NGELMU URIP

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

1

Ng el mu Ur ip
Dening
Ki Sodong Medali

Ngelmu Urip #1

Anane tak wenehi irah-irahan ‘ngelmu urip’ amarga ‘ngelmu Jawa’ iku
pancadane babagan nglakoni urip tumraping manungsa ana ing ngalam
donya. Fokus utamane tumuju nglakoni urip sing bener, becik lan pener
murih bisa ‘titis ing pati’. ‘Titis ing pati’ iku ora ngrembuk suwarga lan neraka.
Nanging luwih tumuju bisowa ngulihake sakabehing ‘unsur-unsur’ kang
mangun wujuding ‘manungsa urip’ marang sumbere dhewe-dhewe kanthi
sampurna. Sing saka unsur alam (geni, lemah, angin, banyu) bali marang
sumber-sumbere kang ‘azali’. Sing saka cahya lan teja ya bali marang
sumber azaline. Dene suksma (dzat urip, ruh) ya bali marang Suksma
Kawekas (Guruning Ngadadi, Dzat Sejatining Urip). Wondene kang maune

‘wujud’ ninggala jeneng kang becik kang bisa tinulad dening turas (anak
turune).
Amarga piwulange ngenani ‘ngelmu urip’, mulane piwulang Jawa luwih
migatekake babagan urip bebarengan karo sakabehing titah. Kanyatan kang
ora bisa dibantah, menawa manungsa ora bisa urip ijen, nanging kudu
bebarengan karo manungsa liyane lan sakabehing titah kang manggon ing
alam donya (Ngarcapada) kene iki. Holistik, mangkono anggone para ahli
menehi tenger marang wawasan (falsafah) Jawa iki. Karepe, menawa
sakabehing ‘kang ana’ ing alam semesta iki ana sesambungane sacara
‘kosmis-magis’. Kang mangkene iki tumrape wong Jawa sejatine wis
mbalung sungsum dadi otot bayu. Karepe, wis dadi ‘naluri dasar’ kanggone
wong Jawa.
Piwulang Jawa kang wujud ngelmu lan laku tumangkare wiwit saka sumber
asal biyen-biyene nganti tumekane jaman saiki ora sarana anane ‘sistim
pendidikan’. Mung sarana gethok tular ing antarane ‘sesepuh’ marang
generasi bacute. Nanging pilih-pilih marang sing bisa
1
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir


www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

2

ditulari kawruh. Mulane saya auwe saya tipis lan terasing saka wong Jawa
dhewe. Malah-malah saking ora ngertine lan kebacut nyecep kawruh saka
kabudayan lan peradaban saka manca banjur nganggep ngelmu lan laku
Jawa iku mung gegayutan karo olah kebatinan. Sing ekstrim banjur ngarani
yen klenik, tahayul lan gugon tuhon.
Kemajuan jaman ing wektu iki ndadekake manungsa mundhak pinter lan
mulur nalare. Mula yen ngadhepi bab-bab sing kurang ‘nalar’ padha ora
tertarik. Kabeh-kabeh dianggep kudu logika penalaran kang klebu akal. Yen
ora, dianggep omong kosong nggedebus adol abab. Apamaneh tuntutan
kanggo ‘survive’ ing jaman saiki butuh ‘segala daya’. Genahe, wektu iki ana
‘pergerakan’ peradaban tumraping manungsa sak jagad. Owah-owahan
kang dumadi rikat banget lan akeh wong sing ‘bengong’ semlengeren ora
gaduk nalare kanggo ‘memahami’. Sing operasional kari ‘naluri defensif’
supaya tetep ‘survive’. Kabeh butuh urip kang underane (manut
Wedhatama): kecukupan kebutuhan sandhang-pangan-papan (kerta utawa

arta), kajen keringan ing tengahing bebrayan (wirya) lan pinunjul ngelmu lan
kawruhe (winasis). Menawa salah siji bab tetelu mau ora diduweni banjur
banget nisthane kang diupamakake ‘luwih aji godhong jati aking’. Senajan
diskripsi underane kebutuhan urip wis cetha diterangake, nanging kanyatane
ora saben uwong bisa nggayuh kanthi sampurna. Ing tengahing masyarakat
ana sing sugih pol ning ya ana sing mlarat banget. Ana sing bisa dadi
panutaning liyang (nggayuh kawiryan) nanging ana sing dadi ‘memalaning
bebrayan’. Ana sing pinter, nanging ya akeh sing bodho lan bloon banget.
Kabeh prabedaning manungsa sing siji lan liyane kanyatane ana ing
tenghing masyarakat. Mula ana ‘potensi ketegangan’ kang ora ana enteke.
Mbok menawa bae sakabehing ajaran agama lan ideologi kang lair ing
donya iki salah siji tujuwane kanggo ngawekani murih rukune manungsa.
Potensi ketegangan diredam nganggo hukum negara, adat, ajaran agama
lan etika moral liyane. Semono uga ngelmu lan laku Jawa uga duwe tujuwan
kanggo gawe tata tentrem kerta raharjaning bebrayan. Mung bae, cara Jawa
iku lueih tumuju marang rekadaya nata ‘kesadaran’ batine manungsa
katimbang gawe hukum-hukum kang ngatur tumindake saben manungsa ing
bebrayane. Ya kanggo nata ‘kesadaran’ iku anane ngelmu lan laku ana ing
piwulang Jawa. Pitakone, apa ngelmu lan laku Jawa isih relevan kanggo
ngadhepi persoalan urip ing jaman globalisasi wektu iki ?

Nilai-nilai budaya lan peradabane manungsa pancen owah gingsir manut
jaman kelakone. Ngelmu lan laku kang ana ing piwulang Jawa wernane
akeh lan duwe piguna dhewe-dhewe. nanging umume, gunane kanggo
kepentingan urip. Kamangka wateking manungsa urip uga werna-werna.
Ana sing ‘becik-bener-pener’ kanggo kepentingane urip bebarengan,
nanging ya akeh sing ‘ala-salah-ngawur’ sing ngrusak bebrayan. Anehe, kok
ngelmu lan laku kanggo kekarone ya ana kabeh ing jagad Jawa. Kabeh
pancadane kanggo sangu nglakoni urip. Kanthi mangkono pancen rada abot
angone arep njlentrehake bab sakabehing ngelmu lan laku Jawa. Mulane,
murih kepenake anggonku ngaturake ‘Ngelmu Urip’ ing postingan iki tak
rujukake marang serat-serat kapujanggan kayadene Wulangreh,
Wedhatama, lan liya-liyane. Muga-muga Gusti Kang Murbeng Dumadi
ngeparengake.
2
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir


3

Ngelmu Urip #2

Pancadane ‘Ngelmu Urip’ iku ‘eling’, yaiku eling marang ‘sejatining urip’
utawa ‘hakekating urip’ tumraping manungsa. Manungsa iku titah pinunjul
katimbang titah liyane. Pinunjule amarga kaparingan ‘perangkat urip’ kang
ana ing khasanah Jawa disebut ‘cipta-rasa-karsa’. Tinengeran ana ing
aksara Jawa:
“ha-na-ca-ra-ka” kang tegese ‘utusan’ (hananira hananing Hyang) kang
diparingi cipta (ca), rasa (ra), lan karsa (ka). Ya peparing ‘cipta-rasa-karsa’
iki kang mbedakake titah manungsa karo titah liyane.
Kang lumrah siklus urip kang dilakoni manungsa iku:
‘ana (lair) – dadi momongan wong tuwane – dhiwasa (bisa golek pangan
dhewe) – kawin – duwe anak (momong) – ngentasake momongane – mati’.
Siklus kang mangkene iki ora ming tumrape manungsa, nanging titah-titah
liyane iya duwe siklus mangkene. Tegese, mung nglakoni naluri alamiah.
Ora ngoperasionalake perangkat urip peparinging Gusti Kang Maha Kuwasa
kang njalari manungsa iku disebut ‘titah utama’. Menawa miturut basa
agama Islam manungsa iku dipapanake (diposisikan) dadi ‘Kalifatullah fil

