NGELMU KASUNYATAN

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

1

N GELM U KASUN YATAN

Kanggo gagaran nyumurupi manunggale KAWULA GUSTI, apa dene
pratikele supaya bisa damang gelare Sastra Cetha, yaiku tulisan kang nyata,
tulisan kang muni dewe tanpa diwaca yaiku blegere urip. Dadi amrih bisa
nyumurupi marang uripe, garise dew kang landesan kukum sebab lan akibat
(daruna lan wahana).
Kang minangka tulada dadi gagaran neniteni dumunung ana ing kahanane
wong kang berbudi cukup, lire wong kang ngenggoni sipat-sipat
kamanungsane, awatak asih marang sapadane tumitah, ambeg welasan
gelem tetulung tanpa pamrih apa-apa, sing tumrap awake dewe lsp. Yen
menawa tetembungan saiki, ya wong sing ajiwa sosial, kang gemblengane
banjur dadi wong sing bisa ngayomisesamaning ngaurip tanpa melik apaapa.
Mung perlu wae diimuti yen sipat sing kaya mangkono mau senajan ta
becika pisan nanging yen kurang wicaksana anggone ngetrapake wahanane
malah dadi kosok balen. Welas marang sak pada-padane tumitah kan kanti

wicaksana iku ateges welas marang soksapoa kang mula pancen patut lan
wajib diwelasi. Karana yen ora mengkono dadine malah banjur welas tanpa
alis, semono uga ngenani prakara tetulung, yen kleru cak-cakane wahanane
malah malah ngapitunani sing ditulung. Dadi bakune tindak
kautamankasebut ing duwur kang kudu dilekasi adedasar kawicaksanan iku,
kajaba wujud dadi kasuyatan uga kudu kang wahanane ora bakal agawe
kapitunane jiwa maran sapa wae kang ditamnduki kautaman mau.
Tindak sing kaya mangkono iku ateges nuhoni dharmaning ngaurip amrih
rahayuning jagad, mungguhung jagad pakeliran kaya lekase Sri Ramawijaya
sing tumanduk marang maharesi Subali ing Guwa Kiskenda lan
Rahwanaraja ing Ngalengkadiraja, utawa lekase Sri Kresna ing Dwarawati
sing tumanduk marang para kadang Kurawa jroning perang Barata Yuda
Jayabinangun. Kawicaksananing amrih rahayuning bawana nganti pantog
tekan “tegel” ngrampungi para kang pada tumindak dur. Ora kena rasa
sengit utawa getting, nanging karana rasa welase. Yen ta ora enggal
disirnakake, kajaba kang pada ngawaki bakal saya gede durhakane,
kahanane jagad uga banjur ora bakal leren anggone gasrek marga saka
daya angkarane mau. Tindak tanpa kendat lan ajiwa sosial alambaran
kawicaksanan, dayane mesti tumimbal-balik lire : sing sapa ngayomi liyan,
prasasat ngayomi pribadine. Tabate ora ana liya kajaba mung kabecikan lan

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

2

babrayan mesti gede panarimone marang wong kang sipate kaya mangkono
mau.
Anadene kang diarani bisa mranata lakune nafsu lan meper sakehing
pakarti kang tuwuh saka rangsang saya krekating jasad kadagingan iku,
mranata bekaning urip lair lan bekaning urip batin. Bekaning urip lair kang
tuwuh dening pakartining pancadriya lan bekaning urip batin kang tuwuh
dening ubaling nafsu patang perkara, yaiku ; Mutmainah, Supiyah, Luwamah
lan Amarah.
Nafsu patang perkara kasebut sarta pakartining pancadriya, iku samangsa
ora dikendaleni, lire diuja tumindak ing salonggar-longgare, wahanane
tumrap salira pribadi banjur dadi mbakar kasenengan lan kemareman,
ambeg candala ing budi, watak dara cidra, demen fitnah lan nganiyaya

