wedaran sesaji 8 warni wonten jangka joyoboyo

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

WEDARAN SESAJI 8 WARNI WONTEN JANGKA JOYOBOYO
JANGKA JAYABAYA

Werdinipun sasaji 8 warni ingkang kaaturaken dumateng
Prabu Joyoboyo dening Ajar Soebroto

Kacarios, ing Nagari Kediri wonten Nata Agung Binatara ajejuluk Prabu
Joyoboyo.
Ing satunggaling dinten, boten angleresi dinten pasewakan, Sang Prabu
katamuan Raja Pandita saking Nagari Ngerum, asesilih nama Sech Maulana
Ngali Syamoejen.
Sang Prabu kaliyan Sang Raja Pandita lajeng sami imbal wacana,
sarasehan bab ngelmi ingkang kaserat ing Kitab Musarar, sasampunipun
dumugi anggenipun sarasehan, Sang Prabu mundut uninga babaraning
sariranipun.
Sang Raja Pandita ambuka kekeraning gaib, bilih Sang Prabu punika
titisipun Sang Hyang Wisnu. Panitisipun sang Hyang Wisnu taksih bade
kelampahan kalih rambahan malih, ugi sami tedakepun Prabu Joyoboyo.

Sasampunipun wineca, Sang Prabu puruhita dumateng Sang Raja Pandita,
lajeng winisik bab ngelmi Cipta-Sasmita. Sasampunipun paripurna
pamejangipun, Sang Raja Pandita lajeng muksa.
Wauta watawis sawulan saking rawuhipun Sang Raja Pandita, Sang
Prabu Joyoboyo animbali putra ingkang sampun jumeneng Nata ing Kita
Pagedongan
ajejuluk
Prabu
Joyomijoyo,
kadawuhan
anderek
cangkramadumateng Padepokanipun Ajar Soebroto ing wukir Padang.
Ki Ajar Soebrota wau ugi sampun nampi wasiyat ngelmi Cipta-Sasmita
saking Raja Pandita Sech Maulana Ngali Samsoejen.
Gantos ingkang winursita, ing Padepokan wukir Padang, Ki Ajar
Soebroto, lenggah ing pacrabakan den adep para cantrik wasi janggan ulu
guntung miwah para endang.
Ki Ajar paring uninga dumateng para siswanipun, bilih ing Padepokan
Wukir Padang bade karawuhan Nata Agung Binatara ing Kediri Prabu
Joyoboyo kaderekaken putra Nata ing Pagedongan ajejuluk Prabu

Joyamijoyo. Para cantrik sakancanipun kadawuhan resik-resik sarta tata
palenggahan, dene para endang kadawuhan angrakit sasaji ingkang bade
kahaturaken Sang Prabu.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
1

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

Boten watawis dangun Prabu Joyoboyo tuwin Prabu Joyoamijoyo rawuh
ing padepokan wukir Padang, Ki Ajar Soebroto amapakaken rawuhipun
Sang Prabu, dene pra cabtrik wasi jajanggan sami andodok ngapurancang
sarwi angaturaken sasanti pudyastuti.
Nata kakalih sami ingacaranan, lenggah ing pacraban, Ki Ajar Soebroto
angadepi, linggihipun mari kelu kadya konjema ing siti. Ki Ajar
Sasampunipun ngaturaken pambagyarja rawuhipun para Nata, lajeng suka
sasmita dumateng endang kinen angladosaken sasaji, lumadosipun sasaji
wau kasunggi dening para endang.

1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.

Menggih warninipun sasaji wau :
Kunir sarampang,
Juwadad satakir,
Sekar Mlati sacontong,
Kajar sauwit,
Bawang Putih satalam,
Geti sapitrah,
Endang,
Sekar Sruni.

