Metode Sosiodrama Wonten Ing Piwulangan

Metode Sosiodrama Wonten Ing Piwulangan Undha-Usuk Basa
Gayutipun Kaliyan Perkembangan Psikologis Murid SMPN 2
Yogyakarta Kelas 7
BAB II
GEGARAN TEORI
A. Metode Sosiodrama
1. Pangertosan Metode Sosiodrama
Istilah sosiodrama saking tembung sosio utawi sosial saha drama.
Tembung drama kapundhut saking salah satunggaling prastawa wonten
ing salebeting gesanging manungsa ingkang ngengingi bab satruning
sarira, lan manah satunggaling tiyang utawi langkung. Metode
sosiodrama memper kaliyan salah satunggaling seni pasugatan ing
Jawa Tengah inggih menika kethoprak. Wonten ing kethoprak wonten
salah satunggaling unsur inggih menika paraga. Paraga minangka
tiyang-tiyang ingkang kadhapuk maraga saha nggadhahi maneka
warna watak miturut cariyos ingkang wonten ing sekenario utawi
naskah.
Metode kekalih wonten ing nginggil limrahipun kacekak dados
metode “sosiodrama.” Metode menika minangka metode piwulangan
kanthi mahyaaken dhateng para siswa bab prekawis sesambetan
wonten ing salebeting pagesangan, ancasipun supados saged nggayuh

suraosing piwulangan tartamtu. Masalah sesambetan sosial menika
dipundramatisir dening para siswa ingkang dipunpimpin kaliyan guru.
Ancas metode sosiodrama inggih menika supados

para siswa

mangertos kados pundi anggenipun sesambetan wonten ing salebeting
gesang antawisipun tiyang setunggal kaliyan sanesipun.
Dados dudutanipun, metode sosiodrama inggih menika metode
piwulangan kanthi cara dolanan dados paraga kangge ngrampungi
satunggaling

perkawis

ingkang

gegayutan

kaliyan


gesanging

manungsa kados kaluwarga, sekolah, masyarakat, unggah-ungguh lan
sapanunggalanipun.
2. Jinis Metode Sosiodrama
a. Permaninan Penuh (carita genep)
Carita genep saged dipungunaaken kangge proyek ageng
ingkang boten kewatesan sumber lan wekdal. Sedaya
prekawis saking purwaka dumugi pungkasan saged
kacariyosaken kanthi jinis metode menika.
b. Pementasan situasi utawi kreasi baru
Cariyos menika memper kaliyan pementasan penuh,
ananging

limrahipun

namung

kangge


mahyaaken

satunggaling utawi setengahing prakawis kemawon.
c. Playlet
Metode jinis menika kangge mahyaaken prekawis alit,
utawi bagian alit saking prakawis ageng.
d. Blackout
Jinis metode menika namung mahyaaken kalih utawa tiga
pacelathon kemawon. Dialogipun singkat.
3. Tata Urutaning Metode Sosiodrama
Tata urutan anggenipun nemtokakken lampahing cariyos inggih
menika :
a. Nemtokaken prekawis
b. Mujudaken kahanan
c. Mujudaken watak
d. Paring arahan dhateng paraga
e. Mangertosi watak paraga
f. Ngendhek utawi ngethok carita
g. Ngrembag saha menggalih lampahing cariyos


Wonten ing ngandhap menika cara-cara anggenipun nglampahi metode
sosiodrama supados kalampahan kanthi sae :
a. Pamong kedah paring pangertosan dhateng para siswanipun, bilih
sinau migunaken metode menika saged kangge ngrampungi
prakawis sesambetan sosial wonten ing pagesangan. Saklajengipun
guru nemtokaken siswa ingkang badhe dados paraga lan paring
satunggaling prakawis, tugas kangge para siswa inggih menika
pados dalan kangge ngrampungaken perkawis menika. Kanca
ingkang boten majeng dipunparingi tugas tartamtu ugi.
b. Pamong kedah milih perkawis ingkang seger, saengga saged narik
kawigatosanipun para siswa.
c. Supados para siswa mangertos adheganipun, pramila pamong
kedah sinambi cariyos nalika ngatur adeganipun.
d. Anggenipun

ndhapuk

paraga

kedah


dipungatosaken

kemampuanipun.
e. Watak kedah dipunandharaken kanthi cetha, supados para paraga
saged nglampahi adhegan kanti sae.
f. Siswa ingkang boten tumut dipunwajibaken dados penonton aktif.
g. Wonten sesi tanya jawab menawi masalah ingkang dipunsajiaken
dereng pikantuk wangsulan.
4. Inggil Saha Kirangipun Metode Sosiodrama
Inggilipun :
a. Saged kangge sarana ngrembakaaken kreativitas para siswa.
b. Mupuk raos kerjasama antawisipun para siswa.
c. Mupuk bakat siswa wonten ing salebeting seni drama.
d. Siswa saged langkung nggatosaken materi piwulangan amargi
anggenipun

sinau

kanthi


ngayati

watak

dipunparagaaken piyambak.
e. Mupuk raos wani tampil wonten ing kelas.

tokoh

ingkang

f. Nglatih siswa kangge ngudhari prekawis saha mundhut dudutan
kanthi wekdal ingkang sakcekak- cekakipun.
Kirangipun :
a. Metode sosiodrama mbetahaken wekdal ingkang langkung lami
b. Mbetahaken kreativitas saha daya kreasi ingkang inggil saking
murid saha pamongipun.
c. Kathah siswa ingkang mentalipun taksih kirang percaya diri.
d. Ancasing pasinaon menawi pentasipun gagal saged boten kagayuh

kanthi sae.
e. Boten sedaya materi saged kasajekaken kanthi metode menika.
B. Piwulang Undha Usuk Basa
1. Pangertosan Piwulang Undha-Usuk Basa
Undha-usuking

basa

inggih

menika

trap-traping

(stratifikasi) basa kangge ngajeni dhateng tiyang ingkang
dipunajak wawan rembag. Wonten ing sesrawungan masyarakat
Jawa sakmenika basa ingkang asring dipunginaaken inggih menika
basa krama saha ngoko. Miturut Mulyani (1991:285) Ngoko
menika kaperang dados kalih inggih menika ngoko lugu, saha
ngoko andhap (1991:287). Miturut Mulyani (1991:285) Basa

Krama kaperang dados tiga inggih menika krama lugu (mudha
krama), krama madya (wredha krama), saha krama alus (Krama
Mantara).
Piwulang undha-usuking basa inggih menika piwulang
ingkang ancasipun supados lare ingkang dipunwulang saged
mangertos

trap-trapaning

basa,

saengga

anggenipun migunaaken basa kanthi leres.
2. Jinis Undha-Usuk Basa Miturut Hesti Mulyani
a. Ngoko
-

Ngoko Lugu


saged

ngecaaken

-

Ngoko Andhap

b. Krama
-

Krama Lugu (mudha krama)

-

Krama Madya (wredha krama)

-

Krama Alus (krama mantara)


3. Ancas Piwulang Undha-Usuk Basa
Miturut Poerwadharminta (1953: 9) unggah ungguhing basa
gadhah mupangat kangge :
a. Ngaosi dhateng tiyang ingkang dipunanggep langkung
luhur
b. Kangge nglairaken raos pakurmatan.
c. Saking

tembung-tembung

ingkang

sampun

dipunmangertosi wonten ing salebeting unggah-ungguh
basa dipunkajengaken saged nuwuhaken patrap ingkang
ugi memper kaliyan pocapan pakurmatan kalawau.
Saking mupangat unggah-ungguhing basa ingkang sampun
kaandharaken dening Hesti Mulyani wonten ing nginggil,

pramila saged kapundhut dudutan ; Piwulang Undha-usuk basa
gadhah ancas :
a. Kangge paring sangu gesang bab unggah-ungguh basa
kagem lare-lare.
b. Supados lare-lare mangertos lan saged ngecakkaken
unggah-ungguhing

basa

kanthi

sae

wonten

ing

masyarakat, kaluwarga, lan papan ingkang langkung
wiyar malih.
c. Kangge ngaosi tiyang ingkang dados lawan wawan
rembag.
d. Saged nuwuhaken raos andhap-asor lan watak ngajeni
dhateng tiyang ingkang ngecakaken undha-usuking
basa menika.

e. Saged dados sarana nglestantunaken satunggaling
wujud budaya lisan inggih menika maneka warni wujud
basa Jawa.
C. Cak-Cakanipun Metode Sosiodrama Wonten Ing Salebeting Piwulang
Undha-Usuk Basa
Metode sosiodrama saged dipunangge kangge sarana
piwulangan Undha-Usuking basa. Kanthi maneka warna jinis
metode menika, undha usuk basa saged kawulangaken miturut
kabetahanipun ancas piwulangan. Menawi badhe mahyaaken
undha-usuk basa ingkang jangkep saged kanthi metode ingkang
langkung lami saha boten kawates wekdal pamentasan, kados
prekawis padintenan ing antawisipun tiyang sepuh dhateng
larenipun, utawi lare dhateng kanca sepantaran, ugi dhateng kanca
padamelan ingkang pangkatipun langkung inggil, sami, utawi
malah langkung asor.

