Pendidikan Karakter Metode Pembelajaran Media Pembelajaran
Basa kang digunakake nalika nilpun gumantung sapa sing ngomong, sapa sing dijak ngomong, lan apa kang diomongake digunem.
Dene cak-cakane nilpun yaiku kanthi cara ngangkat gagang tilpun tilpun otomat, utawa HP nuli mencet nomer kang dituju, banjur ngrungokake nada
sambung. Yen wis nyambung nuli ngomong halo utawa menehi salam marang kang ditilpun nuli omong-omongan saperlune.
Risma : “Hallo, hallo...assalamualaikum.”
Wati : “Waalaikumsalam, punika saking sinten?”
Risma : “Punapa leres punika dalemipun Mbak Wati.”
Wati : “Leres, punika kula piyambak.”
Risma : “Wat, iki aku Risma.”
Wati : “Walah dakkira ibumu, kadingaren nilpun, ana apa?”
Risma : “Anu, aku dhek mau ora sida sowan Pak Heru, jalaran wedi lan ora wani
matur.” Wati
: “Lha ana apa ora wani matur? Kok jirih banget ta.” Risma
: “Wedi yen salah, mengko Pak Heru malah duka.” Wati
: “Aja jirih sesuk dakajari carane matur marang Pak Heru, yen kowe ora wani matur mengko sing rugi kowe dhewe. Pak Heru iku piyayine apikan,
ora galak, lan sopan. Wis ta, yen ora percaya jajalen.” Risma
: “Bener kandhamu, amarga yen aku ora melu remidi, bijiku bakal elek lan ora tuntas.”
Wati : “Lha gene ya ngerti, mula kuwi kowe sesuk kudu wani matur.”
Risma : “Iya. Wat, sesuk aku kancanana sowan, amarga yen ora kokancani sowan,
nasibku terus piye. Wis matur nuwun ya Wa t.”
Wati : “Iya padha-padha Ris.”
Risma : “Assalamualaikum.”
Wati : “Waalaikumsalam.”