ngumbar nguja ubaling nafsu, dene ing sabanjure dadi demen marang
tumindak crobo (ora bisa weruh ing ukuran), laku nista, ambeg degsura,
kesed lan sungkanan sarta lumuhmarang tarak brata. Kabeh mau pada
mujudage sambeganing laku tumraping urip ya lait ya batin.
Ing sarehne wis bisa meper hawa nafsu lan ngeker pakartining pancadriya,
temah bisa mranata jiwane sarta banjur ora wigih ngadepi sakehing goda
rencana maheka warna sarta wasis nyabili seprelune. Yen wis kaya
mengkono, dadine mestibanjur ora bakal kasamaran samangsa kudu
ngadepi pati, karana jeroning uripe ora ninggalake tabe bebibget apa-apa.
Ngudi murih jiwa raga sarta sakabehane iku bisa lestari slamet iku kudu
katindakake kalwan tanpa leren ing salawase urip, kanti awawaton sing wis
ditetepake dening ngelmune, lakune supaya bisa tetep, ojo kongsi sulaya
karo gegebengane.
Mula mangkana jalaran samangsa wis niyatingsun nggilud marang
sawijining ngelmu, panggilutu kudu sing kalawan temenan, ora kena sulaya
utawa nyulayani sakabehing angger-angger jer kabeh mau kena ingaranan
sawijining prajanji kang kawetune lan kalakone mung sapisan. Bener ya
sapisan iku, yen ta luputa ya ora kena diambali maneh dadi samangsa ora
ngati-ati, wahanane bisa drawasi.
Srana kang bisa kanggo ngayuh marang iku mau kabeh kajaba tindak kaya

kang wus kawedar ing katerangane ing duwur uga kudu bisa manunggalake
KAWULA lan GUSTI, ya manunggalake raga lan sukma. Rehne karo-karone
iku manunggal lan blegere pada dai prasemon gaibing Hyang Widi, ing
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

3

samubarang rehe kudu sing kalawan tumata, solah bawa, muna-muni lsp.
Kudu tansah diemuti yen kabeh mau atas asmane Pangeran. Tindakake
roga karono dikemudeni dening sukma, dadi uga ateges tindake nyawa,
tindake kawula pada karo tindake Gusti jer loro-lorone manunggal ana ing
badan sawiji.
Ing antaran srana kang menika warna, srana panggayuke bisa kanti nggladi
murih lair lan batine bisa tumata lan tentrem, meneng, wening lan dumunung
– Tegese meneng iku ya menenge raga kang kaprabawa dening nafsu,
wening iku weninge pikir, ngedohake gagasan sing tumuju marang tindak

ora perlu lan ora utama, temah dumunung ana ing pusaraning gegayuhan.
Jiwa raga sakojur gumolong gilik dadi siji ngadepi pajumbuhan kang pratitis
nganti bisa klakon.
Yen laku sing kaya mangkana mau bisa digawe pakulinan lan bisa ajeg,
samangsa ana gawe parigawe sawanci-wanci bisa diecakake kalawan
ndadak sarta lekase bisa titis lan tatas. Satumungging rimbagan, gilig kaya
gilige jladren kang munggah ing cithakon.
Surasane ngelmu sejati iku yen dirasakake temenan mula pancen
nyenengake, karana bisa miyak sakabehing warana sing nutupi gaibing
Pangeran bisa gelar wewadine jagad dalah saisine kabeh, wiwit kang agal
kasar, nganti tekan sing alus ngrawit.
Mula keh-kehane banjur dadi kasegsem, kentir ing daya enggala bisa
nyakup sakabehing isine wiwit “HA” nganti tekan “NGA”. Sing kaya
mengkene iki njalari kurang pramareming panggudi lan suusurapane banjur
mung grambyangan wae, kebat-kliwat, iki marga saka kapiluyune – malah
marga anggone kayungyun lan kesusu nyumuruppi iku mau, nganti lali ing
weweka. Ana ing ngendi-endi sing diujarake tansah ngelmune wae, ora
ngemuti marang kahanane papan lan empane sarta wewalere. Ilang
kaprayitnaning bantin ninggal pepacuh endi sing kena lan endi sing ora kena
diwedharake, lekase kaya wong guru aleman, kepengin diarani sugih

ngelmu utawa saora-orane digolongake marang wong sing anduweni reh
kebatinan.
Tindak sing kang kaya mangkono mau kajobo ora prayoga, ugo ora bener,
nyamari banget. Mula kudu sing bisa mapanake giludane ngetrapake
surasaning ngelmune kalawan kawicaksanan – Tindak lan tanduk solah
bawa muna-muni supaya sing tumata, tajem prayitna lan was pada ing
samubarange katone jatmika.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

4

Kanti laku kang kaya mangkono mau sarta kanti tansah nggladi murih Gusti
manunggal lan Kawula samangsa wis bisa nyandhak marang tataraning
gagayuhan kang sejati pindane prasasat bisa nemu pepadang kang
sumunar cahyane amblerengi.


www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir