoning ngelmi BETAL MAKMUR.

Kisamurta lan ki Samarti,
Tegesipun : inggih punika sampun awujud kempalipun ki Samarta,
kaliyan ki Samarti.
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken ki Samarta punika
ingsun. Dene ki Samarti punika TRI MURTI. Kadadosan saking
sarining tirta Kamandanu, sarining Surya, tuwin sarining Candra.
Kempal dados satunggal mahanani CAHYA kawastanan ROH ILAPI,
inggih punika wujuding ANASIR SEJATI. Warananipun ingsun.

Ngalih aran ping tiga,
Tegesipun : Saben pindah panggenan santun nama, ngantos
rambah kaping tiga.
Katranganipun: inggih punika jumenenganipun wonten TRILOKA
Tegesipun : panggenan tetiga ingkan manunggal, kadosta :
wonten ing BETAL MAKMUR anggadhahi praban piyambak, wonten
ing BETAL MUKARAM santun paraban,tuwin wonten ing BETAL
MUKADAS ugi santun paraban malih.

BETAL MAKMUR jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning
sirah iku dimak, yaiku utek, kang ana antaraning utek iku manik,
sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

22

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku
Ingsun, ora ana Pangeran anging Ingsun, dat kang nglimputi ing
kahanan jati.
BETAL MUKARAM jumeneng ana ing dhadha ning adam. Kang ana
sajroning dhadha iku ati, kang ana antaraning ati iku jantung,
sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem , yaiku angenangen, sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku
rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangeran anging
Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati.

BETAL MUKADAS jumeneng ana ing kemaluaning adam. Kang ana
sajroning kemaluan iku pringsilan, kang ana ing antaraning
pringsilan iku nutpah, yaiku mani, sajroning mani iku madi,
sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning
manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana pangeran
anging Ingsun dat kang anglimputi ing kaanan jati, jumeneng
sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono
wahananing alam akadiyat, wahdat, wakidiyat, alam arwah, alam
misal, alam ajsam, alam insan kamil, dadining manungsa
sampurna yaiku sajatining sipatIngsun.
Arta daya tengsun,
Tegesipun : wonten ing Bental Mukaram parabanipun ARTA
ingkang
dipun
sanepaaken arta punika
pangretosaning
kawicaksanan.
Daya tengsun tegesipun jumenengipun wonten ing BETAL
MUKADAS dipun parabi daya ingkang dipun sanepaaken daya
punika ingsun ingkang kuwasa utawi WISESA. Dene kanyatanipun
anggadhahi daya kuwasa damel gesanging manungsa.

Araningsun duk jejaka,
Tegesipun : paraban kita (kidung) nalika taksih jaka.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

23

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Katranganipun : ingkang dipun sanepaaken Jaka punika , nalika
wiji taksih dumunung ing bapa, dereng katetesaken ing biyung.

Ki artati mengko araningsunngalih,
Tegesipun : inggih punika KI ARTATI (karsa ingkang linangkung)
nanging sareng sampun katitisaken, lajeng santun asma/paraban.
Sapa wruh araningwang,
Tegesipun : sinten ingkang mangertos sejatosing nami kita
(kidung) wau.
Katranganipun : inking dipun parapi Arta Daya, Artati, punika
wujudipun namung satunggal mboten sanes : inggih namung
ingsun.
Pepindhanipun kados dene sesebutan sang NATA, inggih punika
ratu ingkang saweg jumeneng wonten ing sitinggil”SANG PRABU”
punika ratu ingkang saweg jumeneng ing pandhapi “SRI
NARENDRA” punika ratu ingkang saweg jumeneng wonten ing
kedhaton. Sesebutan tiga wau inggih ingkang dipun sebut inggih
namung satunggal utawi anggadhahi teges ANERANGAKEN
KUWAJIBANIPUN.

