serat panji narawangsa

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

1

SERAT PANJI NARAWANGSA
Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses
pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa
karya sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf. Semoga
tujuan blog www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi salah satu
sumber digital karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh
oleh para sutrisna budaya ataupun masyarakat secara bebas.
Salam asah asih asuh.
Nuwun.
@@@

Cariyos Panji Narawangsa ing serat punika namung kajujug.
Boten kawiwitan saking cariyos murcanipun Dewi Candrakirana
utaawi wontenipun tiyang estri lumebet dhateng kasatriyan
ngaken-aken
Dewi

Sekartaji
nanging
anjujug
lajeng
anyariyosaken bingahing penggalijipun Sang Nata ing Jenggala,
dene sanajan santun rupi, Dewi Sekartaji sampun wangsul, sarta
ingkang raka, Sang Panji, ugi boten anelaki, taksih lestantun
tresna malah welas dhateng ingkang garwa, mratandhani, bilih
ingkang putra pancen setya dhateng garwa.

PUPUH I
Asmarandana
1.

2.

3.

4.


5.

Bungahe marwata siwi, wong agung Cintakapura, miarsa
hature Raden, dhuh Raden anak manira, nyawang kang
Dhawuhmarma, sukur ing Bathara luhung, setya tuhu
manahira.
Angandika Sri Bupati, heh Kaki Nilaprabangsa, arinira Raden
Sinom, arsa ingsun panggihana, lawan Candrakirana,
mumpung becik taunipun, ing besuk Buda Cemengan.
Paran kasanira patih, wot sekar Kudanawarsa, saman atur
sembahe, sewu jumurung patikbra, lan karsane narendra,
leres karsane Sang Prabu, amrih arjane nagara.
Yen mangkono kakang patih, punggawa kabeh sawisa,
wangunan caosa kabeh, gawea bangsal kang pelag, genya
amasang papan, yen medal ing alun-alun, benjing ingayap ing
putra.
Miwah kaki Jodhi pati, ingong pundhut sukanira, kerana
prihen ramene, awot sekar ingkang putra, paduka ji sandika,
angayahi dhawuhipun, Sri Narendra ing Jenggala.


www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

2

6.

Lan sira wetokna kaki, donya ing Cintakapura, amriha
sukane kabeh, mesakake Kaki Putra, upama sun ringkesa,
kyan apatih nembah matur, patikbra dhateng sandika.
7. Angandika Sri Bupati, heh Tumenggung Adiraja, apan ta sira
sung konkon, matura yayi Narendra, Kaki Prabu ing Daha,
yen putrane uwis rawuh, nanging mangke salin werna.
8. Lan matura yayi Aji, akarsa sun rengga-rengga, iya ingong
arak maneh, kalawan Kaki Satriyan, kaya duk masih kenya,
yan Ki Putra besuk temu, den gawaa marang Daha.
9. Tumenggung Kalamisani, maranga Tegal Pucangan, matura

ing kakang embok, Nyai Ageng ing Pucangan, pondhongana
den enggal, pulunane yen salin rupa.
10. apan sampun awotsari, punggawa kalih dinuta, Sang Nata
hengkar ngadhaton, Raden Putra Kasatriyan, mantuk ing
dalemira, Ki Putra ing Narabangun, sampun eca manahira.
11. Akathah kang badhe selir, anging dereng cinangkraman, pan
samya wanodya kaot, awatara kalih dasa, ana anak wong
desa, ana anake wong gunung, ana trahing beboyongan.
12. Samya amepek birai, weneh ana gubah sekar, mapag ing
paregolame, ana kang anampa toya, weneh ambekta wida,
warnane samya yu-ayu, sedheng ngolah guladrawa.

PUPUH II
Dhandhanggula
1.

2.

3.


4.

5.

Sakathahe ingkang para selir, apan samya angraupi putra,
arerasan sarowange, sadaya sami muwus, ingkang wasta Ni
Citraresmi, katuwone waking wang, gung gawe cecenthung,
nora nana priyembada, saben dina melarangi kembang
ramping, teka nganggur kewla.
anauri Nini Nawangresmi, bener bok ayu wecananira, Ki
Putra kaningayane, kang kaya awaking sun, nora ketang
utang anyilih, lapake olah slira, asaos wong agung, sapa bisa
nglakonana, salawase apepilis tiwas aking, baya dipun
rampida.
Alon mojar Ni Sundayaresmi, kaningaya Raden Kasatriyan,
awaking sun katuwone, amangan sarta tuwuk, sinjang
lungset asalin, esuk sore wewida, nora dipun ambus, mila
kang ati alara, pae bocah meneng yen awareg bukti, aran wus
padha tuwa.
Kawarnaa Raden Panji prapti, apan lajeng dhateng palataran,

kang kuda sinirigake, nyemethi nagasantun, sekar mawur
tiba ing siti, para wanita sadaya, pan sami angrebut, weneh
amicara ing nala, kadingaren Raden nitih turanggi, baya wus
mari brangta.
Sigra tumurun saking turanggi, wau sira Raden Kasatriyan,
para manis enggar kabeh, weneh masuh sampeyan kalih, ana

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

6.

7.

8.

9.


10.

11.

12.

13.

14.

15.

3

anungsung warta, rahaden amuwus, iya gusti nira prapta,
kusuma ayu ing Daha asalin warni, saking ing pangumbaran.
Sailange saking Tilam Wangi, dipun gawa ing Bathari Durga,
mapan akeh cintakane, pan salin warnanipun, cilakane
kapati-pati, alane pan kaliwat, awake lir lumbung, kulite kadi

pandhoga, atiningsun sangsaya awelas asih, dene apindha
buta.
Sigra lengser sira Raden Panji, wus pinarak neng ing bale
kambang, para manis atap kabeh, Ki Putra Marabangun,
sigra mundhut pustaka adi, Rama lan Bratayuda, anulya
tinembangi, swara lir ngalapna jiwa, nora dangu nulya maos
mayat miring, watawis sigang pada.
Ni Ragil Kuning anulya prapti, alon matur dhumateng Kang
Raka, sarwi gumujeng ature, kakang kawula wau, angedusi
Putri Kedhiri, rema jatha agimbal, tingginya gamrudug, awake
kaya pandhonga, wulu awak aketel lan isi tinggi, kakang
kawula kula tan sotah.
Sakalangkung enek kang ati, malah kawula mutah ping
sanga, tan kelar mambu entute, dhuh kakang aturing sun,
nadyan nyata Putri Kedhiri, aran asalin warna, awake lir
lumbung, kakang den gawe punapa, anauri Raden Inu
Kartapati, ngethengeken wong tuwa.
Nadya warnaa lir werjit cacing, ujer nyata Kusuma ing Daha,
iku jer kakangmu dhewe, yen wis panggih lan ingsun,
kakangira pan ayu maning, lagi cobaning dewa, marang

awaking sun, Ragilkuning alon ngucap, sinten weruh benjing
kadi widadari, jer mengko lir denawa.
Para manis abela prihatin, pan kasaru Ki Prabangsa prapta,
lawan kadang kadeyane, ingkang rayi rinangkul, payo yayi
ambeksa rangin, kangen temen pun kakang, lami nora
nginum, punapa winalang driya, parandene Sekartaji sampun
prapti, kuciwa malih rupa.
Ingkang rayi alon aturneki, angladosi kawula pangeran, tan
kawarna ing polahe, asrang gamelan umyung, sampun mider
kang ponang larih, arak tape waragang, jenewer lan anggur,
senggaknya lir gunung kadya kedhasih, keploke atimbalan.
Apan sadaya wuru kepati, sakathahe kang kadang kadeyan,
apan sami wuru kabeh, wus bubar kang anginum, Ki
Prabangsa tinandhu mulih, miwah Ki Panji Putra, Pamberek
Pamecut, Jejetan lawan Antunan, samya wuru pra samya
tinandhu mulih, sadaya binabayang.
Kacarita enjingipun malih, Panji Putra nimbali Prasanta,
lawan Dhoyok sakarone, sira padha ngongutus, ngulatana
ingkang prayogi, kang gawa kembar mayang, kang anom
kang bagus, kakang kang maksih jejaka, ulatna ing desa

ingkang paminggir, kang pantes dadya patah.
Sampun kesah wulucumbu kalih, karsanira angulati patah,
kang bagus anom dhapure, Ki Putra masih lungguh, Ni

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

16.

17.

18.

19.

20.


21.

22.

23.

24.

4

Onengan den tetakeni, apa sinjange rara, kala mentas adus,
kalawan sengkang apa, kakangira Kusuma Adi Kedhiri, matur
Dewi Onengan.
Sakeh sinjang wastra ingkang Adi, apan cupet tan wonten
sedhenga, dadak nyambungi sinjange, sakehe kalpika gung,
sami sesak munggeng dariji, kakang gegelanging wang, kala
maksih timur, punika dados kalpika, sakathahe kang
sengkang datan mantesi, sami lobok sadaya.
Ingkang raka angandika aris, besuk uga rara kadangira, ayu
lir Ratih warnane, kang rayi pan sumaur, mendahane kayaa
dhingin, tumrap kula lananga, tan sudi angingus, hangur
akramaa liya, raden rengu den thothoki Ragilkuning, muthah
lengser jro pura.
Ana ingkang canarita malih, Nyai Ageng Tegal Kapucangan,
Pandhita rara jenenge, langkung prihatinipun, saicale Putri
Kedhiri, dereng miarsa warta, yen kang putra rawuh,
Pandhita rara alenggah, Ki Tumenggung Kalamisani gya
prapti, matur sarya awot sekar.
amba ingutus dhateng Dewa Ji, rayi paduka atur uninga,
paduka katuran age, yen putranta wus rawuh, ingkang
musna kala ing wengi, anging asalin warna, salira lir
lumbung, kalangkung welas Narendra, pan akarsa dipun
panggihaken malih, lawan Putra Paduka.
Kalangkung bungah ingkang panggalih, Pandhita Rara
kalungkung trustranya, nahan kawarna lampahe, apan anitih
tandhu, lampahira Ni Kili Suci, antawis kalih dasa, ingkang
mikul tandhu, datan kawarna ing marga, Kili Suci ing
Jenggala sampun prapti, nulya manjing kadhatyan.
Pandhita
Rara
manjing
ing
puri,
aningali
mring
Candrakirana, angadeg gegetan tyase, sigra Rahaden Galuh,
malajengi nungkemi sikil, Nyai Tegal Pucangan, amicareng
kalbu, baya karsane jawata, anakingsun Putri Adi ing
Kedhiri, awarna kaya buta.
Pandhita Rara amuwus aris, mendah wruha ing sudarmanira,
sira rupamu mangkono, paran darunanipun, sira nyawa
amiliha warni, ya ta Candrakirana, alon denya matur, kalane
kawula murca, dipun bekta dhateng ing Bathara Durgi,
sinelehken pasetran.
Sakeh dewa sami nupatani, milah ulah ulanta nanadhang
papa, dewa nupatani kabeh, anging kawula besuk, saya ayu
lir widadari, sira Pandhita Rara, awelas tyasipun, rinangkul
Candrakirana, adhuh Rara pepulunaningsun iki, dene nora
kayaa.
Abusekan wong ing sanagari, apan sami acaos dandanan ,
prantine wong duwe gawe, weneh gawe carumpung, kang
saweneh tandhu lan joli, ana karya taratag, ana oleh sekul,
busekan wong sanagara, kang saweneh acaos kebo lan sapi,
samya wong kasinoman.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

5

PUPUH III
Sinom
1.

Yata sinegeg samana, kocapa Putri Kedhiri, sinendhal
mayang mring dewa, tinibakken ing wanadri, langkung
kawelas
asih,
binuncang
Bathara
luhung,
kinarya
lelampahan, kusumadi ing Kedhiri, lara nangis sambat putra
ing Jenggala.
2. Kang karasa manahira, kala sare lawan laki, aneng jroning
pepajangan, kusuma dipun keloni, wau marang kang laki, lir
angimpi manahipun, kala tiba ing wana, sesambate lir
Sundari, kang sinambat pangeran ing dhawuh marma.
3. Ingkang kasongan ngakasa, kang kasangga ing pratiwi, apan
ta nora tandhinga, kaya Dewi Sekartaji, Putri Adi Kedhiri,
kang anama Raden Galuh, kusuma ing Mamenang, minangka
sarine bumi, iya iku musthikane jagat raya.
4. Ayune tanpa tandhinga, kusuma yu ing Kedhiri, amung
wadane satunggal, dene tan bisa anangis, lamun kusuma
runtik, pegel kaku manahipun, lamun kapegat tresna, tan
pegat puteking ati, timur mula pan nora bisa karuna.
5. Ujare wong padhalangan, yen ana kirana nangis, iku
dhedhalang korekan, yogya atakona malih, kusuma di
Kedhiri, wong anteng ayu aruruh, jatmika solahira, aris aririh
yen angling, lamun mesem lir angalapena jiwa.
6. Tegese anteng jatmika, nora darbe tingal malih, nora darbe
tingal malih, nora lali dewanira, datan amemar kapti, marang
Ki Wanengpati, tegese kusuma ruruh, yen kala angandika,
abener amemarahi, basa ruruh tan lali duga prayoga.
7. Laminira aneng wana, kacatur samadya warsi, kalangkung
kawelas arsa, tan adhahar tan aguling, ingkang kacipteng ati,
tan liyan Ki Marabangun, ingkang sinambat tresna, Raden
Inu Jayengpati, kaningaya priyayi Cintakapura.
8. Baya ta nora supena, priyayine Wanengpati, kakang emas
Kastriyan, ujare tresna ing mami, sanggupe bareng lalis,
anunggal candhi lan arung, priyayine Jenggala, teka cidra ing
ubanggi, kaningaya dipateni Kasatriyan.
9. Raden Kuda Rawisrengga, teka tega pisah mami, priyayine
Kasatriyan, paran polahira kori, sapa ingkang ngadosi, Ki
Undakan Wireng Luhung, nadyan silih kathaha, para manis
badhe selir, nora padha lan cethine ingkang murca.
10. Karasa tyase kusuma, kang rama myang ibu sori, amicara
jroning nala, adhuh rama Paduka Ji, tanapi ibu sori, adhuh
yayi Wukirsantun, adhi ajeng Mindaka, sira akulaka warti,
lah karia yayi emas Wukirsekar.
11. Alami aneng ing wana, tansah amangun prihatin, langkung
risak manahira, sarira tansah winanting, madhep Bathara

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

12.

13.

14.

15.

6

ening, datan aetang pakewuh, yayah rena tan ketang, ing
rama ibu wus lali, kang karasa amung papane sarira.
Akathah cintakanira, maring ing Bathara ening, iku
pangraosing manah, kusuma tansah wiyadi, pan arsa ngesthi
pati, sarira lupa anglayung, acecoba bancana, sura legawa
ing pati, nutuh raga lah Sekartaji matia.
Munggah ing sanggar langgatan, kusuma muja semedi,
pinatekken raganira, pejah ing sajroning urip, tan ana kang
akesthi, amung Bathara kang Luhung, sidhakep suku
tunggal, amung dewa kang kaesthi, akeh swara anging nora
kapiarsa.
Wau ta Resi Narada, medhun saking ngawiyati, arum wijiling
wacana, adhuh yoganingsun Nini, lah luwarana Nini, genira
muja aminggu, durung mangsane nyawa, Kusuma tilara ragi,
amung sira Putri Adi marcapada.
Apa sira tedha nyawa, awecaa dipun yekti, anging ta
panjaluking wang, aja sira malih-malih, sira muja semedi,
akeh dewa padha ambruk, yen enak manahira, dewa kabeh
padha muji, Kaki Putra kantaka sapungkurira.

PUPUH IV
Pngkur
1.

2.

3.

4.

5.

6.

7.

Mantuka Nini Kusuma, yayah rena sadayana prihatin, Ki
Putra ing Marabangun, siyang dalu kantaka, kaya edan Ki
Undhakan Wireng luhung, tan ana ingkang kacipta, amung
sira siyang ratri.
Kagyat Kusuma ing Daha, amiarsa swara ingkang dumeling,
sidhakep winudha sampun, mendhek sang lir kusuma, sigra
matur kusuma wacana arum,sinten ingkang asung swara,
jawata kaeksi.
Duh kawula kaki dewa, arsa wikan dhateng paduka kaki,
leheng ngatingala ulun, kawula arsa wikan, wau Resi Narada
manabda arum, iya Nini tingalana, ingong eyangmu Nini.
Iya Nini tingalana, alinggiha Nini dipun abecik, pun kaki
mangkya pitutur, polahe lakinira, apan ana angaku aran
sireku, karsane Prabu Jenggala, arsa pianggihken malih.
Matur Sang Kusuma Rara, sapa sinten ngaku Putri Kedhiri,
mojar Sang Bathara luhung, Nini wong pejagalan, ingkang
ngaku warnanira Raden Galuh, sakehe wong ing jro pura,
padha kasamaran Nini.
Kagyat kusuma ing Daha, amiarsa warta Bathara luwih,
amicara jroning kalbu, wong agung Kasatriyan, samar temen
Ki Putra ing Marabangun, iku baya pan kinarya, lelakone
awak mami.
Yen makaten kaki dewa, pan kawula kaki tan arsa mulih,
awirang mantuk pukulun, kawula kaki dewa, luhung lamun

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

8.

9.

10.

11.

12.

13.

14.

15.

7

dhatenga pejah pikulun, mendah ucaping Jenggala,
kasusatan idhep isin.
Anggur ingsun den punggela, delap urip sira bok Sekartaji,
tan dremanira kalangkung, wirang ing ibu rama, sampun
takdir apa nutuh sliraningsun, saya angles manahira, Hyang
Narada wus udani.
Surasane manahira, nulya angling dhuh yoganingsun Nini,
aja sira leng-leng mangu, wus prentah jawata, lampahanalah
Nini yoganing ulun, pacuwan kirang percaya, pan sira
singong kasihi.
Mesakaken Jakinira, nadyan krama pan durung jatukrami,
lah muliha Nini Galuh, pun kaki rena suka, nulya nembah
Retna Kirana amatur, kawula tur pejah gesang, langkung
lenggana Hyang kaki.
Kang liya saking punika, saparentah kawula anglampahi,
nadyan tumeka ing lampus, mojar Sang Hyang Narada, lah
hidepen ujaringsun Nini Galuh, datan kena ngowahana, wus
pasthine sira Nini.
Sang Dyah angling jroning nala, wus pinasthiya baya awak
mami, kawratan tan bisa muwus, apegelatining wang, dene
nora lenggana ing sang ahulun, kaya ngapa polahing wang,
lamun kapaido benjing.
Wuwuh wirang ingsun dahat, dene uwis ana angaku mami,
luwung baya awakingsun, kapiandela ingwang, apan mesem
Resi Narada lon muwus, aja maras atinira, ingsun amomong
Nini.
Dene kurang kang percaya, ing jawata mangkene karsa mami
sira ngong dadeken kakung, ingsun salini rupa, malebua
ngawulaa karsaningsun, maring Ki Putra Jenggala, ing kono
nggonmu pepanggih.
Matur Kusuma ing Daha, benjing lamun wus prapta ing
nagari, kawula nedha pukulun, panggiha Raden Putra,
anauri Sang Narada manis arum, lah Nini kurang percaya,
wus mijila dipun aglis.

PUPUH V
Mi jil
1.

2.

3.

Yen makaten karsane Hyang kaki, tan lenggana ingong,
Hyang Narada aris ing delinge, iya iku Nini karep mami,
mangsa ingsun Nini, amriha ing dudu.
Warnanira arsa sun salini, ingkang ayu kaot, awarnaa
kakung kang ambancer, lawan karsane dewa kang lueih,
estokena Nini, iya putuningsun.
Tan antara sirna warna estri, dadi kakung paot, anging rada
langguk pasemone, ngularana sajagat tan olik, geter anauri,
ngawiyat gumuruh.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

4.

5.

6.

7.

8.

9.

10.

11.

12.

13.

14.

15.

16.

17.

18.

19.

8

Resi Narada gumuyu angling, adhuh putuning ngong, dadi
kakung abagus warnane, apan kaya Kamajaya ngalih,
ngulatana ugi, sajagat tan nemu.
Alon matur kang amilih warni, myang kaki turing ngong,
swara ulun masih wantah bae, dereng saling masih duk ing
estri, kuciwa sayekti, lamun datan patut.
Resi Narada gumuyu angling, iya putuning ngong, sinalina
swaranira Raden, tan hantara swarane wus dadi, arenyah tur
manis, rada grathul-grathul.
Resi Narada ngandika aris, lah ta putuning ngong, datan ana
kang winaon maneh, swaranira apan uwis salin, dadi sira
kaki, wong bagus anulus.
Apan sira apaesa kaki, dimen saya kaot, sun pantese lawan
busanane, Hyang Narada nyipta busana glis, pranteng ngarsa
nuli, kang wastra sinambut.
Arja kekampuh jingga linud ing, parada bar ambyor, pan
sinuji ing sastra tirahe, ngagem paningset mandhala giri,
sinawang ngrimangi, bebadhong kekalung.
Linancingan cindhe kara abrit, linud ing peraos, dhuwung
tinaturangga pendhoke, alabuwan ukiran sinemi, awewen
mas abrit, dhuwung parung santun.
Ajamang mas asumping mantesi, pinatik retna byor, sumping
capaka klawan rondhone, ginubah sinukmaguna ngrawit,
kang amalih warni, tuhu yen binagus.
Lir Hyang Asmara angemu brangti, baguse katonton, Sang
Hyang Narada leng-leng driyane, aningali kang amalih warni,
anjoto tan pangling, pan arsa rinangkul.
Putuning ngong wong bagus respati, tan ana winaon, wus
apatut lawan busanane, lah ta sira sun wehi kekasih, kang
sembada kaki, lan sawarnanipun.
Iya sira anama mas kaki, lan proyoganing wong, Ki Undhakan
Narawangsa raden, peparaba Wasi Jayengresmi, angakua
benjing rare teka gunung.
Wis mulia mring Jenggala anging, kaki wekasing ngong, aja
liyan sira jujud raden, ngawulaa maring Raden Panji, yen
tinakon Nini, tatanen yen matur.
Nenontona wong binayangkari, ing besuk Buda Pon, Raden
Kasatriyan pangarake, pinanggihken lan Ni Sekartaji, wus
karia kaki, manira mit mantuk.
Kang malih warna ngaturi bekti, sumungkem ing pangkon,
Hyang Narada mumbul kayangan, kari anggana kang malih
warna, Wasi Jayengresmi, tedhak saking gunung.
Kang sinedya ing Jenggala manik, karsane senonton, lamun
Raden Putra ing mangsane, Buda Cemengan binayangkari,
Wasi jayengresmi, lampahe lestantun.
Wong Jenggala lanang wadon kerig, padha anenonton,
padedesan karang dhukuh pereng, lungsinira sami meningali,
dennya ngarak benjing, Raden Marabangun.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

9

20. Kawarnaa Wasi Jayengremi, kang abagus anom, kang
kapapag mirut bali maneh, sami gawok denira ningali, padha
ngiring-iring, maring Raden Gunung.
21. Pan atembak ingkang neningali, ana angling kang wong, dene
kaliwat-liwat baguse, lir Hyang Asmara, pantese Ki wasi, Sr
Nata karuwun.

PUPUH VI
Sinom
1.

2.

3.

4.

5.

6.

7.

Pan sami leleng kasmaran, sagunge para pawestri, katemben
desa tumingal, mring wong bagus linuwih, wenenh becu tan
angling, saweneh nora amuwus, ngendi wismane baya, Ki
Wasi kang lagi prapti, bagus temen kaya dewa kamanungsan.
Sakehe rerencek desa, samya tanya melas asih, pundi
ingkang kawingkingan, miwah kang kasedyeng galih,
gumujeng sarwi angling, Kuda Narawangsa tengsun, atetakon
na apa, dene teka nyalawadi, atetakon ragane pepathak desa.
ana dene wismaning wang, aldaka ing Andongwilis, kaloka
ing pramudita, Ki Wasi Anjayengresmi, dadi kondhang
pawestri, lelanjar lawan bebakul, lan aku prasudukan, dadi
lelancuring wukir, aku uga bocah ladak kuwarisan.
Dadi bebanthenging arga, ana dene karep mami, sumedya
marang Jenggal, ingsun arsa neningali, pangarake Apanji, ia
lawan Raden galuh, apa warnane baya, sujalma kang aran
Panji, pangarake apan ingsun arsa wuninga.
Kathah solaing wanodya, samya kasmaran ningali, mring
Undhakan Narawangsa, dene swarane amanis, piyarsa daut
ati, sembada lan kang anembung, wau ingkang kocapa,
wulucumbu
kang tinuding, Sadulumur kalawan Menak
Prasanta.
Wong loro lagya raraywan, Ki Sadulumur ngacuwis,
angamyang sadalan-dalan, juwehipun angliwati, dangudangu ningali, yen ana wong rubung-rubung, Sadulumur
angucap, rubung-rubung apa ta wong adu ayam.
Payo dhoyok pinaranan, Menak Prasanta nauri, kiraka
wonten punapa, wau ingkang den tingali, piye kiraka aglis,
saksana padha lumaku, Sadulumur Prasanta, prapta
ngarsane Ki Wasi, pan melompong kasmaran denya tumingal.

PUPU VII
Asmarandana
1.

2.

Angalem sajroning ati, iki wong bagus utama, dene tan ana
winaon, Ki wasi kang lagi prapta, dene ta kaya kembar, iya
lawan gustiningsun, Raden Putra Kasatriyan.
Ki Menak Prasanta angling, saking ing tambet kawula, inggih
dhateng making angger, teja-teja sulaksana, dene anyar

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

3.

4.

5.

6.

7.

8.

9.

10.

11.

12.

13.

14.

15.

10

katingal, leksanane wong abagus, ing wingking pundi
pinangka.
Kaping kalihe wong benthing, ing ngajeng pundi sinedya,
tigas kawuryan rahaden, sinten sinambating nama, angling Ki
Narawangsa, sira atakon maring sun, manlemu pinangkaning
wang.
Ing wukir Cemarawilis, manlemu wismanira, ana dene
kasihing ngong, Ki Undhakan Narawangsa, iya jejuluking
wang, Ki Wasi Anjayengsantun, bocah ladak kaduluran.
Mila tedhak saking wukir, arsa malebu ngawula, mring
ingkang dadi panganten, mokal yen nora arsaa, ingsun
cinacad apa, amupukhi ing aguna.
Menak Prasanta nauri, estu yen Rahaden Putra, pan arsa
binayangkare, lan Dewi Candrakirana, benjang Buda
Cemengan, anenggih pangarakipun, gih daweg kapasang
yoga.
Lamun singgih sang apekik, arsa malebu ngawula, inggih
dhateng Raden Sinom, kawula dadosa marga, ingkang
anglarapane, inggih
dhateng sang abagus, sampun
dikawalang driya.
Kaping kalihipun malih, inggih kawula punika, dhapuripun
awon-awon, kang wulucumbu Rahadyan, Putraning Dhawuh
marma, lampah kawula ingutus, ngulati badhe pepatah.
Inggih kang prayoga enjing, kang anggawa kembar mayang,
mendah Rahaden sukane, Kuda Jayengsekar riyak, iku aku
dudu wong punuk, datan gelem ngembar mayang.
Pantese Rahaden Panji, manthuk-manthuk nunggang jaran,
aku angapit ngisore, iya jejalukaning wang, angling Menak
Prasanta, gih-inggih sang – a – bagus, sampun dika walang
driya.
Kawula kang anyaguhi, saking pamundhutanira, Rahaden
Arya wiyose, langkung ambek palamarta, aris kang
pangandika, amuruki kang balilu, angapura ingkang dosa.
Samana pan sampun kering, marang panakawan karo,
kalangkung suka kang manah, sira Menak Prasanta, pituwin
Ki Sadulumur, angrasa yen angsal karya.
Kang kari samya geng brangti, sakehing para wanodya, dadya
amirangu kabeh, lali gaweanira, dadi kembang wacana,
sandhung jegluk tiba gabrus, sambat Kuda Narawangsa.
Nengna wau kang lumaris, warnanen nagri Jenggala,
dandanan sampun cumaos, parabote wong angarak, lan kang
dadya tontonan, pan donyanira tinawu, Sri Narendra ing
Jenggala.
Datan pegat siyang latri, kasukan Rahaden Putra, lan kang
pra kadeyan kabeh, miwah Putra ing Mamenang, Raden
Prawatasekar, samana pan sampun rawuh, dhateng nagri ing
Jenggala.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

11

16. Warnanen Dyan Sekartaji, pinarak aneng witana, ingayap ing
pawongane, siyang dalu awiraga, nora saya ayuwa, wuwuh
saya anggarebyuh, sarira winada jenar.
17. Sira Raden Wukirsari, munggeng ngarsane kang raka,
amarikelu mijil ingusapan, aningali kang raka, dene salin
warnanipun, sadhatenge pangambaran.
18. Langkung beda lan kariyin, Dyan Dewi Candrakirana, sarira
lir tambur amoh, sambada lan dedegira, kadi Bathari Durga,
kang ingame siyang dalu, pan amung Rahaden Putra.
19. Kaya agea kapanggih, siyang dalu lir gerantang, nuli kinen
manggihake, iya lawan Rajaputra, Dewi Candrakirana, apan
tansah gedrag-gedrug, emban inya samya latah.
20. Ya tan Raden Wukirsari, tumungkul angemu waspa, miarsa
pangandikane, Dyan Dewi Candrakirana, nora mambu
wanodya, solahe lir pendah kakung, baya wus karsaning
dewa.
21. Warnanen wau Ki Wasi, ingiring mring panakawan,
Sadulumur Prasantane, wus prapta ing Kasatriyan, abdi karo
tur mendhak, Paduka karsaan kantun, kawularsa tur uning.
22. Dhateng gusti Raden Panji, angling Kida Narawangsa, iya
ingsun kari kene, man lemu lah malebua, matura Rajaputra,
karone sampun malebu, marek ing Raden Putra.
23. Ngandika Rahaden Panji, kaya paran ingsun duta, apa sira
oleh gawe, umatur Menak Prasanta, inggih gusti pan angsal,
kathahe tiyang sapuluh, ingkang badhe dados patah.
24. Angsal ulunta prayogi, kinen bekta kembar mayang, bagus
maksih anem-anem, lan malihipun kawula, angsal wasi
satunggal, lagya tedhak saking gunung, wasta Kuda
Narawangsa.
25. Bagusipun anglangkungi, sajagat tan wonten memba, datan
wonten kang winaon, kadya kembar lan Paduka, nanging ta
kaotira, saking tawa tawisipun, singa ingkang asepuha.
26. Neng margi kawula tari, pan purun kawula bekata, nanging
satunggil cacade, Ki Undhakan Narawangsa, datan waged
abasa, pangucape rada langguk, langguke pan amor karsa.
27. Angandika Raden Panji, kakang sira tinambalana, ingsun
arsa wruh rupane, ingkang aran Narawangsa, ingkang bagus
utama, Prasanta nembah tumurun, pan sampun prapta ing
lawang.
28. Wus panggih lawan Ki Wasi, angling Ki Menak Prasanta, lah
daweg Sang Prawira Nom, jengandika ingandikan, dhateng
kanjeng bendara, Kuda Narawangsa manthuk, apan sarwi
angandika.
29. Manlemu sun janji dhingin, ingsun nora bisa basa, yen
kanggo mangkene bae, sanadyan ta gustinira, yen kurang
palamarta, pasthi aku amit mantuk, tan ajrih Putra Srinata.

