Alkitab Bahasa Jawa

Alkitab
Bahasa Jawa
Edisi Formal 1981

Perjanjian Baru

MATEUS
Sarasilahe Gusti Yesus

1

1:1-17

1 Iki

Lk 3:23-38

sarasilahe Gusti Yesus Kritus, tedhake
Sang Prabu Dawud, tedhake Rama
Abraham. 2 Rama Abraham peputra Iskak,
Iskak peputra Yakub, Yakub peputra Yahuda

sasadhereke; 3 Yahuda peputra Peres lan
Zerah, patutan saka Tamar; Peres peputra
Hezron, Hezron peputra Ram; 4 Ram peputra
Aminadab, Aminadab peputra Nahason,
Nahason peputra Salmon; 5 Salmon peputra
Boas patutan saka Rakhab; Boas peputra
Obed patutan saka Rut; Obed peputra
Isai, 6 Isai peputra Sang Prabu Dawud,
Sang Prabu Dawud peputra Sang Prabu
Suleman, patutan saka tilas bojone Uria,
7 Sang Prabu Suleman peputra Rehabeam,
Rehabeam peputra Abia, Abia peputra Asa,
8 Asa peputra Yosafat, Yosafat peputra
Yoram, Yoram peputra Uzia; 9 Uzia peputra
Yotam, Yotam peputra Akhas, Akhas peputra
Hizkia; 10 Hizkia peputra Manasye, Manasye
peputra Amon, Amon peputra Yosia; 11 Yosia
peputra Yekhonya sasadhereke, nalika jaman
pambuwangan menyang Babil. 12 Sawise
jaman pambuwangan menyang Babil,


MATEUS 1.13 – 20

2

Yekhonya peputra Sealtiel, Sealtiel peputra
Zerubabel; 13 Zerubabel peputra Abihud,
Abihud peputra Elyakim, Elyakim peputra
Azor; 14 Azor peputra Zadhok, Zadhok peputra
Akhim, Akhim peputra Eliud; 15 Eliud peputra
Eleazar, Eleazar peputra Matan, Matan peputra
Yakub; 16 Yakub peputra Yusuf bojone Maryam,
kang mbabar Gusti Yesus, kang jejuluk Sang
Kristus.
17 Dadi gunggunge saka Rama Abraham
tumeka Sang prabu Dawud iku ana patbelas
turunan, saka Sang Prabu Dawud tumeka
ing jaman pambuwangan menyang Babil
ana patbelas turunan lan saka jaman
pambuwangan menyang Babil tumeka Sang

Kristus patbelas turunan.
Miyose Gusti Yesus
1:18-25

18 Anadene

Lk 2:1-7

miyose Gusti Yesus Kristus iku
sejarahe mangkene: Nalika Maryam kang
ibu lagi pacangan karo Yusuf, sadurunge
tunggal sapaturon, tinemu wus ngandheg
marga saka Sang Roh Suci. 19 Sarehne Yusuf
bojone iku wong mursid sarta ora gelem
mirangake Maryam ana ing ngarepe wong
akeh, mulane sumedya medhot pepacangane
kanthi sidheman. 20 Nanging bareng lagi
duwe gagasan mangkono iku, tumuli ana
malaekating Pangeran ngatingali sajroning
pangimpen, dhawuhe: “He, Yusuf, tedhake


MATEUS 1.21 – 2.3

3

Dawud, aja sumelang anggonmu ngepek
Maryam dadi bojomu, awit Putra kang
kabobotake iku marga saka Roh Suci, 21 sarta
Maryam bakal mbabar putra kakung, iku
namakna Yesus; awit iya iku kang bakal
ngluwari bangsane saka ing dosane.” 22 Bab
iku anggone kalakon supaya kayektenana
apa kang kapangandikakake dening Pangeran
lumantar nabi mangkene: 23 “Lah, sang kenya
bakal nggarbini sarta mbabar putra kakung,
kang asmane bakal sinebut Emanuel, tegese:
Gusti Allah nunggil kalawan kita.” 24 Yusuf
satangine turu banjur ngestokake kaya kang
didhawuhake dening malaekating Pangeran,
Maryam dipek bojo, 25 nanging ora diwori turu,

nganti tumekane wis mbabar putra, kang
banjur dinamakake Yesus.
Tekane para pandhita

2:1-12
1 Nalika Gusti Yesus wus miyos ana ing
kutha Betlehem ing tanah Yudea, yaiku
nalika jumenenge Sang Prabu Herodhes,
banjur ana pandhita-pandhita saka ing tanah
wetan padha teka ing kutha Yerusalem 2 lan
takon-takon:“Ratunipun tiyang Yahudi ingkang
nembe miyos punika wonten ing pundi? Margi
kula sampun sami sumerep lintangipun wonten
ing wetan, dene anggen kula mriki punika
badhe sami sujud wonten ing ngarsanipun.”
3 Bareng Sang Prabu Herodhes miyarsa kang
mangkono iku, banget getere, mangkono

2


MATEUS 2.4 – 11

4

uga wong sakutha Yerusalem kabeh. 4 Sang
Prabu banjur nimbali sakehe para pangareping
imam lan para ahli Toret bangsa Yahudi, lan
padha didangu ana ngendi bakal miyose Sang
Kristus iku. 5 Unjuke kang padha kadangu:
“Wonten ing kitha Betlehem ing tanah Yudea,
awit ingkang sampun kaseratan dening
nabi makaten: 6 Anadene sira, he Betlehem
ing tanah Yahuda, sira iku babar pisan ora
kuciwa ana ing antarane para kang ngasta
paprentahan ing tanah Yahuda, amarga saka
sira bakal ana panutan kang miyos, kang bakal
ngengon umatingSun Israel.”
7 Sang Prabu Herodhes banjur nimbali para
pandhita mau kanthi dhedhemitan, padha
kadangu genah-genahe wektu katoning

lintange; 8 nuli padha didhawuhi menyang ing
Betlehem sarta kaweling: “Padha mangkata,
titi-priksanen sing tlesih bab Sang Timur
iku, dene samangsa wus ketemu, enggal
padha ngunjukana uninga marang aku,
supaya aku iya bisa mrana ngabekti marang
Panjenengane.” 9 Para pandhita sawise
nampani pangandikane Sang Nata, banjur
padha mangkat. Lah ing kono lintang kang
wus dideleng ana ing wetan, iku ndhisiki
lakune tumeka ing padunungane Sang Timur
lan mandheg ing sandhuwure. 10 Bareng
weruh lintang mau, padha banget bungahe.
11 Banjur padha lumebu ing omah lan ndeleng
Sang Timur karo Maryam kang ibu, nuli padha
sumungkem sujud marang Panjenengane.
Banjur padha mbukaki pethine raja-brana,

MATEUS 2.12 – 15


5

Panjenengane disaosi pisungsung arupa mas,
menyan lan blendok mur. 12 Sawise mangkono,
sarehne padha tampa wangsiting Pangeran ing
sajroning pangimpen, supaya aja bali sowan
ing ngarsane Sang Prabu Herodhes, mulane
mulihe menyang tanahe padha metu ing dalan
liyane.
Gusti kaungsekake
menyang ing tanah Mesir

13 Sapungkure

2:13-15

para pandhita mau lah tumuli
ana malaekating Pangeran, kang ngatingali
marang Yusuf ing sajroning pangimpen lan
dhawuh:“Tangia, Sang Timur lan kang ibu

ungsekna menyang ing tanah Mesir, sarta
manggona ing kana nganti Ingsun paring
pangandika marang sira; mulane mangkono
awit Herodhes bakal nggoleki Sang Timur arep
disedani.” 14 Yusuf tangi lan ing bengi iku uga
Sang Putra dalah kang ibu diajak ngungsi
menyang ing tanah Mesir, 15 lan manggon ing
kana nganti sasedane Sang Prabu Herodhes.
Mangkono dadine kayektenan apa kang
kapangandikakake dening Pangeran lumantar
nabi: “Saka ing tanah Mesir anggoningSun
nimbali PutraningSun.”

