Materi Pembelajaran Sub Tema: Menceritakan Pengalaman berwisata

LAPORAN PRAKTIK PENGALAMAN LAPANGAN UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA 2016 SMP N 2 WONOSARI Alamat : Jalan Veteran No.8 Wonosari, Gunungkidul 60 menyampaikan informasi lisan dan tulis.

D. Materi Pembelajaran Sub Tema: Menceritakan Pengalaman berwisata

2. Crita Pengalaman Crita pengalaman yaiku crita kedadean kang wis tau dideleng ditemoni utawa dilakoni dhewe ing saben dinane. Crita pengalaman bisa arupa crita kang sedih, seneng, lucu, nrenyuhake, utawa mrihatinake. Mirengake crita pengalaman ateges nyemak critane wong liya kang critane bisa sedih, seneng, lucu, nrenyuhake utawa mrihatinake. Pengalaman kang dicritakake marang wong liya bisa pengalaman pribadhine dhewe, uga bisa pengalaman kang diduweni wong liya. Sadhengah kadadean kang wis tau dilakoni iku menawa dicritakake bisa nambahi kawruh marang kang ngrungokake. Ing sajroning crita ana kang kasebut paraga utawa tokoh. Paraga yaiku sapa kang nglakoni ing crita. Paraga iku ana sing diarani paraga baku lan uga paraga tambahan. Paraga baku tokoh utama dadi inti bakune paraga ing sawijining crita, dene paraga tambahan figuran minangka “pelengkap” ing crita kang ana sambunge interaksi karo paraga baku. Paraga bisa dimangerteni watak, panemu, wujud blegere, saka pacelatone dialog utawa andharan crita kang nerangake. Saka “penokohan” iku bisa dimangerteni sapa paraga kang nduweni watak apik protagonis lan sapa kang ala antagonis, endi paraga kang bisa dituladha lan endi kang ora kena dituladha. Crita bab pengalaman marang wong liya iku kudu duweni kaprigelan ing bab micara. Yen bisa crita kanthi apik, wong kang ngrungokake bisa katut ing swasana crita kasebut. Wong kang krungu bisa nangis, ngguyu, mesem, bungah utawa susah. Pengalaman kang dilakoni sepisanan utawa nembe wae kalakon mesthi nabet banget ing ati, apa maneh lelakon iku sedhih. Kaya-kaya ora ilang-ilang saka pikiran lan rasaning ati. Nyritakake pengalaman sedhih marang wong liya bisa njalari panglipuring ati. Menawa duwe lelakon kang kalebu sedhih lan ngebot-eboti pikir, luwih becik enggal-enggal dicritakake dicurhatake marang sapa kang dianggep cedhak, kayata ibune, bapakne, kakang utawa mbakyu, kanca raket, utawa liyane, amrih nemu rampunge perkara utawa ndadekake ati lega. Kanthi mangkono bisa ngurang-urangi rasa sedhihe, apa maneh sawise diwenehi pitutur kang ngayem- ayemi. Jare kanthi “curhat” bakal ngurangi aboting masalah perkara kang nembe dirasakake. Yen ana wong kang nyritakake pengalaman marang kowe rungokna sing tenan. Pengalaman mau bisa wae dadi tuladha sing becik kanggomu. Tumrap sing nglakoni bisa dijupuk “hikmahe”. Malah ana unen-unen “experience is the best teacher” kang tegese yen pengalaman iku kena dadi guru sing apik. Tuladha crita pengalaman nalika wisata WISATA ING GEMBIRALOKA Kirang langkung jam sedasa enjing bis ingkang kula tumpaki sampun dumugi ing plataranipun Kebun Binatang Gembiraloka. Dados, saking kitha kula dumugi Ngayogyakarta kirang langkung naming lampahan satunggal jam. Sasampunipun Bapak Guru mundhut karcis, kula sakanca lajeng mlebet. Bapak Guru saha Ibu Guru boten kendhat-kendhat LAPORAN PRAKTIK PENGALAMAN LAPANGAN UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA 2016 SMP N 2 WONOSARI Alamat : Jalan Veteran No.8 Wonosari, Gunungkidul 61 paring pemut, bilih kula sadaya boten kepareng ngganggu damel kewan- kewan ingkang dipun ingah wonten ing Kebun Binatang ngriku. Saking gapura ngajeng lampah kula nglangkungi kebon iangkang sakelangkung wiyar. Marganipun