serat jangka tanah jawi

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

1

S E R A T J A N GKA T A N A H J A W I
Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses
pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa karya
sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf. Semoga tujuan
blog www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi salah satu sumber
digital karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh oleh para
sutrisna budaya ataupun masyarakat secara bebas.
Salam asah asih asuh.
Nuwun.
@@@

INGGIH PUNIKA SERAT JANGKA TANAH JAWI
INGKANG GADHAH SERAT PUNIKA KULA, M KARYAHARJA
DADOS BOEKBINDER ING BOEDI OETOMO SURAKARTA
1918
SERAT JANGKA

Sapraptane sang pandita, gara-gara udan angin, gumludhug swaraning arga,
cleret miwah obar-abir, peteng ndhedhet nglimputi, geger sakehing lelembut,
setan sami lumajar, banaspati sami ngili, ilu-ilu janggitan sami lumajar
Jim peri lan bekasakan, angungsi marang jaladri, gandarwa samya lumajar,
dhemit thethekan anggendring, sadaya samya ngili, tan kuwawa panasipun,
sinigeg Sang Hyang Semar, Togog nguni kekalihe martapeng Rebabu Arga.
Sang Hyang Togog Sang Hyang Semar, lami martapa ing wukir, dhedhukuh
sukuning arga, Rebabu kang den dhepoki, kagyatira tan sipi, gara-gara geng
saklangkung, dhemit pan kagegeran, salang tunjang rebat ngarsi, sadayanya
samya ngungsi mring samodra.
Sang Hyang Semar angandika, Ki Togog wonten ing pundi (2) Demit kagegeran,
gara-gara ageng prapti, gonjang-ganjing kang bumi, prakempa lan sindhung
riwut, peteng dhedhet liweran, kekuwung lan obar-abir, pan gumludhug swarane
kocak kang arga.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir


2

Sang Hyang Togog lon saurnya, pun kakang boten udani, mangsa borong adi
Semar, wasana sigra wawarti, yen ki raka tan uning,wit karsaning Sultan
Ngerum, utusan mring pandhita, Syekh Bakir ingkang wewangi, masang tumbal
saking gunung tanah Jawa
Ndaweg ki raka lumampah, manggihi pandhita di utusanira njeng sultan,
anenung sakehing dhemit, anuwun kang pawarti, marang sang Pandhita
Ngerum, sakehe bekasakan sadaya pan samya ngili, kagegeran bubar lelembut
sadaya (3)
Sanghyang Togog tur sandika, lah ndaweg adhi pinanggih, anulya sami
bidhalan, tumedhak tyang kekalih ing marga, tan winarni wus prapta ing
ngarsanipun, Syekh Bakir sang pandhita, waspada tyang kalih prapti, redi Tidhar
dumrojog ing ngarsanira.
Syekh Bakir lon angandika, ki sanak tiyang ing pundi, manira nembe tumingal,
marang pakenira kalih, sira arsa punapi, duk prapta ngarsaningsun, sanghyang
Semar lon turnya, inggih tanah Jawi mriki, prelunipun kawula pinanggih tuwan.
Syekh Bakir lon angandika, sayrkti ing tanah Jawi, pan durung ana manungsa,
pan isih rupa wanadri, Hyang Semar matur aris, kawula sajatosipun, ing kina

makina, saderenging tuwan prapti, hamba kalih dhedhukuh Rebabu arga.
Angsal sangang ewu warsa, nunten hamba mudhun mriki, dhedhukuh ing redi
Tidhar, saweg angsal sewu warsi, sataun langkungneki (4) Sang pandhita gawok
ngrungu, sira iku wong apa, apa sayektine jalmi, umurira tan kaprah samine
jalma. Manira durung miyarsa, wong umur saleksa warsi, nabi Adam langkung
panjang, pan umure sewu warsi. Sira iku kyai blakaa marengsun, apa ta dudu
jalma, dene sira angluwihi, umurira dawane kagila-gila
Yen jalmaa ora ana kang umur saleksa warsi, sang hyang Semar aturira, sayekti
pulo puniki, sayekti dede jalmi, dhanyang tanah Jawa ulun, ingkang sepuh
priyangga, putra Sanghyang Tunggal, nenggih kang jejuluk sang Bathara
Manikmaya.
Sanghyang Semar nggih kawula, Sabdapalon inggih mami, peparab Ki
Nayantaka, ratu dhanyang tanah Jawi, sejarah duk ing uni, duk babu kawa
rumuhun, nglunturken kamanira, binuwang pinupu dajil (5) Pan pinuja nurunken
kang para dewa,
Sarupane para dewa, nggih punika turun mami, sarupane kabeh dhanyang ing
sabrang lan tanah Jawi. Jim prayangan lan peri miwah sagung kang lelembut,
inggih turun kawula, tumeksa kang wingit-wingit, ilu-ilu janggitan turun kawula.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

3

Dene kang Togog punika, tetesing peksi sendari, sun cipta pan dadi jalma, pan
dados kanthi mami. Mila kawula mriki, manggihi marang sang wiku, arsa taken
wak ingwang, dhumateng paduka ugi, wit punapa sang pandhita karya rusak.
Sadaya nak putuningwang, sadaya pan sami ngili, pan kenging tenung paduka,
punapa dosanireki, bubar ngungsi jaladri, sagunging para lelembut, sang
pandhita lon ngucap, manira iki sadermi, pan dinuta Njeng Sultan Ngerum
Nagara.
Iya kinen ngisenana (6) jalma marang pulo Jawi, dimen padha gaga sawah,
ambukak sakeh wanadri,ingkang sun gawa mriki, jalma saking Keling iku, kehe
rong leksa somah, wus karsanira hyang Widdhi, nora kena yen sira
memalangana
Sang Hyang Semar aturira, sokur jumurung wak mami, yen karsanira njeng
Sultan ing Ngerum, sri narapati kang dhawuh angiseni, jalma ing pulo Jawa iku,

kinen ambabatana, nging kawula suwun sang yogi, binerata tenung kang
ngrusak jim setan
Syekh Bakir lon angandika, iya kaki sun jarahi, karsane sang Murbeng Jagad,
lelakone tanah Jawi, mung winatesan benjing rongewu lan satus taun, iku pan
nuli sirna, wiwit saking taun iki, satus tahun durung ana ratunira.
(7) Jalma durung duwe tata, wong iku pan kadya peksi, yen wus jangkep satus
warsa, seket siji langkung neki, Hyang Suksma karya aji, aja sira ngemong iku,
sira maliha dewa, satus taun lamineki, sasirnane pangeran nitahken raja.
Negara Galuh punika, seket taun lamineki, sirnane Galuh nagara, nuli ana ratu
malih, nagri Sindula aji, umure suwidak warsi, nuli ana narendra,
Medangkamulan nagari, ratu iku saking sabrang angejawa
Sangking Mekkah wijilira, Ajisaka kang wewangi, kang jumeneng ratu
Medangkamulan inggih, nagari satus warsa laminira, tuhu sekti pinunjul,
kagodha ing iblis laknat, nenggih malaekat Dajil
(8) Nulya satus taun sirna, pana Hyang Suksma anitah ratu malih, jejuluk Sri
Mahapunggung, patih sang Jugulmudha, angadhaton ing sukuning Gunung
Lawu, karta-karti sang negara, jejeg adil ing nagari
Satus taun nulya sirna, Gusti Allah anitah ratu malih, Koripan kadatonipun, satus
taun laminya, turun telu sirnane karatonipun, nulya karsaning Pangeran, anitah
Narendra malih.