ardhi’, wakile utawa utusane Gusti Allah neng ngalam donya. Nangin perlu
dieling-eling menawa manungsa kang bisa dadi utusan utawa wakile Gusti
Allah iku cetha sing bisa ngoperasionalake ‘cipta-rasa-karsa’-ne kang
jumbuh karo kersane Gusti Kang Murbeng Dumadi. Dudu sing mung
operasional naluri alamiahe kaya kang tak aturake ing ndhuwur.
Kanggo bisa operasionalake ‘cipta-rasa-karsa’ dibutuhake ‘ngelmu’ lan
‘laku’. Ngelmune kanggo mangerteni (memahami) babagan sejatining ‘ciptarasa-karsa’ iku. Dene lakune kanggo mapanake pangerten ngelmu dadi
watak-wantu. Menawa dirembuk nganggo basa Inggris ‘watak-wantu’ iku
nglingkupi :
knowledge, attitude, skill, aptitude, lan habit kang bisa disingkat KASAH. Ya
ing kene iki salah sijine cara kanggo mangerteni unen-unen “ngelmu iku
kelakone kanthi laku”. Tegese: ngelmu iku bisa manjing dadi watak wantune
manungsa manawa dikantheni laku. Gandheng ‘cipta-rasa-karsa’ iku
manggone ana ing manungsa urip, mula ngelmune ya ngelmu urip, lakune
ya laku nglakoni urip. Pitakonane, nek ana ‘ngelmu urip’, mesthine ya ana
‘ngelmu mati’. Pancen ya ana, yaiku ‘ngelmu-ngelmu’ sing mentingake
kanggo persiapan mati. Sakabehing dayaning urip kanggo persiapan mati.
Ana kang ‘tata lair’, upamane petungan kanggo nyukupi kebutuhane ahli
waris njur numpuk bandha kang perlu diwarisake. Ana kang ‘ranah
kebatinan’, umpamane ngelmu ‘mati sajroning urip’ kang pakertine (cara

nglakoni) kanthi nglereni obahing ‘cipta-rasa-karsa’. Yaiku tapa brata neng
papan sepi nyingkir saka bebrayan (masyarakat).
Ngelmu sing kaya mangkono iku ora salah lan ora kleru. Amarga subyektif
banget, kaitane karo ‘persepsi’ saben uwong babagan jejibahan urip kang
beda-beda. Mulane ana ing khasanah Jawa, iya ana ngelmu-ngelmu sing
mentingake ‘persiapan mati’ iku. Nyuwun pangapunten, babagan ‘ngelmu
mati’ iki kareben diterangake sedulur liya sing luwih nguwasani. Jujur bae,
KSM ora pati mudheng. Ngelmu urip iku ora mung ing babagan tata lair,
nanging uga ana gegayutane karo kebatinan. Amarga manut filosofi Jawa,
3
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

4

ana gegayutan (hubungan) ‘kosmis-magis’ ing antarane jagad cilik
(manungsa urip) karo jagad gedhe (alam semesta). Pangertene ndudut saka

‘kawruh sangkan paraning dumadi’. Menawa manungsa urip iku kawangun
saka unsur telung perkara, yaiku: materi (bumi lan langit), cahya lan teja,
sarta suksma sejati (dzat urip, roh). Katelune unsur-unsur iku asale saka
‘Guruning Ngadadi’ kang uga disebut ‘Suksma Kawekas’, kang ora liy iya
Gusti Kang Murbeng Dumadi sing dadi sesembahane sagunging titah
dumadi. Kanthi andaran kasebut ing nduwur, filosofi Jawa kanyatane kanthi
cetha wela-wela nerangake anane ‘Sesembahan’ kang disebut ‘Gusti Kang
Murbeng Dumadi’, ‘Hyang Agung”, ‘Hyang Suksma Kawekas’, ‘Guruning
Ngadadi’ lan sebutan-sebutan liyane kang akeh banget cacahe.
Panjenengane R. Ng. Ranggawarsita ngumpulake sesebutan tumrap
‘Sesembahan’ Jawa iku ana ing seratane, ‘Paramayoga’.
Ngelmu Urip #3

Pokok baku dhedhasarane ‘ngelmu urip” iku ana 3 (telung) prekara : 1)
kesadaran anane Sesembahan (keber-Tuhan-an, 2) kesadaran
kesemestaan (hubungan kosmis-magis jagad cilik lan jagad gedhe), 3)
kesadaran kautamaning urip (keberadaban). Katelune ora bisa mlaku
dhewe-dhewe, nanging kudu nyawiji dadi sawijining pangerten (kawruh).
Lumrahe padha diarani ‘Kawruh Kejawen’.
Aturku ing ndhuwur iku minangka pambukaning pangerten menawa ‘Kawruh

Kejawen’ iku sawijining kawruh babagan ‘Sejatining Urip’ utawa ‘Hakekating
Urip’. Dudu ajaran agama, wong ora duwe ‘kitab suci’ lan ‘nabi’ (utusan)
kang piniji Gusti kanggo mulang-muruk manungsa kaya salumrahe ‘definisi’
agama.
Kawruh Kejawen pancadane saka olah ‘cipta-rasa-karsa’ para empu lan
pujangga Jawa (para jenius Jawa) wiwit jaman prasejarah nganti
tumekaning peradaban lan kabudayan kang nga-Jawa. Ing kene banjur ana
sintesa, asimilasi lan hybrid ing antarane pangerten-pangerten Jawa karo
nilai-nilai budaya lan peradaban (klebu pangerten agama) sing tumeka ing
tanah Jawa. Senajan ana sinergi lan sinkretisme, nanging pokok baku
pancadane Kawruh Kejawen 3 (telung) perkara kasebut ing ndhuwur ora
ilang lan kesilep, amarga mapan manggon ana ing bab ‘sejatining urip’. Bisa
uga, malah aweh jembaring pangerten (melengkapi pemahaman) ajaranajaran agama. Nanging perkara iki becike ora digawe rembuk, amarga njur
mlebu ana ing ‘Ilmu Perbandingan Agama’ kaya kang diwulangake ing
perguruan-perguruan agama. Kang tak aturake mligi ‘konsep-konsep
pandangan Jawa’, supaya bisa dimangerteni dening bebrayan masyarakat
kareben ora ‘salah paham’.
Ana ing jagad ngelmune wong Jawa, ana kang disebut Kawruh
Kasampurnan. Yaiku sawijining ngelmu kanggo nggayuh kasampurnaning
urip. Kang dikarepake ‘urip sampurna’ iku nglingkupi tata lair lan kebatinan.

Ing tata lair wis kacetha kaya kang disebut ing Wedhatama: “wirya arta tri
winasis”. Kajen keringan, cukup sandhang pangan papan, lan pinunjul ing
kapinterane. Dene ing babagan ‘kebatinan’ sing dikarepake ‘urip sempurna’
iku lamun bisa ‘titis ing pati’. Yaiku bisa ngulihake (mbalekake) kanthi
4
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

5

sampurna sakabehing ‘gadhuhan’ marang sing kagungan. Menawa wujude
manungsa urip iku kedadeyan saka unsur-unsur: bumi langit, cahya lan teja,
sarta dzat urip (suksma, roh), sempurnane menawa bisa ngulihake unsurunsur mau marang sumbere dhewe-dhewe.
Unsur materi saka bumi lan langit sarta unsur cahya lan teja, bisa bali
sampurna nalikane manungsa mati (pishing raga lan suksma). Nanging
baline dzat urip (roh, suksma) marang Dzat Sejatining Urip, angel bisane
sampurna. Manut keterangan ing kawruh sangkan paran (Wedaran Sang

Wiku), angel sampunane iku jalaran ‘dzat urip’ wis suda kasuciane. Sudane
amarga kawoworan rereged saka asiling pakerti nalika nglakoni urip. Uga
saka jalaran durung rampung anggone netepi wajib nindakake sabda
dhawuhing Gusti Kang Maha Kuwasa. Akeh-akehe padha leren ana ing
‘alam pangrantunan’ (suwarga pangrantunan). Utawa malah kesasar ana ing
alaming lelembut, alaming sato kewan, utawa kesangsang dadi dhanyang
neng kayu lan watu.
Gandheng bisa sampurna loan orane ‘dzat urip’ (suksma) bali marang
sumbere (Dzat Sejatining Urip, Suksma Kawekas, Guruning Ngadadi)
gumantung saka pakerti nalika nglakoni urip neng ngalam donya, mula
banjur ana paugeran-paugeran kang tumuju marang kasampurnaning urip
iku. Iya ing kene iki ‘ngelmu urip’ kang dirembuk iki ana tegese.
Ngelmu Urip #4

Menawa manungsa urip ijen, sejatine ora butuh ilmu lan ngelmu. Cukup
naluri alamiahe wae. Nanging nalika urip bebarengan karo manungsa liyane
lan karo titah dumadi liyane dibutuhake ilmu lan ngelmu. Dadine, ngelmu
urip iku lumakune kanggo nuntun manungsa nglakoni urip bebarengan ing
ngalam donya.
Ilmu iku ngoperasionalake nalar utawa cipta, dene ngelmu sing
dioperasionalake cipta-rasa-karsa. Mula ya beda tatacarane ngudi antarane
ilmu lan ngelmu. Menawa ngudi ilmu iku lumrahe saka sekolahan lan
pawiyatan-pawiyatan, dene ngudi ngelmu ora cukup semono, nanging kudu
disranani laku murih bisa manjing ing sajroning batin.
Ana ing khasanah Jawa kang luwih diudi iku ‘ngelmu’, mulane kadhang kala
lumrahe wong Jawa iku sok diarani ‘bodho’ ana ing ‘ilmu pengetahuan’.
Keladuking panganggep, Jawa iku kakehan klenik lan gugon tuhon. Rumit,
mbulet, angel dinalar, lan ora duwe ‘greget’ pepinginan marang kemajuwan.
Sing diudi mung kasekten lan tapa brata.
Panganggep sing mangkono iku pancene ada alasane. Contone, bisa gawe
candhi Borobudur apadene Prambanan sing cetha butuh ilmu pengetahuan
werna-werna tingkat tinggi, nanging kanyatane ora marisake ilmu
matematika, ilmu fisika, mekanika, lan ilmu pengetahuan liyane. Kamangka
lagi milih panggonan kanggo ngedegake candhi-cndhi iku wae wis kabukten
pener banget. Uga ing babagan kalender (almanak) sing njlimet nganti bisa
nemtokake wektu kang akurasine luar biasa, nanging kok ora ana tinggalan
bab angka-angka pangetunge. Manut ngendikane para pakar, menawa ing
5
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

6

bab petungan (ping, para, lan, suda, kuwadrat, lsp.) wong Jawa nganggo
cara ‘awangan’. Panemu mangkene iki bisa uga pancen bener. Jalaran
operasionale ‘cipta-rasa-karsa’ iku mapan manggon ing ‘daya spiritual’ kang
diduweni manungsa. Ora bisa ditulis kayadene ilmu-ilmune wong Barat.
Ora beda karo ilmu nalar, ngelmu ‘cipta-rasa-karsa’ uga ana tataran cendhek
lan dhuwure. Ana manungsa kang nalare dhedhel sing bodhone ora karukaruwan, pijer nunggak sing sekolah. Semono uga ing bab ngelmu ‘ciptarasa-karsa’ ya ana sing maju lan ana singsendhet ora mundhak babar bisan
senajan wis meguru neng pirang-pirang para sepuh. Malah-malah wis
nglakoni laku pirang-pirang werna uga ora ana kaundhakane.
Akeh-akehe padha nganggep menawa ngudi ngelmu ‘cipta-rasa-karsa’ iku
padha karo wong ngudi ilmu pengetahuan. Bakune karep sing kenceng thok.
Kamangka banget bedane. Menawa ngudi ilmu sing dibutuhake pancen
‘kekarepan’ utawa ‘cita-cita’ (semangat). Dene ngudi ngelmu sing
dibutuhake malah menebake ‘kekarepan’ murih bisa ‘ênêng’ lan ‘êning’.
Bisane ‘ênêng’ lan ‘êning’ iku disranani ‘laku’ lan butuh ‘kas kang nyantosani
setya budya pangekesing dur angkara’ (niat kang mantep nduweni budi
luhur). Dadine, kang luwih dhisik kudu diduweni kanggo ngudi ngelmu iku
‘budi luhur’.
Ngudi ngelmu ora bisa menawa mung kanggo ‘pelarian’ jalaran semplah
kelangan semangat ngadhepi urip. Upamane, rekasa golek pegaweyan
(golek sandhang pangan) njur nekuni ‘ngelmu kebatinan’. Panganggepe,
nek wis nglakoni ‘lakubrata’ werna-werna njur gampang entuk pegaweyan
utawa gampang rejekine. Modhel pelarian sing kaya mangkene iki akeh
banget tinemu ing tengahing bebrayan.
Salah kaprah panemu liyane, ‘ngelmu’ iku bisa kanggo mrantasi pirangpirang perkara. Ing antarane kanggo nylametake dhiri saka tumindak salah
lan ala. Upamane, murih ora kena ‘jerat hukum’ sawise korupsi njur nglakoni
‘lakubrata’ utawa golek ‘backing spiritual’ marang ‘sesepuh’. mBok menawa
wae pancen ana kasekten-kasekten sing bisa kanggo kepentingan kang
mangkono. Nanging kasekten kang mangkono iku dudu ‘ngelmu urip’ kang
‘bener-becik-pener’. Ana ing Wedhatama, kasekten jinis mangkono iku
diarani ‘ngelmu karang’. Kekerane (kekuwatane) saka asile kekarangan
(bersekutu) karo bangsaning gaib. Ora rumasuk jroning daging (ora manjing
ing jroning batin). Ngibarate mung manggon ing kulit kayadene boreh
(wedhak pupur) alias apus-apus utawa palsu. Mula ora bisa diandelake
kanggo nglakoni urip kang ‘bener-becik-pener’. Ewa semono, kanyatane ing
tengahing bebrayan akeh pawongan kang bebudene seneng golek
gampang. Samubarang apa wae dianggep bisa diprantasi nganggo
kekuwatan spiritual silihan saka bangsaning gaib mau.
Ngelmu Urip #5

Budi Luhur minangka dhedhasarane ‘ngelmu urip’. Ajaran Jawa nduweni
konsep menawa urip bebarengan iku kudu tata (tertib), tentrem (aman
tenteram), kerta (makmur) lan raharja (sejahtera). Bisane wujud menawa
6
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

7

para manungsane iku nduweni budi luhur. Murih bisa duwe budi luhur kudu
nyecep ‘piwulang kautaman’.
Apa wae sing diwulangake ing ‘piwulang kautaman’ iku ngandhut ‘kawruh’
lan ‘laku’. Tegese ora mung bisa ngerti bab kawruhe, nanging uga kudu
dilakoni apa kang diwulangake. Babon baku piwulang kautaman mulangake
kawruh murih manungsa padha ‘eling’ marang kajatene. Yaiku titah kang
diparingi kaluwihan wujud ‘cipta-rasa-karsa’. Mula kaelingan sing ‘benerbecik-pener’ yaiku :
1. Eling menawa dadi titahing Gusti (Sangkan Paran, Manunggaling Kawula
Gusti).
2. Eling menawa dititahake manggon ing planet bumi kang ora ijen anane,
nanging minangka bagian cilik saka ‘alam semesta’. (Jumbuhing jagad
cilik lan jagad gedhe).
3. Eling marang peparing ‘cipta-rasa-karsa’ kang ukurane manungsa kudu
‘beradab’.
4. Eling manwa kudu tansah ngutamakake kerukunan karo manungsa
liyane lan titahe Gusti liyane.
5. Eling menawa kudu tansah njaga ‘keselarasan’ (kemarmonisan): melu
memayu hayuning bawana.
Dhasaring laku diarani ‘Panca Brata’, yaiku lakubrata kanggo nguripake
(ngoperasionalake) ‘cipta-rasa-karsa’, yaiku:
1. Nglatih bisane nduweni watak ‘narima’, disranani laku kanthi ngengurangi
mangan lan ngombe. Umpamane laku pasa, mutih, ngrowot lan
sapiturute. Bedane pasa ing laku Jawa karo pasa tumrape ibadah agama,
yaiku ana ing tujuwane. Nek pasa cara agama kanggo nggayuh suwarga,
dene pasa laku Jawa amung kanggo nglatih bisane duwe watak narima.
Ewa semono, kanyatane luwih abot syarat-syarate. Ing antarane, senajan
bisa pasa sedina nutug, nanging yen ing batin isih durung bisa nrimakake
pangan lan ngombe saanane nalika ‘buka’ bakal njugarake gegayuhan.
Ora bisa kanggonan watak ‘anarima’. Selagine kanggonan watak
anarima wae ora bisa, lha kok kepingin nggayuh suwarga mesthi tangeh
lamun.
2. Nglatih bisane tansah ‘eling’, disranani ngengurangi sare (turu). Syarate,
anggone melek ora kena disambi apa wae. Apamaneh dislamur nganggo
dolanan kertu utawa jagongan gayeng karo para kanca. Kang
ditindakake, melek lan tansah eling marang kajatene manungsa.
3. Nglatih urip kang tata utawa tertib, disranani laku ngengurangi
sanggama. Nanging anggone ngurangi kudu kanthi pangerten babagan
sanggama kang sejatine. Yaiku pangerten sanggama kang
gegandhengan karo ‘titising wiji’ kang mahanani ‘rasa sejati’. Yaiku ‘rasa
nikmat mulya’ kang ditampa manungsa nalika dadi saranane Gusti nyipta
manungsa anyar. Rasa nikmat mulyane sanggama kang bisa nitisake
wiji, dudu nikmat sanggama kang lumrah amung nuruti derenging birahi.
Kanthi mangkono, sing dikurangi iku sanggama kang mung mburu
kanikmataning birahi.
4. Nglatih kesabaran, disranani kanthi laku ‘ora kena nesu’. Mula kang becik
iku laku: “ing siyang ratri tansah amamangun karyenak tyasing sesama”.
5. Nglatih panalangsa utawa pasrah sakabehane marang Gusti Kang Maha
Kuwasa. Srana lakune ‘mbisu’. Nanging ora mung ora guneman thok. Ing
7
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

8

jroning batin tansah ngulati mobah-mosiking ati. Iya obah osiking ati iku
kang bisa uga mujudake wisik utawa dhawuhing Gusti marang kita
sowang-sowang (dhewe-dhewe). Bisane dimangerteni kudu dipêndêng
utawa mêlêng temenan. Mêndêng utawa mêlêng ora bisa kelakon yen
sinambi ngendika utawa omong-omong. Wohing pasrah iku antuk wisik
utawa ‘sabda dhawuh’ kang nuntun marang bebener, kabecikan sing
pener.
Ngelmu Urip # 6

Filosofi Jawa mulangake menawa manungsa iku duwe sedulur-sedulur gaib
kang njangkungi uripe, yaiku:
1. Sedulur Marmarti, kedadeyan saka rasa kumesaring ati lan ngemar-emari
awake biyung (ibu) nalika arep nglairake.
2. Sedulur papat, yaiku rohe kawah (ketuban), ari-ari, getih, lan puser.
3. Sedulur tungal dina kelairan, yaiku sakabehing anake titah dumadi kang
bareng dina laire utawa kedadeyane.
Filosofi Jawa iki pancen akeh sing ora percaya apa maneh mudheng karo
karepe. Jalaran pancen arang kang kersa nerangake lan njlentrehake kanthi
wijang. Embuh marga ora ngerti apa pancen angel dudutane. Kamangka
sejatine baku banget kanggone ngelmu urip. Jalaran kanthi cetha
mulangake bab hubungan kosmis-magis antarane jagad cilik (manungsa)
karo jagad gedhe (alam semesta).
Sedulur marmarti maringi pangerten bab sesambungan lair batine anak karo
biyung kandhunge munggahe marang para leluhure. Sedulur papat (kalima
pancer) nerangake menawa roh (suksma)-ne manungsa iku ‘wujud
hubungan inti-plasma’. Pancer sing dadi ‘inti’, dene sedulur papat ‘plasma’ne. Dene anane sedulur tunggal dina kelairan, mulangake menawa
sakabehing kang ana ing alam semesta iki ‘manunggal’.
Miturut Kejawen, alam donya (ngarcapada) kang dipanggoni manungsa urip
iki sejatine phase lanjutane alam kandhutane biyung. Nalika ing jero
kandhutan, sing ngreksa urip lan dadi piranti sesambungane janin karo
anggane biyung wujud ‘kawah, ari-ari, getih lan puser’, mula nalika urip ing
ngarcapada iya rohe ‘kawah, ari-ari, getih lan puser’ sing ngreksa lan dadi
‘tali gaibe’ manungsa urip karo alam ngarcapada (donya).
Anane sedulur tunggal dina kelairan nerangake bab ‘panunggalan’,
sakabehing kang gumelar ing jagad iki miturut kepercayaan Jawa,
manunggal utawa nyawiji. Kawangun kanthi hubungan kosmis-magis ‘intiplasma’: “Manunggaling Kawula Gusti”. Kawula plasma, dene Gusti
(Sesembahan) minangka ‘inti’. Sesembahan iku ora mung duwekke
manungsa, nanging uga sesembahane sakabehing titah dumadi. Mula
konsep Jawa nyedulurake sakabehing ‘titah’. Ora ana memungsuhan ing
antarane titah. Kabeh duwe kewajiban ‘nyangga’ maujude panunggalan.
Gandheng kapercayaan anane sedulur gaib tumraping manungsa iku banget
kanggone ngelmu urip, mula ana ritual Jawa kang khusus kanggo ‘memule’
anane sedulur gaib iku. Memule dudu pekerti nyembah, nanging mung
8
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

9

mulyakake lan ngelingi anane. Yaiku eling marang ‘hubungan gaib’ dhirine
manungsa karo alam semesta sak isine. Suksmane manungsa ora mung
nguripi, nanging uga ngreksa lan ‘adeg’ sesambungan karo suksmane
sakabehing titah dumadi liyane.
Bisa uga pangerten iki ora nyambung karo ajaran agama. Mula banjur akeh
kang ora mathuk lan keladuke malah nganggep menawa memule sedulur
gaib dianggep bersekutu karo setan. Ya sumangga wae, pancen kapercayan
Jawa ngono anane. Dipercaya kena, ora percaya inggih kenging kemawon.
Dilaras lan dinalar dhewe-dhewe sing kepenak wae.
Ritual utawa laku kanggo memule sedulur gaib werna-werna. Gumantung
marang abot enthenge jejibahan uripe dhewe-dhewe. Sing kuwagang lan
duwe penggayuh dhuwur mesthine ya nganggo laku sing abot. Dene sing
trima lugu lan sanane, lakune ya sing entheng-enthengan. Sing abot ya laku
Pancabrata saben wetonane dhewe-dhewe. Dene sing entheng wujud sesaji
ing saben dina wetonan kelairane dhewe-dhewe. Sing ora sreg karo sesaji,
nindakake pasa saben wetonane dhewe-dhewe.
Njur pikolehe apa? Mangkono pitakonan kang asring tak tampa. Gandheng
bab iki nyangkut kapercayan, mula pikolehe ya dirasakake karo sing
nglakoni. Sing percaya lan gelem nglakoni mesthine ya bisa ngrasakake
oleh-olehane. Dene sing ora percaya mesthine ya ora gelem nglakoni, mula
ya ora bisa ngrasakake oleh-olehane. Sing kudu dieling-eling, saben laku iku
kudu disranani tekad sing mantep, ora kena gamang utawa was-was.
Sumangga.
Ngelmu Urip #7