Kaping 11 :
Sapa weruh kembang tepus kaki,
Sasat weruh rek ke artadaya,
Tunggal pancer ing uripe,
Sapa wruh ing panuju,
Sasat sugih pagere wesi,
Rineksa wong sak jagad,
Kang angidung iku,
Lamun dipun apalna,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

24

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Kidung iku den tutug sedasa wengi,
Adoh panggawe ala.
Kawedharakensuraosipun makaten :

Sapa weruh kembang tepus kaki,
Tegesipun: sinten ingkang saget mangertos dhateng tepa sariro.
Katranganipun
kamanungsan.

:

tumindak

ingkang

kanti

ukuran

raosing

Sasat weruh rek ke artadaya,
Tegesipun : prasasat saget sapatemon kaliyan sang guru jati
piyambak.
Katranganipun : tumindak ingkang mawi tepo sariro punika
asalipun saking daya pakartining sang guru Jati (ingsun).

Tunggal pancer ing uripe,
Tegesipun: manungsa sak jagad punika panceripun namung
satunggal, inggih punika ingsun kang nglimputi kahanan jati.
Katranganipun : raosing manungsa punika sageta rik-tinarik
satunggal kaliyan satunggalipun dados sami.

Sapa wruh ing panuju,
Tegesipun : sinten ingkang saget nuju kareping sanes.
Katranganipun : upami tiyang ungkang nami A katamuan tiyang
nama B pun B wau anggenipun mara tamu namung lugu katarik
saking sayahipun tuwin kalaib (kaluwen), amargi mentas saking
kekesahan, ewodene mboten purun nembung punapa-punapa.
Ingkang gadhah griya pun A mangertas dhateng pasemoning
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

25

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
tamunipun, lajeng gita-gita
panganan tuwin sekul.

anggenipun

anyugata

wedang,

Pun B inggih lajeng ngrahapi lajeng katingal binger, rumaos
nikmat sanget anggenipun dhahar, dados pasugatan wau katrimah
sanget. B lajeng pamitan wangsul. Menggah pakartinipu A
anggenipun anyugata mboten sarana ditembungi, sarta mboten
amengku pamrih. Punika ingkang dipun wastani nuju kareping
sanes, tuwin tumindak sanes-sanesipun ingkang sairib makaten
wau.

Sasat sugih pagere wesi,
Ingkang makaten punika namung paribasan .
Dene katranganipun : tiyang ingkang sampun lebet luangipun,
inggih punika tiyang ingkang tumindakipun kerep anyaeni dhateng
ing sanes ingkang mboten amengku pamrih (tumindak kautaman)
sak lampah-lampahipun mesti tansah jinangkung ing kaleresan.
Dados penggalihipun tansah teteg kemawon.
Rineksa wong sak jagad,
Kang angidung iku,
Tegesipun : tiyang ingkang pangangen-angenipun wiji sae, sarta
karsa tumindak kautaman punika uwohing pandamel sae wau, ing
sakenggen-enggen tansah dipun tresnani ing sanes.

Lamun dipun apalna,
Tegesipun : manawi dipun apalaken.
Katranganipun : ingkang dipun apalaken punika pujian ingkang
kawrat ing sekar angka 1.

Kidung iku den tutug sedasa wengi,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

26

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Tegesipun ing saben dalu angapalaken pujian wau.
Adoh panggawe ala.
Tegesipun : tebih saking /dhateng pandamel awon.
Katranganipun : saklampah-lampahipun saget sumingkir saking
pandamel awon.

Kaping 12 :
Lawan rineksa dening hyang widi,
Sasedyane tineka dening hyang,
Kinedhep mring janwo akeh,
Kang maca kang angrungu,
Kang anurat miwah nyimpeni,
Yen ora bisa maca,
Simpenana iki,
Temah ayu kang sariro,
Yen linakon dinulur sasedyoneki,
Lan rineksa dene hyang.
Kawedaraken suraosipun makaten : Punapa malih sak lamapahlampahipuntansanh jinangkung dening pangeran. Sarta saget
dumugen punapa sedyanipun, tuwin linulutan ing sasami.
Tumprap ingkang maos, ingkang mirengaken, ingkang nyerat
tuwin ingkang ngrimati serat kidungan wau.
Anggadhahi sawab, saget amilujengaken badanipun, wondene
menawi mboten saget maos, inggih karimata kemawon inggih
sampun anggadhahi sawab wilujeng. Langkung-langkung bilih
kersa anglampahi TARAK BROTO. Sawabipun saget sempulur
anggening ngupajiwa, sarta tansah jinangkung dening pangeran.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