Prabu Joyoboyo anguningani sasaji ingkang kaladosaken, sakalangkung

duka salebeting wardaya, awit saestunipun sampun uninga dumateng
werdinipun sesaji wau. Nanging sinaosa makaten Sang Prabu meksa
andangu Ki Ajar Soebroto, punapa menggah pikajengipun deneangaturaken
sasaji ingkang sinandi. Aturipun Ki Ajar, sarehning Sang Prabu punika
sampun winisik ngelmi Cipta-Sasmita dening Sang Raja Pandita Sech
Maulana Ngali Samsoedijen, mila dipun aturi ambatang piyambak.
Miyarsa aturipun Ki Ajar Soebroto ingkang makaten wau, Sang Prabu
kadya sinebit karnanira, jaja bang mawinga-winga, enget panguwaosing
Ratu, sigra anarik curiga sinudukaken Ki Ajar Soebroto, sakala angemasi.
Kawuwusa Prabu Jayoamijoyo, anguningani kadadosan ingkang
makaten wau sakalangkung ngungun sarta anjetung salebeting panggalih,
nanging kabekta saking sanget sungkemipun dumateng Raja-Nata mila ajrih
bade mambengana.
Prabu Joyoboyo lajeng anilar padepokan wukir Padang dinerekaken
ingkang putra kundur dateng Kediri. Labet saking hardaning rengu, sang
Prabu boten wawan sabdo wonten ing margi.
Kacarios, sareng sampun dumugi ing Kadaton Kadiri, Sang Prabu
andangu Putra Nata, punapa mangertos dateng sasaji ingkang sinandi wau.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library
2

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

Prabu Joyoamijoyoangaturaken ingkang balilunipun, wusana Sang Prabu
lajeng paring pangandika.

Wruhanira kaki Prabu, marmane panjenengan ningsun amrejaya Ajar
Soebrata, awit deweke nandang dosa rong prakara, sapisan dosa marang
Ratu, kapindo dosa marang Guru.
Lire kang dosa marang Ratu : Ajar Soebroto kadunungan pikir jail dene
sumedya anyupet para Narendra ing tanah Jawa.
Wondene dosa kang tumrap marang Guru : Ajar Subroto duwe watak
kumingsun, dene wani-wani ambuka kekeraning gaib kang isih sinandi
Hyang Sukma, sarana marsitakake ngelmu sandi kang winisikake dening
guruningsun duk ing nguni. Kang mangkono iku kaki, Ajar Soebroto wajib
ngadiling Hyang Sukma kudu pinatenan.
Prabu Joyoamijoyo nembah andeku, ingkang rama lajeng ngandika

malih.

Ing samengko sira Ingsun wisik, manawa sejatine Panjenenganingsun
iku titise Sang Hyang Wisnu Murti.
Panitisingsun mung kari rong rambahan, katelu ingsun pribadi iki.
Sawuse iku Ingsun wus mari angejawantah ing tembe ana nagara
Jenggala.
Iku sun lambangi : Catur nata semunesagara asat, tegese patang nagara
yaiku :
1. JENGGALA,
2. KADIRI,
3. NGURAWAN,
4. SINGASARI.
Ratu patang nagara iku isih mbutuhake rumeksa isining bawana, murih
rahayune jagad, ingsun winenengake anggempur para angkara murka
lawase kongsi satus taun nuli salin jaman. Ingkono ingsun wus tan kena
melu-melu, karana ingsun wus pinisah lawan sadulur bapa kakiningsun.
Dene prenahing panggonaningsun ginaib ana ing sajroning kekarah tekane
guruningsun.
Kaki, ing tembe sapungkuringsun kawruhana, bakal ana jaman pitung

prakara.
Sira wajib ameruhana marang turun-turunira, karana sasajine Ki Ajar
Soebroto cacah pitung warna, kawulo karo endange, iku dadi samitaning
jaman.
Lire kang sawiji-wiji :
1. Kunir Sarampang.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
3

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

Iku sasmitane jaman Anderpati Kawasesa wekasane jaman. Ratune den
lambangi : Ganda kentir semuni liman pepeka . Negarane aran Pakrama
Pajajaran, Yudanagara tan anglabeti, pametune bumi duwit mas. Oleh satus
taun sirna, awit perang pada kadang.
2. Juwadah satakir.