Sedulur gaib manut ajaran Jawa (marmarti, sedulur papat kalima pancer, lan
sedulur tunggal dina
kelairan) konteks pengertiane anane hubungan kosmis-magis jagad cilik lan
jagad gedhe. Tegese,
adege manungsa urip iku duwe sesambungan karo jagad saiisine tata lair
lan spirituil. Pangerten kesadaran kesemestaan lan holistik mangkene iki
baku banget kanggo mangerteni lan nindakake ‘ngelmu urip’ kanggo
nggayuh katentreman lan kamulyan. Tentrem lan mulya kanggo pribadi lan
bebrayan tumekaning hayining bawana (jagad).
Paugeran urip mungguhing wong Jawa normatif uga kudu didhasari
kesadaran kesemestaan. Mula ranah budaya lan peradaban Jawa mlakune
ora ninggal kesadaran kesemestaan iki. Prasasat ora ana ‘kepentingan
individu’ tumrape para empu/pujangga/sarjana sujana anggone ngripta lan
nyipta ‘seni budaya’ Jawa. Contone, kaloka dikayangapa gendhing
‘Ketawang Puspawarna’, kanyatane ora dipatenake lan nalika diproduksi
wujud rekaman ora ana tuntutan ‘royalty’ saka kang nyipta utawa ahli warise.
Ing kene iki katon banget menawa ‘profesionalisme’ Jawa ora gegayutan
karo materi lan komersialisme, nanging wujud ‘persembahan’ tumuju
marang hayuning bebrayan. Adoh banget karo model Barat kang sarwa
komersiil lan materialisme. Kabeh mau amarga kang wus ngrasuk Kejawen
kanthi ‘bener-becik-pener’ pancen wus kagungan ‘kesadaran panunggalan’
9
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

10

kang dhuwur tingkatane. Uripe dipasrahake kanggo ‘ngawula kawulaning
Gusti’. Emane, amung sethithik manungsa kang bisa kanggonan ‘kesadaran
panunggalan’ iki. Nanging, senajan sethithik dibutuhake kanggo aweh
‘pencerahan’ marang manungsa liyane.
Banget sing mumet nalika diparingi piwulang bab ‘kesadaran kosmis’ iki.
Amarga istilahe medeni banget, “Manunggaling Kawula Gusti”. Terus carane
mulang tansah ana ing ranah spirituil sing lakune jan abot temenan. Ing
antarane ana laku bisane ketemu karo para ‘sedulur papat’ kang
digambarake madha rupa karo awake dhewe mung beda cahyane. Ing kene
iki KSM ngaku blaka menawa gagal. Malah njur gumun dene kanca-kanca
sing bareng sinau, jarene kasil bisa ketemu. Embuh kanyatane, amarga sing
ngerti lan pana temenan ya sing nglakoni. Ing batin KSM ngudarasa,
“Kanggo apa menawa wis bisa ketemu sedulur gaibe dhewe? “
Ana sesepuh kang paring pangandikan menawa ‘sedulur papat’ iku sejatine
padha karo ‘empat nafsu’ (Amarah, Luamah, Sufiah lan Mutmainah).
Nanging KSM tambah bingung maneh. Lha wong sing dingerteni ‘sedulur
papat’ iku rohe ‘kawah-aruman (ari-ari)-getih-puser’ kok njur dipadhakake
karo ‘empat nafsu dasare manusia hidup’, kepriye anggone nyambungake
pangertene? Luwih kodheng maneh nalika entuk keterangan ing ‘Layang
Djojoboyo’ menawa kang disebut sedulur spirituale manungsa (cacahe
papat) jenenge: Jâbârâlâ, Mâkâhâlâ, Hâjârâlâ, lan Hâsârâpâlâ. Kapapate
utusane Gusti Kang Maha Kuwasa kang ing khasanah agama-agama saka
Timur Tengah disebut Malaikat. Bisa ditarik kesimpulan mengkono jalaran
jenenge utusan kasebut persis basa nglegena asmane Malaikat ing ranah
agama Islam: Jibril, Mikail, Ijroil, lan Ishrofil.
Ing ranah ajaran Jawa ora ana diskripsi ngenani anane ‘malaikat’ lan ‘setan’.
Amarga dasare ‘filosofi panunggalan’ kang nerangake menawa kabeh kang
ana ing jagad gumelar iki mujudake ‘Kesatuan Tunggal Semesta’.
Manunggaling kawula Gusti, nerangake menawa sing disebut ‘utusan’ iku
ora liya ya suksma sejatine manungsa dhewe. Wondene suksma sejati iku
derivasine ‘Suksma Kawekas (Guruning Ngadadi, Hyang Agung, Hyang
Widdhi, Gusti Allah).
Wacana ing ndhuwur iku tak aturake murih para kadang kang kepingin ngudi
‘nglemu urip’ bisa mudheng temenan sesambungane sedulur gaibe
manungsa karo ‘ngelmu urip’. Uga aja nganti ‘wor suh’ karo pangertenpangerten ‘ajaran agama’. Ngerti bedane lan diskripsine murih bisa ndudut
hikmahe lan bisa milih lan milah kanthi becik, bener, lan pener. Bakune,
‘ngelmu urip’ iku tuntunan nglakoni urip cara Jawa. Sinebut ing Wedhatama:
“mrih kretarta pakartining ngelmu luhung kang tumrap ing tanah Jawi”.
Manungsa iku amung ‘kawula’ utawa ‘titah’ kang duwe kewajiban ‘memayu
hayuning alam semesta’. Dene ‘titah’ iku ora mung manungsa thok, lan
kabeh padha kaparingan kewajiban sing padha “memayu hayuning bawana
(alam semesta)”. Iya kesadaran dasar ngrumangsani dadi titah kang wajib
memayu hayuning bawana iku pancadan baku ‘ngelmu urip’. Kesadaran iki
kang disebut ‘ngelmu luhung’ ing Wedhatama kasebut ndhuwur.
Ngelmu Urip #8
10
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

11

Ditelisik lan dionceki sing nganti jero, filosofi Jawa iku mulangake menawa
sakabehing kang ana (dumadi) iku ‘manunggal’. Panunggalane sinebut ing
unen-unen: ‘Manunggaling Kawula Gusti’. Menawa diistilahake nganggo
basa Indonesia: ‘Maha Kesatuan Tunggal Semesta’.
Nanging perlu dimangerteni uga menawa ana ing jagad ngelmu kebatinan,
‘Manunggaling Kawula Gusti’ mujudake tataran makrifat kang paling dhuwur
dhewe. Yaiku tingkat kesadaran batin kang wus tekan ‘jumbuhing’ kawula
lan Gusti. Tegese kang gampang dimangerteni awam yaiku tataran
kebatinan kang wis mangerteni ‘sejatining urip’ utawa ‘hakekating urip’.
Mengerteni ‘sejatining urip’ iku kang dikarepake bisa nggayuh ‘Kawruh
Kasampurnan’. Magerti wajibing kawula (titah):
1. Marang Gustine (Sesembahane).
2. Marang sesamaning titah manungsa.
3. Marang jagad saisine.
Pepunthoning pangerten werna telu kasebut ndhuwur ora wurunga uga
tekan marang kesadaran panunggalan. ‘Sakabehing kang ana iku
manunggal’. Wondene gegambarane panunggalan iku sinebut ing unenunen ‘kadya kembang lan cangkoke’ utawa ‘kadya sesotya lan embanane’.
Menawa nganggo istilah moderen kadidene hubungan ‘inti’ lan ‘plasma’.
Gusti kang dadi intine, dene kawula dadi plasmane.
Struktur hubungan inti pancer, jawa lan plasma (macapat, jawa) kanyatane
dadi lelandhesane sakabehing ‘ide-ide’ ing jagad Jawa Contone, ‘roh alam
semesta’ disebut ‘Hyang Manikmaya’. Hyang Manik minangka inti, dene
Hyang Maya dadi plasmane. Ing pewayangan Hyang Manik disebut uga
Sang Hyang Jagad Girinata utawa Bathara Guru. Dene Hyang Maya disebut
Hyang Ismaya utawa Hyang Taya alias Semar. Conto liyane, rohe
manungsa disebut ‘Pancer lan Sedulur Papat’, ‘Pancer’ dadi inti lan ‘Sedulur
Papat’ dadi plasmane. Ide sistim ‘pancer-mancapat’ uga dipigunakake
kanggo ngadegake negara, mangun desa, percandian, keraton, kutha-kutha,
persawahan, gawe giliran pasaran (ekonomi) tumekane gawe tumpeng
sesaji. Dadi cethane, menawa ing jagading ilmu pengetahuan ditemokake
sistim inti-plasma (pancer-mancapat) wiwit anane renaisans ing Eropa, Jawa
wis mraktekake wiwit jaman kuna makuthi.
Kang bisa kanggo conto, ide ‘pancer-mancapat’ Jawa babagan adeg negara.
Kang dadi pancer (inti, Gusti) yaiku ide (cita-cita, gegayuhan) didegake
negara kang sinebut ing janturan/suluk pedalangan: “Negari adi dasa purwa,
panjang-punjung pasir wukir gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kerta
raharja”. Dene sakabehing warga negara tanpa mbedak-mbedakake
antarane rakyat jelata lan pemimpin dadi mancapat (plasma, kawula).
Kewajibane kawula negara njaga lan nyengkuyung madege negara.
Nanging kanyatane, wiwit jaman kerajaan-kerajaan tumekane jaman
republik wektu iki, ide ‘pancer-mancapat’ babagan kenegaraan dienggokake.
Raja (pemimpin) dadi pancer (gusti, inti) dene rakyat dadi mancapat
(kawula, plasma). Wusanane ide Jawa kang ‘adiluhung’ owah dadi sistim
feodalisme kang kebak KKN (Korupsi, Kolusi, Nepotisme).
11
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

12

Owahe sistim peradaban adiluhung Jawa dadi feodalisme wis lumaku
atusan taun. Kawiwitan nalika mlebune budaya lan peradaban saka Asia
Daratan. Mlebune budaya lan peradaban India kang ngenalake sistim
kerajaan lan kasta liwat (numpang) agama Hindu lan Budha. Diterusake
lumebune budaya lan peradaban Timur Tengah liwat lumebune agama
Islam kang ngenalake sistim pemusatan kekuasaan (Imperium Turki lan
Kekuasaan Ulama Mekah). Sabanjure lumebune penjajahan Landa kang
ndadekake warga pribumi kelas telu, warga asing Asia (China, Arab, India,
lsp.) kelas loro, dene wong Landa (Eropa) kelas sijine.
Pribumi Jawa dening para penjajah asing dianggep kelas batur lan jongos.
Marang wong Landa (Eropa) kudu nyebut ‘ndârâ tuwan’, marang wong
China nyebut ‘yuk’ lan marang wong Arab nyebut ‘ayik’. Sebutan kabeh mau
nandhakake menawa wong Jawa drajate asor. Ora kepenake maneh, para
wong asing sing neneka neng Jawa padha nganggep wewatekane wong
Jawa:
‘nyadhong-nggemblong-nyolong-nggarong’. Awake dhewe, wong Jawa,
mesthine suthik ora trima dianggep asor mengkono. Lha wong budayane
‘adiluhung’ kok dianggep duwe wewatekan: ‘nyadhong’ (mandho, ngemis,
njaluk suap), ‘nggemblong’ (nglengket neng panguwasa lan sing duwe
dhuwit ben entuk cipratan rejeki), ‘nyolong’ (ngunthet, korupsi kelas cilikcilikan), ‘nggarong’ (ngrampok bandhane negara, gawe proyek fiktif nggo
ngentekne anggaran, lsp.).
Nah, sok sintena kemawon menawa kepingin ngudi ‘ngelmu urip’ kang
‘bener-becik-pener’ kudu bisa ngilangi wewatekan ‘nyadhong-nggemblongnyolong-nggarong’ luwih dhisik.
Ngelmu Urip #9

Ajaran Jawa akeh sing nganggep aliran kebatinan utawa aliran
kepercayaan. Banjur saka kalangan agamawan dianggep ajaran kang
durung mateng kang perlu dimatengake murih slamet ing ngalam akherat
mbesuke. Alasan utamane, ajaran Jawa ora duwe kitab suci kayadene
ajaran agama. Wusanane akeh panganggep menawa ajaran Jawa amung
dianggep gaweyane manungsa kang ora bisa dianggo pandoming urip. KSM
uga duwe penganggep mangkono dhek isih enom nganti umur seket. Lha
wis, saben ketemu sesepuh Jawa ora nate entuk keterangan kang
maremake bab ‘kitab suci’ lan ‘utusan’. Kamangka para sepuh sing tak
temoni padha ngendika menawa sing digilut iku ‘Agama Budi’. Dene
keterangan bab kepriye sing dikersakake ‘Agama Budi’ iku, wangsulane
mbulet angel tak tampa. Gandheng senengane ngayam wana nemoni para
sepuh lan ngulama, KSM entuk tepungan Kyai Bahrul Rondhi ing tlatah
Jepara ing taun 1991. Mas Kyai iki dening para ulama dianggep ‘sesat’
jalaran mulangake kebatinan Islam campur Kejawen.
Ora marga kepilut karo ajarane, nanging kang penting tak critakake neng
kene, amarga Mas Kyai ngendika menawa panjenengane asring ditekani
‘kitab gaib’ ing saben semedi. Mas Kyai aweh bukti anggone nulis (ngutip)
kitab gaib kang ngatoni panjenengane. Asil penulise iku kang ditontonake
marang KSM. Wujude tulisan Arab Pegon kang KSM babar pisan ora bisa
12
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