menggak-menggok lan minggah mandhap. Nanging sesawangan ing ngriku sakalangkung asri, ngresepaken pandalu. Kebon punika dipun tanemi wit-witan ageng-ageng, warna-warni. Ronipun ngrembuyung, njalari hawa ing papan ngriku idhum lan seger, nuwuhaken raos ayem lan tentrem. Sasampunipun nglangkungi kreteg alit, lampah kula dumugi ing sapinggiring blumbangan wiyar. Blumbang punika loyanipun kimplah- kimplah bening, ombakipun ageng. Amargi ing ngriku katha prau motor sami lelumban. Ing ngriku ugi katha sanget peksi mliwis sami lelangen. Menawi badhe ketrajang lampahing mau, peksi-peksi punika sami mabur sesarengan, kados dipun abani. Boten dangu lajeng ambyar malih sesarengan, pados papan ingkang kepara tebih saking dunungipun prau. Marem ningali sesawangan ing blumbang punika, kula sakanca nglajengaken lampah. Sapunika kula dumugi ing sacelakipun krangkeng lan kandhang-kandhang kewan. Ing ngriku katha sanget kewan iangkang dipun ingah. Kadosta: liman, sima, menjangan, kancil, kidang, bantheng, onta, sawer, lan kethek. Liman punika badanipun ageng-inggil, nanging lampahipun lendreg-lendreg kados tiyang aras-arasen. Kanca kula ingkang kaleres mbekta timung lajeng nguncalaken timunipun dhateng liman punika. Jebul liman ugi doyan timun. Kethek punika ulesipun warna- warni. Wonteng ingkang ulesipun klawu, wonten ingkang abrit semua soklat, lan wonten ingkang cemeng njanges. Kula lingak-linguk madosi kethek ingkang ulesipun pethak, nanging boten wonten. Batos kula, “Apa kethek putih kaya Anoman kae anane mung ana ing crita wayang, kok kene ora ana?” kula badhe matur dhateng Bapak Ibu Guru boten wanton, ajrih menawi dipun gujeng kanca-kanca. Kewan-kewan punika ketingalipun gesangipun seneng sanget. Nanging, panginten kula badhe langkung seneng menawi dipun luwari saking krangkengipun, dipun wangsulaken dhateng wana, gesang mardika kados wingi uni. Sareng sampun kemput anggen kula ningali sedaya isen-isenipun. Gembiraloka, kula sedaya, Bapak saha Ibu Guru, lajeng tata-tata badhe wangsul. Saderengipun nilar papan iangkagn sakalangkung nengsemaken punika, kula sedaya sami ngaso wonten ing sangandhapipun wit-wit ageng ing sacelakipun regol, sinambi ndhudah sangu, nedha lan ngombe. Teknik crita Sing kudu digatekake nalika crita yaiku : 5. WicaraKualitas Vokal yaiku ala becike aksara suwaradhang-dhinge basa, pocapanlafal a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha Pamedhare pengalaman kanthi pocapan kang cetha, ora kena groyok, pelo utawa rangu-rangu, kejaba kuwi pangucapake aksara kanthi bener, umpamane mbedakaken aksara a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha. 6. WiramaTata caraEtika nalika crita yaiku laguiramane, bisa minangka pandudut daya tarik kanggone sing ngrungokake. Banter alone wiramane becik kalarasake karo isine crita. Lamun anggone crita kanthi dhasar karangan tema crita kang nengsemake, anggone crita sing sora LAPORAN PRAKTIK PENGALAMAN LAPANGAN UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA 2016 SMP N 2 WONOSARI Alamat : Jalan Veteran No.8 Wonosari, Gunungkidul 62 lan semangat, beda karo yen crita bab kesusahan, anggone crita ya kudu luwih alon lan sareh. 7. WirasaGreged penjiwaan Pemahaman tegese isi crita, cocokpenere anggone negesi crita. Wirasane nalika crita kudu kaetrepke karo isining crita umpamane : nesu, gumbira, sedhih, sereng, wibawa, getun, lan sapanunggalane. 8. WiragaEkspresimimik yaiku cocokjumbuhing solah bawa obahing badan, polatan, rasa. Obahing badan lan polatan mimik kudu luwes ora kaku, prasaja lan ora katon lamun digawe-gawe.

H. Alokasi Waktu 2 x 40 menit