Iku samitaning jaman Anderpati Kalawisaya. Ratune den lambangi : Sri

Kala Rajapati Dewanata. Negarane aran Majalengka lawase sepuluh
windu. Pametune bumi pcis, nanging lambange : Bebasahan datan kongsi
tutug kaselak kampuhe bedah.
3. Kembang Mlati sacontong.

Iku sasmitane jaman Kalawisesa. Ratune kekuta ing Glagahwangi, aran
nagara Demak. Ing kono salin agama. Raja jagade, panjenengane ratu adil
parentahe lan ana ratu pandita kang memuruk agama islam.
4. Kajar sauwit.

Iku sasmitane jaman Kalajangga. Ratune bodo den lambangi : Lunga
perang putung watange. Kekuta ana Pajang. Barang pratingkahe aniru
Demak. Pametune bumi picis lan sandang. Lawase patang windu punjul
patang candra nuli sirna.
5. Bawang Putih satalam.

Iku sasmitane jaman Kalasakti. Ratune kekuta ana tanah Mataram. Ratune
kang kawitan den lambangi : Sarakah semune lintang sinipat, jadug
Senapatine. Nuli linambangan : Kalpa sru kenaka putung. Banjur salin
lambang : Kembang sempal semune lebu keketu. Ratune sugih, kuwat

perang, kinalulutan ing bala, kineringan ing mungsuh.
Dadi gegetining para : Ajar, Pandita, Wali, Nujum, kagulung dadi sawiji. Ratu
sakti ambeg adil para marta, marang dasih.
Pametune bumi reyal, ing kono ana nangkoda dagang nring tanah Jawa,
nyuwita ngempek bumi satitik, lawas lawas ambiyantu perang, unggul
sesolahe, kedep sanusa Jawa.
6. Geti sapitrah.

Iku sasmitane jaman Dupara. Ratune kekuta ing Wanakarta. Kang kawitan
linambangan : Layon keli semune satriya branta.
Ratune abala bacingah, kineringan ing jagad, tumurune kasundang rowang.
Tegese salin ratu sempalan saka akrabe. Nuli salin lambang : Gunung
kendeng semuni kenya nusoni. Banjur salin lambangmaneh : Gajah meta
semune tengu lelaken. Pametune bumi anggris lan duwit ing kono sangsaya
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
4

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library


retu negarane, ilang barkating bumi, rusuh tataning peprentahan, wong cilik
akeh kasrakat, bilahi matumpa-tumpa datan kena tinambak. Ratune
sowang-sowangan, denya ngungsi tan pernah.
Pra Bupati apuyengan, para sentana pating salebar, wong cilik akontrangkantring tambuh lor kidul.
7. Endang.

Iku samitaning jaman kutila, Ratune angkara murka pindah marang Kuta
sala, Linambangan ; Panji loro semune Pajang Mataram. Nangkoda melu
masesa praja, sugih banda kaduk wani kurang duga. Para sarjana-sujana
kontit.
Wong cilik kawlasasih omah bosak-basih keh katrajang ing dalan gede.
Nangkoda puwa-puwa, cidra lali marang wong Jawa satemah apes
kaswasih. Panji loro sirna, nuli rara ngangsu, randa loro nututi pijer tukaran.
Pametune bumi duwit, mundak-mundak lir pineres akehe, yen panen datan
maregi. Dursila durjana saya andara, wong sugih isi jail tan welas marang
kawulane. Mundak taun wuwuh musibating praja. Adiling kukum lan
yudanagara datan anglabeti, ratu patraping bebener. Sali-salin paprentahan,
kang jujur kontir, kang bandol lulus, kang mulus rampus. Tan ana wahyu
nyata, eblis lanat menda-menda wahyu.

Akeh lali marang sanak sadulur lan wong tuwa. Sirna kawiranganing wanita,
Wong mati tanpa aji. Nagara rengka, akeh gara-gara, udan salah mangsa,
dalajad warna-warna, akeh tontonan salin-salin. Kerep lindu gonjangganjing, kerep ana grahana, anutugi ing taun 1881 tanah Jawa potar patir.
Kang raharja mung wong rahayu ing budi sarta temen.
8. Kembang Sruni.

Iku sasmitane jaman Kalaguba. Lambange Ratu tunjung putih umure pudak
sinumpet. Tegese pudak kasungsang. Karsaning Hyang Sukma akarya
buwana balik, anitahake ratu adil aran Raden AMISAN, jumeneng Sultan
Herucakra, kekuta ing Katangga Petik, jumenenge datan nganggo sarat
sadawir iku wiwite ana pangapura, satemah luwar musibating tanah Jawa.
Ratu iku anggelarake dana, lumuh marang donya, asih ing bala. Nangkoda
eling nalangsa, nywita manjing anderek pasamuan.
Kang mogok masgul sirna, Sultan Herucakra iku trahing Waliyullah, luwih
dening sakti amalat.
Pametune bumi dinar, wong cilik pada kapenak, awit pajeg sewu dinar
sinuda mung kari satus dinar.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
5

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

Sawah sanjung pinajegan sadinar. Dene ratune lumuh marang arta dahare
amaung pinanci pitung ewu reyal satahune luwihe saka iku kinaramake.
Akeh para para Sabrang pada nungkul. Saking adiling ratu para wadya lan
kawulane pada wedi asih trusing lahir batin.
Besuk yen umure tanah Jawa angancik 1901 taun, ratu dalah karatone
ginaib dening Hyang Sukma. Nuli Hyang Sukma anitahake ratu turun
Waluyullah, angadaton ana Katongga kajepit ing Karangbaya, kaprenah
lorwetaning gunung Prau, sakuloning Tempuran. Ratu iku rinengga ing
buwana, luwih harja negarane iku amarengi umuring tanah Jawa ganep
1909 taun.
Sasirnane ratu iku nuli rusuh maneh. Ing tanah Jawa tan karawan tatanane,
akeh para Bupati pada lunga marang manca praja asowang sowangan.
Sang Hyang Sukma nuli anitahaken ratu maneh peparab Sang Asmara
Kingkin, bagus anom linulutan ing wadya, kadatone ing Kadiri lan Madura
jamane harja lan tentrem. Tanah jawa umure wus ngacik 1999, kratone
banjur sirna.
Sasirnane rau iku Tanah Jawa rusuh maneh ingkono tanah Jawa rinabasa
wong saka nusa Prenggi. Ratu Ngerum ngirimake bebantu angusir wong
Prenggi. Rame prang pupuh akeh long-linongan. Awit saka banget rusake
tanah Jawa, mula akeh rerusuh. Img kono duta saka Ngerum akarya ratu
trahing ratu adil ing Katangga Petik, nanging isih cilik sarta nandang
kaswasih angeger buruh angon.
Jumenenge ratu
Ngamartalaya.

ing

Waringin-rubuh

tanah

Wedi,

ingaran

nagara

Nalika iku tanah Jawa umure wis ngancik 2042 taun. Jamane den lambangi :
Gandrung-gandrung pinggir marga andulu gelung kekendon, tegese akeh
para wanita kang pada ngasin turasing kakung. Samana wus tan ana
paprangan, wus tan ana angaji-aji keris parung.
Yen tanah Jawa wus ngancik umur 2100 taun, iku wus tumeka pareking
kiyamat kobra, pulo Jawa banjur kinelem ing banyu dadi sagara.
Kaki Prabu, wus tutug anggoningsun misik marang sira, ambabarake
werdaning sasaji 8 warna kang diaturake dening Ajar Soebroto marang
ingsun.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
6

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library
7