www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

4

Kang tinitah dadi raja, kutanira Jenggala lan Kedhiri, Ngurawan lan Singasantun,
iku sira emonga, ngawulaa mring titis Bathara Wisnu, sira angalihaa aran, juluk ki
Prasanta kaki ,
dene si Togog punika, angaliha si Jodeh Santa benjing, titis Batara Wisnu, aja ta
sira pisah, pan jumeneng ing Janggala kuthanipun, aran Kudarawisrengga,
digdaya prawireng jurit.
(9) Satus taun nuli sirna, pan Hyang Suksma anitah ratu malih, Pajajaran
kutanipun, saksirnane Janggala, satus taun Pajajaran sirna iku, kongsi turun
kaping tiga, rusake kalawan siwi
Iku kaki wekasingwang, pan ing kono sira awor myang dhemit, mariya amomong
ratu, wus karsane Pangeran, sira tunggal anak putunira besuk, adhukuha sira

benjing, ing sukuning Gunung Kendil
Poma sira angestokna, krana iku luwih sangking prayogi, dene Togog iku besuk,
dhukuha las Lodaya, anglurahi sakeh dhemit alas mriku, sasirnane Pajajaran,
Hyang Sukma nitah narpati
Juluk prabu Adaningrat, angedaton ana ing Majapait, satus taun laminipun,
aturun kaping tiga, rusak sirna nagri Majapait iku, aprang lawan putranira Raden
Patah Bintareki
(10) Ngedaton Nagara Demak, kathah sagung para wali ngejawi, saking Arab
wijilipun, pan sami mulang Qur’an, ngestokaken agami Paduka Rasul, mungkasi
kang jaman Budha , tegese budi mangerti
Tiyang jawi kathah nilar, gama kuna nut agama Ngarabi, kutha Demak umuripun,
suwidak taun sirna, turun tiga panjenenganira ratu, nulya karsaning pangeran,
anitah narendra malih
Ngedaton negara Pajang, mantunira njeng Sultan Demak nguni, mung umur
salapan taun, sirnane nagri Pajang, wus pinesthi mring Gusti Kang Maha Agung,
nitah malih sri narendra, Mataram sang senapati
Digdaya prawireng yuda, mandraguna ngambah teleng jaladri, ing Jawa tan na
mada, Ratu iku turuning pandita agung, wong agung ing Ngeksiganda,
Panembahan Senapati
(11) Amengkoni tanah Jawa, wiwit iku dumugi ing Mantawis, sewu limangatus

taun, sawarsa langkungira, umurira satus taun sigra gempur, aturun kaping
papat, nulya karsaning Hyang Widdhi

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

5

Rusak nagara Mantaram, duk binedhah wong Medura lan Bugis, mungsuh lan
Kediri iku, kaleres mantu priyangga, pan malihe wus jangkep petungipun, nulya
karsaning pangeran, Nangkoda Wlanda ngejawi.
Bedhah nagri Kartasura, kang ambedhah wong Cina mangun jurit, nulya
karsaning Hyang Agung, nitah malih narendra, angendaton Yogyakarta
prajanipun, kang sawiji ing Surakarta, aran jaman Sengareki
Lakune wong keh pitenah, pada lali sanak kadang pribadi, akeh khiyanat laku
dora, jahil panasan, lawan suda berkate bumi, kang metu wanodya ilang
wirangnya, wong lanang wedi pawestri

Setan sami keh gegoda, nora kena pinilih laku kang becik (12) Jaman Sengara
puniku, keh anak lali bapa, supayane sangsara ingkang tiniru, laku dur sangsaya
ndadra, wong keh kapanjingan iblis
Maksiat akeh kang teka, bebendhune Pangeran andatengi, gumludug swaraning
gunung Merapi udan brama, gonjang-ganjing bumi belah gunung guntur, angin
deres lindhu prapta, udan awu andatengi
Baledeg ambal-ambalan, swaranira lir belahe kang bumi, sakeh wong gunung
puniku, samya rusak kobongan, saya lawas kang bebendu sami agung, maksiate
tanah Jawa, arang manungsa kang eling
Karepe wong murka samya, bocah cilik wis padha karem dhuwit, larang barang
kang tinuku, wong tani kathah rusak, anenandur datan ana ingkang metu, sabab
nagri sampun rengka, tan mikir susahing dasih.
Akeh wong kang pada jina, ora marem marang somah pribadi, (13) akeh wong
kang padha nglajur, wong dora saya ndadra, kareming wong samya wadul
winadul, wong temen akeh ketriwal, wong dora den anggep becik
Ilang adiling nagara, apan amung kasengsem bungah neki, alali marang Hyang
Agung, bubrah sakehing tata, kabeh titah nandhang susah tan kapitung, angger
sugih donya brana, nagara ywa kongsi miskin
Kang anmgampil pangawasa, apan maksih Walanda kang mbakoni, satus taun
laminipun, Hyang Suksma nulya nitah, atutulung marang tanah jawa besuk,

maksiat kabeh binerat, sadaya wus sirna enthing
Hyang Suksma anitah raja, duk timure lahir neng tanah Jawi, tedhake Andika
Rasul, kang ibu trah Mataeam, Padelongan iya iku wijilipun, angratoni tanah
Jawa, pan jumeneng Ratu Adil

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

6

(14) Ratu iku langkung mlarat, datan mawi sangu ing praptaneki, duk kineker ing
Hyang Agung, tan ana jalma wikan, pan kapethuk aprang unggul tan na weruh,
jumeneng sri narendra, gaib tan ana udani
Kang mungsuh pan samya rusak, ingkang wani prasamya anemasi, tumpes tapis
ingkang musuh, balane mung Sirullah, sawer klabang kalajengking samya
mungsuh, iku Semar wekasingwang, ngemonga Wisnu nitis
Sira sakehing lelembat, bantonana titising Wisnumurti, ana dene kuthanipun, ana

alas Ketangga, pan lelembut yasakna kadatonipun, juluk Sultan Herucakra, enak
atine wong cilik
Sirna wong kang mbeg durjana, kang wong jahil kabeh prasamya wiwrin,
bebotoh samya katutuh, ajrih marang narendra, apan padha awekel tetanenipun,
bumi pulih berkatira, murah sandhang lan rejeki
Pajege wong cilik benjang, sawah sakjung setaun mung saringgit, pancenipun
sang aprabu sewu sawulanira (15) lamun langkung saking sewu datan ayun, ratu
iku lumuh karta balaba asih ring dasih
Murah sandang murah pangan, pra priyayi prasamya sugih, satus taun
laminipun, jumenenge sri nata, sirnanira ing kutha Ketangga iku, nuli ana ratu
kembar, pernahira kuthaneki
Saloring redi Baita, ingkang siji kuthane iku benjing ana ing Madura iku, seket
taun laminya, sasirnane nuli ana ratu besuk, ngedaton Waringin rebah, ya
amunga seket warsi
Sasirnane Ringin Rebah, nulya ana ratu ingkang gumanti, ana dene kuthanipun,
ana ing Balebaran, lawasira amung swidak taun gempur, nulya ana Srenggi
prapta, angratoni tanah Jawi
Sarta sakehing wong Jawa, den usungi mring Nusa Srenggi benjing, sewu-sewu
saben taun, mung tigang dasa warsa, kanjeng Sultan ing Ngerum sigra tetulung
(16) Utusan mring tanah Jawa, anumpes wong Nusa Srenggi
Pirang yuta wadyabala, saking Rum layar ing tanah Jawi, anumpes wong
Srenggi iku,sirna pan sampun telas, tedakira ratu ing Waringin rubuh, nuli
jinunjung narendra, akutha ing Majapait
Telung puluh sanga sirna, sampun jangkep umure tanah Jawi, Gunung
Sumbing nuli guntur, Mrapi mubal dahana, pan merbabu swarane apan
jumlegur, gunung Tidhar mubal toya, kelem ilang Tanah Jawi.................

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir