Pola Pendidikan Bahasa Jawa Ragam Krama Masyarakat di Desa Karangasem RT 01 RW 07 Kecamatan Sampang, Kabupaten Cilacap Ditinjau dari Perbedaan Latar Belakang Keluarga.
SARI
Murtini, Asih. 2009. Pola Pendidikan Bahasa Jawa Ragam Krama Masyarakat di
Desa Karangasem RT 01 RW 07 Kecamatan Sampang, Kabupaten Cilacap
Ditinjau dari Perbedaan Latar Belakang Keluarga.Skripsi. Jurusan Bahasa
dan Seni. Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Semarang.
Pembimbing I : Drs. Endang Kurniati, M.Pd, dan Pembimbing II : Drs.
Hardyanto.
Kata kunci : pola pendidikan, latar belakang pendidikan kulawarga, latar belakang
pekerjaan kulawarga.
Basa Jawa krama iku penting banget lan kudu diwulangake, mligine ing
lingkungan kulawarga. Ananging, pola pendhidhikan basa Jawa ragam krama sing
dicakake ana ing saben kulawarga iku beda-beda, gumantung marang pendhidhikan
lan pakaryane wong tuwane. Adhedasar panemu kuwi panaliten iki kepengin ngerteni
kepiye pola pendhidhikan basa Jawa krama kang dicakake ing kulawarga masyarakat
desa Karangasem RT 01 RW 07 Kecamatan Sampang, Kabupaten Cilacap. Ancase
panaliten iki yaiku kanggo ngerteni pola pendhidhikan apa wae kang dicakake ing
kulawarga ing desa Karangasem RT 01 RW 07 Kecamatan Sampang, Kabupaten
Cilacap adedhasar pendhidhikan lan pakaryane kulawarga.
Dhata ing panaliten iki awujud pola pendhidhikan basa Jawa krama sing ana
ing saben-saben kulawarga, dene sumber dhata ing panaliten iki yaitu masyarakat
desa Karangasem kang nduweni anak umur Sekolah Dasar. Carane ngumpulake dhata
yaiku nganggo teknik angket, wawancara, lan pengamatan. Asile analisis dhata banjur
diandharake nganggo metodhe informal.
Saka analisis dheskriptif kualitatif iku bisa disimpulake yen pola pendhidhikan
basa Jawa krama sing dicakake ing kulawarga kang nduweni latar belakang
pendhidhikan sing duwur yaiku pola pendhidhikan dhemokratis, permissive, lan
otoriter. Pola pendhidhikan sing paling akeh dicakake yaiku pola pendhidhikan
dhemokratis, cacahe 61,5%. Pola pendhidhikan basa Jawa krama sing dicakake ana
ing kulawarga kang nduweni latar belakang pendhidhikan sing endhek yaiku pola
pendhidhikan permissive lan dhemoktratis. Pola pendhidhikan sing paling akeh
dicakake yaiku pola pendhidhikan permissive, cacahe 54,5%. Ing kulawarga kang
nduweni latar belakang pakaryan dadi pegawe, pola pendhidhikan basa Jawa krama
sing dicakake yaiku pola pendhidhikan dhemoktaris lan otoriter. Pola pendhidhikan
sing paling akeh dicakake yaiku pola pendhidhikan dhemokratis, cacahe 80%. Pola
pendhidhikan sing dicakake ing kulawarga kang duweni latar belakang pakaryan
nonpegawe utawi dudu pegawe yaitu pola pendhidhikan dhemokratis lan permissive.
Pola pendhidhikan sing paling akeh dicakake yaiku pola pendhidhikan dhemokratis,
cacahe 55,5%
Panyangga kang bisa diwenehake adhedhasar saka asil panaliten iki yaiku
peneliti liya supaya bisa nliti kanggo nemokake pola pendhidhikan apa sing efektif
kanggo ngajari basa Jawa krama marang anak ing lingkungan kulawarga. Saliyane
iku, peneliti liya bisaa nganakake panaliten saperlu nemokake cara kang paling efektif
kanggo ngajari basa Jawa krama ana ing lingkungan kulawarga.