13

maca. Mas Kyai njur macakake sak kalimat tulisane: “Hananira sejatining
wahananing Hyang”.
Lho kok basa Jawa, mengkono pangudarasane KSM. Lelakon sabanjure,
KSM tuku buku karangane Ir. Sri Mulyono, “Apa dan Siapa Semar ?”. Ing
bukune iku dikutipake ‘Filsafat Nusantara’ kang isine filosofi aksara Jawa
‘ha-na-ca-ra-ka’. Kalimat filosofi aksara (ha) unine: “Hananira sejatining
wahananing Hyang”.
Persis karo kalimat ing kitab gaib Arab Pegon sing nemoni Kyai Rondhi.
KSM bisane mung gumun, amarga ngakoni menawa ora duwe kabisan
spiritual kanggo golek wangsulan kang gumathok. Ya mung ana pengaruh
gedhe kang mlebu ing batin, menawa Carakan Aksara Jawa iku ngemot
ajaran teologi Jawa. Kodhenge, kok ing aksara Arab Pegon ya ana tur gaib
pisan, iki kepriye larah-larahe.
Ya embuh kepriye kersane Gusti Kang Maha Wikan, lelakone KSM isih
berlanjut. Nalikane KDP mulih saka Jepang (taun ?) ngajak KSM gresek
buku neng lowakan mburi Sriwedari Solo. Entuk fotocopian Kitab
Darmagandhul, Gatholoco lan Walisana. KDP sing maca kitab-kitab mau
nganti kepingkel-pingkel gumun karo krenahe pujangga sing ngarang. Lha
wong isine kawruh kang jero lan luhur kok dikemas nganggo crita porno saru
banget senajan wujude sastra tembang. Saya kepingkel-pingkel KDP nalika
maca angele Prabu Brawijaya arep pindhah agama. Saka Agama Budi
menyang Agama Islam. Bab kepingkel-pingkele KDP kareben adhi ragilku
iku sing crita. Nek KSM pancen ora prigel ngguyu lan geguyon, bisane mung
mesem rada nyureng serius.
Nyureng seriuse KSM jalaran maca kitab Darmagandhul pupuh Megatruh
kang ngrembuk ‘Sastra Urip’, sebutane Ki Pujangga kanggo ‘ngelmune Gusti
Allah’. Mangga tak kutipake sethithik :
1. Sastraning Hyang mung sagulma cacahipun, pinencar ngebeki bumi,
dadine saking sabda kun, aranira Sastra Urip, binagi dadi sawiyos.
2. Kang rumiyin Sastra Rancang aranipun, kangge miyat sira kadim, ana
aran tanpa wujud, wujude ginelar sepi, arane cinancang batos.
3. Sastra Swarawangsit kaping kalihipun, ginadhuhke marang peksi, kang
urip ing dharat laut, sikap peksi duwe uni, unine wangsit pasemon.
4. Saunine iku sabdane Hyang Agung, peksi amung darma angling, dhawuh
enget eling pemut, sasmita kang elok gaib, kang ngreti wong ahli kawroh.
5. Sastra Arja Ayuningrat kaping telu, tanpa papan kretas mangsi, sastrane
nglimput jro wujud, sipat wujud duwe nami, namane mawa pangretos.
6. Sastra Endraprawata kaping patipun, dadi saking anggit janmi, kalam
lantaraning wujud, cinorek ing dluwang mangsi, kang kena dinulu mring
wong.
7. Mata loro melolo kinarya ndulu, sipat janma doyan kuldi, manut cara
bangsanipun, yen marsudi kawruh budi, sayekti bisa mangretos.
Ngelmu Urip #10

Miturut ngendikane pujangga kang ngripta Serat Darmagandhul (Ki
Kalamwadi), sastra suci (firman, sabda dhawuh) saka Gusti Kang Maha
Agung iku tunggal sumebar sak jagad, arane Sastra Urip, kaperang ing
tataran tumurune, bawarasane KSM:
13
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

14

1. Kang sepisan disebut Sastra Rancang, sastra kang nglimputi sakabehing
titah urip (kadim).
2. Kapindho sinebut Sastra Swarawangsit, wujude unine manuk. Unine
manuk iku sabdane Hyang Agung, manuk amung darma ngelingake
dhawuh sasmita elok gaibe Hyang marang sakabehing titah dumadi.
3. Katelu, sinebut Sastra Arja Ayuningrat kang gaib wujude, ora tinulis ing
kertas nanging nglimput jroning wujud (titah).
4. Kaping papat sinebut Sastra Endraprawata, yaiku sastra anggitane
manungsa kang tinulis lan bisa disawang mata lahiriah. Saben bangsa
manungsa duwe aksara dhewe-dhewe. Mula sastra (firman, sabda)-ne
Gusti Allah kanggo saben bangsa tinulis mawa cara bangsane dhewedhewe. Dene bisane mangerti isining sastra (firman, sabda) kudu marsudi
ing budi kawruh.
5. Kaping lima disebut Sastra Swarasandi, swara (wisik) metu saking gaib.
Kang ngrungu kuping pribadi, ngrungu swarane wong wadon.
Amung titah pinilih kang bisa mangerti Sastra Rancang, Sastra
Swarawangsit lan Sastra Arja Ayuningrat. Titah pinilih ya titah kang wus
tumapak ing tataran ‘paramayoga’, tingkat yoga (semedi, meditasi) kang
paling dhuwur dhewe.
Begjane tinitah Jawa, Gusti Allah ngeparengake para winasise kang wus ing
tataran ‘paramayoga’ medar sabda mbabar kawruh rungsit babagan
sejatining urip (hakekating urip). Kawruh kang winedar nulad saka asiling
nampa ‘pencerahan’ maca Sastra Rancang, Sastra Swarawangsit, lan
Sastra Arja Ayuningrat. Sastra gaib tetelune iki mbok menawa kang disebut
“Sastra Jendra Hayuningrat”.
Babagan ‘sastra’ iki tak aturake ana ing bawarasa Ngelmu Urip kanggo
mengerteni prekara spiritualisme (kebatinan) Jawa. Bab iki perlu, amarga ing
ranah
ejawen akeh kang umyek ngrembuk bab “Sastra Jendra
Hayuningrat”, lan akeh uga kang wani ngaku wus bisa ndungkap kawruh
‘Sastra Jendra’. Kejaba iku, kanggo atur pangerten menawa ngelmu
Sejatining Urip cara Jawa ora ngayawara lan dudu mistik keprimitifan kaya
kang didakwakake sasuwene iki. Ngelmu Jawa iku bisa ditelusuri logika
rasionale.
Ana pitakon, Jawa iku sejatine duwe donga lan cara panembah marang
Gusti Kang Maha Kuwasa apa ora? Ewuh aya anggone arep atur
wangsulan. Menawa diwangsuli ana, sing kepriye donga lan tatacara
panembahe? Menawa diwangsuli ora ana, lha kok aneh ! Bab iki, sajake
pancen wis dadi rembuk umyek duk jaman kapujanggan. Jaman nalika
sebaran agama Islam lan sebaran ide rasionil Barat gencar-gencare ngisi
ruang batine wong Jawa. Kahanan kang dening para pujangga Kraton
ditengarai bakal gawe rusake pranatan Jawa. Mula menawa nyimak jero
karya sastrane para pujangga, ngumunake. Diskusi antarane para pujangga
adu penemu lan argumen banget narik kawigaten. Ana sastra kang isine
‘memantapkan’ ajaran Islam, ana sastra kang samar-samar ngemot
‘perlawanan’, ana uga sastra kang ‘mensinergikan’ ajaran agama Islam,
Hindhu, lan Buddha karo piwulang Jawa. Ana uga kang radikal menyerang
doktrin dogma agama-agama. Kawicaksanan politik Kraton anggone
ngemong diskusi aja nganti gawe dredah ing antarane para kawula banjur
14
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

15

nganakake seleksi karya sastrane para pujangga. Ana kang dikeparengake
lolos dikonsumsi kawula, ana kang kudu disimpen dadi kapustakan
sinengkere Kraton. Elok temenan para intelektual Jawa jaman iku lan
kawicaksanane pemerintahan Kraton anggone ngecakake ‘manajemen
konflik’ murih ora gawe dredahe bebrayan. Nanging, kang sinengker iku
akeh kang didadekake ‘cindera mata’ marang para warga Eropa. Digawa
mulih neng negarane, disinau lan ddianggo studi pirang-pirang kepentingan.
Sing cetha banjur kanggo pancadan ‘menjajah’.
Saperangan karya sastra kang radikal ana sing lolos sensor utawa pancen
disengaja dening pemerintah penjajahan murih kahanan para kawula Jawa
kegawa ana ing suwasana ‘konflik’ saengga lali menawa bumine diperes
entek-entekan.
Ngelmu Urip #11