PUPUH VIII
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

12

Sinom
Mojar Ki Menak Prasanta, sampun walang driya malih, Raden
Putra ing Jenggala, balaba alus ing budi, ngapura wong kang
sisip, anuduhena kang luput, ngapura kang adosa, samana
pan sampun kering, sira wau Ki Undhakan Narawangsa.
2. Nuli malebet gapura, lelakon macan angelih, lembehan
korakan kontal, dhuwunge sogleng respati, lewane jungkar
angin, sarwi kampuhe sinadhung, riyak gajah ameta,
mandheg layangan tinolih, sareng mulat Ki Wasi lan Raden
Putra.
3. Dupi tempuh ing paningal, lit kilat barung lan thathit, lir
sinendhal kang wardaya, Rajaputra aningali, Ki wasi
Jayengresmi,
manahe
teka
kumenyut,
lir
pendah
panjangputra, tiba ing sela binanting, pyar ring tingal dene
datan paja muga.
4. Kaya amor ing paningal, lan Ki Wasi Jayengresmi, angandika
Rajaputra, panabdane mambu ati, lah katuran mas yayi,
kusuma mas yayi, kusuma kang lagi rawuh, kawula tan
nyanaa, tan supen jroning guling, yen andika tumedhak ing
Kasatriyan.
5. Pan sampun tata alenggah, Ki Wasi lan Raden Panji,
angandika Rajaputra, lah ta ingsun basa yayi, saking
reseping ati, ngaku sadulur wong bagus, dadya kadang
taruna, Kuda Narawangsa angling, sun tarima saking ing
pangakunira.
6. Ngandika sang Narpaputra, katambetan ingsun sulaksana,
tejane ing wong abecik, sulaksanane yayi, dene ta anyar
kadulu, wingking pundi pinangka, miwah kang kasedyeng ati,
sajatosipun kakang tigas kawuryan.
7. Sinten sinambating sekar, saking tambetingsun yayi, mesem
Kuda Narawangsa, kang sabda apahit gendhis, lamun tambet
ing mami, ingsun jalma teka gunung, dene praptaning wang,
ing wukir Cemarawilis, tau tata tau jana seseliran.
8. Ki Undhakan Narawangsa, Kasatriyan aran mami, dene ta
jejuluking wang, Ki Wasi Anjayengresmi, sambada jeneng
mami, pan aku anom abagus, amumpuni ngaguna, pan aku
praptameng kawi, aku uga wong baranyak kaduluran.
9. Awanter amara tangan, pan aku rada bambang pring, dadya
kondhanging wanodya, pan dadi kidung kakawin, dene para
pawestri, aku uga lare jendhul, sira tukua warta, ing wukir
Cemarawilis, mila karan Wasi Kuda Jayengsekar.
10. Ana dene karyaning wang, mila tedhak saking wukir, wartane
nagri Jenggala, ana wong binayangkari, ingsun arsa ningali,
pan tembe durung wikan, aku katemu ing margi, lan
manlemu pan aku banjur diajak.
11. Ragane ta baya sira, kang arsa binayangkari, angandika
Rajaputra, apan yayi, arsa binayangkari, iya lawan Raden
1.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

12.

13.

14.

15.

16.

17.

18.

19.

20.

21.

22.

13

Galuh, mesem jroning wardaya, Kuda Narawangsa angling,
Kasatriyan ingsun amidhanget warta.
Kang aran Candrakirana, Kasusra yen ayu luwih, sajagat
tanpa sasama, Putri Adi ing Kedhiri, Sang Rajaputra angling,
iya kaladuk rumuhun, kalane durung ilang, nyata yen ayu
linuwih, nanging mengko satekane pangumbaran.
Sekartaji malih warna, alane anggleliwati, salirane kaya
gajah, mila langkung welas mami, marang Dyan Sekartaji,
dene tan dreman kalangkung, dene nora kayaa, kang ati kaya
jinait, aningali mring Retna Candrakirana.
Miwah rama Sri Narendra, kalangkung welas ningali,
marmane yayi manira, pan arsa binayangkari, Ki Wasi
Jayengresmi, suka gumuyu sang abagus, mojar sarwi ariyak,
loro arane geringsing, den prayitna sira uga Kasatriyan.
Pan akeh wong mendha-mendha, kawruhana jaman
mangkin, palihan lan larang pangan, pepati angrerebuti, tan
wruh nglimang sukoni, kasusu ing butuhipun, Raden Putra
Jenggala, ing galih datan kadugi, ing wuwuse Ki Undhakan
Narawangsa.
Angandika Rajaputra, yayi Wasi Jayengresmi, sira ngawulaa
mring wang, haywa sira mulih-mulih, apan ta sira yayi,
manira aku sadulur, sira yayi manjinga, kadangsun sudara
wedi, ingsun nora duwe kadang amung sira.
Angling Kuda Narwangsa, alah iya Raden Panji, apan ta wus
katarima, pasihanira ing mami, tan bisa amangsuli, reh
ingsun iki wong bagus, nora bisa akrama, lan maninge Raden
Panji, aku uga wong bagus widigdeng sastra.
Manawa ta kurang sabar, manahira mring mami,
ngawulakaken maring wang, kawruhana meda mami, apan ta
ingsun ugi, tan keana kapenceng ngayun, apan rada cugetan,
panas baran putung ati, bok manawa sira Panji tan derana.
Lan malihe medaning wang, sandyan ta sira Panji, aweh
prentah marang ingwang, yen nora patut ing tulis, iku aku
tan keni, sayekti sira sun suduk, wutah jaringanira, aku uga
wong bambang pring, panas baran awanter amara tangan.
Yata mesem Rajaputra, pangandikanira aris, ingsun
sumangga ing karsa, apan iya sun turuti, nanging ta emas
yayi, aja sira mantuk gunung, welasa mring pun gunung,
welasa mring pun kakang, idhep-idhep sira yayi, pan prayoga
atulung karamat bejat.
Mesem Kuda Narawangsa, kang manah kadya jinait, yata
Putra ing Jenggala, ingeseman mring Ki wasi, angles karaseng
ati, Kuda Narawangsa muwus, lan maning Kasatriyan,
medaku sun janji dhingin, bok manawa seli lawan kadangira.
Yen padha dhemen maring wang, pan aku wong anyelanthir,
aku uga nora kena, yekti padha sun ladeni, nadyan
kadangmu estri, yen kasmaran maring ingsun, iya

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

23.

24.

25.

26.

27.

28.

29.

30.

31.

32.

33.

14

sakehanea, amesthi ingsun ladeni, aku uga bocak ladak
kaduluran.
Nadyan silih garwanira, Putrane Raja Kedhiri, dyan Dewi
Candrakirana, yen kasmaran mring mami, pasthi ingsun
ladeni, aku wong bagus anulus, sanadyan sira uga, yen budi
ingsun kembari, apan aku wani tandhing kadigdayan.
Ngandika Rajaputra, yayo Wasi Jayengresmi, lah apa
sakarsanira, apan ingsun anuruti, nadyan Si Sekartaji,
lamun sira yayi ayun, ingsun dhateng sumangga, nora duwe
ati serik, anging yayi sira aja lunga-lunga.
Mesem Ki Wasi ngandika, lan maninge Raden Panji, sakehe
kadeyanira, santana myang para mantri, Undhangana
prasami, angidhepa marang ingsun, saosa karsaning wang,
lan padha konen rersik, aku gething wong jalebut tan
resikan.
Ngandika Rajaputra, mring santananira Panji, poma sakeh
kadanging wang, wadya sakeh para mantri, padha ngidhepa
maring parenthahe ariningsun, Ki Kuda Narawangsa, padha
sun prentahi yayi, Wasi sasat dewa Suralaya neka.
Tumedhak ing Kastriyan, yen pangraose kang ati, yata kang
para kadeyan, sadaya asaur peksi, tan lenggana ing kapti,
nyaosi ing karsanipun, Ki Kuda Narawangsa, para kadeyan
samya sih, ya ta mesem Wasi Kuda Jayengtilam.
Ngandika Raja Pinutra, nadyan silih awak mami, apan ta
kena suminggah, ing karsane yayi Wasi, yen tilaren upami,
asuk sore ingsun lampus, lan haywa lunga-lunga, mung sira
telenging ati, apan sira kang dadi panglipur brangta.
Riyak Kuda Narawangsa, Ki Satria nyalawadi, pan iku dudu
rerasan, kang bangsa anglipur brangti, aku dudu pawestri,
pan nora layak pawestri, pan nora layak rinungu, mesem
Rahaden Putra, panganikane mrang gendhis, lah ta yayi
kaywa kaduk bela tampa.
Tegese panglipur brangta, mung sira sadulur mami, pasthi
nora betah pisah, lawan sira wong ambenthing, yen sira
mulih yayi, pesthi ingsun nuli lampus, mangsa aweta gesang,
karane yayi mas Wasi, haywa lunga welasa dhateng pun
kakang.
Nadyan mbenjing ingsun krama, apanggih lan Sekartaji, sira
ingkang anggendhonga, iya marang awak mami, besuk yen
ingsun panggih, Kuda Narawangsa muwus, lah iya
Kasatriyan, pan ingsun nora kadugi, kaya priye atine wong
gegendhongan.
Raja Putra angandika, lah ta yayi Jayengresmi, tegese
agegendhongan, ing benjing yen ingsun krami, apan ta sira
yayi, kang ngrabekken marang ingsun, sira kang maesana,
ariningsun wong asigit, yen siyaga sira ingkang basahna.
Kalamun ingsun den arak, sira ngapita ing kami, kalamun
ingsun amucang, sira ingkang anyaosi, amung sira mas yayi,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

15

aja adoh lawan ingsun, yen wus panggih upama, sira dadia
pangarik, aja tebah mung sira kusumaning wang.
34. Yata anulya ariyak, mungkur Wasi Jayengresmi, lah iku dudu
rerasan, pan nora layak ing kuping, iku anyalawadi,
Kasatriyan pangucapmu, yen kober marenana, aja mindho
ngucap malih, aku wong aladak tur kaduluran.
35. Yen Sekartaji upama, aku kogawe pangarih, aku wong bagus
prawira, pesthi Dewi Sekartaji, kedanan maring mami,
pasthine manira rasuk, mangsa wedia sira, baguse pan nora
kari, sira putra ingsun trahing gulakentar.

PUPUH IX
Dhandhanggula
1.

2.

3.

4.

5.

6.

7.

Yata angling Wasi Jayengresmi, kasatriyan jejalukaning
wang, yen sira ngawulakake, sakeh remananingsun, saosana
sore lan enjing, aja na ingkang kirang, jejalukaningsun, aku
dhemen kampuh sawat, dhasar mori tulisane simbak mangsi,
lah iku saosana.
Lawan paningset pathola wilis, lancinganingsun cindhe
jalamprang, tinaturangga kerise, ingkang tinatah murub,
kandelane emas cinawi, landheyane pancula, ngungalan
sinemu, akuluk kinanigara, datan arsa angangge jangkeping
kalih, sapisan ingsun buwang.
Lawan ingsun dhemen asesumping, cepaka wilis ingkang
ginubah, sinukmeng tibeng bau, ingsun dhemen ganda
kasturi, lah padha saosana, ganda ingkang arum, ingaran
jebad kalembak, lah toyane chergulo tier mawar asri, saosa
saben dina.
Angandika sira Radyan Panji, yayi bok aja jebadan ganda,
becik boreh sari bae, Ki Narawangsa muwus, sarwi riyak
denira angling, pan aku Kasatriyan, pan dudu wong punuk,
lan dudu bocah gorekan, nadyan gunung pan aku tau
amukti, lan maninge kareksa.
Yen tan sanggup ingsun pamit mulih, marang arga ing
Ngrancangkencana, angur atapaa bae, Rajaputra gumuyu,
gujengan bae manira yayi, lah aja cecugetan, sumakeyan
bagus, lan sumakeyan wong dinama, mengkak-mengkok
sithik-sithik nuli mulih, lir rabi tetariman.
Alah iya ingsun kang nanggupi, nadyan wuwuha satus
mangkana, anging ywa ta mulih bae, welasan marang ingsun,
wong abagus sadulur mami, ingsun tan betah pisah, lan sira
wong rangkung, mesem Kuda Narawangsa, lan maninge aku
anjejaluk Panji, yen ingsun arsa dhahar.
Lamun ingsun amundhuta bukti, selirira lan manggung
sadaya, kang gawaa rampadane, anglangdenana mring sun,
garwanira Si Sekartaji, angapita maring wang, iku kang sun

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

8.

9.

10.

11.

12.

13.

14.

15.

16.

16

jaluk, lan maninge selirira, roro sisih anggawa badhak
ngepeti, iya yen ingsun dhahar.
Aku uga Kasatriyan apik, dhedhaharan ingsun kawruhanaa,
saosan sega wangen, konen nosoh ping pitu, lamun wuluh
ingsun tan sudi, sadaya piring putra, ing rampadaningsun,
aku doyan iwak tambra, dhog carubuk terung kerupuk ywa
kari, lawan iwak belanak.
Angandika mangke Raden Panji, aranana ingkang nora ana,
pan ingsun sanggupi kabeh, luwiha saking iku, pan manira
sanggup ta yayi, anging ta arining wang, aja mantuk gunung,
welasa maring pun kakang, lamun sira muliha ingsun
ngemasi, mesem dyan Jayengtilam.
Kadeyanira
Rahaden
Panji,
tumingal
mring
Kuda
Narawangsa, agegolong katrisnane, dene wong abagus tulus,
datan wonten dipun wahoni, keras kang pangandika, grathulgrathul arum, linge amulet ing driya, kadya kembar lan sira
Rahaden Panji, lir satu lan rimbagan.
Sira
wau
Raden
Wukirsari, tumingal mring Kuda
Narawangsa, tan kena tinambak luhe, ana kraos ing kalbu,
miwah sira Rahaden Panji, anom denya tumingal,
busangkaning kang luh, ing manah saya kagagas, aningali Ki
Wasi Anjayengresmi, tan sah kumejot ing tyas.
Angandika Wasi Jayengresmi, Kasatriyan ingsun atetanya,
iku ana rare bancer, kaprenah ta apamu, alah iya punika
yayi, kadangingsun taruna, dene kasihanipun, iya Radyan
Carangwaspa, Panji Anom iku arane ta yayi, lah ta akunen
kadang.
Ki Undhakan Narawangsa angling, sun petheke Panji
dulurira, petheke Panji nyaleweng, pan iku tangguhingsun,
rada iku tangguhingsun, rada mlincur sungkan ing kardi,
yata Dyan Carangwaspa, alinggih tumungkul, lan maninge
ingsun tanya, iku sapa kang kampuh gadhung malathi,
pamingset cindhe kembang.
Iku yayi rine Sekartaji, Wukirsari Putra Prabu daha, lan
ingsun kaprenah ipe, lah akunen sadulur, yata manthuk
Dyan jayengsari, sajroning wisma ana, ingkang wanodya yu,
sarenteg pangawak dara, pamulune akuning amerak ati,
kaprenah apanira.
Angandika sira Raden Panji, iya iku yayi kadanging wang,
wuragil wanodya dhewe, lah akunen sadulur, sira yogya kang
memarahi, mojar Ki Narawangsa, iya sadulurmu, prayogane
pinanggihan, Putra Daha mring Rahadyan Wukirsari, tan ana
kang kuciwa.
Tansah kagagas sajroning ati, genya umulat Ki Narawangsa,
miwah Rahaden Panji Anom, karawa Raden Galuh, pasemone
Ki Jayengresmi, lawan Candrakirana, amung kaot kakung,
pasang rakite sarira, apan tunggal saya karasa ing galih, teka
mijil kang waspa.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

17

PUPUH X
Mi jil
1.

Sru gumuyu Raden Wukirsari, ragane memoyok, kados pundi
gen bucal wiyose, dhateng kakang nimbok Sekartaji, dadya
warni esthi, kadang kula sepuh.
2. Latah-latah Wasi Jayengresmi, Kapingkel Sang Anom,
langkung suka angguguk guyune, ingsun sidhep sira nora
asih, mring kadangmu estri, ya Si Gajah abuh.
3. Den waspada ing tingal kang ening, ywa mengeng pangilon,
awasena jroning paesane, tanpa katon amung kang ningali,
yen dereng udani, akonen reraup.
4. Mesakake kadangira estri, iya Wukirsinom, paran olihira
ngundang Raden, kang kelangan pan sira pribadi, nadyan
warna babi, jer kadangmu sepuh.
5. Sira lanang yogya den tangisi, pan ika wong wadon, kang den
kasihi mung sira Raden, sira kang yogya den gegandholi, sira
Sekartaji, mengko mundhak kukuh.
6. Lamun sira langkungana tebih, gegawanmu abot, lah cekelen
dhadhungen gulune, momotana ambene den becik, bok
medhaot ing margi, dhadhungen ing eduk.
7. Lan gulune wehana kalinthing, lawan gentha loro, dimene
rosa momotane, panirike riakate ngluwihi, yen ana wanadri,
watek klinthing krungu.
8. Pelananana dipun ainggil, wehana pepayon, silih den becik
iya ambene, apus buntute sangkelat abrit, yen yun
anunggangi, anyekela apus.
9. Dyan winarna sira Sang Apanji, datan geguyon, apan
sakalangkung pasihane, maring sira Wasi Jayengresmi, tan
pisah sanyari, lan Sang Narpasunu.
10. Kawarnaa Dewi Sekartaji, kang ana kadhaton, tansah
amboyoing sarirane, wau kang arsa binayangkari, linadenan
cethi, atap munggeng pungkur.
PUPUH XI
Pangkur
1.

2.

Tansah ngadi-adi warna, Sekartaji besuse angliwati, binonyo
sariranipun, paras kadi sesabrah, esuk-esuk angambil karya
cecenthung, wong ireng aboreh jenar, kadya lele den
bumboni.
Sarwi angadhep rampadan, Sekartaji datan pegat abukti,
gawok sakeh kang andulu, Dewi Candrakirana, iya salamine
salin warninipun, nora jamak yen adhahar, sekul tigang
bodhag enting.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

3.

4.

5.

6.

7.

8.

9.

10.

11.

12.

13.

14.

15.

18

Ingayap kang para inya, angandika Ni Dewi Sekartaji, biyang
aku apa patut, olehku awiraga, besok aku yen ketemu
kakang brangus, lamun aku linggih jajar, ni inya turira aris.
Kalangkung dening sembada, kadi Kamajaya lawan Ratih,
asuka Sang Dyah gumuyu, sanget ajukakaan, pantes pisan
apan aku Raden Galuh, ingwang Ni Candrakirana, Putri Adi
ing Kedhiri.
Enya biyung ingsun ganjar, iwak empal iya gegadhon mami,
pawongan suka gumuyu, angling Candrakirana, lah
sawangen aku biyung dhenok tanggung, sarenteg pangawak
dara, jager-jager merak ati.
Baya ta nganti punapa, aku iki pinanggihaken maning, kudu
nganggo ebol ngasu, iya mangsa bedaa, nora betah ingwang,
pisah lawan kangmas Panji.
Jamak jenenge wong tuwa, lamun arsa angrengga wong tuwa,
lamun arsa angrengga kaya dhingin, ginansarena ing laku,
lawan anganti apa, nora arep nuli momong putu bagus,
kuning balengah-balengah, tur lanang den kekuciri.
Apa nora bungah lawan sun liling-liling, pawongan suka
gumuyu, apan sarwi angiwa, pan kapingkel saweneh
angucap, nora kayaa Sang Putri.
Panggihe durung karuwan, Putranipun kinudang-kudang
dhingin, umur kawan dasa dalu, ujare kasundhulan, lagi
mengko gawok tumon nora tau, apa nora bosen mana, rong
sasi babar ping kalih.
Angling Ni Candrakirana, iya benjang biyang yen aku uwis,
temu lawan kakang brangus, aku agandhang-gandhang, bari
aku alembehan lengkung-lengkung, nuli ingemban tan kelar,
sinelehaken ing wentis.
Kakang brangus semu payah, teka seba aku welas ningali,
aku mundhut cindhe gupuh, kakang brangus sun emban,
aneng latar mider ing pethetan darung, sun kebuti kepet
Cina, tur bari sun sesindheni.
Lagi eca paguneman, Raden Wukirsari malebeng puri,
angandika Raden Galuh, kene yayi linggiha, Raden Wukirsari
majeng awot santun, suka Ni Candrakirana, mojar sarwi
kirig-kirig.
Aku kiye nganti apa, Wukirsari temokena tumuli, iya lawan
Kang Brangus, aku pan nora sabar, lawas-lawas apa nganti
ingsun metu, selak nora betah ingwang, pisah lawan
kangmas Panji.
Bok aja nganggo den arak, aku biyen pan wis binayangkari,
matur Raden Wukirsantun, kakang bok tur kawula, sampun
dika sok andhandhang age temu, sampun angucap
mangkana, awon pinyarsa pawestri.
Andika Putraning Nata, pan memirang jenenge wong
pawestri, anganggea tetesing bun, yen kadya duk ing kuna,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

19

kakang embok warna paduka yu punjul, mangke salin warna
ala, darbea wirang sathithik.
16. Rahaden Wukirsuma, pegel ing tyas dadya kang waspa mijil,
mendah salin Rama Prabu, ningali solah dika, baya benjing
nora sudi ngaku sunu, dene wiraos andika, sanget denya
nglelingsemi.
17. Kados lamun datan arsa, ngaken Putra dhateng paduka
benjing, owah salir barangipun, nadyan awak kawula, pan
rumaos kalamun wirang kalangkung, dika kang darbe sarira,
punapa tan nedya kingkin.

PUPUH XII
Asmaradana
1.

Angling Dewi Sekartaji, lah uwis sira merada, aja sira aneng
kene, lamun tan bisa tumingal, maring sariraning wang,
menenga aja amuwus, tur sira kaperadangan.
2. Yata Raden Wukirsari, lengser saking ing ngajengan, tur
sarwi nebah jajane, saha waspa adres medal, gawoke manah
ingwang, ingkang becik tan tiniru, aku uga tan pedahan.
3. Ngilangaken dhog sawiji, nora idhep kadang tuwa, lamun ala
pambekane, lah ta ginawe punapa, dumeh kadangku tuwa,
pan aku nora gegetun, modara dipangan buta.
4. Wau Raden Wukirsari, lajeng dhateng Kasatriyan, marek
dhateng Sang Wiranom, mapan ta Raja Putra, akasukan
bebeksan, ing siyang dalu anginum, lawan kang para pinutra.
5. Raden wasi Jayengresmi, lagya malebet ing pura, lajeng
anjujug kaputren, enggone selir bedhaya, Laju ing dalem
pisan, tumingal ing para arum, Ki Wasi tansah jejawat.
6. Kagyat sagung para manis, den nyana Raja Pinutra, pan sami
tumurun kabeh, dene Kuda Narawangsa, warnane kaya
kembar, lawan Raden Marabangun, pasemone apan nunggal.
7. Tumingal kang para manis, lamun Ki Wasi kang prapta, pan
sareng gumuyu rame, apan sampun ingaturan, Undhakan
Narawangsa, angandika manis arum, sun tingali para sekar.
8. Dene padha rubung iki, apa ta ingkang ginarap, para selir
matur alon, apan daweg amerada, kampuh penganyar-anyar,
anging silih dereng sampun, angling Kuda Narawangsa.
9. Olehira anenungging, kaya cinakar ing ayam, nora patut dadi
wadon, angur padha cawetana, kambi amikul kranjang, lan
aja anganggo pinjung, yen ora bisa merada.
10. Mojar sagung para selir, wong agung waged punapa, amung
nandur kenthang cegkeh, nandur kimpul matun gaga,
pantune wong aladaka, karyane amadung kayu, mengko
sanggup bisa mrada.
11. Saweneh mangkya silir anglir, Ki Undhakan Narawangsa,
dene teka langguk bae, sanggup bisa amarada, nadyan silih

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

12.

13.

14.

15.

16.

17.

18.

19.

20.

21.

22.

23.

24.

25.

20

bangkita,
iya
wantune
wong
gunung,
mangsa
Si
angungkulana.
Goningsun mangke nenungging, sigra Kuda narawangsa,
mundhut kampuh pinaraos, para selir duk tumingal, sami
eram sedaya, aningali sang abagus, pan samya kagyat
sadaya.
Panung ginge mapan sami, lan Dewi Candrakirana, mapan
kembar nora roro, traping warna iya tunggal, Ki Kuda
Narawangsa, tuhu wignya Sang Abagus, den sambi anguraura.
Wau genira anungging, Ki Undhakan Narawangsa, watara
samucang jambe, prandene oleh sakebar, gawok ingkang
tumingal, lingsem sakeh para arum, sami tumungkul sadaya.
Apan kadya den rewangi, ing widadari Kaendran, Ki Wasi
genya meraos, angling Kuda narawangsa, lah padha awasena,
sanadya aku wong gunung, aku wignya amerada.
Ki Wasi Anjayengresmi, samana binondhet kampuhe, mring
sira Dewi Onengan, lah kakang sampun kesah, kawula
andika wuruk, tingkahing wong amerada.
Kawula dereng abangkit, gumuyu dyan Jayengtilam, apa
gawemu wong wadon, nora bisa amerada, angur sira
bengkata, katungkul undi lan ujung, lan angur cecawetan.
Gumuyu Ni Ragilkuning, ingkang raka cinethotan, Ki
Narawangsa
wuwuse,
dhingin
yayi
ipenira,
Dewi
Candrakirana, apa ora amemuruk, yayimas marang ing sira.
Ujare Putri Kedhiri, waged salir kabudayan, jare wasis nenun
songket, yayi nora guru kuna, matur Dewi Onengan, inggih
kalane karuhun, wasis salir pagaweyan.
Lan ing mangke malih warni, pan sampun lali sadaya, jugul
sakatahe gawe, merada malih bisaa, angantih nora bisa, Ki
wasi suka gumuyu, mirsa ature Onengan.
Mara sira sun warahi, lah Onengan awasena, enggoningsun
ameraos, yata wau winarahan, mring Kuda narawangsa,
sinambi amaca Kidung, rengeng-rengeng ura-ura.
Suka tyase ragilkuning, sampun genya amerada, Ki Wasi
ngandika alon, ingsun arsa tumingala, maring wong
abebeksan, nginum ing jaba gumuruh, yayi ingsun
sangonana.
Ingsun anjaluk sesumping, rokok jambe lawan sedhah, sang
Retna gupuh manahe, kang raka wus ingaturan, sesumping
gegubahan, suruh carang apu campur, jambe wangi rokok
dawa.
Apan sarwi den dhedhesi, pan kadi sam-usap tangan, yata
anulya tinampen, mring Undhakan Narawangsa, aris kang
pangandika, iki yayi pawenehmu, jambe suruh lawan sekar.
Sun wehaken Wukirsari, apan iya ingsun warah, lamun sira
ingkang aweh, angling Ni Dewi Onengan, kawula boten lila,
den wehna ing Wukirsantun, tan duwe sanak wong Daha.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

21

26. Angling Wasi Jayengresmi, lah aweh nora awehna, apan
ingsun wenehake, mring Raden Wukirkusuma, sun wewehira,
mendah silih bungahipun, yata Ni Dewi Onengan.
27. Matur sarwi awor tangis, pundi kakang Narawangsa, pan
gadhahan kula dhewe, nora lila nora suka, jambe sedhah lan
sekar, nora lila trus bebalung, den wenehana wong Daha.
28. Mesem Kuda Jayengsari, apan masih kinukuhan, anulya
rinebut bae, marang Ni Dewi Onengan, sarta asemu waspa,
pundi kakang darbeking sun, sampun dika gegujengan.
29. Boten neja tan angimpi, aweweh Putra ing Daha, dene emaneman jambe, tan darbe kadang wong Daha, dhateng
Wukirkusuma, dadya udreg Sang Raetna yu, rame denya
arebutan.
30. Kukuh Kuda Jayengresmi, mojar Ni Dewi Onengan, sampun
dika ageguyon, lah pundi darbek kawula, kakangmas
Narawangsa, niayanipun kalangkung, ujare mundhut
piyambak.
31. Mangkya arsa winehken mring, Wukirsari kula dahat, tan lila
kuda turake, dika marang kakang putra, temah dika
dinukan, Kuda Narawangsa muwus, lah mara yayi matura.
32. Mapan aku nora wedi, mring kadangmu Kasatriyan, yen
tinundhung aku mulih, nora kudu angawula, marang ing
kakangira, Dewi Ragilkuning rengu, sarwi angucap Srinata.

PUPUH XIII
Sinom
1.

2.

3.

4.

5.

Lumayu Dewi Onengan, amatur Rahaden Panji, Sang Retna
sarwi karuna, parpteng raka anungkemi, Ki Wasi
Jayengresmi, kala wau amemundhut, jambe sedhah lan
sekar, basane arsa ningali, wang kasukan kawula aturi sekar.
Rokok lawan jambe sedhah, sareng sampun den tampeni,
inggih dhateng rayi tuwan, Ki Undhakan Jayengsari, karsane
ta puniki, pinaringaken Wukirsantun, kawula boten suka,
nunten kula rebut wani, rayi tuwan akukuh pan boten suka.
Angandika Rajaputra, yayi Wasi Jayengresmi, sira haywa sok
bebeda, mring arinira Ni ragil, mesakaken sok nangis, lah
wenehna
darbekipun,
bocah
rada
ugu