MATEUS 2.16 – 22

6

Tumpese bocah-bocah ing kutha Betlehem

2:16-18

16 Bareng Sang Prabu Herodhes ngertos yen
Panjenengane dicidrani dening para pandhita,
banget dukane, banjur dhawuh mateni
sakehe bocah lanang ing kutha Betlehem
salaladane, kang umur rong taun sapangisor,
manut wektu anggone angsal katrangan saka
para pandhita. 17 Ing kono kayektenan kang
kapangandikakake dening Nabi Yeremia:
18 “Ana swara kaprungu ing kutha Rama,
panangis lan pangadhuh kang sora; Rakhel
nangisi anak-anake lan emoh kalipur, awit
anak-anake wus padha ora ana.”
Kondure Gusti saka ing tanah Mesir

19 Bareng

2:19-23

Sang Prabu Herodhes wus seda,
ana malaekating Pangeran kang ngatingali

marang Yusuf ing sajroning pangimpen ana ing
tanah Mesir, kang dhawuh: 20 “Tangia, Sang
Timur lan kang ibu jaken bali menyang tanah
Israel, amarga sing padha ngarah sedane Sang
Timur wus padha mati.” 21 Yusuf tangi, Sang
Putra lan kang ibu diajak bali menyang tanah
Israel. 22 Ananging bareng krungu warta, yen
Pangeran Arkhelaus nggentosi kang Rama
Sang Prabu Herodhes jumeneng nata ana ing
tanah Yudea, dadi sumelang yen mranaa.
Nanging sarehne tampa wangsiting Allah ing

MATEUS 2.23 – 3.7

7

sajroning pangimpen, banjur ngener menyang
ing tlatah tanah Galilea. 23 Satekane ing kono,
tumuli manggon ing kutha kang aran Nasaret.
Kang mangkono iku supaya kayektenana kang
kapangandikakake dening para nabi, yen Gusti
Yesus bakal kasebut: wong Nasaret.
Nabi Yokanan Pambaptis

3

3:1-12

Mk 1:1-8; Lk 3:3-9, 15-17; Yo 1:19-28

1 Ing

nalika samana Nabi Yokanan
Pambaptis rawuh ing ara-ara samun
ing tanah Yudea, nggelarake piwulang,
pangandikane: 2 “Padha mratobata, amarga
Kratoning Swarga wus cedhak!” 3 Dene sateme
iya Nabi Yokanan iku kang kapangandikakake
dening Nabi Yesaya mangkene:“Ana swara
kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara samun:
Padha nyawisna margining Pangeran, lurunglurunge padha lencengna.” 4 Nabi Yokanan
iku pangagemane kang kagawe wulu unta,
sarta apaningset walulang; kang kadhahar
walang lan madu alas. 5 Banjur diparani
dening wong-wong saka ing kutha Yerusalem,
saka ing tanah Yudea kabeh lan saka ing
wewengkon sakiwatengene bengawan Yarden.
6 Wong-wong mau tumuli padha dibaptisi
dening Nabi Yokanan ana ing bengawan Yarden
kalawan ngakoni dosane.
7 Nanging bareng Nabi Yokanan mirsa wong
Farisi lan wong Saduki akeh kang padha
teka sarta nyuwun kabaptis, banjur padha

MATEUS 3.8 – 15

8

dipangandikani mangkene: “Heh, tetesaning
ula bedhudhak, sapa kang akon kowe nyingkiri
bebendu kang bakal teka? 8 Yen mangkono
padha metokna woh kang sembada marang
pamratobat. 9 Lan aja padha duwe pikiran
mangkene: Aku rak trahe Rama Abraham. Awit
aku pitutur marang kowe, sanadyan saka watu
iki Gusti Allah kuwaos mijilake anak kanggo
trahe Rama Abraham. 10 Karodene wadung
wus cumawis ing poking wit-witan; saben wit
kang ora metokake woh kang becik, mesthi
kategor lan kacemplungake ing geni. 11 Aku iki
mbaptisi kowe kabeh nganggo banyu amrih
patobatmu, nanging kang bakal rawuh nungka
aku, iku luwih kuwasa tinimbang aku lan mbok
nyopot ageme trumpah bae aku ora pantes.
Iku bakal mbaptisi kowe kalawan Roh Suci lan
geni. 12 Panjenengane wus ngasta tampah;
panutone bakal diresiki nganti tapis sarta
gandume bakal diklumpukake ing lumbung,
nanging mrambute bakal diobong ing geni
kang ora kena sinirep.”
Gusti Yesus dibaptis Nabi Yokanan
3:13-17

Mk 1:9-11; Lk 3:21-22; Yo 1:32-34

13 Nalika

samana Gusti Yesus saka ing tanah
Galilea rawuh ing bengawan Yarden murugi
Nabi Yokanan, karsane supaya dibaptisa.
14 Nanging nabi Yokanan menggak, unjuke:
“Kawula ingkang prelu Paduka baptis, lah kok
Paduka ngrawuhi kawula.” 15 Nanging Gusti

MATEUS 3.16 – 4.6

9

Yesus paring wangsulan, pangandikane: “Wis
ta, cikben, amarga iya mangkono iku patute
Aku lan kowe padha netepi sakehe kabeneran.”
Nabi Yokanan tumuli sumarah. 16 Sawise
kabaptis Gusti Yesus banjur mentas saka ing
banyu, lah ing kono langit tumuli piyak lan
Panjenengane mirsa Rohing Allah tumedhak
pindha manuk dara, anedhaki Panjenengane.
17 Banjur ana swara saka ing swarga, kang
ngandika: “Iki PutraningSun, kekasihingSun,
kang ndadekake renaning panggalihingSun.”
Gusti Yesus kagodha dening Iblis

4

4:1-11

1 Sawuse

Mk 1:12-13; Lk 4:1-13

mangkono Gusti Yesus katuntun
dening Roh menyang ing ara-ara samun
supaya kagodha dening Iblis. 2 Salebare
siyam patang puluh dina patang puluh
bengi, wekasan kerapan. 3 Juru panggodha
banjur sowan ing ngarsane sarta munjuk
mangkene: “Manawi Panjenengan Putraning
Allah, sumangga sela-sela punika Panjenengan
sabdakaken dados roti.” 4 Nanging Gusti Yesus
paring wangsulan, pangandikane: “Ana tulisan
mangkene: Uripe manungsa iku ora mung
saka roti bae, nanging saka sakabehing sabda
kang miyos saka ing lesaning Allah.”
5 Iblis tumuli nggawa Gusti Yesus menyang
ing kutha Suci lan dijumenengake ana ing
dhuwur payone Padaleman Suci, 6 banjur
munjuk mangkene: “Manawi Panjenengan

MATEUS 4.7 – 13

10

Putraning Allah, sumangga kula aturi anjlog
mangandhap, awit wonten seratan makaten:
Pangeran bakal ndhawuhi para malaekate
tumrap sira, sarta sira bakal ditadhahi ing
tangane, supaya sikilira aja nganti kesandhung
ing watu.” 7 Pangandikane Gusti Yesus: “Ana
maneh tulisan mangkene:Sira aja nyoba
Pangeran Allahira.” 8 Gusti Yesus banjur
digawa Iblis maneh munggah ing gunung kang
dhuwur banget lan diaturi mirsani sakehe
krajan ing donya dalasan kamulyane, 9 nuli
munjuk mangkene: “Punika sadaya badhe kula
caosaken dhateng Panjenengan, anggeripun
Panjenengan sumungkem sujud dhateng
kula.” 10 Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika
marang Iblis:“Wis, lungaa, setan!” Sabab
ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira
kang kudu sira sembah lan Panjenengane
Piyambak kang kudu sira abekteni.” 11 Iblis
banjur lengser saka ing ngarsane Gusti Yesus;
lah ing kono tumuli ana malaekat-malaekat
kang padha sowan lan ngladosi Panjenengane.
Gusti Yesus pindhah menyang
ing kutha Kapernaum
4:12-17

12 Bareng

Mk 1:14-15; Lk 4:14-15

Gusti mireng pawarta, yen nabi
Yokanan wus kacepeng, Panjenengane banjur
tindak sumingkir menyang ing tanah Galilea,
13 pindhah saka Nasaret lan dedalem ana ing
kutha Kapernaum, ing sapinggiring sagara ing

MATEUS 4.14 – 21

11

laladan tanah Zebulon lan Naftali, 14 supaya
kayektenana kang kapapangandikakake
dening Nabi Yesaya mangkene:
15 “Tanah Zebulon lan tanah Naftali, dalan
menyang ing sagara, ing sabrange
bengawan Yarden, tanah Galilea
panggonane bangsa-bangsa liya,
16 bangsa kang manggon ing pepeteng,
iku wus ndeleng Papadhang kang
gedhe, sarta wong kang padha
manggon ing tanah kang kalimputan ing
wewayangning pati, iku wus kaplethekan
Pepadhang.”
17 Wiwit nalika iku Gusti Yesus nggelarake
piwulang, pangandikane: “Padha mratobata,
amarga Kratoning Swarga wus cedhak!”
Gusti Yesus wiwit angsal sakabat
4:18-22

18 Nalika

Mk 1:16-20; Lk 5:1-11

Gusti Yesus pinuju tindak urut
pinggiring sagara Galilea, mirsa wong loro
padha sadulur, yaiku Simon kang karan
Petrus karo Andreas sadulure, lagi padha
nibakake jala ing sagara, amarga padha dadi
juru-amek-iwak. 19 Banjur padha didhawuhi:
“Ayo, padha melua Aku, kowe padha bakal
Dakdadekake juru-amek-wong.” 20 Sanalika
banjur padha ninggal jalane, ndherekake
Gusti Yesus. 21 Sabanjure nalika tindak saka
kono, Panjenengane mirsa wong loro maneh,
uga padha sadulur, yaiku Yakobus anake

MATEUS 4.22 – 25

12

Zebedheus karo Yokanan sadulure, ana ing
prau lagi ngrewangi Zebedheus bapakne
anggone nyulami jalane, banjur padha
ditimbali 22 Sanalika padha ninggal praune lan
bapakne, nuli ndherekake Gusti Yesus.

Gusti Yesus wiwit lelana nggelarake Injil
4:23-25

23 Gusti

Lk 6:17-19

Yesus tumuli ndlajahi satlatahe tanah
Galilea kabeh, memulang ana ing papan-papan
pangibadahe wong kono, sarta nggelarake
Injiling Kraton, apadene nyarasake sarupane
lelara lan sarupane memala, kang tinemu
ing satengahing bangsa kono. 24 Pawarta bab
Panjenengane iku banjur sumebar ing tanah
Siria kabeh; sakehe wong, kang nandhang
lelara banjur padha disowanake menyang
ing ngarsane, kang rupa-rupa lelarane lan
sangsarane, wong kasurupan, wong ayan
lan wong lumpuh, tumuli padha diwarasake.
25 Wong akeh padha gumrudug ndherekake
tindake, pinangkane saka ing tanah Galilea,
ing Dekapolis, ing Yerusalem lan ing tanah
Yudea tuwin ing sabrange bengawan Yarden.

MATEUS 5.1 – 9

13

PIWULANGE GUSTI
ANA ING GUNUNG
5:1-16

Wong apa kang rahayu

5

5:1-12

1 Bareng

Lk 6:20-23

Gusti Yesus mirsa wong akeh
iku, banjur minggah ing gunung lan
sawise lenggah, para sakabate padha ngadhep
ing ngarsane. 2 Tumuli Gusti Yesus medhar
pangandika, paring piwulang, pangandikane:
3 “Rahayu wong kang mlarat ing budi, awit
iku kang padha nduweni Kraton ing
Swarga.
4 Rahayu wong kang prihatin, awit iku bakal
padha kalipur.
5 Rahayu wong kang alus ing budi, awit iku
bakal padha tampa warisan bumi.
6 Rahayu wong kang kaluwen lan ngelak
marang kasampurnan, awit iku kang
bakal padha kawaregan.
7 Rahayu wong kang ambek welasan, awit
iku bakal padha oleh piwelas.
8 Rahayu wong kang resik atine, awit iku
bakal padha sumurup marang Allah.
9 Rahayu wong kang dhemen ngrukunake,
awit iku bakal padha kasebut para
putraning Allah.

10 Rahayu

MATEUS 5.10 – 16

14

wong kang dikaniaya marga saka
kayekten, awit iku kang padha nduweni
Kratoning Swarga.
11 Rahayu kowe, manawa marga saka Aku
kowe diwewada lan dikaniaya sarta
dipitenah.
12 Padha bungaha lan sukarenaa, sabab
gedhe ganjaranmu ana ing swarga, awit
iya kaya mangkono anggone wong-wong
padha nganiaya para nabi sadurunge
kowe.”

Bab uyahing bumi lan pepadhanging jagad

5:13-16
13 “Kowe iku padha dadi uyahing bumi. Lah
yen uyah iku ilang asine, apa kang kanggo
mulihake asine? Wis ora ana gunane maneh
kajaba mung dibuwang lan diidak-idak ing
wong.
14 Kowe iku padha dadi pepadhanging jagad.
Kutha kang ana ing dhuwur gunung iku ora
bisa kaling-kalingan. 15 Lan maneh wong
nyumed diyan iku ora banjur dikurebi tompo,
nanging ditumpangake ing jodhog, supaya bisa
madhangi wong saomah kabeh. 16 Samono uga
padhangmu iya sorotna marang wong, supaya
iku padha sumurup marang tindak-tandukmu
kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu
kang ana ing swarga.”

MATEUS 5.17 – 20

15

BAB NETEPI ANGGER-ANGGER
5:17-48

Bab kabeneran kang sampurna
5:17-20

17 “Kowe

Lk 6:27-36

aja padha duwe pangira, yen
tekaKu iku arep nyuwak Toret utawa kitabe
para nabi. TekaKu ora nyuwak, nanging
malah nindakake. 18 Awit satemene pituturKu
marang Kowe: Nganti sirnane langit lan bumi
iki, angger-angger ora bakal sirna saiyot
utawa sacorek, sadurunge iku kabeh kalakon.
19 Mulane sing sapa ngorakake salah sawijining
pepakon iki, sanadyan kang cilik dhewe,
sarta memulang mangkono marang wong,
iku bakal oleh papan kang asor dhewe ana
ing Kratoning Swarga. Nanging sing sapa
nindakake lan mulangake kabeh pepakoning
Toret, iku bakal oleh papan kang dhuwur ana
ing Kratoning Swarga. 20 Mulane pituturKu
marang kowe: Manawa kasampurnanmu ora
ngungkuli kabeneraning para ngulama lan para
wong Farisi, kowe mesthi ora bakal lumebu
Kratoning Swarga.”

MATEUS 5.21 – 26
Bab memateni

16

5:21-26
21 “Kowe wus padha krungu, yen para leluhur
padha kaparingan pangandika mangkene:
Sira aja memateni, sing sapa memateni
kudu diukum. 22 Nanging Aku pitutur marang
kowe: Sing sapa nepsu marang sadulure,
kudu diukum; sing sapa ngunekake sadulure:
kapir, kudu diukum dening pangadilan agama,
lan sing sapa ngunekake; gemblung, mesthi
kacemplungake ing naraka murub.
23 Mulane manawa kowe nggawa pisungusng
menyang misbyah, mangka banjur kelingan
yen sadulurmu lagi sengit karo kowe,
24 pisungsungmu tinggalen ana ing ngarepe
misbyah kono, nuli maranana sadulurmu mau,
rukuna dhisik, sawuse banjur balia, nyaosna
pisungsungmu.
25 Endang rukuna karo lelawananmu nalika
lagi lumaku bebarengan menyang pangadilan,
supaya kowe aja nganti diladekake dening
lelawananmu mau marang jaksa, jaksa
banjur masrahake kowe marang pambantune,
temahan kowe dilebokake ing pakunjaran.
26 Satemene pituturKu marang kowe: kowe
ora bakal metu saka ing kono, sadurunge
kowe nyaur utangmu nganti sah.”

MATEUS 5.27 – 33

17

Bab laku jina

5:27-32
27 “Kowe wus padha krungu pangandika
mangkene: Sira aja laku jina! 28 Nanging Aku
pitutur marang kowe: Sing sapa mandeng
wong wadon kalawan nduweni krenteg marang
dheweke, iku wus laku jina sajroning atine.
29 Mulane manawa mripatmu tengen dadi
jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen,
amarga luwih becik kelangan salah sawijining
peranganing badanmu katimbang badanmu
sakojur kacemplungake ing naraka. 30 Lan
maneh manawa tanganmu tengen dadi
jalaraning piala, kethoken banjur buwangen,
amarga luwih becik kelangan salah sawijining
peranganing badanmu katimbang badanmu
sakojur kacemplungake ing naraka.
31 Uga ana pangandika mangkene: Sing sapa
megat bojone, kudu menehi layang pegat.
32 Nanging Aku pitutur marang kowe: Sing
sapa megat bojone ora jalaran saka laku jina,
iku ndadekake bojone laku jina lan sing sapa
ngrabeni wong wadon mau, dadi laku jina.”
Bab Supata

33 “Kowe

5:33-37

wus padha krungu, yen para leluhur
padha tampa pangandika mangkene: Aja
nglairake sumpah palsu, nanging tetepana
sumpahira ana ing ngarsaning Pangeran.

34 Nanging

MATEUS 5.34 – 42

18

Aku malah pitutur marang kowe:
Aja supata babar pisan, dadia demi swarga,
awit iku dhamparing Allah, 35 dadia demi bumi,
awit iku ancik-anciking sampeyane, dadia
demi Yerusalem, awit iku kuthane Sang Nata
Agung. 36 Iya aja supata demi sirahmu, awit
kowe ora bisa mutihake utawa ngirengake
rambutmu saele bae. 37 Yen iya, kandhaa: iya,
yen ora, kandhaa: ora. Saluwihe saka iku,
asale saka pangawak dursila.”
Bab wewales

5:38-42
38 “Kowe wus padha krungu pangandika
mangkene: Mripat winales mripat, untu
winales untu. 39 Nanging Aku pitutur marang
kowe: Kowe aja nglawan marang wong kang
gawe piala marang kowe, malah sapa kang
nangani pipimu tengen, pipimu kiwa uga
ulungna pisan. 40 Lan manawa ana wong
kang arep prakaran karo kowe, sedyane
ngepek klambimu, jubahmu pasrahna pisan.
41 Apadene manawa kowe dipeksa dikon
ngiringake lakune wong samil, iringna nganti
rong mil. 42 Yen ana wong njejaluk marang
kowe, wenehana lan aja nulak wong kang arep
utang marang kowe.”

MATEUS 5.43 – 48
Bab tresna ing sapadha-padha

19

5:43-48
43 “Kowe iya wus padha krungu pangandika:
Sira tresnaa marang sapepadhanira lan sengita
marang mungsuhira! 44 Nanging aku malah
pitutur marang kowe: Padha tresnaa marang
mungsuhmu; wong kang nganiaya kowe padha
dongakna slamet, 45 supaya kowe padha
katitika, yen dadi putrane Ramamu kang
ana ing swarga, kang mlethekake srengenge
marang wong ala lan wong becik, sarta
nurunake udan marang wong kang ambek adil
lan kang ora. 46 Dene manawa kowe tresna
marang wong kang nresnani kowe, iku kowe
oleh pituwas apa? Para juru-mupu-beya rak ya
tumindak mangkono, ta? 47 Lan manawa kowe
aweh salam mung marang sadulur-sadulurmu
bare, kaluwihanmu apa? Wong kapir rak ya
tumindak mangkono, ta? 48 Mulane kowe
padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga
iya sampurna.”

MATEUS 6.1 – 5

20

TUTUGE PIWULANG
ANA ING GUNUNG
6:1-34

Bab dedana

6:1-4
1 “Padha dieling, aja padha nglakoni
kawajibaning agamamu ana ing
sangareping wong, supaya katona ing wong
iku, awit yen mangkono, kowe ora bakal oleh
peparing apa-apa saka Ramamu kang ana
ing swarga. 2 Mulane yen kowe dedana, aja
kokjuwarakake kaya adate para wong lamis
ana ing papan-papan pangibadah lan ing
lurung-lurung, pamrihe supaya dialem ing
wong. Satemene Aku pitutur marang kowe, iku
wus padha tampa pituwase. 3 Nanging manawa
kowe dedana, tanganmu kiwa aja nganti
sumurup apa kang ditindakake tanganmu
tengen. 4 Dadi anggonmu dedana iku aja
nganti katon; Ramamu kang nguningani
tindakmu kang ora katon iku, bakal paring
piwales marang kowe.”

6

Bab ndedonga
6:5-15

5 “Dene

Lk 11:2-4

manawa kowe padha ndedonga,
aja kaya para wong lamis, amarga iku

MATEUS 6.6 – 13

21

padha seneng ndedonga adeg-adegan ana ing
papan-apan pangibadah lan ing pojok-pojoking
lurung, pamurihe supaya katona ing wong.
Satemene pituturKu marang kowe: Iku wus
padha tampa pituwase. 6 Nanging manawa
kowe ndedonga, lumebua ing kamarmu,
lawange inebna, banjur ndedongaa marang
Ramamu kang ora katon. Dene Ramamu kang
mirsa tindakmu kang ora katon iku bakal
paring piwales marang kowe.
7 Apamaneh, sajrone ndedonga, aja nganggo
tembung akeh-akeh kaya adate wong kapir,
awit iku padha nduweni pangira, yen marga
saka akehing tembunge, pandongane bakal
kabul. 8 Dadi aja tiru-tiru wong iku, awit
Ramamu mirsa apa sing kokbutuhake,
sadurunge kowe matur. 9 Marga saka iku
ndedongaa mangkene:
Dhuh, Rama kawula ingkang wonten ing
swarga,
Asma Paduka mugi kasucekaken.
10 Kraton Paduka mugi rawuh.
Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing
bumi
kadosdene wonten ing swarga.
11 Kawula mugi kaparingan rejeki kawula
sacekapipun ing dinten punika.
12 Saha Paduka mugi ngaputen kalepatan
kawula, kadosdene kawula inggih
ngapunteni tetiyang ingkang kalepatan
dhateng kawula.
13 Punapa dene kawula mugi sampun ngantos
katandukaken dhateng ing panggodha,

MATEUS 6.14 – 18

22

nanging mugi sami Paduka uwalaken
saking piawon. [Awitdene Paduka
ingkang kagungan Kraton saha wisesa
tuwin kamulyan salami-laminipun.
Amin.]
14 Sabab, manawa kowe padha ngapura
kaluputaning wong,
Ramamu ing swarga iya bakal ngapura
marang kowe.
15 Nanging manawa kowe ora ngapura
marang wong, Ramamu iya bakal ora ngapura
kaluputanmu.”
Bab pasa

16 “Anadene

6:16-18

manawa kowe padha pasa,
ulatmu aja kokgawe aclum kaya para wong
lamis, awit iku padha nyengungusake ulate,
supaya wong-wong padha weruh yen lagi
pasa. Satemene pituturKu marang kowe: iku
wus padha tampa pituwase. 17 Nanging kowe
manawa pasa, sirahmu lenganana lan raupa,
18 supaya anggonmu pasa aja katara wong,
ngemungna kauningan ing Ramamu kang
ana ing papan kang ora katon. Ing mengko
Ramamu kang mirsa kang ora katon iku bakal
paring piwales marang kowe.”

MATEUS 6.19 – 24

23

Bab nglumpukake bandha
lan bab diyaning badan

6:19-23
19 “Aja padha nglumpukake bandha ana
ing donya; ana ing donya bakal kena ing
renget lan taiyeng kang ngrusak, sarta bisa
katekan maling kang mbabah lan nyolong.
20 Nanging padha nglumpukna bandha ing
swarga, kang ora bakal kena ing renget lan
tiyeng kang ngrusak lan ora bakal katekan
maling kang mbabah lan nyolong. 21 Amarga
ing ngendi dununge bandhanmu, iya ana ing
kono dununge atimu.
22 Diyaning badan iku mripat; manawa
mripatmu waras, badanmu sakojur
kapadhangan. 23 Nanging manawa mripatmu
cacad, badanmu dadi peteng kabeh. Dadi
manawa pepadhang kang ana ing kowe dadi
peteng, saiba ta petenge iku.”
Bab ngrangkep pangawulan
lan bab sumelang
6:24-34

24 “Ora

Lk 12:22-31

ana wong kang bisa ngrangkep
pangawulan, awit ora wurung bendarane kang
siji bakal disengiti; sijine ditresnani, utawa
bakal setya marang kang siji lan nyepelekake
marang sijine. Kowe ora bisa ngawula marang
Allah lan marang Mamon.

25 Mulane

MATEUS 6.25 – 32

24

Aku pitutur marang kowe: Aja
padha sumelang ing bab uripmu, bab apa
kang bakal kokpangan utawa kokombe, lan
bab badanmu, apa kang bakal kokanggo.
Ajine urip iku apa ora ngungkuli pangan, lan
ajine badan ngungkuli sandhangan? 26 Padha
delengen manuk-manuk ing awang-awang,
padha ora nyenyebar lan ora derep, sarta
ora tetandho ana ing lumbung, ewadene
padha kaparingan pakan dening Ramamu
kang ana ing swarga. Apa kowe ora kinacek
luwih banget katimbang karo manuk-manuk
iku? 27 Sapa ta panunggalanmu kang bisa
nyambungi umure saasta bae marga saka
sumelang? 28 Mangkono maneh yagene kowe
padha sumelang bab sandhang-panganggo?
Padha nyawanga kembang bakung ing
ara-ara anggone tumuwuh, ora nganggo
nyambut-gawe lan ngantih. 29 Ewadene Aku
pitutur marang kowe: Sanadyan Raja Suleman
sajrone sagunging kaluhurane, pangagemane
ora madhani salah sawijining kembang iku.
30 Mulane yen suket ing ara-ara kang dina iki
isih ana, sesuk diobong, iku dipanganggoni
nganti kaya mangkono dening Allah, saya
maneh kowe, heh, wong kang cupet ing
pangandel! 31 Awit saka iku aja padha
sumelang lan calathu: Kang padha dakpangan
apa? Utawa: Kang padha dakombe apa?
Lan maneh: Kang padha daksandhang apa?
32 Awit iku kabeh diupaya dening para wong
kapir; kowe aja mangkono, awit Ramamu
ing swarga wus mirsa, yen iku mau kabeh

MATEUS 6.33 – 7.5

25

dadi kabutuhanmu. 33 Ananging Kratoning
Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen
dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal
diparingake marang kowe. 34 Mulane aja
padha sumelang ing bab dina sesuk, amarga
dina sesuk iku kadunungan kasusahan dhewe.
Kasusahan sadina, wus cukup kanggo sadina.”

TUTUGE PIWULANG
ANA ING GUNUNG
7:1-29

Bab ngukumi

7

7:1-5

1 “Aja

Lk 6:37-38, 41-42

padha netepake alaning wong,
supaya kowe iku aja katetepake alamu.
2 Amarga wewaton kang kokanggo ngukumi
ala-beciking wong, yaiku kang bakal dianggo
ngukumi ala-becikmu. Sarta takeran kang
kokanggo nenaker, yaiku kang bakal dianggo
naker kowe. 3 Kapriye dene kowe weruh tatal
kang ana ing mripate sadulurmu, mangka
glondhong kang ana ing mripatmu dhewe,
kowe kok ora weruh? 4 Kapriye dene kowe kok
bisa kandha karo sadulurmu: Coba, tatal sing
ana ing mripatmu iku dakilangane, mangka
mripatmu dhewe ana glondhonge? 5 Heh,
wong lamis, ilangana dhisik glondhong sing
ana ing mripatmu, mengko kowe bakal kanthi

MATEUS 7.6 – 11

26

pramana anggonmu ngilangi tatal sing ana ing
mripate sadulurmu.”
Bab barang kang suci lan pangaji

7:6
6 “Bareng kang suci aja kokwenehake marang
asu, lan mutyaramu aja kokuncalake marang
ngarepe babi, supaya ora diidak-idak sarta
banjur minger nyempal-nyempal kowe.”
Bab ngantepi ing pandonga
7:7-11

7 “Padha

Lk 11:9-13

nyenyuwuna, temah bakal
kaparingan. Padha golek-goleka, temah
bakal oleh. Padha thothok-thothoka, temah
bakal kawenganan. 8 Sabab saben wong kang
nyuwun, bakal tampa, sing golek bakal oleh lan
sing thothok-thothok iku bakal kawenganan
lawang. 9 Apa ana panunggalanmu kang
dijaluki roti anake, kok menehi watu, 10 utawa
yen dijaluki iwak, kok menehi ula? 11 Dadine
yen kowe kang ala padha mangreti ing bab
paweweh kang becik marang anak-anakmu,
saya maneh Ramamu kang ana ing swarga,
mesthi peparing kang becik marang wong sing
padha nyenyuwun marang Panjenengane.”

MATEUS 7.12 – 19

27

Dalan kang bener

7:12-14
12 “Mulane apa sing kokkarepake ing bab
tumindake wong marang kowe, iku iya etrapna
marang wong, amarga iya mangkono iku
surasane Toret lan kitabe para nabi.
13 Padha lumebua metu ing lawang kang
ciyut, awit amba lawange lan jembar dalane
kang anjog ing karusakan, mangka akeh wong
kang padha metu ing kono. 14 Kosok baline
ciyut lawange lan rupit dalane kang anjog ing
urip, mangka mung sathithik wong kang nemu
iku.”
Piwulang kang nasar

7:15-23
15 “Sing waspada marang para kang
mindha-mindha nabi, kang padha nekani
kowe kanthi nyamur dadi wedhus gembel,
mangka sajatine iku asu ajag kang galak.
16 Iku bakale padha katitik marang kowe saka
wohe. Apa ana thethukulan eri kok awoh
anggur, utawa rerungkudan kok metokake woh
anjir? 17 Dadine wit kang becik metokake woh
becik, wit kang geringen wohe iya ora apik.
18 Wit kang becik ora bisa metokake woh kang
ala, lan wit kang geringen ora bisa metokake
woh kang becik. 19 Sarupane wit kang ora
metokake woh kang becik, mesthi kategor

MATEUS 7.20 – 27

28

lan banjur kacemplungake ing geni. 20 Dadine
wong-wong mau bakal katitik saka wohe.
21 Kang bakal lumebu ing Kratoning Swarga
iku dudu angger wong kang ngucap marang
Aku: Gusti, Gusti, nanging mung wong kang
nglakoni sakarsane RamaKu kang ana ing
swarga. 22 Ing dina wekasan bakal akeh wong
kang padha matur marang Aku: Gusti, Gusti,
punapa kawula boten sampun medhar wangsit
atas asma Paduka, sarta sampun nundhungi
dhemit atas asma Paduka, punapa malih
sampun ngawontenaken mukjijat kathah
atas asma Paduka? 23 Ing wektu iku bakal
padha dakblakani mangkene: Aku durung tau
wanuh karo kowe. Padha sumingkira saka
ing ngarepKu, heh, wong kang padha gawe
duraka.”
Bab ngrungokake lan nglakoni
7:24-29

24 “Mulane

Lk 6:47-49

saben wong kang ngrungokake
pituturKu lan banjur dilakoni, iku kayadene
wong pinter, kang ngadegake omahe ana ing
padhasan. 25 Bareng udan deres, banjur banjir
sarta ana angin gedhe, kang nempuh omah
mau, nanging ora ambruk, amarga katelesan
ing padhasan. 26 Nanging saben wong kang
ngrungokake pituturKu mangka ora dilakoni,
iku upamane kaya wong kang gemblung,
kang ngadegake omahe ana ing pawedhen.
27 Bareng udan deres, terus banjir, sarta ana

MATEUS 7.28 – 8.4

29

angin gedhe, kang nempuh omah mau banjur
ambruk lan banget rusake.”
28 Kacarita, bareng Gusti Yesus wus mungkasi
pangandikane iku mau, wong kabeh padha
gumun banget marang piwulange, 29 jalaran
anggone mulang kaya kang kagungan
panguwasa, ora kaya para ahli Toret.
Wong lara budhugen kawarasake

8

8:1-4

1 Bareng

Mk 1:40-45; Lk 5:12-16

Gusti Yesus tumedhak ing
gunung, banjur kadherekake wong
pirang-pirang gegolongan. 2 Lah ing kono ana
wong budhugen sowan sarta sujud marang
Panjenengane, unjuke: “Gusti, manawi
Paduka karsa, inggih tamtu saged mbirat
najis kawula.” 3 Gusti Yesus nuli mulung
astane, ndemek wong mau sarta ngandika:
“Aku karsa, birata najismu.” Padha sanalika
kabirat budhuge temahan dadi resik. 4 Banjur
kadhawuhan dening Gusti Yesus: “Poma bab
iki aja kokkandhakake marang sapa-sapa. Wis
lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan
caosa kurban, sing diprentahake dening Nabi
Musa, minangka peseksi marang wong.”

MATEUS 8.5 – 11

30

Abdi opsir ing Kapernaum kawarasake
8:5-13

5 Nalika

Lk 7:1-10; Yo 4:46-53

Gusti Yesus lumebet ing kutha
Kapernaum, ana sawijining opsir panatus
sowan ing ngarsane sarta darbe atur
panyuwun, unjuke: 6 “Bandara, rencang
kawula sakit lumpuh, nggluntung wonten
ing griya, langkung sanget anggenipun
ngraosaken sakit.” 7 Pangandikane Gusti
Yesus: “Aku dak mrana, dakwarasne.”
8 Nanging atur wangsulane opsir mau:
“Bandara, boten pantes kawula nampeni
Paduka wonten ing gubug kawula, mugi
karsaa ngandika satembung kemawon,
rencang kawula tamtu lajeng saras. 9 Amargi
kawula piyambak punika tiyang ingkang kereh
lan inggih ngereh prajurit. Manawi kawula
aken dhateng ingkang satunggal: Lungaa!
lajeng kesah; utawi dhateng sanesipun:
Mrenea! inggih lajeng dhateng. Tuwin dhateng
rencang-tumbasan kawula: Iku lakonana!
inggih lajeng dipun lampahi.” 10 Bareng
Gusti Yesus mireng kang mangkono iku,
Panjenengane kaeraman, banjur ngandika
marang kang padha ndherek: “Satemene
pituturKu marang kowe: Pangandel kang
samene gedhene iki Aku durung tau tumon
ana ing satengahing bangsa Israel. 11 Aku
pitutur marang kowe: Bakal akeh wong kang
teka saka ing wetan lan ing kulon kang padha

MATEUS 8.12 – 17

31

melu kembul bujana karo Rama Abraham,
Iskak lan Yakub ana ing Kratoning Swarga,
12 mangka para putraning Kraton bakal padha
kabuwang menyang pepeteng ing jaba, ing
kono bakal ana tangis lan keroting untu.”
13 Gusti Yesus banjur ngandika marang opsir
panatus mau: “Wis, mundura, katekana kaya
kang dadi pangandelmu.” Sanalika iku uga
abdine waras.
Gusti Yesus nyarasake embokne
maratuwa Petrus lan wong-wong liyane
8:14-17

14 Sawise

Mk 1:29-34; Lk 4:38-41

iku Gusti Yesus banjur tindak
menyang omahe Petrus. Gusti mirsa embokne
maratuwa nggluntung ana ing paturon, lara
panastis. 15 Tumuli didemek tangane, temahan
waras, banjur ngladeni tamune. 16 Sorene
akeh wong sing padha kesurupan dhemit sing
padha di owanake menyang ngarsane Gusti
Yesus. Dhemite padha ditundhungi sarana
pangandika lan sarupane wong kang nandhang
lelara padha diwarasake. 17 Bab iki kalakone
supaya kayektenana kang kapangandikakake
dening Nabi Yesaya: “Panjenengane wus
ngrembat karingkihan kita lan nyanggi lelara
kita.”

MATEUS 8.18 – 25

Bab ngetut-wingking Gusti

32

8:18-22

18 Bareng

Lk 9:57-62

Gusti mirsa wong akeh padha
ngrubung Panjenengane, banjur dhawuh
nyabrang. 19 Nuli ana sawijining wong ahli
Toret kang sowan sarta munjuk: “Guru,
kula badhe ndherek Panjenengan dhateng
pundi kemawon anggen Panjenengan tindak.”
20 Gusti Yesus ngandika: “Asu-wawar padha
duwe rong, lan manuk ing awang-awang pada
duwe susuh, nanging Putraning Manungsa ora
duwe panggonan kanggo nyelehake sirahe.”
21 Wong liyane, yaiku salah sijining siswane,
matur marang Panjenengane: “Gusti, kawula
mugi Paduka parengaken kesah rumiyin badhe
ngubur bapa kawula.” 22 Nanging Gusti Yesus
ngandika: “Kowe melua Aku, dene wong mati
cikben padha ngubur wong mati.”
Gusti nyirep prahara
8:23-27

23 Gusti

Mk 4:35-41; Lk 8:22-25

Yesus banjur minggah ing prau,
para sakabate padha ndherek. 24 Dumadakan
ana prahara ing sagara kono, praune nganti
ketungkeban ing ombak, nanging Gusti
Yesus sare. 25 Para sakabate tumuli padha
sowan ngwungu, unjuke: “Dhuh, Gusti,
nyuwun tulung, kawula sami katiwasan.”

MATEUS 8.26 – 32

26 Pangandikane

33

Gusti: “Yagene kowe padha
wedi, heh, wong kang cupet ing pangandel?”
Gusti Yesus banjur jumeneng lan ndukani
angin sarta sagara, tumuli sirep. 27 Wong-wong
padha gumun, pangucape: “Iki wong apa ta,
dene dalasan angin lan sagara kok iya padha
ngestokake dhawuhe!”
Wong kasurupan ing Gadhara
8:28-34

28 Bareng

Mk 5:1-20; Lk 8:26-39

wus mentas ing sabrang, yaiku
ing tlatahe wong Gadhara tumuli dipethukake
wong loro kang padha kasurupan dhemit,
tekane saka ing pakuburan sarta banget
mutawatiri, nganti ora ana wong siji-sijia
sing wani liwat ing dalan kono. 29 Lah tumuli
karone padha nguwuh seru, unjuke: “Paduka
kagungan urusan punapa kaliyan kawula,
dhuh, Putraning Allah? Punapa rawuh Paduka
badhe misakit kawula saderengipun mangsa?”
30 Ora adoh saka kono ana babi sapantha
gedhe, kang lagi golek pangan. 31 Dhemite nuli
padha darbe panyuwun marang Panjenengane,
unjuke: “Manawi kawula sami Paduka dhawuhi
kesah, keparenga kawula manjing ing babi
sapantha punika.” 32 Dhawuhe Gusti Yesus:
“Padha lungaa.” Banjur padha metu lan
manjing ing babi-babi mau. Babi sapantha iku
kabeh nuli padha mlayu gumrudug medhun
saka ing ereng-ereng jurang, ambyur ing
sagara temahan padha mati klelep ana ing

MATEUS 8.33 – 9.6

34

banyu. 33 Kang padha ngengon babi mau
padha mlayu sarta bareng wus tekan ing
kutha, padha nyritakake lelakon iku mau
kabeh, uga bab wong-wong kang kapanjingan
dhemit mau. 34 Lah ing kono wong sakutha
padha metu methukake Gusti Yesus lan bareng
wus padha ana ing ngarsane, padha nyuwun
kanthi adreng, supaya Panjenengane karsaa
nilar tlatahe.
Wong lumpuh kawarasake

9

9:1-8

1 Gusti

Mk 2:1-12; Lk 5:17-26

Yesus tumuli minggah ing prau
banjur nyabrang lan rawuh ing kutha
palerebane. 2 Banjur ana wong lumpuh
nggluntung ing paturon diusung disowanake
menyang ing ngarsane. Bareng Gusti Yesus
mirsa pangandele wong-wong iku, nuli
ngandika marang kang lumpuh: “He, ngger,
sing enak bae atimu, dosamu wus kaapura.”
3 Lah tumuli ana ahli Toret sawatara sing
padha ngunandika: “Wong iku nyenyamah
Gusti Allah.” 4 Nanging Gusti Yesus mirsa kang
dadi panggraitane wong-wong mau, mulane
banjur ngandika: “Yagene kowe padha duwe
panggraita kang ala ana ing atimu? 5 Gampang
endi kandha: Dosamu wus diapura, karo
kandha: Ngadega lan lumakua? 6 Nanging
supaya kowe padha sumurup, yen Putraning
Manungsa duwe panguwasa ngapura dosa ana
ing bumi iki,” -- banjur ngandika marang kang

MATEUS 9.7 – 13

35

lumpuh --: “Ngadega, paturonmu angkaten
lan muliha!” 7 Wonge iya banjur ngadeg lan
mulih. 8 Wong akeh bareng padha ndeleng bab
iku, padha wedi lan banjur padha ngluhurake
Gusti Allah, kang wus paring panguwasa
nganti samono marang manungsa.
Gusti nimbali Mateus, juru-mupu-beya
9:9-13

9 Bareng

Mk 2:13-17; Lk 5:27-32

Gusti Yesus nglajengake tindake,
banjur mirsa wong kang jenenge Mateus
linggih ing pabeyan, iku nuli dipangandikani:
“Melua Aku!” Mateus banjur ngadeg lan
ndherekake Panjenengane. 10 Kacarita nalika
Gusti Yesus lenggah dhahar ana ing omahe,
ana juru-mupu-beya akeh lan wong-wong
dosa kang padha teka ndherek dhahar kalawan
Gusti Yesus dalasan para sakabate. 11 Bareng
para wong Farisi weruh kang mangkono
iku, banjur kandha marang para sakabate:
“Yagene gurumu kok mangan bebarengan
karo juru-mupu-beya lan wong dosa?” 12 Gusti
Yesus mireng, nuli ngandika: “Wong waras
iku ora butuh dhukun, sing butuh iku wong
sing lara. 13 Wis, padha sumingkira, padha
pindengen isining pangandika, kang surasane:
Kang Sunkarsakake iku dudu kurban, nanging
kawelasan. Sabab tekaKu iki ora ngundang
wong sampurna, nanging wong dosa.”

MATEUS 9.14 – 18
Bab pasa

36

9:14-17

14 Kacarira

Mk 2:18-22; Lk 5:33-39

para sakabate Nabi Yokanan
padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus, lan
munjuk: “Kawula kaliyan tiyang Farisi sami
netepi siyam, nanging para sakabat Paduka
kok boten?” 15 Paring wangsulane Gusti Yesus:
“Apa para mitrane temanten lanang bisa susah
sajroning temantene isih ana? Nanging bakal
ana wektune, temanten iku kapethal saka ing
antarane, ing kono bakal padha pasa. 16 Lan
uga ora ana wong nambal sandhangan lawas
nganggo suwekan anyar, awit tambalane iku
bakal nyuwekake sandhangan mau, temahan
malah saya amba amohe. 17 Mangkono
anggur kang anyar iku iya ora diwadhahi ing
impes kang lawas, amarga yen mangkono
impese mesthi bedhah, anggure banjur wutah
impese rusak. Nanging anggur kang anyar iku
diwadhahi ing impes anyar, dadi loro-lorone
tetep kanggo ing gawe.”
Wong wadon lara nggrajag getih
kawarasake lan bocah
mati kauripake maneh
9:18-26

18 Sajrone

Mk 5:21-43; Lk 8:40-56

Gusti Yesus ngandika mangkono
iku, nuli ana lelurahing papan pangibadah kang

MATEUS 9.19 – 27

37

sowan lan matur: “Anak kawula estri saweg
kemawon tilar donya ewasamanten Paduka
mugi karsaa rawuh saha numpangi asta, tamtu
badhe gesang malih.” 19 Gusti Yesus banjur
jumeneng sarta tedhak bebarengan karo lurah
mau kanthi para sakabate. 20 Nalika iku ana
wong wadon kang lara nggrajag getih wus
rolas tahun lawase, kang nyedhaki Gusti Yesus
saka ing buri lan demek gombyoking jubahe.
21 Amarga duwe osik mangkene: “Angger
aku bisa ndemek jubahe, mesthi waras.”
22 Nanging Gusti Yesus banjur minger, mirsani
wong wadon iku mau sarta ngandika: “Dienak
atimu, ngger, pangandelmu kang marasake
kowe.” Wiwit ing nalika iku wong wadon mau
dadi waras.
23 Bareng Gusti Yesus rawuh ing omahe
lelurah mau, sarta mirsa penyuling lan wong
akeh kang padha ribut, 24 banjur ngandika:
“Wis, padha sumingkira; bocahe ora mati,
mung lagi turu.” Nanging wong-wong padha
nggeguyu Panjenengane. 25 Sawise wong akeh
iku padha sumingkir, Gusti Yesus nuli lumebet
sarta ngasta tangane si bocah. Bocahe banjur
tangi. 26 Pawartane lelakon iku banjur sumebar
ing satanah kono kabeh.
Wong wuta lan wong bisu
kasurupan dhemit kawarasake

9:27-34
27 Nalika Gusti Yesus nglajengake tindake
saka ing kono, ana wong wuta loro padha nututi

MATEUS 9.28 – 35

38

lan nguwuh-uwuh, unjuke: “Dhuh, tedhakipun
Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka
welasi.” 28 Bareng Gusti Yesus wus lumebet
ing dalem, wong wuta mau padha ngadhep
ing ngarsane, tumuli padha dipangandikani
dening Gusti Yesus: “Apa kowe padha ngandel
yen Aku bisa nindakake mangkono?” Atur
wangsulane: “Inggih, Gusti kawula sami
pitados.” 29 Banjur padha didumuki mripate
sarta dipangandikani: “Padha katekana kaya
kang dadi pangandelmu.” 30 Mripate banjur
kaelekake. Banjur padha diwanti-wanti:
“Poma, aja nganti bab iki kaweruhan ing
wong.” 31 Ewasemono saundure tumuli padha
nyuwurake Panjenengane ana ing sawratane
tanah kono kabeh.
32 Saundure wong-wong mau banjur
ana wong bisu kapanjingan dhemit kang
disowanake ing ngarsane. 33 Bareng dhemite
wus ditundhung, kang bisu mau bisa
caturan. Wong-wong padha kaeraman kabeh,
pangucape: “Kang kaya mangkono iku
durung tau kalakon ana ing tanah Israel.”
34 Nanging ujare para wong Farisi: “Anggone
nundhungi dhemit iku kanthi panguwasane
panggedhening para dhemit.”
Pasemon panen lan wong derep

9:35-38
35 Gusti Yesus tumuli tindak njajah kutha lan
desa, paring piwulang ana ing papan-papan
pangibadah sarta nggelarake Injil Kratoning

MATEUS 9.36 – 10.6

39

Allah, apadene nyarasake sakabehing lelara
lan memala. 36 Mirsa wong akeh iku, trenyuh
banget panggalihe marga saka welas; awit
wong-wong mau padha katon sayah lan ora
kopen kaya wedhus kang ora ana pangone.
37 Banjur ngandika marang para sakabate:
“Panene gedhe, nanging kang derep mung
sathithik. 38 Mulane padha nyuwuna marang
Kang Kangungan panen, supaya karsaa
maringi wong derep kanggo panenane iku.”
Para rasul rolas kautus

10

10:1-15

Mk 3:13-19; Lk 6:12-16

1 Gusti

Yesus tumuli nimbali sakabate
rolas sarta padha diparingi panguwasa
nundhungi dhemit lan marasake sarupaning
lelara lan sarupaning memala. 2 Dene jenenge
para rasul rolas mau mangkene: Kang dhisik
Simon kang karan Petrus, lan Andreas
sadulure, Yakobus anake Zebedheus, lan
Yokanan sadulure, 3 Filipus lan Bartolomeus,
Tomas lan Mateus juru-mupubeya, Yakobus
anake Alfeus, lan Tadeus, 4 Simon wong Zelot
lan Yudas Iskariot, kang ngulungake Gusti
Yesus.
5 Wong rolas mau padha diutus dening Gusti
Yesus sarta diparingi piweling mangkene:
“Kowe aja padha nyimpang menyang ing
dalane wong kapir lan aja lumebu ing kuthane
wong Samaria, 6 nanging luwih becik padha
maranana wedhus-wedhuse Banisrael kang

MATEUS 10.7 – 15

40

padha katriwal. 7 Padha mangkata lan padha
memulanga mangkene: Kratoning Swarga wus
cedhak. 8 Wong lara padha warasna, wong mati
tangekna, biraten najise wong lara budhugen;
dhemit-dhemit padha tundhungana. Kowe
padha nampani kanthi lelahanan, mulane
wenehna kanthi lelahanan uga.
9 Aja padha nggawa emas utawa salaka
lan tembaga ana ing sabukmu. 10 Aja padha
nggawa sangu kanggo ana ing dalan; aja
nggawa kotang rangkep utawa trumpah.
Sabab wong nyambut gawe iku wus sapantese
yen tampa pituwas. 11 Manawa kowe lumebu
ing kutha utawa ing desa, nitik-nitika
wong kang pantes, banjur nginepa ana ing
kono nganti salungamu. 12 Manawa kowe
lumebu ing omahe wong, ulukana salam.
13 Manawa pantes anggone nampani, salammu
tumanduka ing kono, nanging manawa ora,
salammu balia marang kowe maneh. 14 Dene
yen ana wong sing ora nampani kowe lan ora
ngrungokake tembungmu, endang lungaa lan
metua saka ing omah utawa ing kutha kono,
sarta ketabna lebune sikilmu. 15 Satemene
pituturKu marang kowe: Besuk ing dina
pangadilan kang sinangga dening Sodom lan
Gomora bakal luwih entheng katimbang karo
kutha mau.”

MATEUS 10.16 – 23

41

Tutuge piwelinge Gusti Yesus marang
para utusane. Bab ngantepi pangabekti
10:16-33

16 “Lah

Mk 13:9-13; Lk 21:12-19, 12:2-9

kowe padha daklakokake kayadene
wedhus gembel menyang ing satengahing asu
ajag, mulane sing ngati-ati kaya ula lan sing
bares kaya manuk dara.
17 Nanging sing waspada marang wong
kabeh; sabab ana kang bakal ngladekake kowe
marang pradata agama, kang banjur nyapu
kowe ana ing papan-papan pangibadahe.
18 Lan marga saka Aku kowe bakal padha diirid
menyang ngarsane para kang padha ngasta
panguwasa lan para ratu, minangka paseksi
tumrap wong-wong mau lan tumrap para
wong kapir. 19 Anadene manawa kowe padha
kalakon diladekake, aja padha sumelang ing
bab kapriye lan apa kang bakal kok aturake,
amarga iku kabeh sanalika iku uga bakal
kaparingake marang kowe. 20 Awit dudu kowe
kang caturan, nanging Rohe Ramamu kang
ngandika lumantar kowe.
21 Sadulur bakal masrahake padha sadulur
marang paukuman pati, samono uga bapa
masrahake anake, lan anak-anak bakal padha
ngwaneni wong-tuwane lan banjur dipateni.
22 Lan kowe bakal disengiti ing wong kabeh
marga saka Aku; nanging sing sapa mantep
tumeka ing wekasan, bakal slamet. 23 Manawa
kowe dikaniaya ana ing sawijining kutha,

MATEUS 10.24 – 32

42

padha ngungsia menyang kutha liyane;
awit satemene Aku pitutur marang kowe:
Sadurunge kowe ndlajahi kutha-kutha Israel
kemput, Putraning Manungsa wus rawuh.
24 Mungguh sakabat iku ora ngungkuli gurune,
utawa abdi iya ora ngungkuli bandarane.
25 Tumraping sakabat wus cukup, yen nganti
nemu lelakon padha kaya gurune, lan tumrap
abdi, yen nemu lelakon padha kaya bandarane.
Manawa kang duwe omah disebut Beelzebul,
apa maneh brayate saomah.
26 Mulane wong iku aja padha kokwedeni,
awit ora barang kang kasasaban, kang ora
bakal kawiyak, lan ora ana barang kang
kadhelikake, kang bakal ora kaweruhan.
27 Apa kang Dakpituturake ana ing petengan,
iku kandhakna ana ing padhangan; lan apa
kang kokrungokake kanthi bisik-bisik, iku
padha wartakna saka ing payon-payon. 28 Aja
wedi marang wong-wong kang bisa mateni
raga, nanging ora bisa mateni nyawa, aluwung
wedia marang Panjenengane, kang bisa
ngrusak karo-karone ana ing naraka, iya
jiwamu iya ragamu.
29 Manuk glathik loro apa ora mung payu
saasarion? Ewadene siji bae ora ana kang tiba
ing lemah, yen ora saka karsane Ramamu.
30 Mangka kowe iku, malah dalasan rambutmu
wus padha dietung kabeh. 31 Mulane aja
padha wedi, amarga ajimu iku ngluwihi manuk
nglathik pirang-pirang.
32 Saben wong kang ngakoni Aku ana
ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal

MATEUS 10.33 – 41

43

Dakakoni ana ing ngarsane RamaKu kang ana
ing swarga. 33 Nanging sing sapa nyelaki Aku
ana ing ngarepaning manungsa, iku iya bakal
Dakselaki ana ing ngarsane RamaKu kang ana
ing swarga.”
Bab ngorakake awake dhewe,
marga ngabekti marang Gusti

10:34-42
34 “Kowe aja padha ngira, yen tekaKu nggawa
pirukun ana ing bumi. TekaKu iku ora nggawa
pirukun nanging pedhang. 35 Sabab tekaKu iku
njalari wong crah karo bapakne, anak wadon
karo embokne; mantu wadon karo embokne
maratuwa, 36 lan wong bakal dimungsuh
dening wong-wong kang nunggal saomah
kabeh.
37 Sing sapa nresnani bapa utawa biyunge
nganti ngungkuli Aku, iku ora pantes
tumraping Aku, lan sing sapa nresnani anake
lanang utawa wadon ngungkuli Aku, iku
ora pantes tumraping Aku. 38 Sing sapa ora
manggul salibe lan ngetut-buri marang Aku,
iku ora pantes tumraping Aku. 39 Sing sapa
ngeman nyawane, bakal kelangan nyawane,
lan sing sapa kelangan nyawane marga saka
Aku, iku bakal nampani nyawane.
40 Sing sapa nampani kowe, iku dadi Aku
sing ditampani. Lan sing sapa nampani Aku,
iku dadi nampani kang ngutus Aku. 41 Sing
sapa nampani nabi marga saka anggone dadi
nabi, bakal tampa pituwasing nabi, lan sing

MATEUS 10.42 – 11.5

44

sapa nampani wong mursid, marga saka
anggone mursid, bakal tampa pituwasing
wong mursid. 42 Apadene sing sapa aweh
banyu kang seger marang salah sawijining
wong cilik iki sanadyana mung sacangkir,
marga iku sakabatKu, Aku pitutur marang
kowe satemene: wong iku mesthi bakal tampa
pituwase.”
Utusane Nabi Yokanan

11

11:1-6

1 Sawise

Lk 7:18-35

Gusti Yesus mungkasi
piwelinge marang sakabat-sakabate
rolas, banjur tedhak saka ing kono, bakal
memulang lan nggelarake Injil ana ing
kutha-kuthane.
2 Kacarita ana ing pakunjaran Nabi Yokanan
midhanget pawarta bab pakaryane Gusti
Yesus, 3 banjur ngutus sakabate ndikakake
munjuk marang Panjenengane mangkene:
“Punapa Paduka punika ingkang pinasthi
rawuh, punapa kawula sami kedah ngentosi
sanesipun?” 4 Gusti Yesus paring wangsulan,
pangandikane: “Wis, padha mundhura,
wartakna marang Yokanan apa kang kokrungu
lan kokdeleng: 5 wong picak padha ndeleng,
wong lumpuh padha lumaku, wong lara
budhugen padha kabirat najise, wong budheg
padha krungu, wong mati padha katangekake
lan wong mlarat padha kawartanan kabar

MATEUS 11.6 – 12

45

kabungahan. 6 Rahayu wong kang ora nganti
kacuwan bab Aku.”
Paseksine Gusti Yesus
tumrap Nabi Yokanan

11:7-19
7 Saundure para utusan mau, Gusti Yesus
banjur medhar pangandika marang wong akeh
iku bab Nabi Yokanan mangkene: “Nalika
kowe padha menyang ara-ara-samun kae
arep ndeleng apa? Arep ndeleng glagah
sing mobat-mabit kena angin? 8 Utawa arep
apa kowe mrana? Arep ndeleng wong kang
nganggo sandhangan kang sarwa alus? Wong
kang manganggo sarwa alus iku kang ana ing
kraton. 9 Dadi arep apa kowe mrana? Arep
ndeleng nabi? Iya, bener, lan Aku pitutur
marang kowe, malah kang ngungkuli nabi.
10 Awit iya iku kang kapratelakake ing Kitab
mangkene:
Lah, ingsun ngutus malaekatingSun lumaku
ndhisiki Sira,
arep nyawisake dalanira ana ing ngarepira.
11 Satemene Aku pitutur marang kowe:
Ing antarane wong-wong kang lair saka
wong wadon, ora ana kang madeg ngungkuli
Yokanan Pambaptis, ewasamono wong kang
cilik dhewe ana ing Kratoning Swarga,
iku ngluwihi Yokanan Pambaptis. 12 Sabab
wiwi