SERAT LOKAJAYA

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

SERAT LOKAJAYA
PUPUH I
DHANDHANGGULA
1.

2.

3.

4.

5.

6.

7.

a.


Pan kacaryan pasemoning ati, ingkang rinipta ing sêkarkara, nalika
ing tarbukane, nulari ing pitutur, kang tutur tembung têrmah Kawi,
lampahan kang tinelad, ing têtkalanipun, Kanjêng Sunan Kalijaga,
duk ndhugale cinoba marang Sang Yogi, Kanjêng Sinuwun Bonang.
Lokajaya putêra sawiji, apan wontên ing nêgari Tuban, kang garwa
tinilar bae, klangkung pan ndhugalipun, saba wana siyang lan latri1,
ngupaya2 bêbotohan, raina lan dalu, para botoh dipunundang3,
lamun kalah andhêlik aneng wanadri, ambegal karyanira4.
Yen wus angsal kêplek kecek kocing, sakehe kasukan linampahan,
raina wêngi gawene, kêlawan dhahar apyun, sadinane têlas sêtail,
lan inbedhang tangganira, kanan keringipun, yen konangan
bojonira, ingkang lanang anulya dipunpateni, tan etang utang pêjah.
Lamun kalah anggenira main, ngadhang marga apan arsa mbegal,
tan trima barange bae, kang darbe pinrih lampus1, yen dalu2
angampak lan maling, kang darbe pinrih / pêjah, donyane kinukut3,
mangkana ta lampahira, sabên-sabên yen kalah denira main,
kêplek dhadhu kêmpenang4.
Dinukanan apan ora mari, pan inguja pan saya andadra, kang rama
emêng galihe, dukane klangkung-langkung, yen ningali marang

kang siwi, sira luwih andhugal, matia tan gêtun5, luwung nuli
pinulunga, aneng donya gawe wirang awak mami, mundhak keh
dosanira1.
Wus misuwur ndhugale ngliwati2, wau Raden Lokajaya Tuban, kang
putêra dipatine, yata wus kesah nglangut, datan etang yayah lan
bibi, wus pirang-pirang dina, rahaden ngêlangut, pundi tanah
bêbotohan, pinaranan tan etang jurang lan wukir3, lampahe4
kalunta-lunta.
Dados botoh sêdalu sang pêkik, ra mênang / malah utang pawitan,
têlas tambah5 sandhangane, tambah lancinganipun, prabote pan
sampun barindhil, wêksan kinuya-kuya, marang mungsuhipun
wêtara6 wus têlung dina, têlung bêngi angampak pan nora olih,
mbegal kalunta-lunta.
Apan7 ndhêlik neng têngah wanadri, lamun ana jalma liwat jnarga,
binegal pinrih patine, sawiji dma nuju, aneng tengahira wanadri,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

1


www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

8.

9.

10.

11.

12.

13.

raden kaget tutningal, ing pangrasanipun, bungah saironing
wardaya,
lamun
ana

sujalma
alampah
keksi,
murub
1
panganggonira .
Pinaranan2 Sunan Benang nuli, wau arsa binegal sêmana, wus
wêruh wau karêpe, mêdalkên kramatipun, jalma papat gangsal
sang yogi, pan sami3 warnanira, gya ngêpung sang bagus,
ginadhang-adhang samiya, Lokajaya anulya lumayu aris, kinêpung
sapurugra.
Pan mangilen playune sang pêkik, denabinuru sapurugira,
mangetan ginêpuk age4, mangidul dipunpukul, apan mangaler
dipunjagi5, payah Sang Lokajaya, andheprok sang bagus,
pinaranan Sunan Benang, Lokajaya engêt tobat maring Widi, amba
nut karsa Tuwan.
Sira têmên tobat maring mami, nggih Sang Wiku amba nuwun
gêsang, sakarsa kawula ndherek1, aja lunga sireku, pan tunggunen
ing têkên2 mami, ja sira lunga-lunga, yen tan têka ingsun, ature
inggih sandika, Sunan Benang kondur ing dhukuh lêstari3, sang

bagus pun tinilar4.
Datan mengeng5 dhawuhe sang yogi, wus sawarsa nênggih
lamnira, tan ketung wau dununge, wus enggal pêrnahipun, thukul
kajêng rambutan / sami, kering miwah ing kanan, wus dadi
garumbul, oyod balêbêd ing badan, Sunan Benang kengêtan
kalaning nguni, têkên keri neng wana.
Pan wus enggal wau pêrnahneki, Sunan Benang anyipta dahana,
kang wana denobong age1, ing sakparan-paranipun, saking agêng
dahana prapti, Lokajaya tan hingkang, sakirig pêrnahipun, sarira
gosong sadaya, pan wus lami nora dhahar nora goling, awak
kobong sadaya.
Pinêrpêkan mring wau sang yogi, Lokajaya tan wikan sêmana2,
kaempêr ical emute3, Sunan Benang ta sampun, nyipta sêkul angêt
tumuli, ingungkêlkên sêmana4, jêng emut sang bagus, nanging tan
bisa nggêlawat5, kinon dhahar sang pêkik sampun abêkti, walya
kasmaran driya6.

PUPUH II
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library


2

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
ASMARADANA

Sang wiku1 ngandika a/ris, jênênga Seh Mlaya sira, sira mêlaya
maune, seh iku kasihing Suksma, dene sira akêlar, tan dhahar2 sira
sêtaun, anglêbur dosane kuna.
2. Wurune apan wus lami3, denkantuk4 tuduh wêkasan, mung
ngêlampahi tapane, pan agung nggenira tapa, Sunan Benang
ngandika, jêbeng atunggunên iku, iki aran kayu gurda.
3. Sandika nulya nunggoni, dene têngga5 kayu gurda, sampun
sawarsa lamine, anulya kinen angluwat6, pinêndhêm têngah wana,
sataun sampun dhinudhuk, marang Jêng Sinuwun Benang.
4. Anulya kinen angalih, pitêkur neng Kalijaga, mila aran kêkasihe,
sawarsa tan kêna nendra, tanapi kenging dhahar, tinilar mring
Mekah sampun, rahaden datan akesah.
5. Apan wus jengkêp sawarsi, Seh Malaya tinilikan, kêpanggih pitêkur

bae, Sinuwun Benang ngandika, luwara tapanira, ajênênga
waliyolluh1, panutup panata gama.
a. Denbêcik agamaniri2, agama pan tata krama, krama kramate Yang
Manon, sira pirantia sarak, sareh iman hidayat, hidayat iku Yang
Agung, agung ing nugrahanira.
6. Kanugrahaning Yang Widi, ambasani3 kasudibyan, panguwasan4
apa dene, kadigdayan kaprawiran, kabeh rehing ayuda, tan liyan
nugrahan luhur, utamane kautaman.
7. Utamanira Ki Bayi, denawas Ingkang Amurba, Kang Murba marang
dheweke, wasesa aneng sarira, nanging datan kapurba1, sira
kapurba Yang Agung, agung ing nugrahanira.
8. Umatur ing Sunan Kali2, langkung nuwun patik/bêra, kalingga
murda wiyose, amba matur maring Tuwan, nuwun kang babar
pisan, sêjatine Suksma luhur, kang wasta iman hidayat.
9. Kang mantêp panrima neki3, ingkang pundi sêjatinya, amba nuwun
samêloke, yen amung bangsa suwara, amba manut kêmandhang,
yen mêkotên anglir kukus, tanpa karya mêngku sarak4.
10. Sunan Benang ngandika aris, Seh Malaya bênêr sira, nanging
sapamanggih ingeng, ingkang aran panarima, elinga mrang Kang
Murba, duk apurwane ing laku, apan nora kadi mega.

