PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS KARANGAN NARASI DENGAN MENGGUNAKAN STRATEGI ATM (AMATI, TIRU, MODIFIKASI) MELALUI MEDIA CONTOH CERKAK PADA MAJALAH PANJEBAR SEMANGAT PADA SISWA KELAS X-7 SMA NEGERI 1 BATANG.

SARI

Suni. Ema Kurnianingrum 2010. Peningkatan Keterampilan Menulis Karangan Narasi
Dengan Menggunakan Strategi ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) Melalui Media
Contoh Cerkak Pada Majalah Panjebar Semangat Siswa Kelas X.7 SMA Negeri 1
Batang. Skripsi. Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni,
Universitas Negeri Semarang. Pembimbing I: Dr. Teguh Supriyanto, M. Hum, dan
Pembimbing II: Dra. Sri Prastiti Kusuma A.
Kata kunci: nulis karangan narasi, ”strategi” ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) lan “media”
conto cerkak majalah Panjebar Semangat

Pasinaon nulis sastra duwe “peran” sing wigati ing piwulang basa Jawa. Salah
sijine yaiku siswa bisa nulis karangan narasi. Saka asil observasi lan wawancara karo
guru basa Jawa, bisa dikaweruhi yen keterampilan siswa nulis karangan narasi isih
cendhek jalaran “media” utawa cara pasinaon sing dinggo guru isih kurang trep. Guru
isih nganggo cara pasinaon sing pas lan nengsemake, yaiku kanthi nganggo cara conto
cerkak ing majalah Panjebar Semangat.
Gegayutan karo perkara mau, mula perkara sing diudi ing paneliten iki yaku (1)
kepriye mundhake ketrampilan siswa nalika nulis karangan narasi kelas X.7 SMA N 1
Batang sawise nganggo “strategi” ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) kanthi “media” conto
cerkak ing majalah Panjebar Semangat. (2) kepriye owahing tindak tanduk solah bawa

siswa kelas X.7 SMA N 1 Batang sawise entuk pasinaon kanthi nggunakake “strategi”
ATM kanthi “media” conto cerkak majalah Panjebar Semangat. Tujuan paneliten iki
yaiku (1) njlentrehake mundhake ketrampilan siswa kelas X.7 SMA N 1 Batang nalika
nulis karangan narasi kanthi “strategi” ATM kanthi “media” conto cerkak ing majalah
Panjebar Semangat. (2) njlentrehake owahing tindak tanduk solah bawa siswa kelas X.7
SMA N 1 Batang sawise entuk pasinaon kanthi nggunakake “strategi” ATM kanthi
“media” conto cerkak majalah Panjebar Semangat.
“Variabel” paneliten iki arupa variabel ketrampilan nulis karangan narasi,
“strategi” ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) lan “media” conto cerkak ing majalah Panjebar
Semangat. Paneliten kelas iki dileksanakake nganggo rong siklus. Ngumpulake “data”
nggunakake cara “observasi” (“observasi” ketrampilan nulis karangan narasi lan tindak
tanduk siswa sasuwene pasinaon), “jurnal”, lan “wawancara”. Cara nganalisis “data”
yaiku nganggo “teknik kualitatif” lan “kuantitatif”. “Teknik kualitatif” digunakake
kanggo nganalisis “data kualitatif” (tindak tanduk), lan “deskriptif persentase”
digunakake kanggo nganalisis data ketrampilan nulis karangan narasi.

Asil saka paneliten nuduhake yen ketrampilan siswa nulis karangan narasi
mundhak. Ing “tahap prasiklus”, guru isih nganggo cara pasinaon sing “konvensional”,
saengga asile 62.06 sabanjure dileksanakake siklus I kanthi nganggo “strategi” ATM
(Amati, Tiru, Modifikasi) kanthi “media” conto cerkak ing majalah Panjebar Semangat

asile 67.09, nanging kala siklus I isih kurang latihan nulis karangan narasi nganggo
“strategi” ATM (Amati, Tiru, Modifikasi) kanthi “media” conto cerkak ing majalah
Panjebar Semangat sing isih arang digunakake sainggo siswa isih butuh penyesuaian
karo “media pembelajaran” kasebut. Ing siklus II asil tes nulis karangan narasi siswa
yaiku 79.06. Asil saka “observasi”, “jurnal”, lan “wawancara” nuduhi anane owahing
tindak tanduk siswa kelas X.7 SMA N 1 Batang, yaiku dadi sregep lan semangat anggone
sinau nulis karangan narasi, sakliyane kuwi mawa nggunakake cara “strategi” ATM
(Amati, Tiru, Modifikasi) kanthi “media” conto cerkak ing majalah Panjebar Semangat
siswa bisa luwih ngerti kepriye nggunakake lan nerapake “aspek” sing kalebu ing cerkak
sing bener.
Panyaruhe saka paneliti yaiku (1) guru basa Jawa saged manfaatake “media”
conto cerkak ing majalah Panjebar Semangat dadi salah sijine cara pasinaon kanggo
siswa; (2) kanggo para paneliti basa lan sastra bisa nggawe paneliten sing padha
nanging nganggo “strategi” lan “media” sing beda, saengga bisa digunakake kanggo
“alternatif” cara pasinaon nulis karangan narasi.

Dokumen yang terkait

Analisis Kesalahan Penggunaan Kata Ganti Orang Dalam Karangan Narasi Siswa Kelas Xi.1 Semester Ganjil Sma Muhammadiyah Sawangan Depok Jawa Barat Tahun Pelajaran 2013/2014

1 11 96

PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS KARANGAN NARASI MELALUI PENGGUNAAN STRATEGI ESTAFET WRITING PADA Peningkatan Keterampilan Menulis Karangan Narasi Melalui Penggunaan Strategi Estafet Writing Pada Mata Pelajaran Bahasa Indonesia Siswa Kelas V SDIT Luqman

0 1 18

PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS KARANGAN NARASI MELALUI PENGGUNAAN STRATEGI ESTAFET WRITING PADA Peningkatan Keterampilan Menulis Karangan Narasi Melalui Penggunaan Strategi Estafet Writing Pada Mata Pelajaran Bahasa Indonesia Siswa Kelas V SDIT Luqman

0 2 9

PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS KARANGAN NARASI DENGAN MEDIA GAMBAR BERSERI PADA SISWA KELAS V Peningkatan Keterampilan Menulis Karangan Narasi Dengan Media Gambar Berseri Pada Siswa Kelas V SD Negeri 1 Kalangbancar Kecamatan Geyer Kabupaten Grobogan T

0 4 12

PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS KARANGAN NARASI MELALUI STRATEGI PEMBELAJARAN PICTURE AND PICTURE Peningkatan Keterampilan Menulis Karangan Narasi Melalui Strategi Pembelajaran Picture And Picture Pada Siswa Kelas V SD Negeri Sambi III, Sambirejo, Sra

0 2 13

PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS NARASI MELALUI MEDIA FOTO IDOLA PADA SISWA Peningkatan Keterampilan Menulis Narasi Melalui Media Foto Idola Pada Siswa Kelas VII.8 SMP Negeri 2 Masaran.

0 4 17

PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS KARANGAN NARASI MELALUI PENGALAMAN PRIBADI DENGAN METODE Peningkatan Keterampilan Menulis Karangan Narasi Melalui Pengalaman Pribadi Dengan Metode Kontruktivisme Pada Siswa Kelas X 2 SMA Negeri 01 Pulokulon Grobogan Tahu

0 1 16

PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS KARANGAN NARASI MELALUI PENGALAMAN PRIBADI DENGAN METODE Peningkatan Keterampilan Menulis Karangan Narasi Melalui Pengalaman Pribadi Dengan Metode Kontruktivisme Pada Siswa Kelas X 2 SMA Negeri 01 Pulokulon Grobogan Tahun

0 1 17

(ABSTRAK) PENINGKATAN KETERAMPILAN MENULIS CERPEN MELALUI STRATEGI ATM DENGAN MEDIA CONTOH CERPEN SISWA KELAS X-8 SMA N 2 BAE KUDUS.

0 0 3

Pengaruh Strategi Amati Tiru Modifikasi

0 0 15