TEKNOLOGI INDUSTRI PETERNAKAN FAKULTAS P

Pilihen wangsulan kang bener kanthi menehi tandha (x) sangarepe aksara a, b, c, d, utawa e!

1. “Aku duwe HP loro, yen kowe gelem tak wenehi siji”.
Yen sing arep menehi luwih enom marang sing luwih tuwa sing benner…..
a. Aku duwe HP loro, yen panjenengan kersa, tak aturi siji.
b. Kula gadhah Hp kalih, sampeyan kersa, tak aturi siji.
c. Aku duwe HP loro, yen kowe gelem, kowe tak paring siji.
d. Kula gadhah HP kalih, menawi panjenengan kersa, kula aturi setunggal.
e. Aku duwe HP loro, yen kowe gelem, kowe tak wenehi siji.
2. Panjenengan ora kena ngono kuwi. Basa kang digunakake yaiku…..
a. Ngoko lugu
d. Karma inggil
b. Krama
e. Krama andhap
c. Ngoko alus
3. Menapa kula pareng badhe nyuwun pirsa, Pak? Basa kang digunakake yaiku…..
a. Ngoko lugu
d. Krama inggil
b. Krama
e. karma andhap
c. Ngoko alus

4. + Sampun kesesa kondur ta mbak!
_ Kula enggal…..badhe wonten papanggihan.
a. wangsul
d. bali
b. mantuk
e. kondur
c. mulih
5. + Sadaya sampun cuwawis, mangga kula aturi dahar rumiyin.
_ Matur nuwun, kula wau saking griya kula sampun…..
a. mangan
d. nedha
b. dahar
e. tuwug
c. nedhi
6. Pak kepala desa…..lembu sedasa, kotoranipun dereng…..dados energi alternatif.
Tembung kang trep kanggo ngiseni ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku…..
a. duwe – diolah
d. gadhah – dipunolah
b. kagungan – diolahpun
e. kagunggan – dipunolah

c. gadhah – dipunolah
7. Basa ngoko kang tembung-tembung diselingi karma alus diarani basa…..
a. Ngoko
d. krama alus
b. Ngoko andhap
e. krama inggil
c. Karma
8. Kula wau dalu dereng garap PR. Ukara iku klebu ukara kang nganggo basa…..
a. ngoko alus
d. ngoko lugu
b. karma alus
e. ngoko andhap
c. karma lugu
9. Ing ngisor iki klebu ukara pitakon retoris, kejaba…..
a. Waduh, piye iki lha kok bisa ngono?
b. Sapa ta wong sing kepengin urip mlarat?
c. Kepriye maneh, wong ya wis usaha tenan kok?
d. Piye yen kowe milu bae, mesthi luwih gayeng?
e. Apa yen wis mantheng kelek ngono kuwi banjur menang?


10. Ukara ing ngisor iki kang nganggo basa karma alus, yaiku…..
a. Pakdhe wis kondur.
b. Sapa sing ndherekke Simbah?
c. Ibu nembe kondur saking Jakarta.
d. Bocah dikandhani wong tuwa malah maido.
e. Bu Asih ora nate nesu nanging tansah sumeh.
11. Ukara ing ngisor iki ukara kang nganggo basa ngoko alus, kejaba…..
a. Kula dereng saged tilem.
b. Panjenengan arep tindak pundi?
c. Ibu mundhut ageman nang pasar.
d. Ibu ndhawuhi aku supaya sregep sinau.
e. Bapak arep tindak Jakarta mengko sore.
12. Mas, nyuwun prisa apa mau adhiku…..mrene?
Tembung kang trep kanggo ceceeg-ceceg mau yaiku…..
a. teka
d. tindak
b. rawuh
e. dolan
c. sowan
13. Ibu tindak peken niitih dhokar kala wau enjing

Ukara ing dhuwur migunakake basa…..
a. Ngoko alus
d. Ngoko
b. Ngoko lugu
e. Krama alus
c. Krama lugu
14. Basa ngokone penggalih iku…..
a. Jantung
d. Lambe
b. Paru
e. Ilat
c. Ati
15. Sedaya…..Aji dipun wangsuli Pak Darmo.
a. pitakene
d. panyuwunpirsane
b. pitakenanipun
e. panyuwunpirsanipun
c. pandangunipun
16. Coba panjenengan pirsani, bapak ora saestu tindak, la kae lagi maos.
Ukara ing dhuwur migunakake basa…..

a. Ngoko alus
d. Ngoko
b. Ngoko lugu
e. Krama alus
c. Karma lugu
17. Ukara ing ngisor iki kang nganggo basa karma alus yaiku…..
a. Pak Budi mundhut mobil enggal kala wingi sonten.
b. Bu Asih ora nate nesu nanging tansah sumeh.
c. Sapa sing nderekake Simbah?
d. Bocah dikandhani wong tuwa malah maido.
e. Pakdhe wis kondur.
18. Unggah-ungguhing basa iku digunakake kanggo…..
a. Wong kang duwe pangkat
b. Njaga gengsi
c. Ngajeni/ngurmati
d. Supaya luwes

e. Wong tuwa
19. Pak Toro wis…..setaun kepungkur.
a. seda

b. tiwas
c. mati
d. mapus
e. pancal donya
20. Kangmas njupuk bukune sing keri ana ing omahe pakdhe.
Ukara ing dhuwur yen dikramakake dadi…..
a. Kangmas mendhet bukune ingkang kantun ana ing griyane pakdhe.
b. Kangmass njupuk bukunipun ingkang keri wonte ing daleme pakdhe.
c. Kangmas mendhet bukunipun ingkang kantun ing dalemipun pakdhe.
d. Kangmas njupuk bukune sing kantun ing griyane pakdhe.
e. Kangmas mendhet bukune ingkang keri wonten ing griyane pakdhe.
21. “Mbah Karto nduwe anak lima wedok kabeh”
Yen diganti basa karma alus yaiku…..
a. Mbah Karto gadhah anak gangsal setri sedaya.
b. Mbah Karto kagungan anak gangsal wadon sedaya.
c. Eyang Karto kagungan putra gangsal setri sedaya.
d. Eyang Karto gadhah anak lima wadon kabeh
e. Eyang karto kagungan putra lima wadon sedaya.
22. Kang kudu digatekake nalika guneman karo wong tuwa yaiku…..
a. Rasukane

b. Pocapane
c. Pandangunipun
d. Panyuwunpirsane
e. Panyuwunpirsanipun
23. Unggah-ungguh basa kang trep pangetrapane yaiku…..
a. Adhiku sampun kondur kala wau.
b. Budhe mantuk, kula nggih ndherek kondur.
c. Pak, panjenengan manthuk rumiyen kemawon, kula kantun mawon.
d. Pak Guru kondur, kula nggih ndherek kondur.
e. Kula mantuk jam sanga dene Eyang Kakung konduripun jam sedasa.
Festival Batik Nusantara sedya kagelar ing Balaikota Sala, tanggal 28-29 Juli 2007 kang
bakal teka. Dene ancas nggelar Festival Batik internasional kang sedyane bakal kagelar ing
wulan September 2007 ngarep diputusake wurung . festival Batik internasional sidane bakal
kagelar ing taun 2008 kang bakal teka. Festival bakal manggon ing Balaikota Sala, kampung
Batik Kauman. Kampung Batik Laweyan, lan Batik Danarhati.
Miturut BRA Ambar Kusumo minangka pangarsane panitya, nalika ditemoni wartawan,
durung suwe iki, punjere Festival Batik Nusantara bakal manggon ing plataran Balaikota Sala lan
Pendapi Gedhe Balaikota Sala. Ing Pendapi Gedhe bakal ana 20 stan pameran batik. Dene ing
plataran Balaikota bakal ana kurang luwih 25 stan kang uga kanggo pameran lan dodolan batik.


24. Wacana ing dhuwur kelebu jinising wacana…..
a. deskripsi
d. argumentasi
b. eksposisi
e. persuasi
c. narasi
25. Isine wacana ing dhuwur yaiku…..
a. Kampung Batik Kauman nganakake pameran batik.
b. Festival Batik Internasional wurung dilaksanakake.
c. Pameran Batik ing kutha Sala.
d. Festival Batik Nusantara sedya kagelar ing Balaikota Sala.
e. Pameran Batik wurung kagelar.
26. Tembung kang dicetak miring ana ing dhuwur nduweni teges…..
a. Ora sida
d. ora cetha
b. During
e. ora gelem
c. Ora teka
27. Pernyataan kang ora bener miturut isine wacana ing dhuwur yaiku…..
a. Festival Batik Nusantara sedya kagelar ing Balaikota Sala.

b. Festival Batik Internasional wurung kagelar.
c. Festival Batik bakal manggon ing alun-alun kidul keraton Surakarta.
d. Festival Batik Nusantara bakal manggon ing plataran Balaikota Sala.
e. Festival Batik Nusantara sedya kagelar tanggal 28-29 Juli 2007.
28. Nglasanakake pacelathon utawa nyebutake pitakonan-pitakonan kanthi sistematis iku
kelebu tahap kagiyatan…..sadurunge wawancara. Isian kanggo ceceg-ceeceg ing dhuwur
yaiku…..
a. Akhir
d. pungkasan
b. Pambuka
e. inti
c. Panutup
Kanggo mengeti dina Pers Nasional taun 2008 lan mengeti 62 taun ngadege Persatuan
Wartawan Indonesia (PW), sewatara juru warta utawa wartawan kang makarya ing tlatah kutha
Sala lan tlatah sakupenge, dina jemuah (22/2) kepungkur, mbabar kethoprak kanthi lakon Jaka
kendhil.
Sutradhara pagelaran kethoprak Jaka Kendhil, Sri Wahjoedi (juru warta ariwarti Suara
Merdeka), mratelakake, saliyane diparagani sawetara juru warta kang makarya ing tlatah kutha
Sala lan tlatah sakupenge, pagelaran uga dikuwati deningg sawatara seniman / seniwati
kethoprak, antarane Joleno sakancane.

Kapetik saka Solo Pos, Kemis legi 28-02-2008

29. Manut wacana ing dhuwur, sutradara pagelaran kethoprak Jaka Kendhil makarya ing
ngendi?
a. Panjebar Semangat
b. Djaka Lodhang
c. Jaya Baya

d. Solo Pos
e. Suara Merdeka
30. Juru warta iku aran liyane saka…..
a. Sutradara
d. Reporter
b. Wartawan
e. Surat Kabar
c. Redaktur
31. Manut wacana ing dhuwur, PWI ambal warasa kaping pira?
a. 60
d. 22
b. 61

e. 28
c. 62
32. Tembung wacana iku mula bukane saka basa…..
a. Jawa
d. Sanskerta
b. Yunani
e. Arab
c. Idia
33. Tembung liyane pidhato yaiku…..
a. wara-wara
d. pacelathon
b. sesorah
e. wawan rembug
c. pirembugan
34. Assalamu’alaikumm Wr. Wb. Sajroning tanggap sabdo iku diarani…..
a. irah-irahan
d. wasana basa
b. salam pambuka
e. peprenahan
c. bebuka
35. Micara ana ing sangarepe umum nalika sholat Jumuah, Idul Fitri lan Idul Adha
diarani…..
a. Ceramah
d. Khotbah
b. Pidhato
e. Wara-wara
c. Sesorah
36. Prakara kang kudu diteliti nalika miwiti kagiyatan pidhato kaya ing ngisor iki, kajaba…..
a. Nemtokake pakaian apa kang bakal dienggo.
b. Nemtokake arahan utawa tujuwan pidhato kang bakal digayuh.
c. Naliti pamiyarsa kang bakal diadhepi.
d. Nalika kahanan / wayahe nalika nganakake pamiyarsa pidhato.
e. Milih lan mbatesi topik.
37. Pidhato bisa nggawa naskah utawa teks banjur diwaca sakane ora diapalke. Pidhato iki
migunakake metode…..
a. Metode apalan
b. Metode naskah
c. Metode ekstemporan
d. Metode dadakan
e. Metode impromptu
38. Agemane kang atur pasrah lumrahe nganggo sandhangan…..
a. Olah raga
d. jaket
b. Kejawen
e. kaos
c. Clana cekak
39. Sesorah kang ditindakake kanthi dadakan diarani…..

a. Spontanitas
d. Impromtu
b. Ekstemporan
e. Langsung
c. Eksproptu
40. Wasana kula nyuwun pangaksami mbokbilih anggen kula nindakaken ayahan punika
wonten ingkang kirang ndadosaken pirenaning penggalih.
Tembung ayahan ing dhuwur iku ateges…..
a. Jejibahan
d. Pepenginan
b. Garapan
e. Gegambaran
c. Keperluan

1. D

11. A

21. C

31. C

2. C

12. E

22. B

32. D

3. D

13. E

23. E

33. B

4. A

14. C

24. B

34. B

5. D

15. A

25. B

35. D

6. E

16. A

26. A

36. A

7. B

17. A

27. E

37. B

8. A

18. C

28. E

38. B

9. D

19. A

29. E

39. D

10. C

20. C

30. B

40. B