27

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

Kaping 13 :
Kang sinedya tinekan hyang Widi,
Kang kinarsan dumadakan kena,
Tursinihan pangerane,
Najan tan weruh iku,
Lamun nedya muja semedi,
Sasaji ing sagara,
Dadya ngumbareku,
Dumadi sariro tunggal,
Tunggal jati swara awor ing artati,
Aran sekar jempina.

Kawedharaken suraosipun makaten :

Kang sinedya tinekan hyang Widi,
Tegesipun : puapa ingkang dipun gayuh saget kadumugen.
Katranganipun : Ingkang dipun wastani penggayuh punika betahan
ingkang kanggenipun ing kala mangsa.

Kang kinarsan dumadakan kena,
Tegesipun : inggih sampun dilalah kersanipun ing saben dinten
kerep kalegan.

Tursinihan pangerane,
Tegesipun : Punapa malih ugi jinangkung ing pangeranipun.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

28

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Katranganipun : ingkang dipun wastani penggayuh punika
kabetahan ingkang kanggenipun ing kala mangsa. Tumindak
ingkang tansah kaleresan punika tegesipun saking berkahing
pangeran.

Najan tan weruh iku,
Katranganipun : tiyang punika sanajan dereng mangertos gelaring
ngelmi ( asal wijining manungsa).
Lamun nedya muja semedi,
Tegesipun : lamun niyat nindaaken muja semedi.
Katranganipun : seserepanipun wau namung mligi seserepan
tumindak muja semedi.

Sasaji ing sagara,
Ingkang mekaten punika naming pasemon, dene katranganipun,
jumenengipun hyang Pramana wonten ing betal makmur. Saget
amikani alam Panca Maya.
Dadya ngumbareku,
Katranganipun : ingkang dipun wastani ngumbara punika
lenggahing hyang pramana wonten ing Bental Mukaram. Ing
wusana lajeng jumeneng ing Betal Makmur. Kadosanipun oncat
saking palenggahan.

Dumadi sariro tunggal,
Katranganipun : melenging pramana kajumbuhaken kaliyan
weninging karsa, gumeleng dados satunggal. Saget mahanani
kabikaing raos lajeng katingalipun sang GURU JATI .

Tunggal jati swara awor ing artati,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

29

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Katranganipun : Sang Guru Jati wau inggih punika sang sabda
sarta inggih karsa ingkang linangkung.

Aran sekar jempina,
Katranganipun : anedhahaken bilih sang guru jati punika kenging
kawastanan sesekaring jampi ingkang mesti saget anyarasaken.
Kaping 14 :
Semahira ingaran senjari,
Melu urip lawan melu pejah,
Tan pisah ing saparane,
Pari purna satuhu,
Anirmala waluya jati,
Kena ing kene kana,
Ing wasananipun,
Ajejuluk adi suksma,
Cahya ening jumeneng ing artati,
Anom tan kena tuwa.

Kawedharaken suraosipun makaten :

Semahira ingaran senjari,
Tegesipun : ingkang minangka kancuhanipun dipun wastani
rahsa.. inggih punika rahsaning suksma.

Melu urip lawan melu pejah,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

30

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Tegesipun : rahsa punika inggih kangge nalika gesang utawi ugi
kangge benjing nalika pejah.
Katranganipun : nalika gesang rahsa punika dados angertosan
ingkang gaib-gaib. Wondene benjing manawi pejah, rahsa punika
dados katetepanipun kayektosan. Dumunung ing rasa jati.

Tan pisah ing saparane,
Tegesipun : dados dhateng ing pundi kemawon rahsa wau ugi
tumut boten pisah.

Pari purna satuhu,
Tegesipun : gesang ingkang tanpa sangsaya.
Katranganipun : tiyang ingkang tumindakipun kanthi landhesan
raosing kamanungsan, punapa ngakunipun saget wilujeng.

Anirmala waluya jati,
Tegesipun : ing wusana saget suci utawi saras lair batosipun.

Kena ing kene kana,
Tegesipun : kapitadosan ingkang makaten wau kenging kangge
gesang donya tuwin ing akir.
Ing wasananipun,
Ajejuluk adi suksma,
Tegesipun : dene kedadosanipun boten sanes inggih namung
jumenengipun pribadi (sejatining ingsun).

Cahya ening jumeneng ing artati,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

31

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Tegesipun : ing alam ngriki ugi wonten cahyo wening kang
katingal.

Anom tan kena tuwa,
Tegesipun : boten anem tuwin boten saget sepuh, namung
langgeng kawontenanipun.
Kaping 15 :
Panunggale kawula lan gusti,
Nila ening arane duk gesang,
Duk mati nila arane,
Lan suksma ngumbareku,
Ing asmara mung raga yekti,
During darbe paparab,
Duk rarene iku,
Awayah bisa dedolanan,
Aran sang hyang jati Iya sang artati,
Yeku sang arta daya.

Kawedaraken suraosipun makaten :

Panunggale kawula lan gusti,
Tegesipun : inggih mekaten menika ingkang dipun wastani
ngempale kawula-gusti.

Nila ening arane duk gesang,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

32

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Tegesipun : wekdal gesang wonten ing ndonya, tumprap kabikaing
raos kaweningan punika mesthi saking pitulunganing cahya.

Duk mati nila arane,
Tegesipun : nanging manawi wonten ing jamane pejah mboten
perlu dipun pitulungi dening cahya.
Lan suksma ngumbareku,
Katranganipun : ingkang katembungaken suksma ngumbara
punika konosipun ingsun, inggih punika wujudipun satunggal
saget angebaki jagad, ing pundi dunung kita ing griku wonten.
Ing asmara mung raga yekti,
Tegesipun : sejatosipun tumprap kaalusan, inggih punika ingkang
mengkoni raga.
Katranganipun : ingsun punika ingkang dados guruning raga,
tuwin pangeraning raga.

During darbe paparab,
Duk rarene iku,
Tegesipun, ingsun wau nalika wijining manungsa dereng
katitisaken, ugi dereng anggadhahi paraban, amargi taksih nunggil
kaliyan GUSTI ALLAH, dados ingkang wonten namung gesang
pribadi.

Awayah bisa dedolanan,
Tegesipun : manawi sampun dumugi ing titi mangsanipun ,
ingsung wau katinggal dados lantaraning wiji. Bapa saweg
anggadhahi karsa nitisaken wiji dhateng biyung.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

33

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Aran sang hyang jati Iya sang artati,
Yeku sang arta daya,
Tegesipun : saksampunipun wiji wau dumados ing guwa garbaning
biyung ingsun wau kenging dipun wastani SANG YHANG JATI, sang
ARTATI, arta tuwin daya, inggih punika wuninga karsa; daya.
Kaping 16 :
Dadya wisa mangkya amartani,
Lamun marta atemahan wisa,
Marma arta daya rane,
Duk lagya aneng gunung,
Ngalih aran asmara jati,
Wayah tumeking tuwa emut ibunipun,
Nyi Pancari lunga ngetan,
Ki Artati nurut gigiring Merapi,
Anulya mring sundara.
Kawedharaken suraosipun makaten :

Dadya wisa mangkya amartani,
Lamun marta atemahan wisa,
Mara arta daya rane,
Tegesipun : milanipun asma karya utawi
tumprapipun gesang ing akir dados wisa.

daya

,

punika

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

34

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Katranganipun : tujuawing tiyang pejah punika menawi
mangerandhateng wujudipun ingsun, naminipun kesasar (dados
wisa).
Mangkya amartani,
Tegesipun : tumprapipun gesang ing donya manawi mangeran
dhateng daya punika gesangipun dados utami (dados marta).
Kosok wangsulipun ingkang utami dados kesasar. Ingkang
makaten punika sageto nata tumindakipun, sampun ngantos salah
penampi utawi kerem.

Duk lagya aneng gunung,
Ngalih aran asmara jati,
Wayah tumeking tuwa emut ibunipun,
Tegesipun : Nalika wijining jabang bayi saweg dumados ing Betal
Makmur asmanipun santun sang Hyang Jati, amargi bapa dereng
anitisaken dhateng biyung.

Nyi Pancari lunga ngetan,
Katranganipun : rahsanipun lajeng jumeneng wonten ing BETAL
MAKADAS inggih punika campuhing kakung tuwin wanita (bapa
tuwin biyung) wijinipun lajeng dumunung ing maningkem.

Ki Artati nurut gigiring Merapi,
Ingkang dipun sanepaaken gigiring merapi punika ula-ula.
Katranganipun : redi Merapi punika redi latu miturut hakekating
ngelmi latu punika erah.Dene lampahing erah ingkang punika
medal ing ula-ula.
Pramila saksampunipun wiji tumitis ing biyung wonten saklebeting
mani, madi, maningkem, rahsa ingsun lajeng lumampah minggah
nurut ula-ula.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

35

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Anulya mring sundara,
Ingkang dipun sanepaaken sundara punika guwa garbaning biyung
(wadah bebayi) dunungipun wonten ing tengah-tengah antawisipun
Betal Mukadas kaliyan Betal Makmur. Mila wiji wau lajeng wadhag
bayi.

Kaping 17 :
Ana pandhita akarya wangsit,
Mindha kumbang ngajab ing tawang,
Susuh angina ngendi nggone,
Lawan galihing kangkung,
Wekasane langit jaladri,
Isine wuluh wung wang,
Lan gigire panglu,
Tapaking kuntul anglayang,
Manuk miber uluke ngungkuli langit,
Kusuma jrah ing tawang.

Kawedharaken suraosipun makaten :

Ana pandhita akarya wangsit,
Mindha kumbang ngajab ing tawang,
Ingkang makaten punika SU ALAN tegesipun cipta utawi budi.

Susuh angina ngendi nggone,
Pitakenan punika katranganipun jantung.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

36

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Lawan galihing kangkung,
Katranganipun Suksma.

Wekasane langit jaladri,
Katranganipun : soroting cahya sumrambah ing njawi tuwin ing
lebeting sipat kita, dene wekasane jaladri katranganipun segara
jinem (panca maya).

Isine wuluh wung wang,
Katranganipun Angen-angen.
Lan gigire panglu,
Katranganipun : dat ing pundi-pundi wonten.

Tapaking kuntul anglayang,
Katranganipun angen-angen.

Manuk miber uluke ngungkuli langit,
Katranganipun angen-angen.

Kusuma jrah ing tawang.
Katranganipun angen-angen.

Kaping 18 :
Ngambil banyu apikulan warih,
Kodhok ngemuli lenge,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

37

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Miwah kang banyu den kum,
Myang dahana murub kabesmi,
Bumi pinetak ingkang,
Wawono katiyub,
Tanggal pisan kapurnaman,
Yen anenun sentek pisan anigasi,
Kuda ngrap ing pandengan.
Kawedharaken suraosipun makaten :

Ngambil banyu apikulan warih,
Katranganipun : raos inggih punika tiyang ingkang marsudi
dhateng kaleresan kedah sampun pawitan sageta wening
penggalihe.

Kodhok ngemuli lenge,
Katranganipun nyawa; inggih punika gesange raga saestunipun
saking nyawa.

Miwah kang banyu den kum,
Katranganipun : katentreman inggih punika tiyang ingkang
anggayuh dhateng katentreman kedah angempali guru-guru
ingkang sampun sampurna ngelminipun.

Myang dahana murub kabesmi,
Katranganipun : kanepson inggih punika tiyang ingkang saget
duka lajeng dipun aduli supados saya sanget.

