Informasi Materi Prakerin | SMK TKM Pertambangan Kebumen

Tembang Macapat (Serat Wedhatama Pupuh Pocung)
1. Pangertene lan maknane tembang Pocung
Miturut maknane tembang Pocung iku nggambarake mangsa nalika wis dipocong utawa
mati.
Struktur tembang macapat wonten 3, inggih punika:
a. Guru gatra
Guru gatra inggih punika cacahing gatra/baris saben sapada/bait
b. Guru lagu
Guru lagu inggih punika tibaning swara ing pungkasaning gatra/baris
c. Guru wilangan
Guru wilangan inggih punika punika cacahing wanda/suku kata saben sagatra
2. Pathokan tembang Pocung
Pocung
Guru Wilangan
Guru Lagu
Guru Gatra
12
u
4
6
a

8
I
12
a
3. Watak tembang Pocung
Watake tembang pocung iku sakepenake dhewe/ luwes, lucu lan gawe seneng. Mula
biyasane kanggo ngandharake bab-bab kang ora serius lan bisa gawe gegojegan.
Surasane kala mangsane ngemot cangkriman utawa banyolan (crita kang ngguyukake).
4. Wos kang kamot ing tembang Pocung (wedhatama)
 Serat wedhatama ngajarake supaya manungsa iku bisa ngendhaleni angkara murka,
amarga yen sikep kang kaya mangkono ora dikendhaleni bakal nuwuhake perkara
 Ing perangan liyane Serat Wedhatama uga mulangake babagan nggayuh ngelmu
luhur. Diandharake lamun wong kang kepengin entuk ngelmu iku kudu gelem
ngupadi kanthi tenan.
5. Tuladha tembang Pocung
6
6
5
3
1

1
1
Ngel- mu
Iku
kala
ko
1
2
6
3
2
1
Le
ka
se
la
wan kas
1
2
1

3
2
1
216
Te
ge
se
kas
nyan to
sa
6
1
2
3
2
2
1
Se
tya
bu

dya
pa
nge
ke
Angkara gung neng angga anggung gumulung
Gegolonganira
Triloka lekeri kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.

2
ne

6
kan

6
thi

5
3

la ku

6
ni
6
sing

3
dur

5
ang

3
ka

2
ra

Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun

Semune ngaksama
Sasamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martatama
Taman limut durgameng tyas kang weh limput
Karem ing karamat
Karana karoban ing sih
Sihing sukma ngrebda saardi pengira
Yeku patut tinulat tulat tinurut
Sapituduhira,
Aja kaya jaman mangkin
Keh pra mudha mundhi diri rapal makna

Novel Jawa
1. Pangertene novel
Novel yaiku karya sastra awujud prosa kang populer. Kaya dene karya sastra crita liyane,
novel iku ngemot crita-crita kang rinakit urut miturut pembabakan.
2. Unsur Novel
a. Unsur Intrinsik
1) Tema
Tema iku minangka ide pokok utawa permaslahan utama kang ndhasari lakuning

crita novel.
2) Setting
Setting iku minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita, setting iku
ngemot wektu, papan/ panggonan, sosial, budaya, kahanan.
3) Punjering crita (sudut pandang)
Sudut pandang diperang dadi 3 yaiku:
a) Wong kapisan (kata ganti orang pertama)
b) Wong katelu (kata ganti orang ketiga)
c) Wong keloro (impersonal)
4) Alur/ Plot
Alur/ plot yaiku rerangkening/ cengkoronganing prastawa/ kedadeyan ing novel.
Alur diperang dadi loro yaiku alur maju (progresif) lan alu mundur (flash back
progresif)
5) Penokohan
Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga/ pelaku. Paraga bisa
dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapiturute.
6) Gaya bahasa
Gaya bahasa yaiku gaya kang digunakake ing novel kasebut.
7) Pesen/ weling
b. Unsur Ekstrinsik

Unsur ekstrinsik yaiku unsur-unsur kang ana sanjabane perangan karya sastra ing
sanjabane unsur intrinsik Unsur iki ngemot latar belakang penciptaan, sejarah,
biografi pengarang lan sapiturute.
3. Nilai-nilai kang kamot ing novel
a. Nilai sosial
Nilai sosial iki kang ndadekake wong luwih ngerti lan mahami panguripane wong
liya.
b. Nilai etik
Novel kang becik diwaca kanggo sampurnaning urip iku novel kang surasane bisa
nguwongke pamacane.
c. Nilai hedorik
Nilai hedorik iki kang menehi rasa seneng marang pamacane mula bisa katut ing
sajroning crita.
d. Nilai spirit
Nilai spirit iki surasane bisa ngadhepi sikep urip lan kapitayane pamaca.

e. Nilai koleksi
Novel kang bisa diwaca makaping-kaping kang tundhone pamaca kepingin nduweni
novel iku.
f. Nilai kultural

Novel uga menehi lan nglestarekake budaya lan adat masarakat, tundhone pamaca
bisa ngerteni kabudayan ing papan/ daerah liya.
4. Jinis novel hiburan
Jinis novel hiburan kayata:
a. Novel detektif
b. Novel roman
c. Novel misteri
d. Novel gotik
e. Novel kriminal
f. Novel fiksi ilmiah
Irah-irahan novel kang abasa Jawa
a. Priyayi abangan (Sapardi Djoko Damono)
b. Putri Tirtagangga (Any Asmara)
c. Mungsuh Sandi (Basoeki Rachmat)
d. Kelangan Satang (Suparto Brata) lsp

Sesorah

1. Pagertene sesorah/ pidhato
Sesorah yaiku rembugan ana ing sangarepe wong akeh kanthi ngandharake sawijining

gagasan, panemu, pamikir lan sapanunggale. Maksud baku medhar pangandhikan yaiku
kanggo ngaturake panguneg-uneg utawa mratelakake informasi kanthi medhar
pangandikan ana ing sangarepe wong akeh supaya padha mangreteni sing diwedharake.
Paprincening medhar pangandhikan iku kaperang dadi pirang-pirang perangan.
a. Hamedhar pangandhikan kang asipat mratelakake informasi
b. Hamedhar pangandhikan kang asipat hiburan
c. Hamedhar pangandhikan kang asipat hamemilut marang para pamiyarsa.
2. Perangan sesorah/ pidhato
a. Pambuka
Surasane ngandharake salam, mbagekake kang padha rawuh, lan ngucapke syukur
marang Gusti
b. Surasa/ isi
Perangan iki ngemot andharan wigatining sesorah.
c. Wasana/ panutup
Ing babagan iki diandharake wos wigatining sesorah lan dudutane. Sabanjure
ngaturake pangajak marang kabecikan, banjur dipungkasi ngaturake kaluputan
anggone ngandharake lan salam panutup.
3. Unsur-unsur sesorah/ pidhato
Unsur-unsur kang kudu ana ing sesorah/ pidhato yaiku 5W + 1H
4. Ancas sesorah

Ancase wong sesorah iku adhakane duwe pangajab kaya ing ngisor iki:
a. Paring (nyaosi) andharan lan pangerten marang wong liya kang padha rawuh
ngrungokake.
b. Paring (nyaosi) andharan kang nyenengake kang padha midhangetake, jalaran basane
kang edi lan peni kanthi nggunakake unggah-ungguh basa Jawa.
c. Kanggo milut panemune wong liya sawise gelem midhangetake, lan sabanjure gelem
manut lan pracaya karo wose andharan kang kababar utawa katurake.
d. Paring (nyaosi) andharan utawa pangerten marang wong kanthi lelewaning basa kang
becik, nyenengake, lan kepenak dirungokake, lan kepingin milut panemune wong
liya kang padha midhangetake. (Sutardjo, 2013: 108-112)

Wacana Eksposisi

1. Wacana Eksposisi
wacana eksposisi yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab
kanggo pamaos. Supaya pamaos oleh informasi kang genep babagan sawijining objek,
sabanjure pangreten pamaos isa mundhak. Mula saka iku, karangan eksposisi asipat
menehi ngreti, ngonceki, aweh pamrayoga (saran), utawa ngandharake sawijining bab.
Panulisane iki isa ditindakake lumantar sadhengah cara jlentrehake, ing antarane
penjelasan proses lan penjelasan ilustrasi.
Bab kang diinformasekake ing karangan/ wacana eksposisi isa awujud:
 Data faktual, yaiku sawijining kahanan kang kanyatan kedadeyane, ana, lan isa asipat
historis (isa dicritakake kanthi cetha)
 Sawijining analisis utawa penapsiran objektif marang saprangkat fakta
 Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.
Ngembangake gagasan kanthi pola pengembangan eksposisi proses mbutuhake proses
mikir utawa intelektual. Penjelasan proses utawa operasional iku penjelasan kang mbudi
daya mangsuli pitakon:
 Kepriye sawijine pakaryan?
 Kepriye sawijine dumadi?
 Objek utawa bab iki klebu kang endi?
 Objek utawa garapan iki dumadi saka tahap-tahap endi wae?
Eksposisi kudu ngemot perangan-perangan kaya andharan iki.
a. Njlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan,
b. Mrelokake fakta kang dikuatake utawa dicethakake kang angka, peta statistik, grafik,
organigram, gambar, lan sapiturute
c. Mrelokake analisis lan sintetisisi nalika ngonceki bahan lan fakta
d. Nggoleki sumber ide saka: pengamatan, sikap lan keyakinan
Pathokan panulise eksposisi.
a. Eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok
prastawa/ persoalan.
b. Isi eksposisi ora duwe karep mgundang reaksi, ndayani sikap lan panemune pamaos.
c. Gaya eksposisi kudu informatif lan ngyakinake
d. Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosisonal
e. Ing ekposisi, fakta-fakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi, maksude gawe
rumusan lan kaidah kang dijlentrehake supaya tambah cetha (ora dadi bahan
pambuktiane)
f. Eksposisi ngupaya kanggo njembarake pamawas lan pangretene pawongan marang
objek kang dirembug
g. Panulis eksposisi kudu ngreti prastawa kang diandharake
h. Panulis eksposisi prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret
2. Tatacara upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:
a. Lamaran

b.
c.
d.
e.
f.
g.
h.
i.
j.
k.
l.
m.
n.
o.
p.

Siraman
Midodareni
Srah-srahan
Ijab kabul
Upacara panggih
Upacara balangan suruh
Upacara wiji dadi
Pupuk
Sinduran
Timbang
Kacar-kucur
Dahar klimah
Mertui
Sungkeman
Kenduren/ resepsi

Aksara Jawa

1. Aksara Jawa lan pasangan

a H n N
R kK

c C

Ha

Ra

Na

Ca

f F
lL

tT

Da

Sa

Ta

Sandhangan
Sandhangan
taling [ = e
pepet e = e
wulu
i=i

pP

dD

j J

Pa

Dha Ja

Ya

yY

vV

Nya

Ka

sS
Wa

r

wW

La

Tuladha
lele = [l[l
sepet = sepet\
iki = aiki

taling tarung [ o =
o
suku
u =u

ora = [aor

wignyan h = h

uyah = auyh

Pratandha

? = adeg-adeg
(kanggo miwiti
ukara)

kuku = kuku

mM
zZ
Ma

g G
Ga

Ba

b B
Tha

q Q

Nga

Sandhangan
Tuladha
cecak
= = ng gedhang= ged=
layar /
=r
pasar = ps/
pangkon = \ (
mangan = mzn¿
kanggo mateni/
sigeg)
cakra
] = ra krasa = k]s
cakra keret
}
= re
pengkal
Â
= y
, = pada lingsa
(kanggo koma)

2. Aksara Rekan
 Aksara rekan kanggo nulis aksara konsonan saka tembung manca
 Aksara rekan isa dadi pasangan lan diwenehi sandhangan
Bentuk aksara rekan
Wujude
Arane
Waja
k+
k+yBu
kh
p+
p+[p+orit¿
f/v
f+
af+n¿
dz
j+
[g+oairul¿
gh
g+
[j+b]
Z

kreta = k}t
kyai = k-ai
. = pada lungsi
(kanggo titik)

Aksara Latin
khalbu
favorit
adzan
ghoirul
zebra

s+

sy

s+uku/

syukur

3. Tuladha paragraf Aksara rekan
?mu=ghkji
?pkG+j+lilgiw[amu=ghkjik[rog/w[nyaikubup+timh.
rwuh[azsTbvuj+mJ+m\
t=gtep[ro[npdfipri=zisiqikSiqik,semnaugkulw/gku.
?swi[skuwikulw/g[n
pkG+j+liznkK[kacrtsku/rnK=zunD=mublig+\jen_[z
ausTf+\j+I!ufin\,ai=acr
kuwik[bhpdsen_lnZ|cpH[kpnuwunMr=pkG+j+ lilnB|p+timh.

Unine :
Munggah kaji
Pak Ghazali lagi wae munggah kaji karo garwane yaiku bu fatimah. Rawuhe ngasta
banyu zam-zam. tangga teparone padha diparingi sithik-sithik, Semana uga kulawargaku.
Sawise kuwi kulawargane pak ghazali nganakake acara tasakuran kang ngundhang
mubaligh jenenge ustadz zainudin. Ing acara kuwi kabeh padha seneng lan ngucapake
panuwun marang pak ghazali lan bu Fatimah.