D. Perkembangan Psikologis Bahasa
Miturut Johan Amos Cornenius wonten ing kartini kartono (2007:
34-35), ngandharaken bilih perkembangan basa menika wonten
sekawan wekdal, inggih menika :
a. Wekdal sekolah – ibu (0-6 taun)
b. Wekdal Sekolah - basa- ibu (6-12 taun)
c. Wekdal Sekolah- Latin (12-18 taun)
d. Wekdal Sekolah Universitas (18-24 taun)
Saking sekawan wekdal ingkang kaandharaken dening Johan
Amous Corneus menika, ingkang kalebet wekdal ingkang saged
dipunangge saha trep kangge piwulang undha-usuking basa inggih
menika wekdal lare umur (6-12 taun), saha lare umur (12-18 taun),
ingkang kalebet lare umur-umur ing antawisipun 6-18 taun inggih

menika lare sekolah SMP. Amargi miturut Cornencius, lare nalika umur
semanten cak-cakanipun anggenipun nyinau bab basa nembe ngayati
sedaya pengalamaning bebasa kanthi basa ibu. Kanthi migunaaken basa
ibu, lare badhe pikantuk pengaruh budaya saking tiyang sepuhipun.
Saha nalika ngancik umur semanten, lare wiwit dipungladhi
manekawarna basa saha bab budaya. Basa menika wigatos sanget
dipunwulangaken dening para bocah supados saged ngancik gesang
kang sae lan mbudaya.
E. Gegayutanipun Piwulang Undha-Usuk Basa Migunaaken Metode
Sosiodrama Kaliyan Perkembangan Psikologis Murid SMP N 2
Yogyakarta Kelas 7
Saking andharan wonten ing nginggil bab metode sosiodrama,
undha-usuking basa, saha perkembangan psikologis lare, saged kapundhut
dhudhutan sawatawis utawi “Hipotesis” inggih menika :
Perkembangan berbahasa siswa SMP ingkang nembe ngancik
wekdal basa- sekolah- ibu ngantos dumugi wekdal sekolah-latin ngancik
wekdal ingkang sae kangge perkembangan basa lare, siswa saged
mbudidaya utawi gladhen bab undha-usuk basa kanthi sae, amargi umurumur menika, kalebet umur efektif kangge perkembangan psikologis sosial
lan bahasanipun. Piwulang undha-usuk wonten ing umur menika,
dipunkajengaken supados siswa wiwit alit sampun limrah ngginaaken basa
ingkang sae anggenipun nindhakaken pacelathon, lan kebiasaan menika
saged dipunbekta ngantos dumugi ngancik dewasa lan dados sanguning
gesang para lare menika, supados saged gesang wonten ing sakdengah
papan kanthi unggah-ungguh ingkang trep.
Piwulangan

kanthi

metode

sosiodrama

saged

langkung

ngenthengaken para para pamong anggenipun mucal undha-usuk basa,
sabab kanhi metode menika, lare umur SMP saged langkung gampil
anggenipun ngecakaken undha-usuk basa amargai pamong kedah

mujudaken swasana ingkang saged dipunparagaaken dening para siswa,
saengga siswa saged ngayati piyambak watak ingkang dipunparagaaken
lan trep-trepaning bebasan ingkang dipunginaaken.

Daftar Pustaka :
Dardjowidjojo, Soenjono. 2014. “Psikolinguistik” . Jakarta: Yayasan Pustaka Obor
Indonesia.
Sudaryanto. 1991. “tata bahasa baku bahasa Jawa ”. Yogyakarta: Duta Wacana
University
Poerwadarminta. 1953. “Sarining Paramasastra Djawa”. Noordhoff.Kolff
www.kajianpustaka.com
(Diunduh pada, sabtu 16 april 2016 pukul 14:25)
http://digilib.uinsby.ac.id/9860/5/bab%202.pdf
(Diunduh pada, Senin 18 April 2016 Pukul 9:10)