UTS 1 B. Jawa Kls 5 www.informasiguru.com

UJIAN TENGAH SEMESTER GASAL (UTS 1)
TAHUN PELAJARAN 20../20..
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Nama Peserta : ......................................
Kelas : V (Lima)
No. Absen : ......................................
Hari/Tanggal :
Nilai : ......................................

www.informasiguru.com
I.

Wenehana tandha silang (X) ing jawaban sing kokanggep bener!
Nomer 1- 5 manut wacan!
R.A. Kartini
R. A. Kartini asale saka Jepara, lair 21 April 1879. Panjenengane putra
bupati Jepara. Nalika ngancik dewasa, R. A. Kartini dipingit nganti oleh jodho. R.
A. Kartini mbrontak, sajroning pingitan ora oleh metu saka pekarangan
omah,ora entuk sekolah, apa maneh sesambungan karo kanca-kancane.
Jroning ati, R. A. Kartini pingin kaum wanita bisa sekolah lan entuk pendhidhikan
kang murwat.

Nalika ngancik dewasa, R. A.Kartini dipundhut garwa Bupati
Rembang. Garwane R. A.Kartini menehi panyengkuyung marang cita-citane R.
A Kartini. Mula Kartini banjur ngedekake sekolah wanita. Ing kana, kaum putri
diajari, maca, nulis, njahit, ngrenda, mbatik, masak, lan ketrampilan liyane.
Semangate R. A.Kartini kanggo majokake kaume tambah gedhe
amarga uga oleh dukungan saka mitra kenthele, yaiku Abendanon.Liwat layanglayange Abendanon, Kartini bisa entuk wawasan anggone ngedekake sekolah
putri. Sakbanjure layang-layang R. A. Kartini dikumpulake dadi buku kanthi
judhul Habis Gelap Terbitlah Terang.
Nanging eman, during bisa ngrasakake kasile, R. A. Kartini wis
kapundhut dening Gusti, nalika nglairake putrane kapisan. Semana gedhene
dharma bektine R. A. Kartini tumrap nusa bangsane.
1. R. A. Kartini lair ing ….
a. Jepara
c. Rembang
b. Jepang
d. Jethis
2. R .A. Kartini lair nalika tanggal ….
a. 2 Maret 1879
c. 21 April 1979
b. 21 April 1879

d. 21 Maret 1979
3. R. A. Kartini nduweni kepinginan yaiku ….
a. mardikake bangsa Indonesia
b. sekolah kang dhuwur
c. kaum wanita bisa sekolah lan entuk pendhidhikan kang murwat
d. metu saka pekarangan omah
4. Ing ngisor iki apa-apa sing diwulangake dening R. A. Kartini, kejaba ….
a. nulis c. njahit
b. maca d. perang
5. Judhul buku sing dianggit dening R. A. Kartini yaiku ….
a. Terbitlah Terang c. Habis Gelap Terbitlah Terang
b. Habis Gelap Bersinar d. Gelap dan Terang

6.

Ibu nggawa tas. Ngoko aluse ….
a. Ibu mbeta tas c. Ibu nyangking tas
b. Ibu ngasta tas d. kabeh jawaban salah
7. Agnes nggarap PR ing omahe kancane mengko sore.
Katrangan panggonan ukara ….

a. Mengko sore c. ing omahe kancane
b. Nggarap d. ing omahe
8. Soal nomer 7 wasesane ukara yaiku ….
a. Mengko sore c. ing omahe kancane
b. Nggarap d. PR
9. Sapa tumindak salah bakal konangan, paribasane ….
a. Sapa salah bakal seleh c. busuk ketekuk, pinter keblinger
b. Kadang konang d. nyangoni kere minggat
10. Gawe nesune wong liya paribasane ….
a. Gawe luwangan, ngurugi luwangan
b. Cincing-cincing meksa klebus
c. Nguthik-nguthik macan dhedhe
d.Kebo bule mati setra
11. … regane buku Basa Jawa kuwi?
a. Sapa c. Apa
b. Kepriye d. Pira
12. Adhiku lagi adus ing jedhing. Ukara iki kalebu ….
a. ukara pakon c. ukara pitakon
b. ukara andharan d. ukara panjelas
13. Manuk emprit menclok pager

Dadi murid kudu sing pinter
Unen-unen iki jenenge ....
a. paribasan c. bedhekan
b. parikan d. wangsalan
14. Bapak nonton wayang, aku nonton dhangdhut. Yen dadi basa karma ….
a. Bapak ningali wayang, kula ningali dhangdhut.
b. Bapak mirsani wayang, kula ningali dhangdhut.
c. Bapak ningali wayang, kula mirsani dhangdhut.
d. Bapak mirsani wayang, kula mirsani dhangdhut.
15. Mbak Yani ditimbali Bu RT. Ditimbali ngoko lugune ….
a. katimbalan c. dipun timbali
b. diceluk d. diutus
16. THR iku tegese ….
a. Tabungan Hari Raya c. Tabungan Hari Rabu
b. Tunjangan Hari Raya d. Tunjangan Hari Rabu
17. Yen caket karo dina riyaya,rega-rega kebutuhan padha ….
a. murah c. mundhak
b. mudhun d. minim
18. Ngrayakake dina riyaya kudune ….
a. gedhen-gedhen c. sederhana

b. sepen-sepen d. poya-poya
19. UMR iku tegese ….
a. Upah Minimum Regional c. Upah Maksimum Regional
b. Upah Masuk Regional d. Upah Minimum Rakyat
20. Sandhangan swara taling tarung unine ….

a. O
b.U

c. E
d. i

II.

Jangkepana mawa tembung-tembung kang bener!
21. Mburu uceng kelanga deleg tegese ….
22. Cacahe wanda saben gatra diarani ….
23. Cacahe tembang macapat ….
24. Abang-abang lambe tegese ….
25. Aku … klambi ing took.

26. Lawang ngarep kae tutupen. Ukara iki kalebu ukara ….
27. Parikan iku lumrahe tinemu ing seni ….
28. Sugi mangan tempe. Ukara iki kalebu ukara ….
29. … jenenge kancamu kuwi?
30. … carane nggawe tempe?

III.

Wangsulana kang patitis!
31. Angon sapi. Tulisen nganggo aksara Jawa!
32. Bapak maca koran ing teras omah.
Dadekna basa krama!
33. Ukara iki golekana jejer, wasesa, lesan lan keterangane!
Simbah ngunjuk obat ing dhipan.
34. Apa tegese paribasan Ana catur mungkur?
35. Gawea siji ae ukara andharan!
KUNCI JAWABAN
I.

1.

2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.

A
B
C
D
C
B
C
B
A
C


11.
12.
13.
14.
15.
16.
17.
18.
19.
20.

D
B
B
B
B
B
C
C

A
A

II. 21. Golek barang seng cilik nanging kelangan sing gedhe
22. Guru wilangan
23. 11
24. Ora temen
25. Mundhut
26. tandhuk
27. Ketoprak/ Ludruk

28. Andharan
29. Sapa
30. Kepriye
III. 31. ....
32. Bapak maos koran ing teras griya
33. J = simbah W = ngunjuk L = obat K = ing dhipan
34. Ora gelem ngrungokake rerasan kang ora bechik
35. Ibu tindhak menyang pasar. Lsp