Ditelisik saka literatur lan laku budaya Jawa pancen ora ditemokake donga
lan tatacara panembah kang wujud laku ritual. Kang ana: mantra, sesaji,
laku sesirih lan laku semedi (meditasi). Gandheng ora padha mudheng
larah-larahe, banjur ana panganggep menawa mantra iku pada karo donga,
sesaji, laku sesirih lan laku semedi padha karo ritual panembah. Mantra ora
padha karo donga. Menawa donga iku panyuwun marang Gusti, dene
mantra iku ngempakake daya uripe manungsa peparinge Gusti. Atur sesaji,
laku sesirih lan laku semedi mujudake tatacara ndayakake dayaning urip
murih bisa nindakake urip kang bener, becik lan pener. Yaiku nindakake urip
melu memayu hayuning bawana.
Daya uripe manungsa mahanani anane ‘aurora magis’ kang nglingkupi
anggane manungsa. Wateke aurora magis iku dhewe-dhewe amarga bedabedane kahanan unsur-unsur kang mangun jasade manungsa. Unsur-unsur
iku asale saka bumi, langit, cahya lan teja kang tansah owah gingsir
kahanane ing saben wektune. Mula banjur ana ngelmu Jawa kanggo nengeri
beda-bedane ‘aurora magis’ nganggo dhasar wetonan lan wuku. Aurora
magis uripe manungsa karo aurora alam semesta iku ana sesambungane
lan daya-dinayan sacara kosmis-magis. Dinamika daya-dinayan ana kang
jumbuh (nyambung, bersinergi), nanging uga ana kang tolak-menolak. Laku
sesirih lan semedi mujudake pangrekadaya njumbuhake aurora magis uripe
manungsa karo aurora alam semesta. nJumbuhake jagad cilik (manungsa)
karo jagad gedhe (alam semesta). Dene sesaji minangka pangrekadaya
njumbuhake aurora magise manungsa karo titah dumadi kang padha-padha
manggon ing jagad, khususe titah gaib.
Manungsa kang wus bisa nggayuh jumbuhing jagad ciliklan jagad gedhe
disebut wus bisa nggayuh ‘wahyu dyatmika’. Yaiku manungsa kang
kaparingan Gusti nduweni ‘daya linuwih’ tumrap cipta rasa karsane kang
sinebut ‘prana’. Pandayaning prana sinebut mantra. Jinising mantra wernawerna, kabeh mesthi ana syarat lakune. Bisa kanggo kabecikan nanging ora
sethithik uga kang bisa kanggo laku ala lan nistha. Mulane ing piwulang
Jawa banget ditekanake bab ‘eling’. Yaiku eling marang ‘aras kesadaran’:
ber-Tuhan, kesemestaan, keberadaban, kerukunan lan keselarasan.

15
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

16

Operasionale ‘eling’ mahanani manungsa bisa ndayakake pranane wujud
mantra kang tumuju marang kabecikan urip bebarengan kang ‘tata tentrem
kerta raharja’. Luwih utama lan dhuwur maneh, menawa mantra katujokake
kanggo ‘nyengkuyung panunggalan semesta’. Nyengkuyung panunggalan
semesta bisa diarani panembahe manungsa marang Gusti miturut piwulang
Jawa. Kang mangkene iki dingendikakake dening pujangga R.Ng.
Ranggawarsita ana ing Kitab Pustaka Raja Purwa: “Dene patrapipun
angabekti ing Dewa (manembah dhumateng Kang Murbeng Dumadi) punika
kalih prakawis, punika boten kenging pisah, karanten ing saestunipun boten
wenang amumuja yen dereng anglampahi tapabrata.”
Panembah pribadi (perorangan) wujud operasionale budi luhur ing tengahing
bebrayan. Sinebut ing unen-unen: “Hangawula kawulaning Gusti”. Yaiku
pekerti urip kang tansah eling marang jejibahan ‘nyengkuyung panunggalan
semesta’. Panembah bebarengan ing tata lair nindakake ‘laku budaya’
ngaturake kaendahan (Laku Kalangwan), kayata: upacara ruwat bumi
(grebeg, suran, sadranan, apitan lsp.), upacara kidungan, ritual gamelan,
bedhaya ketawang, lan sapanunggalane. Intine panembah bebarengan ing
tata kebatinan, nyawijekake daya urip (prana urip) kanggo mujudake
‘mahamantra’ kang bisa ndayani keselarasan sesambungan (harmonisasi
hubungan) spirituale umat manungsa karo spirituale alam semesta saisine.
Tujuwane golek slamet ing sakabehane.
Emane, saka anane owah-owahan jaman, laku budaya kang sejatine luhur
banget iku wis akeh wong Jawa kang ninggalake. Tradisi grebeg, suran,
sadranan, apitan wis owah saka tujuwan nyawijekake ‘prana urip’ lan mung
dadi tradisi adat kang ‘kering tanpa makna’. Upacara kidungan lan ritual
gamelan saya adoh saka nuansa sakral kang suci. Bedhaya ketawang
dianggep amung Kraton kang wenang nganakake. Kawula alit ora
diwenangake, mengko mundhak kuwalat.
Ngelmu Urip #12

Piwulang Jawa kang ngrembuk babagan ‘Sejatining Urip’ digelar ing ‘Wirid
Wolung Pangkat’ utawa ‘Wolung Martabat’ kaya kasebut ing ngisor iki:
1. Wejangan pituduh wahananing Pangeran :
Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana
sawiji-wiji, kang ana dhihin iku Ingsun, ora ana Pangeran nanging Ingsun
sajatining kang urip luwih suci, anartani warna, aran, lan pakartining-Sun
(dzat, sipat, asma, afngal).
2. Wejangan pambuka kahananing Pangeran :
Satuhune Ingsun Pangeran Sejati, lan kawasa anitahake sawiji-wiji, dadi
ana padha sanalika saka karsa lan pepesthening-Sun, ing kono
kanyatahane gumelaring karsa lan pakartining-Sun kang dadi pratandha :
Kang dhihin, Ingsun gumana ing dalem alam awang-uwung kang tanpa
wiwitan tanpa wekasan, iya iku alaming-Sun kang maksih piningit.
Kapindho, Ingsun anganakake cahya minangka panuksmaning-Sun
dumunung ana ing alam
pasenedaning-Sun.
Kaping telu, Ingsun anganakake wawayangan minangka panuksma lan
rahsaning-Sun, dumunung ana ing alam pambabaring wiji.
16
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Maskumitir

17

Kaping pat, Ingsun anganakake suksma minangka dadi pratandha

3.

4.

5.

6.

7.

kauripaning-Sun, dumunung ana alaming herah.
Kaping lima , Ingsun anganakake angen-angen kang uga dadi warnaningSun ana ing sajerone alam kang lagi kena kaupamakake.
Kaping enem, Ingsun anganakake budi kang minangka kanyatahan
pencaring angen-angen kang dumunung ana ing sajerone alaming badan
alus.
Kaping pitu, Ingsun anggelar warana (tabir) kang minangka
kakandhangan paserenaning-Sun. Kasebut nem prakara ing ndhuwur
mau tumitah ing donya, yaiku sejatining manungsa. (Dzat Urip kang ana
ing manungsa, ksm).
Wejangan gegelaran kahananing Pangeran :
Sajatining manungsa iku rahsaning-Sun, lan Ingsun iki rahsaning
manungsa, karana Ingsun anitahake wiji kang cacamboran dadi saka
karsa lan panguwasaning-Sun, yaiku sasamaning geni bumi angin lan
banyu, Ingsun panjingi limang prakara, yaiku: cahya, cipta, suksma
(nyawa), angen-angen lan budi. Iku kang minangka embanan
panuksmaning-Sun sumarambah ana ing da