Bumi pinetak ingkang,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

38

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Katranganipun : jisim kapendhem ing siti inggih punika dumadose
anasir bumi mahanani raga.

Wawono katiyub,
Katranganipun : lebet wedaling napas punika katarik dening
swasana.
Tanggal pisan kapurnaman,
Katranganipun : roh ilapi inggih punika kaweninganing manah
punika manawi angsal pitulunganing roh ilapi. Lajeng sami
sanalika, saget gadhah pangertosan ingkang linangkung.
Yen anenun sentek pisan anigasi,
Katranganipun : wenganing raos inggih punika suraosing raos
ingkang wening punika saget ameca ingkang mesthi cocog tumrap
badhe kedadosanipun.
Kuda ngrap ing pandengan,
Katranganipun : angen-angen.

Kaping 19 :
Ana kayu apurwa sawiji,
Wit buwana epang keblat papat,
Agodhong mego rumembe,
Aprada paku kuwung,
Kembang lintang salaga langit,
Semi andaru kilat,
Woh surya lan tengsu,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

39

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Asirat bun lawan udan,
Apapucak angkasa bungkah pratiwi,
Oyote bayu bajra.

Kawedharaken suraosipun makaten :
Ana kayu apurwa sawiji,
Katranganipun : kayu sajaratul yakin.

Wit buwana epang keblat papat,
Katranganipun : jumenegipun suksma kaliyan raga, kanthi
prabotipun sekawan inggih punika : kandha, warna, ambu, rasa.

Agodhong mego rumembe,
Katranganipun : dumununging napsu wonten ing badan sakojur.

Aprada paku kuwung,
Katranganipun : hyang Pramono.

Kembang lintang salaga langit,
Katranganipun : cahya ingkang alit-alit.

Semi andaru kilat,
Katranganipun : panunggilanipun cahya.

Woh surya lan tengsu,
Katranganipun : cahya ingkang ageng (roh ilapi tuwin lintang
johar).
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

40

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Asirat bun lawan udan,
Katranganipun : toya gesang, saget anggesangi raosing panca
driya.

Apapucak angkasa bungkah pratiwi,
Katranganipun : kempaling jiwa tuwin raga saestunipun daya
dinaya.
Oyote bayu bajra.
Katranganipun : napas punika dados tetangsuling raga.

Kaping 20 :
Wiwitane duk anemu candi,
Gegedhongan miwah mawarangkan,
Sih ing hyang kabesmi kabeh,
Tan ana jalma kang wruh,
Yen weruh apurwane dadi,
Candi sagara wetan,
Ing ngobar karuhun,
Kayangane sang tunggal,
Sapareke kang jumeneng mung artati,
Katon tengahing tawang.

Kawedharaken suraosipun makaten :

Wiwitane duk anemu candi,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

41

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Ingkang dipun sanepaaken candhi punika sipat.
Katranganipun : anedhahaken purwaning dumadosipun manungsa
punika wiwitanipun saweg awujud cahya wening kawastanan
NUKAD GAIB; Tegesipun : wiji ingkang taksih samar.

Gegedhongan miwah mawarangkan,
Tegesipun : kadadosaning sipat punika asalipun saking golonggolongan, inggih punika : sipating kaalusan saking anasir sejati,
dene sipating kuwadhagan saking anasir.

Sih ing hyang kabesmi kabeh,
Katranganipun : sedaya anasir wau sareng kataman soroting cahya
nukad gaib, lajeng sami katarik urun daya mahanani sipat.

Tan ana jalma kang wruh,
Tegesipun : kedadosan ingkang makaten wau mboten wonten
manungsa ingkang sumerep.

Yen weruh apurwane dadi,
Katranganipun : namung wonten seserepan dhateng purwaning
dumados, punika dudununganipun namung pangertosan.
Candi sagara wetan,
Ingkang dipun upameaken makaten wau katranganipun surya.

