PANUNGGAL JATI

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library

PA NUNGGA L JA TI
Wewarah nyata kahananing Pangeran, kang binasaake luwih samar, tanpa rupa tanpa
suwara, dudu lanang dudu wadon lan dudu wandu, tanpa prenah, tanpa panggonan, dinulu
ora katon, didumuk ora karuan.
Iku teteping kahanan ana ing ndalem cipta sasmitaning kang waskita,mula para guru
anggone aweh pituduh, kaaumpamakake mengkene :
Sejatine ora ana apa-apa, sakehing wewujudan, rerupan, warna lansesebutan, iku dudu
sejati lan dudu panuksmane Pangeran, Dene kang kadunungan panguwasanlan kamulyan
ing sabarang kabeh, iku amung ingsun.
Yen durung bisa mengerteni wewejangan mau prayoga den tlateni marsudi maksude
surasa, ngimpun sakehing wejangan kabeh, miturut kawruh kang sanyata kaya ingisor iki :
Sadurunge gumelar sakabehing kahanan ing marcapada lan maksapada (donya lan akerat),
iku kang disik mung urip kita, jumeneng ana sajroning wiji kang pinggit, sak temene ya
urip kita, kang tetep sinuksma ing pageran kita, mula den bisa pada rumeksa ing urip kita
pribadi, saran ngati-ati, kang gemi nastiti kang dadi witing pangauripanaja nganti ora bisa
jumenegng uripe. Beda kara manungsa kang wis katerima sampurna kawruhe tetep ing
pangandel, ora bakal ketempela ing pangrecana, tegese, ora susah ing kaluwen,

kamlaratanlan nuju kataman ing lelara, ora wedi tekane pati. Dene kasubut wong lumprah
wae, kudu nglakoni pangupaya kang ndadekake santosane uripe.
Dene urip kitaa tetelane menawa nyata rinasuk dening pangeran kita, nyata saka solah bawa
kita,iku sejatine terusane saka karsane pangeran kita, mungguh panuksmane pangeran
anggone rumasuk ing badan kita.
Uga ana prabedane mungguh wateke kawula lan Gusti.
Dena watake Gusti yaiku : tangi, tuwuk, ayem, parem, sareh iling, tetep, waspada, santosa,
bunggah, waras lan raharja.
Dene watake kawula : arip, luwe, ngelak, sahwat,sering lali, bingng, pangling, uwas, susah,
lara lan bilahi, kabeh mau saka pakertine pepesten kita pribadi.
Mungguh pratikele menawa arep mangesti utawa manekung, mengkene :
Wiwitane kudu ngurangi mangan, turu lan sahwat, apa dene ngurangi sekabehing
kekarepan, ing tengah wengi banjur sesuci raga, adus busana lan geganda, ngedepake
keblate dewe, yaiku ing jaja, yen wis tekan wayah bagun esuk banjur pati raga, nutupi
pancadriya, nyegah turas, sarip lan sesuker, banjur nata mlebu metune napas, yaiku nareke
napas saka puser (napas mlebu) diterusakake munggah ngliwati cekak tekan ing embunembunan. Narike napas karo nyebut “HU” dibatin wae, sak wise napas saka embunembunan di enengake sedela, yen wis krasa abot, banjur di wetokake sarana alon-alon tekan
ing puser kabarengan nyebut “ALLAH” (ing batin).
Supaya ditindakake saben dina lan wengi, disebut shalat daim / sholat batin, tanpa rekaat
tanpa wayah, paribasan shalat ngiras nyambut gawe, lungguh karo mlaku , mlaku karo
ndoprok, mlayu karo leren, mbisu karo ngomong, lungo karo turu, turu karo melek, jalaran


www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library

1

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library
sholat dhaim iku hakekating sholat, mula tampa rukuk, tampo sujud, amung dumunung ana
rahsa telenge urip.
Dene adege ya urip kita pribadi, rukuku pandeleng kita, sujude pangganda kita, iktikate
pamiarsa kita, wacane ayat pangrasa kita, lungguhe tetepe iman kita, pujine mlebu metune
napas kita, dhikire awas eling kita, keblate marang eneng ening kita, ajo was sumelang
maneh.
Mula mengkono sebab jumeneng Dzat, Sifat, Asma, Afngal kita, iku wis dadi qur’an sejati
mertandani sejatine shalat kabeh diarani shalat daim.
Dena iptitahe sholat dhaim mengkene :
Niatingsun shalat daim, kanggo salawase urip ingsun, adege ya urip ingsun, rukuke

paningal ingsun, iktidale pamiarsaningsun, sujude pangambuningsun, wewacane ayat
pangucapingsun, lungguhe tetepe imaningsun, tahyate mantepe tauhidingsun, salame
makrifat islamingsun, pepujine mlebu metune napas ingsun, pujine awas elingingsun,
keblate adheg eneng-eningingsun, perlu nglakoni wajib saka kodrat-iradatingsun dewe,
Mangkana mau pasrah anelangsa sanubari marang dzating urip kita pribadi, wis aja
sumelang.
Dene shalat daim iku, menawa disemak karo hakekating rukun islam utawa karo katimbang
pikukuhe iman, surasane nunggal misan bae lire mengkene :
Rukun islam ana 5 prakara yaitu :
1. Syahadat, mungguh hakekate ana laku temen dunungge ing wicara, angger nuhoni
wicarane ya iku tetepe syahadat
2. Pasa, hakekate ana laku nrima, dumunung ing pangganda, angger marem katandukan
ambu, kang menginake (ora ngambu-ambu sakebehe kaelekan) ya iku tetep pasane.
3. Zakat, hakekate ana laku utama, tegese sabar dumunung ana pandulu, angerbisa
mbutakake mripat, ya iku nentepi zakat.
4. Shalat, hakekate ana laku utama, tegese sabar dumunung ana ing pangrungu, angger
bisa anulekake tanlingan, ya iku anglungguhi shalat.
5. Haji, hakekate ana panalangsa lan nentepi janji, dumunung ana pangrasa lan solah
bawa, angger bisa nyirnakake pangrasa lan mati sarira, ya iku ngakoni haji.
Kabeh mau paribasane : lesan mbisu, irung pepet, mripat wuta, kuping tuli, badan mati,

yaiku kang nama tetep kuasa nindakake rukun islam sejati, sebab nyata kuasa mati sa jrone
urip, urip sajrone pati, ya urip salawase.
Pikukuhe Iman ana 6 prakara yaiku :
1. Percaya ing Allah, hahekate ngestokna uripe jasad kita, sarta rumangsamenawa dadi
sipating Allah sejati, lire angger jasad kita tansah sinucenan, sarta sabarang tindak
tansah ngenggoni ing kautaman, mengkono mau nama ngandeling Allah.
2. Percaya ing Malaekat, hakekate ngestokake wahyane pandeleng, pamicara, pangganda,
pangrasa, pangecap, lire angger kita tansah ngati-atianggon kita matrapake tanduking
netya lan wirasa lsp, yaiku hakekate tetep temen-temen ngandel ing malaekate Allah,
sebab hakekate malaekat iku dumunung anan sajroning pancadriya yaiku :
Malaekat Jibril AS, dumunung ana ing pangrasa.
Malaekat Mikail AS, dumunung ana ing pangganda.
Malaekat Isrofil AS, dumunung ana ing Pandulu.
Malaekat Ngijrail AS, dumunung ana ing Wicara.

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library

2


www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library
3. Percaya ing utusan, hakekate ngetokna wahanane rahsa, lire angger kuwasa ngendaleni
pangrasa lan ngeningake pandeleng lereme cipta mengkono iku tetep temen-temen
ngandel utusane Allah.
4. Percaya ing kitab, hakekate ngestokake kahanane nyawa, lire awas lakuning urip uga
eling lan ngerti ing dosa kita, mengkono mau angger tansah eling ing batin, yaiku tetep
temen-temenpercaya kitabe Allah.
5. Percaya untung ala becik saka Allah, tegese tekane begja cilaka saka Allah, hakekate
ngestokakemenawa nafsu iku saka wedharing budi lan pribadi, lire angger enggal
pasrah nalangsa marang Dzat kita, ya iku tetep temen-temen ngandel ing takdire Allah.
6. Percaya ing dina Akhir, tegese dina wekasan, hakekate ngestokake ing pepestene pati
saka wisesaning Dzat kita pribadi, lire angger karep nindaknaing tekat kita kang
santosa, iku tetep temen-temen ngandel ing dina akhir saka wisesaning Allah.

Alhamdulillah
Lima papat punjul nenem
Menawi lepat nyuwun agunging pangaksami

Matur nawun, lan salam takzhim katur pinisepuh sedaya

www.alangalangkumitir.wordpress.com

AAK Culture Library

3