11. Pan kadi ing hidayat ning, warnane iman hidayat, ingkang katon
sakmêloke1, Seh Malaya wruhanira, datan kêna dinuga, utawa yen
sira bêntur2, kêlawan netra kapala.
12. Ingsun pengin lir sireki3, kapengin kang kaya sira, mring hidayat
sakmêloke,/ hidayat sun durung wikan, mêloke dayat Allah, mung
1.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

3

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
warta kang ingsun gugu, jêr iku andikaning Yang.
13. Umatur Sinuwun Kali, kawula nuwun jatinya, maring hidayat wiyose,
ingkang sipat tanpa aran, kang aran tanpa sipat, kawula nuwun
pitêduh, anggen-anggen kang wêkasan.
14. Jêng sunart ngandika aris, yen sira murih wêkasan, matenana raga
maneh, sinaua pêjah sira, mupung sira sih gêsang, anêpia neng

wana gung, aja kongsi kamanusan.
15. Wus têlas nggennya pawarti, Jêng Sunan Benang gya jêngkar,
saking ing Kalijagane, angalor ngetan lampahnya, antara saonjotan,
Seh Malaya pan tut pungkur, malêbêt ing wana wasa.
16. Apan ngidang lampah neki, awor lan kidang mênjangan, tanapi
kalamun / sare, apanggih tumut anangsang, kadi turune kidang,
uyang-uyung datan kantun, pan kadi turuning1 kidang.
17. Yen ana jalma udani, kidang lumayu anggêbrat2, jêng sunan tumut
ambêret3, lamun lumayu brangkangan, kadya sutaning kidang, yata
wus tan kêna kantun, anut sakparaning kidang.
18. Yata wus jangkêp sakwarsi, Seh Malaya tinilikan, malah langkung
ing janjine, wuwusên Sinuwun Benang, arsa salat mring Mêkah,
sakêdhap netra wus rawuh1, sakbadane salat polang2.
19. Kendêl têngahing wanadri, amulat ingkang lumajar, dene sato
warna uweng, Sinuhun Benang kengêtan, yen ana wali ngidang,
Seh Malaya wastanipun, sigra wau pinêrpêkan3.
20. Seh Malaya mlayu4/ nggêndring, pêlayune nunjang-nunjang tan
etang ing jurang pereng, binuru pan nora kêna, jinaring nora kêna,
yen akênaa marucut, nêrajang jaring malumpat5.
21. Bêrmantyanira sang yogi6, sumbar sajroning wardaya7, mêjanani

kidang kuwe, angur ingsun nyêkêl barat, sun cêkêl nora lêpat, kang
agal têka aluput, nora kêna cinêkêla.
22. Yen luput nyêkêl sireki, angur aja dadi jalma, wali wadat mbuh
gawene, sigra mangsah Sunan Benang, pan sarwi nyipta sêga,
tigang kêpêl apan sampun, kinarya durma bêbalang.
PUPUH III
DURMA
1.
2.

Sigra mangsah Jêng Sunari Benang têrajang1, warta kêlangkung
sêpi, yata pinanggihan, kang lagi laku ngidang, lumayu binatang
nuli, sêga kêpêlan, pan kêna gigir neki.
Seh Malaya dadi lereh2 / lampahira, pan nulya piningkalih, kêna
lambungira3, andheprok Seh Malaya, kaping tiga balang neki, Sang

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

4


www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.
11.
12.
13.
14.

15.
16.

Seh Malaya, emut nulya ngabekti.
Apan ndhêku sumungkêm angaras pada, ngandika lon sang yogi,
jebeng wêruha ta, sipat hidayatullah, pan sira munggaha kaji,
marang ing Mêkah, iku kang mulya adi4.
Angambila toya1 her Jamjam ing Kakbah2, iku banyu kang wêning3,
angalapa bêrkah, kanjêng nabi panutan, Seh Malaya gya ngabêkti,
mangaras pada, pamit sigra lumaris.
Sang pandhita wus lajêng ing lampahira, mrang Benang dhukuh
sêpi4, yata kawuwusa, lampahe Sang Seh Malaya, kang arsa
amunggah kaji, maring ing Mêkah, lampahra murang margi.
Wontên pêksi têtiga sami rê/rasan, Seh Malaya miyarsi, bêrkutut lan
gêmak, katiga platuk bawang, kapriye ragamu benjing, apa ginawa,
mulih mring jaman akir5.
Sang bêrkutut nauri ginawa pisan, tininggal keksi-keksi, neng donya
rewangnya, lara klawan kapenak, tininggal mring alam kabir1, pan
siya-siya, nampurnakkên tan bêkti2.
Pan mangkene partingkahe3 ingsun benjang, sun landha ingkang
bêrsih, nuli ingsun sikat, sun obong neng dahana, sawusnya ingsun
gêliri4, dadi samrica, nulya sun untal pêsthi5.
Ingaranan warangka manjing curiga, gêmak lawan nauri, iku
karonehan, alus anggawa wadhag, mundhak wuwuh6 kontrangkantring, mikir si wadhag, aluse durung mêsthi.
Sampurnane olehe kadi duk / kuna7, mikir wadhag ngribêdi, muwus
platuk bawang, padha bênêr sadaya, pan bênêre pêribadi1, marga
wus padha, dadi kêncênging ati.
Sang Yang Suksma nora akon nora cêgah, sakarsa pêribadi, wus
padha kaganjar, marang Kang Murbeng Alam, wêruh padhang
hawa saini, sinung kuwasa, darbe anampik milih.
Ingkang ala wajib padha singgahana, aja na kang nglakoni, donya
lan nêraka, akhirat lawan swarga, sira kinarya sêsulih, nararig Yang
Suksma, denpanggah ja gumingsir.
Pan kapriye pamisahe alus wadhag, aneng donya puniki, yena
kinumpulna, dadi sirik dadinra, kalamun pinisah nênggih, pan siyasiya, rewange aprihatin.
Denprihatin mumpung sira maksih gêsang, sayêkti nora lali2, yen
wus / katutupan, iya ing lawang tobat, beda lamun maksih urip,
sinung nugrahan, yen wus mati babarji.
Bêcik êndi iku besuk jisimira, musna padha samangkin, ilang dadi
cahya, lan ilang dadi toya, ana ilang benjing-benjing, iku wus
kaprah1, dipuntingali jalmi.
Lawan nyawa yen mati ngêndi marganya, pa mêtu saking kuping,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

5

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

17.
18.
19.
20.
21.
22.
23.
24.
25.
26.
27.
28.
29.

ajêmbêr sadaya, kalamun mêtu netra2, mêsthi moler netra neki3,
medal ing grana, sayêkti mambu upil.
Lamun mêtu ing cangkêm jêmbêr yêktinya, mêtu luhur mustakil,
êmbun-êmbunira, mêsthi bolong kang sirah, lamun sira nganggo
ricik, lamun tan kamrat, cewêt ingkang apêsthi4.
Pan ing pati iku akeh wicaranya, mati kêlawan mulih, ilang klawan /
musna, padha hiya5 jawaba, êndi ingkang aran pati, olih pan apa,
ing ngêndi têgêsneki.
Pan manungsa yen eling marang pêrkara1, gêni bumi ngin warih,
bumi dadi wadhag2, gêni ing gêtihira, angin napas ingkang pêsthi,
banyu punika, yêktine banyu urip.
Pan titipan yen mati padha olihna, ya marang kang nitipi, mulamulanira3, ingkang aja sêmbrana, dadi siji insan kamil, yen sira wus
sah4, nikmatira kêpati.
Pamomore5 têmbagi kêlawan êmas, winasuh kang têmbagi, rêsik
nora nenja, cinampur lan6 kêncana, wus sirna kang wujud kalih7,
dadya satunggal1, aran suwasa pêsthi2.
Sok uwonga kêmasan pêsthine bisa, gawe swasa kang bêcik, yen
kang wicaksana, pan bisa amisahna, suwasa pinrihe mulih, ingkang
ngulihna3, êmas kêlawan / têmbagi.
Nora bisa kêmasan rucah misahna, yen nora jalma luwih, kang
ngluwihi jalma4, ingkang bisa ngumpulna, nora samar pati urip,
manthêng tekadnya5, slamêt ing donya akir.
Payo padha rasakna ingkang karasa6, luput mwah bênêrneki7,
bêrkutut lan gêmak, ndhêku dennya miyarsa, datan bisa amangsuli,
nugrahanira, ayun wêruh ta mami.
Sang pêlatuk bawang alon saurira, janji sira lêstari, manut marang
ingwang, kang kêna linakonan, musna pêksi tiga nuli, Sang Seh
Malaya, nggraita iku pêksi.
Dene duwe sasoal1 ingkang mangkana, ingsun iki ing jalmi2, tan
darbe ing karkat, pa bêcik pêksinira3, lajêng denira lumaris, Sang
Seh Malaya, lampahe4 pêrihatin.
Nrajang wana munggah gunung mu/dhun jurang, ereng-ereng
malipir, jurang tinêrajang, tan na baya cinipta5, wus prapta pinggir
pasisir, bêbêl ing tiyas6, pakewuh ingkang margi7.
Kapangkalan samudra langkung dohira, ngêlangut datan keksi,
anjêtung kewala, ana pinggir samudra, pan wontên ingkang winarni,
Sang Marbudengrat, praptane sang kaswasih.
Datan wantun1 wuninga ing lampahira, Seh Malaya prihatin, arsa
wruh hidayat, hiya datan na arah2, suksma-sinuksma awingit,
tangeh manggiha, yen3 tan nugraha yêkti.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

6

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
30. Yata wan Jêng Sinuwun Kalijaga, pan ana ing jaladri, sampun
pinanggiha, pan kadi4 wong lêledhang, pêparab Sang Nabi Hadir5,
datanpa sangkan, ngandika Nabi Hadir6.
31. Seh Malaya ana apa karsanira7, ana ing kene iki, kang sinêdya apa,
ing / kene masa ana, tan ana busana adi, lan sarwa boja8, sêkalir
sarwa pinrih1.
32. Lamun ana godhong ingkang kumêleyang, tiba ing ngarsa2 mami,
ingkang ingsun tedha3, lamun tan na tan mangan4, nggarjita tyas
duk miyarsi, Sang Seh Malaya, dene sang wiku sidik.
33. Marbudengrat daya-daya angandika, putu ing kene iki, akeh
pancabaya, yen nora tohi pêjah5, mangsa têkaa ing ngriki, ing kene
mapan, sêkalir sarwa sâpi6.
34. Ngêgungakên paripêksa ciptanira, nora ngeman ing pati7, sadaya8
kluhuran, kene mangsa anaa, kewran ing tyas sang kaswasih, ing
sa urira, dene tan ngetang pati.
35. Dadi alon Seh Malaya aturira2, mangsa borong Sang Yogi, / Sang
Wiku saurnya3, hiya pan sira uga, kasmaran hidayat êning4,
kwêkasaningrat, mêloke kang sayêkti.
36. Ngêlakoni pituduhing gurunira, Sunan Benang Sang Yogi, tuduh
maring sira, kinen maring ing Mêkah, pan arsa amunggah kaji,
mulane tapa, angel pêrnatan urip5.
37. Aja lunga yen tan wruh kang pinaranan, lan aja nganggo ugi, yen
durung wêruha, warnane kang busana, aja sira nganggo bêkti, yen
durung wruha, rasane kang binêkti.
38. Awit wêruh atakon saitiane jalma1, klawan têtiru2 nênggih, dadi lan
tumandang, mangkono wong agêsang, ana jugul saking wukir, arsa
tuku mas, mring kêmasan denwehi.
39. Layang3 kuning denanggêp kêncana mulya, mangkono ingabekti,
yen durung wêruha, pêrnahe kang sinêmbah, / Seh Malaya duk
miyarsi, ndhêku noraga4, dene sang wiku sidik.
40. Sarwi sila sandika ing aturira, borong karsa Sang Yogi5, amba
inggih datan, wruh puruiteng badan, sasat sato wana inggih, tan
mantra-mantra, tan waspada badan lwih6.
41. Langkung mudha cacade7 ana ing jagad, siya-siya neng bumi,
upama curiga, ulun datanpa wrangka, wacana datanpa siring, yata
ngandika, manis Sang Nabi Hadir.

PUPUH IV
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

7

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
DHANDHANGGULA
1.

2.

3.

4.

5.

6.

7.

8.

9.

Lamun sira arsa munggah kaji, marang Mêkah kaki ana apa, ing
Mêkah tilasan bae, Nabi Brahim karuhun, ingkang yasa iku ing
masjid, Nabi Brahim wus sirna, keri amung watu, gumantung tanpa
canthelan, apa iku kang arsa sira bêkteni, dadi mangran brahala. /
Ya kaya pangidhêpe wong kapir, panêmbahe tanduk ngangkaangka, madhêp marang topek konge, nadyan wong kaji iku, yen tan
wêruh araning kaji, Kakbah pan dudu lêmah, kayu watu dudu,
margane tan nganggo lunga, lamun sira arsa wruh ing Kakbah jati,
pan jatine hidayat1.
Bab ing salat ginita ing Gêndhing, duk mulane salat wêktu lima,
tinutur mula-mulane, lah êndi dalanipun, wong tumêka marang
Yang Widi, densami kawruhana, ing kamulanipun, durung ana apaapa, sadurunge ana bumi lawan langit, iku apa kang ana.
Amung kayu kang ana karihin1, kang aran sajaratil muntaha, lan nur
kang ana ing mangke, kayu ingkang rumuhun, ênur iku dadine keri2,
mangka Allah angandika, / nabda kun payakun, ana langit lan
partala, sakisine ngalam donya denpêpêki, king kun payakun
sabda.
Ari-ari apan dadi pêksi, lawan dadi buron wana samya, dadi pitik3
iwen kabeh, dene dadine usus, dadi sawêr donya puniki, lan dadi
iwak toya, sakisine iku, sira iku denwaspada, yen kinarya kêkasih
marang Yang Widi, dadi ingkang sinêdya.
Lah ta iku purwanireng nguni, pan dadine sêkeh kang dumadya, ing
ngalam donya pêpêke, saking Yang Mahaagung, urip iku saking
Yang Widi, pan wêngkon-winêngkonan, pan limput-linimput, lamun
sira tan waspada, mring Pangeran ingsun pan nora ngideni,
sakarsa-karsanira.
Lah ta mara Seh Malaya aglis, manjinga ing guwa garbaningwang,
Seh Malaya kagyat tyase, dadya matur gumuyu, sarwi ngguguk
turira aris, dene paduka bajang, kawula gêng luhur, antawis
mangsa cêkapa1, saking pundi margane kawula manjing, dene
botên kewala2.
Bagindha Hadir ngandika aris, gêdhe êndi sira lawan jagad, kabeh
iki sakisine, klawan samudra agung, ardi lawan alase sami, tan
sêsak malêbua, guwa garbaningsun, Seh Malaya duk miyarsa,
esmu ajrih konjêm ing atureneki, mengleng Sang Marbudengrat.
Iki dalan talingan ngong kering, Seh Malaya wau manjing sigra, wus
prapta guwa garbane, andulu samudra gung, tanpa têpi / nglangut
lumaris, ngliyek adoh katingal, Nabi Hadir nguwuh, pa katon wau

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

8

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
ing sira, alon ature Seh Malaya nggih têbih, datan wontên katingal.
10. Awang-awang kang kula tingali, uwung-uwung têbih tan kantênan,
ulun saparan-parane, andulu samudra gung, tanpa têpi nglangut
lumaris, ngliyêk adoh katingal, Nabi Hadir nguwuh, kula datana
uninga, langkung bingung ngandika Sang Nabi Hadir, aja maras
tyasira.
11. Byar1 katingal Kanjêng Nabi Hadir, Seh Malaya jêng nabi
kawangwang, umancur katon cahyane, nuli katon lor kidul, wetan
kulon sampun kaeksi, nginggil miwah ing ngandhap, pan sampun
kadulu, kalawan ndulu baskara, eca ing tyas lawan jêng nabi
kaeksi, jagad ing wêwalikan.
12. Kanjêng Nabi Hadir ngandika ris, aja lumaku / andulu sira, apa kang
katon dheweke, Seh Malaya lon matur, wontên warni tigang
perkawis, kang katingal ing kula, sadayane wau, sampun botên1
katingalan, amung kawan perkawis ingkang kaeksi, irêng bang
kuning pethak.
13. Angandika Kanjêng Nabi Hadir, ingkang dhingin sira anon cahya,
gumawang tan wruh arane, pancamaya ranipun, sêjatine têyas
sayêkti, pêngarêping sarira, tegêse tyas iku, ingaranan muka sipat,
ingkang nuntun marang sipat kang aluwih, ya sêjatining sipat.
14. Mangka tinulak aja lumaris, awasana rupa aja samar, kuwasane
tyas êmpane2, wawasên tyas puniku, anêngêri marang sêjati, eca
tyase Seh Melaya, duk miyarsa wuwus3, pan lagi mengsêm
sumringah4, dene / ingkang abang ireng kuning putih, iku
durgamaning tyas.
15. Pan isine jagad amêpêki, iya ati kang têlung pêrkara, pamurunge
laku dene, kang bisa misah iku, yêkti sida pamoring ati1, iku
mungsuhe tapa, ati kang têtêlu, irêng abang kuning samya,
angadhangi cipta karsa kang lêstari, pamore Suksma Mulya.
16. Lamun nora kawilêt ing katri, yêkti sida pamoring sarira, lêstari ing
panunggale, poma denawas emut, durgamane tyas munggeng ati,
panguwasane wruha, siji-sijinipun, kang ireng luwih prakosa,
panggawene asrêngên sabarang runtik, ndadra angumbar-umbar.
17. Iya iku ati kang ngadhangi, ambuntoni marang kabêcikan, kang
irêng iku gawene, dene kang abang iku, iya tuduh2 napsu tan bêcik,
kang sêdaya3 penginan, mêtu saking / iku, panasten panasbaranan,
ambuntoni marang ati ingkang eling, marang ing kawaspadan.
18. Dene iku kang arupa kuning, kuwasane1 nanggulang2 sabarang
cipta kang bêcik dadine, penggawe kang mrih tulus, ati kuning
ingkang ngadhangi, mung pênggawe pangrusak, binanjur jinurung,
mung putih iku kang nyata, ati antêng mung siji tan ika-iki, ing
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

9

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
19.

20.

21.

22.

23.

24.

25.

26.

27.

prawiran kaharjan3.
Amung iku kang bisa nampani, kang sasmita sêjatine rupa,
anampani nugrahane, ingkang bisa tumanduk, kalêstaren pamoring
kapti4, iku mungsuhe tiga, tur samya gung-agung, balane tanpa
wilangan, ingkang putih tanpa rowang amung siji, mula anggung
kasoran.
Lamun bisa iya nêmbadani, sasukêr ingkang telung pêrkara, sida
ing kono pamore, tanpa tuduh puniku, ing pamore / kawula Gusti,
Seh Malaya duk myarsa, sêngkut pamrihipun, sangsaya birahinira,
saya mantêp marang wekasaning urip, sampurnaning panunggal.
Sirna kang patang pêrkara malih, urub siji wêwolu warnanya, ing
paningal amba mangke1, punapa wastanipun, urub siji wolu kang
warni, pundi ingkang anyata, rupa kang satuhu, wontên kadi rêtna
muncar, wontên kadi maya-maya kang ngebati, wontên bara
markata2.
Marbudengrat nabi lingira ris, hiya iku sêjatining Tunggal, saliring
warna3 tegese, hiya aneng sireku, tuwin iya isining bumi, ginambar
angganira4, lawan jagad agung, jagad cilik tan pêrbeda, purwa ana
êlor kulon kidulneki, wetan luhur mwah ngandhap.
Miwah irêng abang kuning putih, hiya iku uriping buwana, / jagad
cilik jagad gêdhe, pan padha isenipun, tinimbangken lawan sireki,
ilang warna kang jagad, sadayeku suwung, saklire warna1 tan ana,
kinumpulkên maring rupa kang sêjati2, tan kakung tan wanodya.
Kadi tawon gung nrawang kang warni3, kang asawang4 paputran
mutyara, ingkang kumilat cahyane, Seh Malaya andulu, ingkang
kadi5 paputran gadhing, cahya mancur kumilat, tumeja
ngênguwung, punapa inggih punika, warna ingkang pinurih
dipunulati, kang sêjatining rupa.
Kanjêng Nabi Hadir ngandika ris, iku dudu ingkang sira sêdya, kang
mumpuni ambêg kabeh, tan6 kêna sira dulu, tanpa rupa datanpa
warni, tan gatra7 tan satmata, hiya tanpa dunung, mung dumunung
ingkang awas, kang sasmita aneng jagad amêpêki, / dinumuk datan
kêna.
Dene iku kang sira tingali, kang sawang1 pêputêran mutyara,
ingkang kumilat cahyane, angkara-kara murub, Yang Pêrmana
arane neki, uripe kang sarira, Pêrmana puniku, tunggal aneng jro
sarira, tuhu tunggal sêkana2 lawan sireki, tan kêna pinisahna.
Tan amelu mangan turu nênggih, hiya nora melu lara lapa, yen iku
pisah anggone, raga mung kari nglumpruk, yêkti lungkrah
badanireki, yaiku kang kuwawa3, nandhang rasanipun, inguripan
dening Suksma, hiya iku sinung sih anandhang urip, ingakên

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

10

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
rasaning dat.
28. Hiya iku sinandhang sireki4, kadi simbar kang aneng kêkayon1, ana
ing raga enggone, uripe Pêrmana ku, inguripan ing Suksma luwih,
masesa ing sarira, Pêrmana puniku, yen mati / melu kangelan2,
lamun ilang Suksma sarira gumuling3, uripe Suksma ana.
29. Sirna hiya iku kang pinanggih4, uriping Suksma ingkang sanyata,
kaliwatan upamane, lir rasaning kapundhung5, kang Pêrmana
amêrsandhani6, tuhu tunggal pinangka, pan jinis puniku7, umatur
Sang Seh Malaya, inggih pundi warnane ingkang sêjati, Nabi Hadir
ngandika.
30. Nora kêna iku yen pinurih, lan kahanan ing samata-mata, gampang
angel pirantine, Seh Malaya lon matur, amba1 nuwun pamêjang
malih, amba kêdah wuninga, babar pisanipun, punika2 ngaturken
pêjah, amba3 nuwun anggen-anggen ingkang pêsthi, sampun tiwas
kangelan.
PUPUH V
M I J I L
1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.

Kanjêng Nabi Hadir ngandika ris, pêiambange kang wong, pan
wruha ya sawiji-wijine, rasa mulya kang kinarya wiji, nurbuwat
pinêsthi, / rasa dadinipun.
Sipat jamal iku wujud nênggih, johar wal cahya wong, ingakên rasa
kang sêjatine, johar akhir wujud kang kalair, mati lawan urip,
tunggal sadayeku.
Johar awal hiya lawan akhir, mati urip awor, gawang-gawang4 rina
lan wêngine, sêmbah puji narimeng Yang Widi1, aja wali-wali, siji
dendumunung2.
Ta pun sira wus awas Yang Widi, ja karêm nênonton, kang katingal
lawan pangrungune, aja ngrungu lan aja ningali, marang liyaneki,
pasthi gêlis pangguh3.
Rasul ku têmune4 rasa jati, rasa gêtih awor, iku êdat ingkang
sayêktine5, malaekat papat anêkseni, Muhammad kang urip,
gêntine sak-estu6.
Lamun mati tan ana kang gêtih, gêtihe wus awor7, pan wus ilang
awor lan Suksmane, Suksma ilang wus / dadi sawiji, langgêng
Mahaluwih, jumbuh tanpa dhapur.
Tanpa ngucap datan aningali1, hiya2 nora rungon, lêbur luluh tan
ana labête3, bêrsih mulya4 mulih kadi nguni, sangkanira nguni,
muliha5 mareku.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

11

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
8.
9.
10.
11.
12.
13.
14.
15.
16.
17.
18.
19.
20.
21.

Ingaranana sira Yang Widi, sapa ingkang anon, marang kono pêsthi
sampurnane6, nanging ora kêna wani-wani7, luput bênêrneki, pan
saking sireku.
Lamun bênêr8 ing tekadireki, sampurna kang ênggon, yen luputa
kêsasar têmahe, apan kêna ginodha ing bêlis, mila denpatitis9, sira
mumpung durung.
Ing suwarga nggonira ing benjing, tanpa kira kang wong, hiya nora
amangan lan sare1, amung nikmat lan munpangatneki, yen
kêparêng Widi, sakarsa jinurung2.
Sadurunge ana bumi langit, mung sira kang / wêruh, ingkang ana
ananira dhewe, awor lawan Yang Suksma sêjati, sireku sêsulih,
sulihe Yang Agung.
Lamun sira tan wêruh Yang Widi3, ngolamaa4 kang wong, yen wus
wêruh marang Yang Jatine5, ing Yang Suksma dadi kawuleki, mula
kadi iki, manut6 mring sireki.
Sêmbahira kang tan1 mawi tapsir, eling mring Yang Hanon, datan
pêgat2 ing rina wêngine, malaekat sami anêkseni, sireku pinêsthi,
gêntine Yang Agung.
Hiya Allah arane kang urip, urip iku êroh, ingaranan makripat uripe,
aran sahdat tunggal uripneki, sira kang pinêsthi, dadi ing Yang
Agung.
Kang tan kêna ginodha mring eblis, eling mring Yang Manon, iya iku
inguripan mangke, mring Yang Suksma mila dipuneling, gêntine
Yang Widi, ing akhir donyeku3.
Urip / iku uripe Yang Widi, lamun sira layon, pan wus dadi tunggal
ing badane4, wêruh nora nganggo netra kalih, mirêng tanpa karni,
tanpa lidhah muwus.
Yen tan wêruh ing badane reki, tan wêruh Yang Manon, pan kaleru
besuk ing patine, marga datan wruh badane reki, kang mangka
ngêmbani, sira ing Yang Agung.
Sira ku dinadekkên Yang Widi, sipate kinaot, sinung budi lawan
ikhtiyare, beda lawan kêbo lan asapi, patine binukti, marang
manuseku.
Enggonira aneng ngarsa wuri, wetan miwah kulon, aneng ngisor
miwah neng luhure1, anglimputi ing manusa iki, miwah anglimputi,
sagung2 kang tumuwuh.
Mapan cakêt3 ananing Yang Widi, parêk4 nora gêpok, adoh nora
nana watesane5, pitung bumi lawan6 pitung langit, anane Yang
Widi, / sadaya winêngku.
Tuhu luwih anane Yang Widi, bisa manjing atos, bisa mbrojol
marang ing karêpe, punjul papak anane Yang Widi, sakeh kang

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

12

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
22.
23.
24.
25.

dumadi, kwuningan1 sêdarum.
Nora akon lawan nora mênging, maring karêpe2 wong, ala bêcik
têka3 ing dheweke, sêja4 ala ala kang pinanggih, yen wong karêm
bêcik, besuke tinêmu5.
Ala bêcik pan têka sireki, dudu ing Yang Manon, yen manusa wus
matêng6 tekade, bisa bisa tembung keri siji7, yen nora pinêsthi, tan
katiban wahyu8.
Sira uga kang dadi gêgênti, sulihe Yang Manon, obah osik1 darma
mlaku bae, obah polah2 iku têka3 ngêndi, lan anane ing sir, têka4
saka iku.
Seh Malaya sadaya wus tampi, nggen-anggen jro batos5, tan kaleru
ing tumpang surupe6, pan kawitan / dumugi amulih7, Seh Malaya
tan pangling8, wulang kang tumimbul.
PUPUH VI
MASKUMAMBANG

1.

Hiya kapir têgêse puniku singgih, tan ana suwarga, naraka iku pan
sêpi, tan ana pasutanira9.
2. Kapir iku arane Eroh Ilapi, gêsanging Yang Suksma, tan ana
padhane reki, roh ilapi iku wignya.
3. Dadi witing gêsang kabeh Roh Ilapi1, ana rasul Allah, ananira iman
yêkti2, witnya3 saking ing Yang Suksma.
4. Roh Ilapi tunggal ingaranan tohid, ya Allah Kang Mulya, ing iman
klawan tauhid, pan ya Muhammad ya sira.
5. Ya pêpêke ing urip puniku singgih4, lan Kang Mahamulya, mulane5
badan puniki, anane donya akherat.
6. Ing ciptane tan ana Pangeran malih, ya dipunrumêksa6, Pangeran
liyaning Widi, apan dadi ingkang wadhak.
7. Sarupane gêsang / uripe Yang Widi, pan ing yata tunggal, kawula
kêlawan Gusti, sêkarat iku atunggal.
8. Datan ana kêkalih amung satunggil, kang ngêmong ing sira, urip
kêlawan ing pati, nora nana bedanira1.
9. Kaki sira nêmbaha marang Yang Widi, iya ingaranan, salat demi iku
kaki, puji kang tan kêna pêgat2.
10. Duk ing nguni iku ingaranan urip, urip donya kherat, sastêra lip iku
singgih, iku unine takokna.
11. Jabar jere lan tegêse lawan tanwin, unine kang sastra, awêruh
sampurna neki, ing donya têkeng akherat.
12. Amung Gusti kawula salat sêjati1, urip tanpa nyawa, têka donya
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

13

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
klawan akhir, masesa purba punika.
13. Myang Kang Mahamulya kawula lan Gusti, yen sira arêpna,
nyatane2 mêngku sêkalir, ingkang tumuwuh sêdaya.
14. Eroh / ilapi wastane ingkang mukmin, sêdaya ing rohyat3, ratune
êroh ilapi, sipat jamal wastanira4.
15. Sipat jamal elok sêjatine reki, batin pênganggonya5, mêngkoni
sêkalir-kalir6, Edat Langgêng Mahamulya.
PUPUH VII
POCUNG
1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.
11.
12.
13.
14.

Jisim latip wastan1 wau kang pêsthi ku, têlêsihe mapan, urip tan
kêna ing pati, maesane kinarya têngêre gêsang.
Maesane roh puniku kang satuhu, hiya tanpa jasad, tanpa jisim
Hahaluwih2, hiya iku mustikane sipat jamal.
Luwangipun sasmita jalma diluhung, mayit ingaranan3, johar awal
kang pinêsthi, papanira si sasmitan4 ing Pangeran.
Papanira sasmita sirna sawujud, kang kari tan ana, kang mati
padha sêmangkin, têlung dina tan ana kari wujudnya.
Têlung dina / mati ing donya puniku, urip ing akherat, pitung dina
winitawis5, duk dadine bapa babu lawan eyang1.
Nanging eyang2 saking bapa miwah babu, bapa bojonira, tunggal
lan Pangeran neki, sasmitaning kang têlung dina punika.
Pitung dina kengêtan titipanipun, tohid lan makripat, lan sahdat
sêkarat neki, pan sasmita kang pitung dina punika.
Tinangisan pan mêtu luh mripatipun, nguni urip tunggal, saking
cahya mulih adi, sasmitane kang nangis jalma punika.
Apan padha kelangan sadayanipun, Suksma tilasira3, sirna datan
ana keri, sadayane catur dasa kang gumantya.
Catur dasa sirna sêkathahe4 iku, Allah lan Muhammad, kawula
kêlawan Gusti, sasmitane catur ing dasa pêrkara.
Satus dina tunggal wujud tanpa / dhapur, mulih marang cahya,
cahyane Muhammad jati, satus dina sasmita sampun sampurna.
Lamun kantun ilang karo tunggal wujud, roh kêlawan jasad, ilang
jaba jêro neki, satus dina sêkeh titipan tan ana.
Mulih kabeh marang kang nitipi iku, mulih mring duk nora, tan nana1
wujude reki, Seh Malaya padhang tyase sumêrawang.
Duk miyarsa jêng nabi pamulangipun, kêlangkung kacaryan,
pangagêm sajroning batin2, matur nêmbah liron katut ing maruta3.
PUPUH VIII

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

14

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
S I N O M
1.

2.

3.

4.

5.

6.

Ananira ing pamolah, sêjatine aneng kandhih, pan ing nguni ananira,
dadi klire Yang Widi, / upamane kang ringgit, tan ngawruhi kêliripun
dene ta wayangira, junub kasinaran Yang Widi, ingkang jinaten
pêsthi ing jisimira1.
Sêjatine ya Muhammad, ing klawan ingkang2 sêjati, Muhammad ing
yêktinira, tan ana kari kêkalih, yen iman kang sêjati, ingkang imanimanipun3, dene têgêse uga, ginênten dene Yang Widi4, apan iku
kang jumênêng rasul Allah.
Ingkang mukmin yata badan, Roh Ilapi iman mukmin, kang iman
maksum punika, kajabaning Roh Ilapi, ganjarane ing urip, hiya iku
têgêsipun, kang antuk ing panutan, saka sêjatining urip, lamun iku
luput ing godha rêncana.
Uripira aneng donya, padha lawan kêbo sapi, tanpa karya ing
agêsang, kehi si-isining bumi, graitanên sayêkti, wuruk ingsun ing
sireku, pênganggonira benjang1, / tan wurung mulih mring bumi, yen
tan wêruh pêsthine patine sasar.
Têmah kapir patinira, tibane badanereki, nora wurung denjak setan,
kêna ginodha ing eblis, kabeh ingkang dumadi, tutur ingsun sira
putu, pan sira ngawruhana, kang kapir dadinereki, yen wong kapir
nora mulih mring Pangeran.
Pangeran Ingkang Minulya2, mungguh3 sajêroning ati, kapir iku pan
kapiran, ya ing selaminireki, Pangeran datan mênging, ing
saktingkah polahipun, kalih panutanira, Muhammad ingkang
kaeksi4, kapir iku angalup lir pêksi dhandhang5.
PUPUH IX
DHANDHANGGULA

1.

2.

3.

Yen mêkatên kula datan mulih1, sampun eca neng ngriki kewala,
amba tan wontên samare2, tan niyat mangan turu, botên luwe lan
botên arip, botên ngraos kangelan, botên ngrasa iku3, amung
nikmat lan munpangat, lon lingira iku mapan nora / kêni4, yen nora
lan antaka.
Saya sangêt sihira jêng nabi, mring ingkang kawlas asih panêdya,
lah iya denawas bae, marang pamurung laku, aja ana sira karêmi,
sira denwaspada5, pênganggo sireku6, yen wus kasikêp mring sira,
aja umuk ja gumêrah lamun angling7, rehne ujar pingitan.
Lawan sasama-samaning jalmi, lamun ing sira ngêrasanana, yen
nora lan nugrahane, yen ana nêdya padu, angrasani kawêruh reki,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

15

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
ya sira kalahana, ja kongsi kêbanjur, aja nggêdhekakên sira1,
denkêrakêt marang dipayaning urip, balik sikêpên uga.
4. Kawisayan ingkang maring pati, denkaetang2 pamanthênging cipta,
rupa ingkang sakbênêre, sinêngkêr buwaneku, urip nora nana
nguripi, datan antara mangsa, iya ananipun, pan wus ana ing sarira,
tuhu tunggal sêksana lawan sireki, tan kêna pinisahna.
5. Datan waneh / sangkanireng nguni, tunggal sapakartining buwana,
pandulu pamiyarsane, wus ana ing sireku, pangrungune3 Suksma
sêjati, nora anganggo netra, ing pandulunipun, iya datan nawi
karna, netranira karnanira kang kinardi, anane ana sira.
6. Laire Suksma ana sireku, batine Suksma ana ing sira, wus
mêngkono pênggawene, kadi wrêksa tinunu, ananing kukus têka
gêni, sorote kala wrêksa1, lir toya lan alun, kadya lenga2 aneng
puwan, raganira ing reh obah lawan osik, lawan kanugêrahan.
7. Yen wruh pamore kawula Gusti, sarta Suksma kang sinêdya ana,
iya aneng sira nggone, lir wayang sriranipun3, saking dhalang
solahingreki4, minangka panggung jagad, kêlir badanipun5, amolah
lamun pinolah, sasolahe kumêdhep lawan ningahi, tumindak saking
/ dhalang.
8. Amasesa winisesa sami, datan antara pamore karsa, jêr iku ruparupane6, wus ana ing sireku, pamirsane suksma sêjati, ingkang
ngilo Yang Suksma, wayangan puniku, kang ana sakjroning kaca,
iya sira jênênge kawula Gusti7, rupa sakjroning kaca.
9. Luwih gêngnya kalêpasan iki, lawan jagad ageng kalêpasan,
kêlawan luwih lêmbute, saklêmbut-lêmbut banyu, maksih lêmbut
ingkang kamuksan1, luwih alit kamuksan, tinimbang lan têngu, pan
maksih alit kamuksan, liring luwih2 amasesa ing sêkalir, liring lêmbut
alitnya.
10. Bisa nuksma ing agal lan alit, kalimputan kabeh kang rumangkang,
gumrêmêt iku têmahe, kaluwihan satuhu, iya luwih dennya
nampani, tan kêna ingandelna, ing warah lan wuruk, densangêt
pangudinira4, raganira wasuhên pernahnya ngung/kih5, wruha
usiking tingkah6.
11. Wuruk iku kang minangka wiji, kang winuruk upainane papan, kaya
kacang lan kadhêle, sinêbarna ing watu, yen watune datanpa siti,
kodanan kêpanasan, pêsthi nora thukul, lamun sira wicaksana,
tingalira nyirnakkên anane reki, dadi tingale suksma.
12. Rupanira swaranira nuli, ulihna marang kang duwe swara, jêr sira
ingaku bae, sêsulih Kang Satuhu, nanging aja duwe sireki,
pakarêman kang liyan, saking ing Yang Agung, dadi sarira
Pangeran, obah osik1 apan wus dadi sawiji, aja roro tingalra.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

16

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
13. Yen dadia ngroro anggêpneki, yen angrasa sira2 mêksih uwas, kêna
ing rengu yêktine, yen wus siji sawujud, karêntêke tiyas sayêkti, apa
sinêdya ana, kang cinipta rawuh, wus kawêngku / aneng sira, jagad
kabeh jêr sira kinarya gênti, gêgênti dipunpanggah3.
14. Yen wus inudhêng pratingkah puniki, denawingit sarta dipunsasab,
sasab awor pênggawene, nanging ing batinipun, pan sakêdhap tan
kêna lali, laire sasabana, kawuh patang dhapur, padha anggêpên
sadaya, kalimane kang siji iku pêrmani1, kanggo ing kene kana.
15. Liring mati sakjêroning urip, iya urip sakjêroning pêjah, urip bae
salawase, kang mati iku napsu, badan lair ingkang nglakoni2,
tinampan badan nyata, pamore sawujud, pa gene tan ngrasa
matya3, Seh Malaya padhang tyase anampani, wahyu prapta
nugrahan.
16. Lir sasangka tawang iman riris, praptane wahyu iman nirmala4,
sumilak katon cahyane5, angling malih sêmu rum, Nabi Hadir /
manis aririh, tan ana aji paran, kabeh wus kawengku tan ana
ingulatana, kaprawiran kadigdayan wus kawingking1, kabeh rehirig
ayuda.
17. Sampun têlas wulangira nabi, Seh Malaya têrus datan kewran, wus
wruh ing namane dhewe, arjane swara muluk2, tanpa êlar ajajah
bangkit. sawêngkon jagad dênta3, kabeh wus kawêngku, mantêp
panrimaning basa4, saenggane sêkar maksih kudhup sami, mangke
mêkar angambar5.
18. Wuwuh warnane lan gandaneki, wus kêna kang panca rêtna medal,
saking ing guwa garbane, wus salin alamipun, / angulihi alame lami,
Nabi Hadir wus sirna, mangkana winuwus, yata sira Seh Malaya,
lulus saking gandane kasturi jati, panase tyas wus sirna6.
19. Wus nêlasna salêkêring bumi, ujar bae wruh pitakonira, kering
sadaya polahe, mung panrimane mungguh, kadya nggone nganggo
sutra di, maya-maya kang srira1, rehne sarwa alus, sinuksmeng
êmas kêmasan, arja sotya sinotya manike amin2, wruh paekaning3
tingkah.
20. Dipunalus ing budine reki, warna endah ateki sumêkar, kasturi jati
namane, pêrtandha datan korub, pangawikan kênaka lungit,
angungkabi kabisan, kawruh tan kaliru, kêlawan busananira, pan
winarna raga wilêt mulya asri, pan dhêstar nyampingira.
21. Ing pangemut-emute ing nguni, têtêp nggone duk aneng jro garba,
Nabi Hadir pamêjange, bang kuning irêng iku, pamurunge laku
ngadhangi, ingkang putih neng têngah, sidane pêngangkuh, /
kalimane kang ginambar, denka-asta sanalika aja lali, dentuhu
antêpira4.
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

17

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
22. Saking sangêt akarya ling-aling, pambingkase sumêngah jubriya,
deneling1 rina wêngine, kathah denira ngrungu, pertingkahe kang
para rêsi, kang samya kalimputan, ing pênganggêpipun,
pangocaping kawruhira, pan wus bênêr wêkasan mati tan dadi2,
kawiting patêrapan.
23. Ana ingkang mati dadi pêksi, amung milih pencokan kewala, kayu
kang bêcik warnane, sana lan naga santun, tunjung bang ana kang
waringin, kang aneng pinggire pasar, enak mangkruk-mangkruk,
angungkuli wong sapasar, mendha-mendha kamukten sêpele
pinrih, kêsasar kabêlasar.
24. Ana kang nitis dadi nêrpati3, sugih brana miwah garwa putra4, ana
kang nitis putrane, putra kang arsa mêngku, krêmênane wong sijisiji, sa/mya antuk kluwihan, ing pênganggêpipun, yen mungguhe
Seh Malaya, durung karsa amung amrih pêribadi, sadayeku
ingaran.
25. Tibanira kang tan wruh ing pêsthi, purun1 jumênêng jalma utama,
kang mangkono pênganggêpe, pêngrasanira nêmu, suka sugih tan
wruh sayêkti, tan wruh nêmu duraka2, yen banjur linantur, nggonira
nitis kewala, tuwas kangelan datan antuka kasil, tan3 bisa babar
pisan.
26. Yen luputa nggennya nyakrawati4, pakarêman duk ana ing donya,
ing pati kono tibane, pan dadi rêncana gung, nora kuwat pêrange
pati, keron apan kasmaran, mêksih mawor sêmu, abote olah
kamuksan, nora kêna noleh anak lawan rabi, sajrone mrih wêkasan.
27. Yen luput pitakoning neng bumi, yen ajaa5 sira dadi jalma, kang
mangkono ing ang/gêpe, sirnane tanpa tutur, yen wus awas bênêre
pati, langgeng tanpa karasa1, nganggo buwaneku, amênêng tan
kadi sela, ênêngira apan nora kadi warih, wruhe tanpa tuduhan.
28. Ana pandhita ingkang nglakoni, ing kamuksan wau karsanira,
anjungkung kasutapane, dennyana kêna rêngkuh2, tanpa tuduh
mung tapaneki, tan mawi puruita, suwung awang uwung, mung
têmêning ciptanira, durung antuk pertandha ingkang abêcik,
pertingkah nundha warta3.
29. Tapanira kongsi raga runting4, wus mangkono wong amrih
wêkasan, ing tanpa5 tutur sirnane, kmatêngên tapanipun, dene
siyang kêlawan ratri, tapa iku minangka, wadhah paminipun,
ngelmu kang minangka ulam, ya tanpa tapa ngelmu pan nora dadi,
yen tanpa ngelmu tapa.
30. Jêmblang-jêmblong wurung nora dadi, apan nora kawilêt patrapan,
kacurnan agung / bekane, sayêkti dadinipun, apan akeh pandhita
sandi, wuruke mung satêngah, maring sabatipun, sahabat landhêp
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

18

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

31.

32.

33.

34.

35.

36.

37.

38.

39.

prayoga, ingkang linêmpit winadhah jroning batin1, ngaturkên
gurunira.
Pamêdhare mung graitaneki, ing nguni durung mambu ing warah,
saking tan eca manahe, katur mring gurunipun, kelangkung
angungun ngagengi, sinimatkên nugrahan, mring pandhita agung,
wus pêsthi nganggo2 kang nyata, iku wahyu nugrahanira pribadi,
sabat ingakên anak.
Ing sinungga-sungga gung3 tinari, marang gurune arsa winêjang,
tan têbah sinandhing bae, sabat kang têmah guru, guru dadi
sahabat batin, ngadhêpkên panggraitan, tanduk sarta wahyu, iku
utama kalihnya, kang satêngah pandhita pan durung yêkti, sêlak
pêngang kuhira.
Kudu dennut ing sakujar/neki, dene ngangkah kêpengin sinêmbah,
aneng pucuk gunung nggone, suwaranira nguwuh, angebêki
pêrtapanneki, yen ana uwong mara, tuture agupruk. lir gong beri
tinatapan, dene ngangkang sarêng binuka tan isi, gêtun njêngêr
pruita1.
Aja kaya mangkono wong urip, badanira dipunkadi wayang,
kinudang neng panggung nggone, arja têtali bayu, padhang aneng
panggungereki, damare dadi wulan, kêlir badanipun, kang nonton
gêdhong kalpika, dêbog2 bumi têtêpe adêging ringgit, sinangga
ingkang nanggap.
Ingkang nanggap aneng dalêm puri, datan osik pamolah sakarsa,
Yang Pêrmana dhêdhalange, wayang pangadegipun, ana ngidul
mêngalor tuwin, mengkono kang sarira, ing sasolahipun, pinolahkên
ing ki dhalang, yen lumampah ing wau lembehaneki, linembehkên ki
dhalang.
Pangucape ingucapkên nênggih, yen kumilat kinilatkên dhalang,
tinutur anuturake, sakarsa-karsanipun, kang anonton pinolah sami,
rupane kang ananggap, neng jro pun iku, tanpa warna ing Yang
Suksma, warnanira warnane Ingkang Sêjati, yaiku kawruhana.
Yang Pêrmana denira ngaringgit, ngucapakên ing sariranira, tanpa
eling wêkasane1, imbuh pan nora tumut, ing sarira upamaneki, kang
minyak aneng puwan, gêni munggeng kayu, andêrpati tan katêdah,
kang pêrmana lir gêsange kayu jati, langgeng urip dahana.
Panggraitan molah dening angin, gesange kayu wau kukusnya,
datan ana antarane, gêni kêlawan kukus, saking kayu wijihing gêni,
wruhe eling duk kala, mula-mulanipun, kabeh iki kang gumêlar, pan
manungsa tinitah luwih pribadi, apan ingakên rasa.
Mulya dhewe sagung kang / dumadi, aja mengeng ciptanira
tunggal, tunggal sapari-polahe, isine buwaneku, anggep siji manut

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

19

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

40.

41.

42.

43.

44.

45.

46.

47.

sêjati, mêngku sagung kahanan, ing manungsa iku, den wau
wasiseng tunggal1, anuksmani saliring jagad dumadi, yaiku Kang
Sampurna.
Lah ta mara Seh Malaya nuli, lah muliha marang Pulo Jawa, pan
tunggal sira jimate, Seh Malaya agupuh, nêmbah matur angasihasih, dahat kalingga murda, pasihan pukulun2, Jêng Nabi Hadir wus
musna, Seh Malaya munggeng têngahe jêladri, tan ngrasa
ngambah toya.
Seh Malaya sêmana wus mulih, datan mengeng ing batin
gumawang, nora pangling sarirane, panuksmanira wujud, nanging
sarta sasabe wingit, sareh reh kasatriyan, linakon winêngku,
pamurange jagad driya, kalairan batine nora kasisip, lir satu / neng
rimbagan.
Wus tan ana patine ing urip, dene tampa ing guru waskitha1, datan
ana ing samare, pawlinge guronipun, wus karêgêm neng jêro ati,
nastiti ingkang iman, ngestokakên guru, sarta ing gandaning
ngaras2, denwor ana ing nala3 mulya awêning, nyata lamun
nugrahan.
Pan wus nyata kawilêt ing wangsit, datan ana ing pati kacipta, nora4
pangling ing margane, margane pati luhung, kang sinêlir marang
Yang Widi, datan rasa rumangsa, rasane pateku, sirnane alam
punika, apan wus asuka langgêng mulya adi, mulya kadi duk nora.
Datan samar sêjatining pati, kang rumêksa pêjah tan rumangsa,
yata wau ing patine, ingkang arusak napsu, raga suksma keri neng
nagri, suka mulya mardika, wus tumrap ing kayun, jumênêng
purnama tunggal, padhang rêsik mulya langgêng wus wêradin, /
wêruh sirnaning tunggal.
Datan samar sêdalaning pati, kang sinêlir upamane ika, tan ana
keri1 wujude, kang sampurna puniku, pan wus karta nêgari singgih,
têgêse kasampurnan, nyirnakakên iku, ngalam pitu sampun sirna,
pan wus bêrsih sirnane ngalam puniki, tunggal angambirata.
Ratuning ngalam pan sampun keksi, Ambirêta wastane punika,
ngalam nênêm iku lire, sirnane wetan iku, êlor kulon kidul puniki,
luhur miwah ing ngandhap, miwah kayu watu, lan bumi langit
punika, awang-uwung kemandhang kêlawan warih, samudra lan
dahana2.
Surya candra pan ngalam puniki, tiga likur pan ngalam sasaran,
apan iku anyar kabeh, lawan ing kadim iku, Seh Malaya pan nora
pangling, yen iku pan sasaran, sêjatine sampun3, ratune ngalam
sadaya, kang nyir/nakkên mung ngalam Ambyah puniki, mung
Ambya pribadia.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

20

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts
48. Nanging dudu majaji pribadi1, kang hakiki anyirnakkên ngalam,
apan padha rêsik kabeh, ngalam Malaekat iku, Roh Ilapi kinarya
gênti, apan yaiku ika, iku kang tinêmu, wus dungkap ngalam
kamulyan, Ambirêtna2 ingkang kinarya ling-aling, iku alam
Ambêyah.
49. Alam mulya kang ngimpuni pêsthi, sipat hayu3 iku uripira, durung
wruh kênyataane, mirah intên puniku, kang jumantên kumala adi,
sêsotya mirah rêtna, pan wus sirna iku, sirnane pan sirna tunggal,
wus atunggal sirnane tunggal lan pati, iku alam Ambêya.
50. Alam Ambyah jênênge pribadi, mulya adi kabeh satnya mulya, wus
sêdheng wêtara jonge, kêrta amulya sampun, wus jumênêng
langgêng tan gingsir, wus minulya mêrdika, wus tumrap / puniku,
sampurna purnama tunggal, wus atunggal ing alam Ambyah puniki,
iku jatine nora.
51. Alam Ambêya puniku singgih, pan ta ji neng kowapan nêgara,
ingkang ngrata alam kabeh, jatining alam iku, Roh Ilapi kinarya
patih, dene alam Ambêya, têgêse puniku, punika ratune alani, Roh
Ilapi ingkang nyirnakkên puniki, sêkathahe kang alam.
52. Malekat ku kathahe winilis, pan ing wêdhine ingkang sêgara, miwah
udan iku kabeh, samya karêksa iku, kaluwihan sampun mêpêki,
rumêksa wau alam, jagade Yang Agung, angrata sagunge alam,
alam kopar lan alam kapir puniki, sumuyut Ambirêtna.
53. Ambirêtna alam kang linuwih, anyimakkên sêkathahe alam, wus
sirna sampurna kabeh, iku alam satuhu1, ambirêtna rêke puniki,
dadi sampurna / tunggal, Ambiya puniku, apanjang-punjung wus
suka, mardika tanpa karana pan wus luwih, kêrta mulya sampurna.
54. Pan wus jangkep ing alam puniki, jroning pati punika1 kang ana, lan
tanpa pinanggih kabeh2, pan mung jatine3 suwung, winicara
suwunge reki, tan kêna ujar pisan, ana suwungipun, kang nyata pan
nora kêna, dengraita ing akal kêlawan budi, yen nora lan pitêdah.
55. Seh Malaya pan sampun dumugi, dennya mêsthi ing guru
sampurna, kang wêruh kopar-kapire, têgêse kapir iku, pan kapir
saarane reki, waskitha batinira, kang kupur puniku, jumênêng
purnama tunggal, sêmbahira jumênêng ing rupa êning, urip tanpa
lawanan.
56. Wus tunêka sadalême pati, sadurunge ana uripira, wus mulya /
patine rêke, pan ya jatine iku, kang sinêlir Jêng Nabi Hadir, kang
ana ujar pisan, ing pati katuduh, pan kasarik wasta gêsang, inggih
ingkang ujwala datanpa warni, dene tanpa tuduhan.
57. Pan gumun Seh Malaya miyarsi, dene adoh atanpa watêsan, pêrak
tanpa gêpokane, jalma mati puniku, yen tan awas sipatireki, iku mati
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library

21

www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK culture library I Javanese Manuscripts

58.

59.

60.

61.

kêsasar, lan kang durung wruh, kang mati iku pangrasa, sirna
tunggal ingkang lunga lawan keri, ilang tunggal panggonan.
Ingkang ken labête puniki, ingkang limang pêrkara wus sirna,
sirnane mulya jatine, ingkang sêjati tuhu, anampani bangsa1 kang
gaib, iku sirna pocapan, bangsa2 pati iku, bangsane3 kang durung
wikan, kang wus wikan sirnane kang bangsa4 pati, iku warnane
tunggal.
Seje bangsa5 kang tunggal pêmanggih, bangsa6 / mati lan pêmati
ika, pêmatine bangsa7 kabeh, bangsa mati puniku, ujar pisan tan
wali-wali, suka rida mardika, wus muly