Ing ngobar karuhun,
Kayangane sang tunggal,
Katranganipun : wiwitanipun wonten sipat inggih punika : anasir
sejati wau kataman soroting cahyo nukad gaib, lajeng mahanani
sipating kaalusan awujud cahya, kawastanan roh ilapi.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

42

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Sapareke kang jumeneng mung artati.
Tegesipun :sinten ingkang jumeneng ing cahya wau, sejatosipun
mboten sanes inggih namung ingsun.

Katon tengahing tawang.
Tegesipun : saget katingal sarana netra kaalusan dumunung
satengahing tawang.
Kaping 21 :
Gunung agung segara serandil,
Langit ingkang amengku buwana,
Kawruhana ing ngartine,
Gunung segara umung,
Guntur sirna amangku bumi,
Duk kang langit buwana,
Dadya weruh iki,
Mudya madyaning ngawiyat,
Mangasrama ing gunung agung sabumi,
Sandhi-candhi sagara.

Kawedaraken suraosipun makaten :
Gunung agung segara serandil,
Ingkang makaten punika namung bebasan.
Katranganipun : andahaken pamarsudi dhateng kawruh ingkang
linangkung ingkang mboten kenging dipun saranani ngakal tuwin
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

43

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
nalar, nanging kedah kagandengan kaliyan wahyu. Punika pancen
ngrekaos sarta langkung ngrungil.

Langit ingkang amengku buwana,
Katranganipun : dununging kawruh kawicaksanan punika saget
amengkoni sawarnaning kaperluan.
Kawruhana ing ngartine,
Tegesipun : sadaya wau mangertos saking tegesipun.

Gunung segara umung,
Katranganipun : ubaling pancadriya ingkang tansah angambraambra.

Guntur sirna amangku bumi,
Katranganipun : nyirep ubaling pancadriya sampun ngantos tuwuh
gagasan sakedhik kemawon.
Duk kang langit buwana,
Katranganipun : sadaya wau kakukut dados satunggal, jagad
agung ginulung ing jagad alit.

Dadya weruh iki,
Mudya madyaning ngawiyat,
Tegesipun : manawi mangertos dhateng ing nginggil wau nggih
ugi ngertos dhateng lampahing mangesthi (muja semedi) wonten
ing satelenging cipta. Lajeng saget anuwuhaken kanusing
kaalusanipun.

Mangasrama ing gunung agung sabumi,
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

44

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Katranganipun : Anedhahaken lenggahipun muja semedi punika
kedah anjumenengaken wonten ing BENTAL MAKMUR.

Sandhi-candhi sagara,
Katranganipun : lajeng saget amikani kawontenaning alam :
pancabaya ingkang isi wewujudanipun prabot kita ingkang dados
bebegalan.

Kaping 22 :
Gunung luhure kagiri-giri,
Segara agung datan pasama,
Pan sampun kawruhan reke,
Arta daya puneku,
Datan kena cinakreng budi,
Nanging kang sampun prapta,
Ing kuasanipun,
Angadeg tengahing jagad wetan kulon lor kidul,
Mandhap myang nginggil,
Kapurba wasesa.

Kawedharaken katranganipun :
Gunung luhure kagiri-giri,
Segara agung datan pasama,
Pan sampun kawruhan reke,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

45

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
Katranganipun : Sarehning sapunika sampun mangertosi tegesipun
babasan : redi ingkang inggilipun anggegirisi, sarta seganten
ingkang wiyar tanpa watesan.
Arta daya puneku,
Datan kena cinakreng budi,
Tegesipun : ingkang makaten wau anedhahaken panguaosipun
sang arta daya (guru jati) boten kenging pinurba ing manungsa.
Katranganipun : Dumadosing lelampahaning manungsa punika
sadaya, kapurba dening sang guru jati. Dados paguaosipun sang
guru jati wau mboten wonten ingkang nandingi agengipun .
Nanging kang sampun prapta,
Tegesipun : nanging manawi tumprap tiyang ingkang sampun
aged dumugi ing ngayunanipun guru jati wau, (sapatemon).

Ing kuasanipun,
Tegesipun : anggadhahi daya pangertosan ingkang linangkung.

Angadeg tengahing jagad,
Katrangan